033.
Sasampunipun
nyruput wedang jahe benter lan goroknanipun sampun kraos teles, Bebau Pethek
lajeng atur wangsulan dhateng Ki Lurah ngiras nutugaken anggenipun kojah:
“Sawangsulipun
Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, raosing manah kula kraos boten sekeca. Kula
kemutan menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika taksih sedherekipun Ki Lurah,
mokal sanget menawi kekalihipun tumindak boten awit pikantuk dhawuh utawi
saboten-botenipun inggih idi palilah saking Ki Lurah. Menawi saestu makaten,
ateges kula sampun wantun nantang kawicaksananipun Ki Lurah. Kula rumaos
kuwatos.”
“Iya,
sabanjure kepiye?” Ki Lurah ndangu malih, awit Bebau Pethek kendel anggenipun
cariyos.
“Sampun
dados pakulinan” Bebau Pethek nglajengaken anggenipun wicanten “menawi manah
kula bingung, ajeg kula lajeng ngalab pitedah dhateng Ki Bau Pilang utawi Ki
Bau Peleman ingkang miturut pamanggih kula langkung pana ing babagan menapa
kemawon tinimbang kula lan mila kanyatanipun inggih makaten. Awit saking
menika, enjingipun kula lajeng ngajak Ki Jagabaya Pethek tuwin sapukawat cacah
tiga badhe manggihi Ki Bau Pilang. Jebul Ki Bau Pilang boten wonten griya, lan
dening Nyi Bau kula dipun criyosi menawi Ki Bau Pilang menika meh saben enjing
ajeg dhateng wandenipun mBah Semi saprelu pados wedang kopi. Nyi Bau ugi criyos
menawi kala wau Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi madosi Ki Bau Pilang, lan
dening Nyi Bau, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi dipun criyosi menawi Ki Bau
Pilang nembe dhateng wande lan kekalihipun lajeng nusul. Sareng kula nusul
dhateng wandenipun mBah Semi, dereng ngantos dugi panggenan, saking katebihan
kula sumerep Ki Bau Pilang sampun aben ajeng kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya
Kawisan, kathik sedaya sami-sami sampun mandi dedamel, Ki Bau lan Ki Jagabaya
Kawisan mbeta Pedhang lha Ki Bau Pilang nyepeng tumbakipun. Boten sranta kula
kalihan Ki Jagabaya lan Sapukawat cacah tiga lajeng gegancangan nyaketi kalihan
ngliga dedamel, badhe misah murih sampun ngantos Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan
kalihan Ki Bau Pilang sami pasulayan. Ingkang makaten menika kula lampahi
jalaran ketingalipun tiyang-tiyang ingkang wonten mriku sami boten wantun
misah. Jebul sareng kula dumugi mriku, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan lajeng
kesah tanpa pamit, kula celuki inggih boten purun semaur. Makaten menika
ingkang saged kula aturaken Ki Lurah.”
“Matur
nuwun Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “akeh sing wis ndika kandhakne lan
banget wigati tumrap aku lan Desa Pangapitan, nanging pitakonku sing dhisik
dhewe mau durung oleh wangsulan, sanajan mbok menawa pancen ana sambung rapete
karo sing ndika critakne perkara anggone Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ngajak
manunggal marang Paguron Nagalanang kuwi. Nanging rak durung cetha?”
“Leres
Ki Lurah” ingkang wangsulan malah Bebau Pilang, ingkang lajeng nyariyosaken
anggenipun badhe kerengan kalihan Bebau lan Jagabaya Kawisan “kados ingkang
sampun kaaturaken dening Adhi Bau Pethek kala wau. Ki Bau lan Ki Jagabaya
manggihi kula ing wandenipun mBah Semi. Estunipun sampun kula ajak wangsul
dhateng griya menawi badhe ngajak rembagan kula, nanging kekalihipun boten
purun, criyosipun mbujung wekdal. Sami kalihan ingkang dipun criyosaken Adhi
Bau Pethek kala wau, Ki Bau Kawisan ugi criyos bab jangkaning Tanah Jawi lajeng
prentah dhateng kula murih ngajak sedaya sapukawat, pamong lan sinoman ing
Pilang manunggal dados siswanipun Kyai Nagalanang, ingkang criyosipun taksih
titising Dewa ingkang nggadhahi jejibahan momong Ratu Adil ingkang badhe
jumeneng ing Patalan.”
“Lha
ndika banjur aweh wangsulan kepriye marang Bebau Kawisan” Ki Lurah paring
pandangu awit Bebau Pilang kendel sakedhap anggenipun wicanten.
“Gandheng
kula boten kiyat ngampet” Bebau Pilang atur wangsulan kalihan mesem “kula
lajeng gumujeng lakak-lakak lan kula wangsuli menawi kula boten purun nggega
dhateng piyambakipun, awit kula taksih waras lan ngertos menawi cariyosipun Ki
Bau Kawisan menika namung cariyos ngayawara.”
Ki
Lurah saha tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan menika sami mesem,
mireng cariyosipun Bebau Pilang ingkang
makaten kala wau.
“nDika
wangsuli ngono kuwi banjur Bebau lan Jagabaya Kawisan kepriye” kalihan mesem Ki
Lurah mundhut pirsa.
“Kekalihipun
ketingal muring, Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan lan nglajengaken
anggenipun wicanten “dening Ki Bau Kawisan kula dipun ungelaken sampun
keblinger, boten pitados kalihan wecaning para kina ingkang kaserat ing Jangka.
Lajeng kula dipun kengken murih emut, awit menawi ngantos Kyai Nagalanang
midhanget menapa ingkang kula ucapaken kala wau, kula saged nampi
sikudhendhanipun temah manggih bilahi. Kula lajeng gumujeng sansaya seru, lan
kula wangsuli menawi kula babar pisan boten ajrih kalih ingkang naminipun Kyai
Nagalanang menika, jalaran kula boten kebawah prentah dening piyambakipun,
prakawis bilahi utawi cilaka menika menggah kula namung Gusti ingkang saged
ndhawahaken jumbuh kalihan tumindakipun kawula”.
Bebau
Pilang kendel malih anggenipun cariyos, lajeng nyandhak cingkiripun gorokanipun
ingkang kraos salit lajeng dipun telesi kanthi nyecep wedang jahe ing
cingkiripun.
“Sabanjure
kepiye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Ki
Bau Kawisan sansaya muring” atur wangsulanipun Bebau Pilang “kula dipun wastani
tiyang ingkang boten gadhah tata, awit sampun wantun nggorohaken piwucalipun
Kyai Nagalanang lan boten ajrih dhateng walatipun. Gandheng Ki Bau Kawisan
menika ngeman kula, kula lajeng dipun kengken njabel sedaya ingkang kula
ungelaken kala wau lan purun manunggal kalihan Paguron Nagalanang, awit sok
sintena ingkang wantun nampik menawi wonten pangajak manunggal kalihan Paguron
Nagalanang mesthi badhe sirna dados wadal ingkang yitmanipun badhe dipun
lebetaken ing kawah candradimuka ingkang mapan ing pucaking Redi Mahendra. Mireng
wicantenipun Ki Bau Kawisan ingkang sansaya ngawur menika, kula lajeng gentos
suka penget….”
“Lha
penget apa sing ndika wenehake marang Bebau Kawisan kuwi, Ki Bau ?” Ki Lurah
nyela rembag, mundhut pirsa.
“Inggih
kula emutaken prakawis linggihipun Dhusun lan kawula Pangapitan menika ta Ki
Lurah?” Bebau Pilang atur wangsulan “Ki Bau Kawisan kula kengken emut, bilih
jaman rumiyinipun para Cikal Bakal ingkang ambakali wontenipun Dhusun
Pangapitan menika sampun ngucapaken janji prasetya manunggal sabaya mukti lan
sabaya pati dhateng Raden Dananjaya inggih Raden Sutawijaya ingkang samangke
jumeneng ing Mataram minangka Panembahan Senapati, jer Pangapitan menika
kenging kawastanan siti peparingipun Raden Sutawijaya. Lha menawi sak niki
wonten tiyang ingkang ngajak murih manunggal dhateng golongan sanes, menapa malih
kanthi pawadan badhe njudhul Kraton enggal lan jumenengipun Ratu Adil, menika
sami kemawon ngajak-ajak mbalela dhateng Mataram. Mila Ki Bau lan Ki Jagabaya
Kawisan lajeng kula kengken mertobat lan matur dhateng Ki Lurah menawi sampun
kesupen temah tumindak ingkang boten leres kanthi manunggal dhateng Paguron
ingkang badhe wantun kalihan Mataram saha ngajak-ajak tiyang sanes murih
manunggal dhateng Paguron ingkang nyata-nyata mengsahing nagari Mataram menika…..”
“Yen
mangkono apa sing ndika kandhakne marang Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan kuwi
wis trep banget, Ki Bau” Ki Lurah ngendika, nigas rembagipun Bebau Pilang “banjur
kepiye wangsulane wong loro kuwi mau?”
“Tiyang
kalih menika malah sansaya ndadra anggenipun nguman-uman kula, Ki Lurah” Bebau
Pilang atur wangsulan “kula dipun ungelaken lancang, keminter lan murang tata,
awit anggenipun Ki Bau lan Ki Jagabaya ngajak kula kala wau awit saking dhawuh
saking Ki Dungkul, kamangka sampun cetha
menawi Ki Dungkul menika sedherekipun Ki Lurah. Awit saking menika kula lajeng
wicanten bilih Ki Dungkul menika dede Ki Lurah lan saupami Ki Lurah ngantos
pitados dhateng dongeng ngayawara menika langkung-langkung kersa manunggal
kalihan Paguron Nagalanang, mangka kula boten badhe ndherek, malah kepara badhe
kula emutaken kados anggen kula suka penget dhateng Ki Bau lan Ki Jagabaya
Kawisan menika. Awit miturut pamanggih
kula, boten pantes tiyang ingkang badhe ndherek utawi manunggal kalihan Paguron
Nagalanang menika gesang ing Bumi Pangapitan. Ki Bau Kawisan lajeng mbanting
layah wadhah jadah bakar ingkang wonten lincakipun mBah Semi lajeng kula dipun
tantang adu katiyasan atosing balung lan uleting kulit. Gandheng kula rumaos
boten lepat, panantangipun Ki Bau Kawisan inggih lajeng kula sagahi. Nanging
dereng ngantos kedadosan kula lan Ki Bau saha Ki Jagabaya Kawisan ngunggar
kasudiran, tiyang kalih menika sampun kesah, awit duginipun Ki Bau Pethek lan
rencang-rencangipun.”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar