029.
Sasampunipun
atur wangsulan kados makaten kala wau, Ki Jagabaya Munggur lajeng
wongsal-wangsul njengkerutaken bathuk, ketingalipun nembe ngemut-emut prakawis
ingkang mbok menawi sampun supe. Ki Lurah lan Ki Palir ugi Sukmana ugi sami
kendel, tiyang tiga menika kados sami ingkang dipun gagas, inggih menapa ingkang
sampun ndadosaken jalaran Ki Jagabaya dipun arah cilakanipun dening Ki Dungkul.
Ngantos radi sawatawis dangu, kawontenan ing Pendhapa sepen, boten kepireng
suwantenipun tiyang ingkang wicanten. Malah suwantenipun napas ingkang boten
kendel tansah medal lan mlebet ugi boten kapireng.
“Jangkeping
cariyos anggen kula linggih sapajagong kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal
menika rak makaten ta Ki Lurah” sareng sampun radi dangu kawontenan sepen, Ki Jagabaya wicanten matur malih dhateng Ki
Lurah.
“Iya
piye Ki Jagabaya? Coba ndika critakne!” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.
“Nalika
samanten” Ki Jagabaya miwiti anggenipun cariyos “kula nembe kemawon nganglang
dhusun, nalika lampah kula dimugi pategilan antawisipun Dhukuh Peleman kalihan
Dhukuh Ngreca, kula sumerep regemengipun tiyang cacah kalih ingkang nembe
linggih ing salah satunggaling galengan boten tebih kalihan margi. Saking papan
ingkang kaotipun watawis gangsal welas jangkah, sanaosa kawontenan nembe terang
lan sunaring rembulan ugi anyoroti, nanging kula boten sumerep kanthi cetha
sinten tiyang kalih menika. Pramila kalihan ngatos-atos, tiyang kalih kala wau
lajeng kula caketi.
“He
sapa kowe? Ana apa nyedhaki papanku jagongan?” jebul tiyang kalih ingkang nembe
linggih ing galeng pategilan menika ugi boten mangertos menawi ingkang nyaketi
menika kula, mila lajeng pitaken kanthi suwanten ingkang ngemu raos sujana.
“Nyuwun
pangapunten, kula Jagabaya Munggur, Ki Dungkul” atur wangsulan kula awit kula
apal kalihan suwanten ingkang nakeni kula kala wau cetha menawi suwantenipun Ki
Dungkul. Lan kula inggih sansaya nyaket lajeng tumut linggih ing galengan,
Pedhang ingkang kala wau sampun kula liga, kula wrangkakaken malih.
“Oalah,
Ki Jagabaya ta?” Ki Dungkul lajeng wicanten kalihan suwanten mandhap “saking
tindak pundi ta Ki Jagabaya, niki wau?"
“Nglampahi
kuwajiban Ki, nganglang dhusun kados padatan menawi wanci dalu” wangsulan kula ingkang
kula lajengaken mawi pitakenan “lha kok njanur gunung, kadhingaren, Ki Dungkul
lan Ki Dhangkal wonten mriki?”
“Anu,
Ki Jagabaya” ingkang wangsulan gentos Ki Dhangkal “niki wau kula kekalih rak
saking Kalurahan? Atur uninga dhateng Ki Lurah, menawi benjing enjing menika
kula lan Kakang Dungkul badhe dhateng Brendhilan watawis sapeken, anceranipun
nyambangi tiyang estri, Ki Jagabaya.”
“Oh,
ndika kekalih saking Dalem kalurahan?” wangsulan kula malih, namung salebeting
manah ngraosaken aneh. Saking Kalurahan kok dumugi mriki, kamangka pategilan
menika arahipun benten kalihan arah saking kalurahan dhateng griyanipun Ki
Dungkul menapa dene Ki Dhangkal.
“Inggih
Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Dhangkal ingkang lajeng wicanten “ngepasi mandhap saking Pendhapa Kalurahan lan
badhe wangsul kala wau, Kakang Dungkul kok sumerep rembulan ingkang
sakalangkung padhang nyebar kaendahan dhateng ingkang dipun sunari, lajeng Kakang Dungkul ngajak kula, mlampah-mlampah
ngresepi asrining Pangapitan ing wanci dalu. Wasana ngantos dumugi mriki
menika.”
“O,
cethanipun makaten?” kula nyauti wicantenipun Ki Dhangkal kalihan gumujeng
renyah “lha upami kula ngertos menawi ndika kekalih wau badhe tindak-tindak
ngubengi dhusun, jathukna kula wau rak mampir Kalurahan? Dados saged
ndherekaken ndika kekalih ngiras nganglang?”
“Inggih
Ki Jagabaya” Ki Dungkul gentos ingkang wicanten ugi kalihan gumujeng alon “jathukna
rak inggih langkung gayeng, inggih sanes wekdal kemawon kula tak ndherek Ki
Jagabaya nganglang, nanging nggih niku, menawi kawontenan nuju terang lan wancinipun
padhang rembulan”
“Inggih
Ki Dungkul, kula remen sanget menawi ndika kersa ngancani kula ngayahi jejibahan
minangka Jagabayaning Dhusun” wangsulan kula.
“Nuwun
sewu Ki Jagabaya” Ki Dungkul wicanten malih “sak plokipun kula manggen ing
Pangapitan menika, saben dalu Ki Jagabaya boten ngetang jawah menapa terang,
peteng menapa padhang, sangertos kula kok ajeg boten kendhat tansah nganglang
dhusun ta? Makaten ugi cakruk-cakruk parondhan saben dalu ugi tansah kebak
kalihan warga ingkang nglampahi kuwajiban rondha lan ugi ajeg saben wanci
sampun lingsir dalu sami mubeng kalihan kothekan nggigahi warga supados
nglilir. Sepisan malih nuwun sewu, menapa ing Pangapitan mriki taksih sok
wonten tiyang awon ingkang nglampahaken tindak durjana juti?”
“Menika
makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan kalihan mesem “mila nalika kula sagah
kapiji dados salah satunggaling Jagabaya ing Pangapitan menika, kuwajiban kula
inggih sami kalihan Jagabaya-jagabaya sanesipun, inggih menika salah
setunggalipun inggih nganglang lan ngubengi dhusun menika, namung wekdalipun
benten antawisipun Jagabaya setunggal lan setunggalipun. Makaten ugi kalihan
warga dhusun ingkang sami rondha ing saben dalu, wiwit jaman siyen rondha ing
cakruk-cakruk parondhan ingkang saben padhukuhan cacahipun langkung saking
sedasa panggenan, menika sampun dados pakulinan. Estunipun ing Pangapitan
menika boten wonten warga ingkang purun tumindak awon, kados dene maling utawi
mendhet gadhahanipun tiyang sanes tanpa palilah. Saemut kula, wiwit kula
sepisanan dipun piji dados Jagabaya menika, ngantos sapriki mrangguli ing
Pangapitan menika wonten durjana nembe kaping pisan. Menika kemawon, ingkang
dados durjana ugi sanes warga ing Pangapitan, nanging tiyang njawi rangkah
ingkang adol kuwanen kadosipun ndadar ngelmi saking paguronipun…..”
“Tiyang
pundi menika Ki Jagabaya?” Ki Dungkul nyelani rembag “lan kala menapa
kedadosanipun?”.
“Tiyang
pundi menika kirang cetha, awit saged dipun beta mlajar rencangipun, dipun
colong saking pakunjaran, saderengipun kober dipun takeni sasampunipun kula
remuk bebalunging sukunipun” wangsulan kula “dene kedadosanipun watawis kalih
tahun kapengker.”
“Dipun
beta mlajar? kados pundi menika cariyosipun Ki Jagabaya?” Ki Dhangkal pitaken
dhateng kula.
“Nalika
samanten mBah Karsagudel ingkang griyanipun Peleman, menika gadhah ingon-ingon
rakajaya ingkang radi kathah, ingkang wujud lembu wonten kalih dasa,
mahesanipun pitulikur,mila ngantos mBah Karsa dipun sebat Karsa Gudel, menawi
mendanipun sampun boten saged kawilang malih. Rajakayanipun mBah Karsa menika,
menawi siang dipun ngen ing wana, menawi dalu dipun lebetaken ing kandhang
sacaketing griyanipun, murih boten dipun ganggu dening sima utawi buron wana
sanesipun.
Inggih nalika
kewan-kewan menika nuju ing salebeting kandhang, dipun purugi dening durjana,
saben dalu dipun colong setunggal ngantos tigang dalu. Sareng kadenangan,
durjana ingkang nyolong lembu menika wantun nglawan. Sanaosa malingipun namung
tiyang kalih nanging pangen saha rewangipun mBah Karsa ingkang cacah gangsal
boten saged mimpang. Malah salah satunggal saking rewangipun mBah Karsa,
ingkang nami Kemis ngantos ceklek tanganipun. Pramila mBah Karsa lajeng wadul
dhateng kula.
Kalampahan
dalu candhakipun, maling kalih kala wau lajeng kula dhedhepi, kula nganthi sinoman
ing Peleman sacekapipun. Saestu, maling ingkang setunggal boten ngantos
sapanginang sampun pasrah bongkokan dhateng para sinoman. Lha, ingkang
setunggal malih, ingkang wantun nyebat naminipun, inggih menika Kawuk, pranyata
nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, kapeksa ingkang majeng kula piyambak.
Piyambakipun mbeta klewang lan kula mbeta teken Liraning jambe. Wekasan maling
kala wau saged kula lumpuhaken ngantos boten emut, awit suku kalih-kalihipun
kenging kula babat garesipun mawi Lira dados lan pepesipun. Maling kalih kala
wau lajeng kula kengken nglebetaken dhateng lumbung suwung minangka pakunjaran,
angkah kula enjingipun nembe kula beta ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu dipun
adili. Jebul, enjingipun nalika lumbung suwung dipun bikak, Kawuk kalih
kancanipun sampun boten wonten. Kula lan tiyang-tiyang sami nginten menawi
Kawuk dipun beta mlajar kancanipun wau. Lha sakbakdanipun lelampahan menika,
ing Pangapitan wangsul boten nate wonten maling malih dumugi sapriki.”
“Waa jebul Ki
Jagabaya menika saestu sekti mandraguna” Wicantenipun Ki Dhangkal sasampunipun
rampung anggen kula criyos.
“Estunipun
inggih boten Ki Dhangkal” wangsulan kula “namung kemawon anggen kula saged
kapiji dados Jagabayaning Dhusun menika salah satunggal awit miturut pambijinipun
Ki Lurah lan para Pamong sanesipun, kula
nggadhahi sakedhik kalangkungan tinimbang kanca sanesipun”.
Sasampunipun
rampung anggen kula cariyos, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal pamitan badhe wangsul.
Kula inggih lajeng nglajengaken anggen kula nganglang Dhusun” Ki Jagabaya
mungkasi anggenipun matur dhateng Ki Lurah.
Ki Lurah Pangapitan
boten tumunten paring pangandika, Sukmana ugi namung kendel ngrantos dhawuh.
“Samangke
sampun wonten titikan ingkang sakalangkung cetha Kakang” dumadakan Ki Palir matur dhateng Ki Lurah “anggenipun
Kakang Dungkul mentala ngarah cilakanipun Ki Jagabaya menika jalaran Kakang
Dungkul taksih ngigit-igit kalihan tiyang ingkang damel pepesing sukunipun
kadang sapaguronipun ingkang nami Kawuk”.
“Ngono ya Dhi?”
Ki Lurah sajak ngungun kalihan aturipun Ki Palir “genahe piye Dhi?”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar