032.
Mireng
wicantenipun Sukmana makaten kala wau, Bebau Pilang lan Bebau Pethek
sawang-sawangan, ketingalipun sami ngengken rowangipun murih ngandharaken
wartos ingkang dipun beta. Nanging saderengipun salah setunggal saking tiyang
kalih kala wau kober wicanten, Ki Palir langkung rumiyin ingkang wicanten suka
wangsulan dhateng Sukmana :
“Makaten
kemawon Ngger, saenipun mila warta ingkang dipun asta dening Ki Bebau Pethek
menapa dene Ki Bebau Pilang menika kaaturaken langkung rumiyin dhateng keng
Bapa. Mangke awakipun piyambak rak inggih dipun dhawuhi dening Ki Lurah. Tiyang
wekdal menika sampun siang, miturut petangan kula sakedhap malih Keng Bapa rak
inggih rawuh.”
“Makaten
inggih Paman?” Sukmana suka wangsulan lajeng gentos wicanten dhateng
Bebau-Bebau ingkang wonten ing gandhokipun Ki Jagabaya “ndika sampun mireng
piyambak ingkang dipun kersakaken Paman Palir, Ki Bau, dados inggih sampun
mangke kemawon ndika sami matur dhateng Bapa, menapa ingkang sampun kedadosan
ingkang sami ndika prangguli kala wau.”
Ingkang
dipun criyosaken dening Ki Palir kala wau saestu, boten dangu saking Pendhapa
kepireng suwanten kenthongan alit ingkang dipun tabuh kaping tiga sungsun tiga.
Sukmana sampun apal kalihan tengara menika. Tengara saking Ki Lurah menawi
ngersakaken nimbali piyambakipun murih ngadhep ing Pendhapa. Sukmana tumunten
menyat dhateng pendhapa sasampunipun suka sumerep dhateng tiyang-tiyang menawi
Ki Lurah sampun rawuh, lan tiyang-tiyang kapurih nengga ing mriku langkung
rumiyin.
“Kowe
mau menyang ngendi ta Sukmana?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana
dumugi pendhapa “Pamanmu Palir tak goleki ana jero omah uga ora ana.”
“Nyuwun
pangapunten Bapa” Sukmana atur wangsulan “kula kalihan Paman Palir nembe
jejagongan kalihan Ki Jagabaya Munggur ing gandhokipun, andilalah kala wau
wonten Ki Bau Peleman, Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, ingkang badhe munjuk
atur dhateng Bapa. Gandheng kala wau Bapa dereng rawuh, Bebau tiga menika kula
aturi nengga ing gandhokipun Ki Jagabaya. Samangke nembe jagongan kalihan Paman
Palir lan Ki Jagabaya Munggur”.
“Ki
Bau Peleman, Pethek karo Pilang?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan ketingal
radi kejot “ya wis saiki Pamanmu Palir lan wong-wong sing ana gandhoke Ki
Jagabaya padha aturana mrene. mBok menawa ana warta sing wigati saka Bebau telu
kuwi”.
“Inggih
Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng ngadeg badhe murugi tiyang-tiyang ingkang
wonten gandhok panggenanipun Ki Jagabaya Munggur.
Nanging
nalika Sukmana lan tiyang-tiyang kala wau badhe dhateng Pendhapa, jebul dening
Ki Lurah dipun ajak dhateng Pringgitan. Tiyang-tiyang inggih lajeng ndherek
dhateng Pringgitan. Saderengipun tumut nusul dhateng Pringgitan, Sukmana
langkung rumiyin suka sasmita dhateng rewang dalem Kalurahan murih damel
unjukan benter kagem Ki Lurah lan tamu-tamunipun.
“Aku
mau kober mampir, neng warunge mBah Semi, Ki Bau Pilang” nembe kemawon
tiyang-tiyang sami mapan linggih, Ki Lurah sampun ngendika.
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Bebau Pilang kalih ndengengekaken sirahipun, mila
sampun kondhang menawi wandenipun mBah Semi ingkang mapan ing Padhukuhan Pilang
menika, sanget miraos menggah kopinipun.
“Ana kabar jarene
Bebau Kawisan karo Jagabayane lagi wae rada kisruh karo ndika?” Ki Lurah
nglejengaken anggenipun ngendika “apa bener mangkono? Kok jarene mBah Semi mau,
anggon ndika padha padudon rada keladuk. Nganggo nggebrak-nggebrak meja barang,
nganti cangkir karo layahe mBah Semi ana sing katut pecah barang?”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan “mila leres menawi kula
kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan sampun tumindak ingkang boten sae,
regejegan ing wande dados tontonanipun tiyang kathah, boten namung paben kemawon,
menawi boten dipun pisah dening Ki Bau Pethek, kinten-kinten malah sampun
wonten Rajapejah ing plataran wandenipun mBah Semi, tiyang Ki Bau lan Ki
Jagabaya sampun sami ngliga pedhangipun lan kula ugi sampun siyaga ngladosi
kalihan Tumbak kula menika. Inggih tujunipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Pethek
ingkang mbeta sapukawat tiga tumunten dugi lan misah. Temah Ki Bau lan Ki
Jagabaya Kawisan lajeng kesah nilar plataran wandenipun mBah Semi, tanpa pamit
lan tanpa wicanten menapa-menapa.”
“Ora pamit lan
ora guneman apa-apa?” kalihan ngangkat alisipun Ki Lurah mundhut pirsa “dadi
prekarane Bebau lan Jagabaya Kawisan karo ndika kuwi durung rampung?”
“Mila
dereng Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan.
“Banjur
larah-larahe apa? Teka ndika karo Bebau lan Jagabaya Kawisan sing wis padha
gerange kuwi teka padha kerah kaya jago rebutan babon wae he?”
“Inggih
estinipun lampah kula mriki wau badhe matur lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah
ing prakawis menika” Bebau Pilang atur wangsulan “nanging gandheng Ki Lurah
kepareng ndangu ingkang dados jalaran anggen kula sampun kerengan kalihan Ki
Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, murih langkung cethanipun kaparenga Ki Lurah ndangu dhateng Ki Bebau Pethek, awit
antawisipun prekawis kula kalihan Ki Bau lan Jagabaya Kawisan menika wonten
sambetipun kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pethek langkung mangertos prakawis
menika.”
“Kok
dadi sansaya ngambra-ambra ngene Ki Bau?” Ki Lurah ngendika malih, nanging
suwantenipun kepireng sareh, lajeng ndangu dhateng Bebau Pethek “tenane ngono
kepiye ta Ki Bau Pethek?”
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Pethek nata anggenipun linggih lajeng matur “estunipun
saderengipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan menika manggihi Ki Bau Pilang,
langkung rumiyin inggih dalunipun sampun manggihi kula ing Pethek. Tiyang kalih
menika cariyos bilih nembe meguru malih dhateng salah satunggaling Paguron
ingkang sampun kondhang, inggih menika Paguron Nagalanang. Ki Bau lan Ki
Jagabaya Kawisan ugi criyos menawi para sinoman lan sapukawat ing Kawisan
sadaya sampun dados siswa Paguron Nagalanang, dene ingkang minangka wewakiling Kyai
Nagalanang ing Pangapitan mriki menika Ki Dungkul ingkang dipun biyantu dening
Ki Dhangkal”.
“Sing
dikarepake Dungkul karo Dhangkal kuwi apa sedulurku sing saka Brendhilan kae Ki
Bau?” Ki Lurah nyela rembag.
“Leres
Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek.
“Iya,
sabanjure kepiye?”
“Salajengipun”
Bebau Pethek nglajengaken anggenipun matur “semu radi meksa, Ki Bau lan Ki
Jagabaya Kawisan prentah dhateng kula, murih ngajak sedaya sinoman, pamong saha
Sapukawat ing Pethek supados tumut manunggal dhateng Paguron Nagalanang,
jalaran miturut kekalihipun jangkaning jagad nyebataken bilih boten dangu malih
badhe wonten kedadosan ageng ing Tanah Jawi, inggih menika jumedhulipun Kraton
enggal lan jumenengipun Ratu Adil trah Brawijaya ing wana Patalan. Lan
kedadosan ageng menika mangke badhe nuwuhaken kurban lan bebanten ingkang ageng,
sok sintena ingkang boten kepengin dados wadaling kawontenan, kedah manunggal
kalihan Paguron Nagalanang, awit kacariyos bilih pangarsaning Paguron
Nagalanang menika titising Dewa ingkang nindakaken jejibahan minangka pamomongipun
Ratu ing kraton ingkang badhe jumedhul menika mangke.”
Bebau
Pethek kendel sakedhap anggenipun wicanten, jalaran wonten abdi utawi rewang Dalem
Kalurahan ingkang mlebet dhateng Pringgitan, lelados unjukan benter kagem Ki
Lurah lan sedaya ingkang wonten mriku.
“Lha
ndika banjur aweh wangsulan kepiye marang Bebau lan Jagabaya Kawisan, Ki Bau?”
sareng rewang kala wau sampun medal saking Pringgitan, Ki Lurah lajeng ndangu
Bebau Pethek.
“Salebeting
manah kula tuwuh raos tidha-tidha Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek “sakedhik
wonten raos pitados, nanging ugi wonten raos boten pitados. Mila kula lajeng
suka wangsulan dhateng tiyang kalih kala wau, badhe kula manah rumiyin lan kula
criyosi bilih mesthinipun prakawis menika Ki Lurah langkung pana babagan
jangkaning jagad tinimbang sinten kemawon ingkang mapan ing Pangapitan menika,
pramila sinambi nggagas-nggagas pangajakipun tiyang kalih kala wau, kula ugi
nengga dhawuh-dhawuh saking Ki Lurah ing babagan menika. Kula wangsuli makaten
kala wau, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ketingal menawi boten remen, malah
lajeng mungel-mungel menawi kula menika kalebet tiyang ingkang landhep dhengkul
rasanipun. Nanging kula panggah ing wangsulan kula kala wau, lajeng kekalihipun
pamit wangsul.”
“Lha
banjur sambunge karo anggone kerengan Ki Bau Pilang karo Bebau lan Jagabaya
Kawisan ana ngendi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa, lajeng kalihan ngasta
cingkir ingkang wonten ngarsanipun Ki Lurah ngendika malih “nanging sadurunge
ndika kandhakne, becik luwih dhisik ndika sruput wedang sing wis meh adhem
kuwi, mangga kabeh wae padha diunjuk wedange.”
Bebau
Pethek lan sedaya ingkang wonten ing Pringgitan lajeng sami nyepeng cingkiripun
piyambak-piyambak, nyruput wedang jahe ingkang dipun lalapi gula klapa.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar