Total Tayangan Halaman

Selasa, 16 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (30)


 

030.

        Ki Palir njejegaken anggenipun sila, kendel sakedhap ketingalipun nembe nata ukara kangge atur wangsulan dhateng Ki Lurah. Ki Lurah, Ki Jagabaya Munggur lan Sukmana sami ningali praupanipun Ki Palir, ngrantos wangsulan ingkang dipun takenaken dening Ki Lurah.

        “Estunipun Kawuk menika tunggil sabregada kalihan kula nalika sami-sami meguru ing Padhepokanipun Ki Gendirireng, awit dipun gosokaken dening Kakang Dungkul menapa dene kakang Dhangkal saha Ki Lurah Brendhilan” Ki Palir miwiti atur wangsulan “nalika samanten siswa-siswa saking Brendhilan wonten pitu kalebet kula, inggih menika Sadi, Sukir, Tasma, Kawuk, Basu, Gurit lan kula”.

        “O, genahe Kawuk sing tau digawe pepes balung garese dening Ki Jagabaya merga maling sapine mBah Karsa kuwi wong  Brendhilan sing melu ngudi ngelmu kanuragan ing Padhepokane Ki Gendirireng?” Ki Lurah nyela rembag, nyethakaken sinten tiyang ingkang nami Kawuk kala wau.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir ingkang lajeng nutugaken anggenipun cariyos  “lare pitu kala wau sareng dumugi ing Padhepokan lajeng dipun kempalaken kalihan siswa sanes tunggil bregada. Sareng anggenipun sinau ulah kanuragan ing Padhepokan sampun angsal nem wulan, dening Ki Gendirireng kapendhet lare sedasa ingkang miturut pambijinipun Ki Gendirireng sae lan gathekan anggenipun sinau ulah kanuragan lajeng dipun dhawuhi murih nglajengaken anggenipun sinau dhateng padhepokan Nagalanang. Lare pitu ingkang saking Brendhilan kala wau sedaya katut, nanging gandheng kula boten patos remen mireng cariyos-cariyos ingkang kula wastani cariyos umuk, kula boten tumut nglajengaken dhateng Padhepokan Nagalanang lan milih wangsul dhateng Brendhilan malih.”

        “Lha si Adhi milih bali menyang Brendhilan kuwi, apa Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal ya banjur meneng wae? Lire apa Wong loro kuwi ya nyarujuki lekase si Adhi kuwi?” Ki Lurah nyelani rembag kalihan mundhut pirsa.

        “Waunipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal inggih muring-muring, kula dipun srengeni boten kantenan, nanging inggih boten kula reken babar pisan, tekad kula nalika samanten mila angur bodho watone ngaso” atur wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “salajengipun, sareng angsal setahun lare-lare kala wau anggenipun puruita ing Padhepokan Nagalanang, sami endhang wangsul dhateng Brendhilan. Slaganipun sampun benten tebih kalihan jaman saderengipun meguru. Lare nem menika sami dhemen pamer kalangkungan dhateng para warga ing Brendhilan. Ingkang sami dipun pameri inggih sami eram kaworan ering lan kathah ingkang sami maiben dhateng kula awit kala samanten kula boten purun tumut meguru dhateng padhepokan Nagalanang sareng kalihan lare-lare kala wau”.

        “Menapa Paman ugi lajeng rumaos keduwung Paman?” gentos Sukmana ingkang nyela rembag, pitaken dhateng Ki Palir.

        “Boten Ngger, malah kula rumaos sokur lan kaleresan, awit kula sampun kaslametaken saking watak dhemen ngongasaken kalangkungan utawi watak dhemen gumendhung adigang adigung kados makaten”  wangsulanipun Ki Palir “nanging nalika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tumut maiben awit kula boten kados lare nenem kala wau, kula inggih boten semaur menapa-menapa.”

        “Iya sabanjure kepiye?” Ki Lurah dhawuh murih Ki Palir nglajengaken anggenipun cariyos.

        “Anuju setunggaling dinten” Ki Palir nutugaken cariyos “kula mireng anggenipun rerembagan antawisipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul, ingkang wosing rembag Kakang Dungkul ngabaraken bilih sampun pikantuk setunggal dinten lare nem babaran Paguron Nagalanang menika bidhal ngayahi pandadaran. Lare nem dipun pantha dados tigang pantha, ingkang sapantha murih kesah mangaler, ingkang sapantha mangetan, dene ingkang sapantha malih mangilen. Lan salebeting wekdal gangsal welas dinten sedaya kedah ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul malih. Menawi pambijinipun Kakang Dungkul lare-lare kala wau lulus salebeting nglampahi pandadaran, mangka badhe kadhawuhan wangsul malih dhateng Padhepokan Nagalanang nutugaken anggenipun puruita saprelu nyinaoni ngelmu kanuragan ingkang langkung inggil malih. Kosok wangsulipun, menawi boten lulus badhe kawangsulaken malih dhateng padhepokan Gendirireng, matengaken ngelmi ingkang dereng sampurna”.

        “Sing dikarepne lunga mangalor, mangetan lan mangulon kuwi menyang ngendi wae Dhi? Lan wujude pandadaran kaya apa?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Nalika samanten kula piyambak inggih boten mangertos Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “nembe sasampunipun sedaya sami wangsul lan ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul, kula nggadhahi pandakwa awon, duka leres lan botenipun.”

        “Pandakwa ala kepiye Dhi?”

        “Nalika sami ngempal kados ingkang sampun sami dipun sarujuki saderengipun bidhal rumiyin, Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal. Sadi sareng kalihan Sukir, Basu sareng kalihan Gurit. Lare sekawan menika sami nyukakaken barang-barang pangaji dhateng Kakang Dungkul, wujudipun mas-masan saha sandhangan ingkang sae-sae. Kakang Dungkul ketingal remen lan marem” Ki Palir atur wangsulan nyambet anggenipun cariyos “namung nalika Sadi nyuwun pirsa kok Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal, Kakang Dungkul anggenipun wangsulan kepireng sengol : - Bocah loro kae wis gawe wirangku, padha ora lulus anggone nglakoni pandadaran, Tasma wis tak prentah budhal menyang Padhepokan Gendirireng maneh, Kawuk isih ngglethak neng omahe, sikile loro pepes balunge kabeh, jarene dikrubut wong ndesa papane pandadaran, saupama ora tak susul lan tak colong, tak gawa mlayu saka pakunjaran, kira-kira wae bocah loro kuwi saiki wis digantung neng desa kulonan kana.  Nadyanta mangkono, Kawuk karo Tasma isih bisa asok sapi telu sing saiki tak selehne ana kandhang omahku kae -. Inggih sareng kula mireng wicantenipun Kakang Dungkul makaten menika kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih lare-lare ingkang criyosipun nindakaken pandadaran kala wau jebul anggenipun andadar dhiri mawi sarana tumindak juti. Lan sareng kula mireng cariyosipun Ki Jagabaya ingkang nembe kemawon menika wau, kula saged mesthekaken menawi ingkang sampun damel pepes balungipun Kawuk inggih Ki Jagabaya, lan kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih Kakang Dungkul anggenipun ngreka damel cilakanipun Ki Jagabaya kala wingi menika jalaran awit taksih nggembol raos pangigit-igit dhateng tiyang ingkang sampun damel pepesing balungipun Kawuk.”  

        Ngantos radi dangu, Ki Lurah, Ki Jagabaya lan Sukmana anggenipun manggut-manggut sasampunipun Ki Palir ngrampungaken anggenipun matur. Sedaya boten wonten ingkang nginten menawi, maling ingkang ucul saking pakunjaran, kaling tahun kapengker menika taksih wonten sambetipun kalihan Ki Dungkul. Samanten ugi tumrap Ki Palir, piyambakipun babar pisan boten nginten menawi kalih tahun kapengker sedherekipun jaler sampun nate dhateng Pangapitan nulungi sedherekipun sapaguron ingkang dipun kunjara jalaran nglampahi tumindak durjana ing Pangapitan.

        “Babar pisan aku ora ngira yen Adhi Dungkul jebul wis tau menyang Pangapitan kene sadurunge teka kanthi becik-becik bareng karo Adhi Dhangkal lan Adhi Palir” sareng sampun sawatawis dangu Ki Lurah ngendika kados katujokaken dhateng saliranipun piyambak.

        “Samanten ugi kula Kakang” Ki Palir numpangi rembag “sampuna Ki Jagabaya nyariyosaken anggenipun jejagongan kalihan Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal lajeng nyariyosaken anggenipun damel pepes balung garesipun Kawuk, kula inggih boten mangertos menawi anggenipun maling Kawuk kala rumiyin jebul ing Pangapitan mriki.”

        “Ya kuwi Dhi sing diarani Adiling Gusti Allah” Ki Lurah paring wangsulan “sing becik bakal ketitik, sing ala bakal ketara. Jenenge wong ndhelikne bathang tan wurunga mesthi bakal konangan.”

        “Inggih Kakang” Ki Palir lajeng matur malih “samangke sampun sansaya cetha sinten lan kados menapa tindakipun Kakang Dungkul menika, menapa inggih lajeng badhe dipun kendelaken kemawon?”

        “Inggih Bapa” Sukmana ndherek ngaturaken pamanggih “nitik cariyosipun Ki Jagabaya Munggur lan kasambet kalihan cariyosipun Paman Palir menika, Paman Dungkul cetha menawi sampun tumindak dosa ageng ing Pangapitan mriki. Makaten menika sampun boten kenging dipun sabari malih, kedah tumunten karangket lan kapatrapan pidana ingkang murwat satimbang kalihan lepat lan dosanipun. Sampun ngantos nuwuhaken pandakwa awon saking para warga, dumeh Paman Dungkul menika taksih kadangipun Bapa, lajeng boten dipun pidana sanaosa sampun cetha anggenipun sampun damel kapitunaning Pangapitan.”

        “Adhi Palir lan kowe Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “aku kudu ngandhani kowe wong loro sepisan maneh, padha sinaua lan padha nggegulanga kasabaran. Prelune supaya bisa mikir kanthi wening lan ora gampang kejeglong ing dalan sing katone warata. Kowe kudu mikir, sanadyan apa sing dikandhakne Ki Jagabaya lan Adhi Palir mau bener, nanging ora saben wong mesthi percaya ngono wae, kajaba kudu ana bukti sing kasat mata lan seksi sing kena dipercaya. Kamangka bukti yen sing nyolong sapine mBah Karsa rong tahun kuwi wong sing dikongkon dening  Dungkul kuwi ora ana. mBok menawa Kawuk bisa mbok goleki supaya gelem dadi seksi, nanging apa kowe wong loro manteb lan percaya Kawuk gelem ngaku yen olehe nyolong sapine mBah Karsa biyen merga dikongkon Dungkul ?”

 

 

ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...