031.
Ki
Palir, Sukmana lan Ki Jagabaya Munggur sakala sami ndhingkluk sirah-sirahipun
sami tumungkul ningali jogan ngrumaosi manawi pamanggihipun kirang leres.
Sanaosa makaten, ing manahipun tiyang tiga menika taksih rumaos kuwatos awit
trekahipun Ki Dungkul lan rencang-rencangipun ingkang mbebayani tumrap Dhusun
lan Warga ing Pangapitan lan ngrumaosi dereng manggihaken cara kangge ngadhepi
Ki Dungkul sarencangipun menika. Estunipun, ingkang dipun penggalih Ki Lurah
ugi boten benten kalihan tiyang tiga menika. Mila kawontenan ing Pringgitan
inggih lajeng sepen, sanaosa wonten tiyang ingkang sami lelenggahan nanging
boten wonten suwanten ingkang kapireng.
“Nalare
manungsa kuwi winates” sareng sampun radi sawatawis sepen Ki Lurah lajeng
ngendika “nek wis kakehan olehe nggagas kamangka durung nemu apa sing digoleki,
adhakane banjur dadi kethul. Bisane mung kari takon marang atine dhewe-dhewe,
piya karo piye lan ora bakal oleh wangsulan sing maremake. Saiki wektune wis
awan, padha lerena ing paleremanmu dhewe-dhewe, sokur-sokur nek padha gelem
nenuwun marang Gusti, nyuwun pitulungan murih kahanan iki dadi padhang. Merga
awake dhewe iki kabeh kawulane Gusti lan ya mung Gusti sing bisa paring
pepadhanging ati kang lagi ribed. Mengko utawa kapan dirembug maneh, karo
pamong-pamong liyane lan para sesepuh”.
Boten
ngentosi wangsulan, rampung anggenipun ngendika Ki Lurah lajeng jumeneng
nilaraken Pringgitan, mlebet dhateng dalem wingking. Ki Palir lan Sukmana
inggih lajeng nututi mlebet, Ki Jagabaya wangsul malih dhateng gandhok ingkang
kala wau dipun angge singidan.
Ebahing
wanci boten nate ewah. Ngantos dinten enjingipun, dereng wonten rembagan
antawisipun Ki Lurah, Ki Palir menapa dene Sukmana ingkang ngrembag prakawis
ingkang wonten gegayutanipun kalihan Ki Dungkul lan rencang-rencangipun. Namung
Ki Lurah wiwit enjing sampun miyos saking dalem Kalurahan, nindakaken kuwajiban
naliti lan ngulat-ulati pagesanganipun kawula ing Pangapitan, madosi
menawi-menawi wonten kawula ingkang gesangipun taksih mbetahaken pitulungan
murih saged gesang limrah kados tanggi-tangginipun. Sawatawis menika Ki Palir
lan Sukmana ketingal sami wonten gandhok papanipun Ki Jagabaya. Tiyang tiga
menika sami rerembagan prakawis anggenipun Ki Jagabaya sampun boten kraos
manggen ing gandhok, lan Ki Jagabaya sampun kepengin sanget wangsul dhateng
griyanipun piyambak.
“Bares
kemawon Ki Palir lan Adhi Sukmana” Wicantenipun Ki Jagabaya Munggur dhateng Ki
Palir lan Sukmana “sanadyan nembe kalih dalu mapan ing gandhok mriki, nanging
rumaos kula sampun dangu sanget. Menapa saestu menawi kula wangsul dhateng
griya, lajeng Ki Dungkul murugi kula malih?”
“Ki
Jagabaya” Ki Palir suka wangsulan “estunipun ingkang ndhawahaken dom cem-ceman
wisa dhateng ndika kala wingi menika, ingkang rumiyin piyambak dede Kakang
Dungkul. Nanging tiyang sanes rencangipun Kakang Dungkul, ingkang dereng kula
mangertosi, ingkang cetha tiyang menika kasektenipun tebih ing sanginggilipun
Kakang Dungkul. Kasektenipun tiyang ingkang dereng kula sumerepi sinten
tiyangipun menika, boten namung ing ngelmu ingkang kasat mata kemawon, nanging
ugi ngelmi kebatosan ing aji jaya kawijayan, menawi ndika salebeting wekdal
sapeken menika ngetingal lan kadenangan dening tiyang kala wau, gampil sanget
piyambakipun menawi badhe ngambali anggenipun nyawataken dom cem-ceman wisa
dhateng ndika. Nanging menawi sampun kliwat saking sapeken, miturut petangan
kula, tameng ingkang kula tanem ing saliranipun Ki Jagabaya sampun saged
ngalingi menawi wonten serangan susulan.”
“Oo
jebul makaten ta Ki Palir?” Ki Jagabaya Munggur nembe mudheng kalihan
kersanipun Ki Palir “manawi makaten, inggih badhe kula kraos-kraosaken singidan
ing gandhok menika.”
“Inggih
Ki Jagabaya mila kedah makaten” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “kula
piyambak, estunipun inggih sampun kangen kalihan griya kula, nanging gandheng
dening Ki Lurah dereng kaparengaken wangsul awit inggih kalihan kawontenan,
kula inggih lajeng ndherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Ki Lurah.”
Dumadakan
saking pendhapa kepireng suwanten gentha, minangka sasmita menawi wonten tamu
ingkang nggadhahi kajeng badhe sowan Ki Lurah. Sukmana ingkang mangertos menawi
Ki Lurah nembe miyos nganglang padhukuhan-padhukuhan laladan Dhusun Pangapitan,
tumunten ngadeg menyat dhateng Pendhapa, badhe manggihi tiyang ingkang
ngungelaken gentha kala wau.
Sareng
sampun sawatawis dangu, Sukmana wangsul malih dhateng gandhokipun Ki Jagabaya
malih, dipun tutaken Bebau Peleman, Bebau Pethek lan Bebau Pilang. Tiyang tiga
ingkang nembe dugi menika inggih lajeng mapan linggih ing tikar.
“Kinten-kinten
Ki Lurah dangu menapa boten nggih Dhi?” Bebau Pilang mbikani rembag kalihan
taken dhateng Sukmana.
“Lha
menika kula ingkang boten ngertos Ki Bau” wangsulanipun Sukmana “menawi
salebeting nganglang dhusun menika Bapa boten mrangguli prakawis ingkang
wigatos, mesthinipun inggih tumuli kundur, tiyang kala wingi wonten rembag
kalihan kula, miwah Paman Palir saha Ki Jagabaya Munggur ingkang dereng
rampung”.
“Rembag
menapa menika Dhi?” Bebau Peleman gentos ingkang taken “menapa taksih wonten
gegayutan kalihan lelampahan ingkang dipun sandhang Ki Jagabaya Munggur kala
wingi? Lan menapa saestu, titiyang sikep gegaman ingkang wonten ing wana
salering Peleman menika wonten sambetipun kalihan tiyang ingkang nedya damel
cilakanipun Ki Jagabaya Munggur?”
“Lho
Ki Bau menapa dereng pikantuk wartos ingkang kula titipaken dhateng Wala,
Sapukawat Kalurahan kala wingi?” Sukmana gentos pitaken.
“Manawi
prakawis dhawuh saking Ki Lurah lumantar Adhi Sukmana ingkang dipun beta Wala,
kala wingi menika kula sampun mangertos lan sampun kula lampahi, para Sinoman
lan Sapukawat panggah kula parentah murih samekta sawanci-wanci, sanaosa
tiyang-tiyang ingkang sikep dedemel menika sampun tebih nilaraken wana tepis
wiring ler Pangapitan” Bebau Peleman suka wangsulan.
“Bares
mawon Ki Bebau” Sukmana lajeng wicanten “nitik saking lelampahan ingkang dipun alami
dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi menika, Bapa, Paman Palir, Ki Jagabaya lan
kula sampun gadhah pandakwa ingkang sami
dhateng Paman Dungkul sakancanipun
menawi sampun gadhah lekas badhe damel
kisruh ing Pangapitan mriki. Namung kemawon sedaya menika dereng wonten
bukti kasat mata ingkang saged dipun angge nglarapaken Paman Dungkul ing
parepataning Pradhata Dhusun. Inggih
menika ingkang kula aturaken menawi wonten rembag ingkang dereng rampung kala wau. Mila kanthi
rawuh ndika sesarengan kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang menika mugi-mugi
saged mbekta bukti ingkang kiyat menawi Paman Dungkul sarencangipun menika
saestu sampun tumindak ingkang nrajang paugeraning Dhusun Pangapitan.”
Bebau
Peleman boten tumunten suka wangsulan malah lajeng sawang-sawangan kalihan
Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek.
“Nuwun
sewu Ki Bau” sareng boten wonten ingkang numpangi rembagipun Sukmana, Ki Palir
lajeng wicanten “sajakipun Ki Bau tetiga menika ngasta warta ingkang
sakalangkung wigatos ingkang wonten sambetipun kalihan kedadosan ingkang dipun
alami dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi. Menapa leres makaten Ki Bau?”
Sepisan
malih Ki Bau Peleman boten tumunten mangsuli pitakenipun Ki Palir ingkang
makaten menika. Kados wau Bebau Peleman malah gentosan nyawang dhateng Bebau
Pethek lan Bebau Pilang. Ki Palir mesem, ngrumaosi menawi anggenipun pitaken
sampun keladuk, pramila inggih lajeng wicanten kalihan suwanten ingkang sareh :
“Nyuwun
pangapunten Ki Bau, mbok menawi mila kula kirang pantes nyuwun pirsa babagan
menika dhateng ndika. Awit saking menika kula nyuwun pangapunten lan kaanggepa
kula boten nyuwun pirsa menapa-menapa dhateng ndika sedaya.”
Mireng
wicantenipun Ki Palir ingkang makaten kala wau, Bebau Peleman ketingal pucet,
lajeng suka wangsulan :
“Nyuwun
pangapunten Ki Palir, mugi ndika boten lepat ing panampi, menawi kula menapa
dene Ki Pethek lan Ki Pilang boten tumunten atur wangsulan…..”.
“nDika
boten lepat Ki Bau” Ki Palir nigas rembag kalihan gumujeng lirih “mila ing
babagan wewadosing Dhusun kedah ngatos-atos, boten kenging kacariyosaken
dhateng sadhengah tiyang, boten kenging kacariyosaken menapa malih namung
jalaran kesandhung raos ewuh lan pakewuh. Dados menawi nyata pawarta ingkang
sami ndika asta menika kalebet wewadosing dhusun, langkung prayogi menawi
pitaken kula kala wau boten ndika wangsuli.”
Sukmana
ingkang mireng wicantenipun Ki Palir lan Bebau Peleman makaten kala wau, tumunten
wicanten anengahi :
“Nuwun
sewu Paman Palir lan ndika Ki Bau Peleman saha Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang,
mila leres ingkang dipun dhawuhaken Paman Palir bilih wewadosing dhusun menika
boten kenging dipun umbar ingkang ndadosaken sadaya tiyang nyumerepi. Nanging,
kala wau sanaosa namung sakedhik sampun kawiyos dhateng kula prakawis warta
ingkang dipun beta dening Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang sanaosa inggih nembe
sakedhik. Ing gandhok menika, boten wonten tiyang sanes Ki Bau, Paman Palir
menika sampun dipun pitados dening Bapa kangge tetimbangan prakawis ruwet rentenging Pangapitan. Dados menawi
wewados kala wau kasumerepan dening Paman Palir estunipun inggih boten
menapa-menapa…”
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar