028.
Anggenipun
mesem Ki Lurah makaten menika jalaran Ki Lurah uninga menawi aturipun Ki Palir
makaten kala wau nedahaken menawi Ki Palir nggadhahi pamanggih menawi
pangajakipun Ki Batasigar saha Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika kedahipun
dipun tampik ngaten kemawon. Jalaran sampun cetha menawi menika pangajak
ingkang badhe njlomprongaken Ki Lurah lan Dhusun Pangapitan ing margi ingkang
sasar. Nanging Ki Lurah ugi kagungan pawadan anggenipun paring wangsulan
dhateng Ki Dungkul lan rencang-rencangipun makaten menika. Boten amargi Ki
Lurah kagungan raos pitados sanaosa namung sakedhik dhateng cariyosipun Ki
Batasigar lan rencang-rencangipun, nanging awit Ki Lurah kemutan dhateng
aturipun Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen kala wingi sonten.
“Ngene
ya Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir “satemene saben selapan
dina sepisan, ya kuwi pendhak malem Akad Legi, aku mesthi nglumpukne para
Bebau, para pamong lan para sapukawating desa sarta para sesepuh lan mancakaki,
saprelu tak ajak ngrembug kahanan lan ruwet rentenging desa, apa lan endi sing
kudu ditandangi lan kepiye carane nandangi. Lha, limang dina maneh rak ngepasi
dina Setu Kliwon malem Akad Legi? Ya ing kono mengko apa pangajake Adhi Dungkul
lan kanca-kancane arep tak kabarake marang Para Bebau, Para Pamong lan Para
Sapukawating Desa sarta Para Sesepuh lan Mancakaki. Lan kuwi ya mung satleraman
wae, lan tak dhisiki klawan ngelingake kalungguhane Desa Pangapitan iki wiwit
madege nganti saiki minangka peranganing Negara Mataram kang mangayom marang
Kanjeng Panembahan Senapati”.
“mBok
menawi ingkang dipun kersakaken Paman Palir kala wau makaten lho Bapa” Sukmana
ndherek matur udhu pamanggih “kenging menapa kala wau Bapa boten paring
wangsulan dhateng Paman Dungkul menawi badhea kados menapa Pangapitan panggah
badhe setya dhateng Gusti Panembahan Senapati?”.
“Pancen
kudune wangsulanku mau mangkono kuwi Sukmana lan Adhi Palir” Ki Lurah paring
wangsulan “nanging aku kelingan karo kabar sing digawa dening Ki Bebau Peleman
lan Bayan Kuncen wingi sore kae, ya kuwi anane wong-wong sikep gegaman jangkep,
sing ana ing alas salore Pangapitan. Kamangka ing sajroning atiku, aku duwe
pandakwa yen wong-wong kuwi kanca-kancane Dungkul, iki tak gandhengne karo sing
dialami dening Ki Jagabaya Munggur sing meh wae dadi kurban lan tumekaning
tiwas, tujune isih bisa dislametake dening Adhi Palir. Bares wae, aku durung
ngerti sepira kekuwatane wong-wong sing ana alas sak lore desa kuwi, apa maneh
Sukmana sing tak prentah supaya nitik kahanan durung bisa ditakoni merga tekane
omah wae sajroning kahanan kaya wong lagi mendem Ketela Gendruwo. Mula aku
banjur nggagas, yen nganti pangajake Batasigar lan Dungkul sakancane tak tampik
ngono wae, aku kuwatir Batasigar lan Dungkul banjur nyeluk wong-wong sing ana
alas lor desa kuwi diajak njarah rayah lan gawe kisruhing desa. Sanadyan mesthi
wae para Bebau lan Para Sapukawating Desa ora bakal mung meneng wae, nanging
yen kedadean ana perang, aku nggagas akeh tunane tinimbang bathine. Mula aku
butuh wektu, kanggo mikir apa sing kudu ditindakne warga Pangapitan yen klakon
ana perang antarane Pangapitan mungsuh wong-wonge Dungkul sakancane. Lan aku
duwe pangira, perang iki bakal klakon temenan, merga nglengkara aku manut lan
nuruti pangajake Batasigar sing mesthine olehe tekan kene merga dikongkon dening
Gurune sing jeneng Kyai Nagalanang kuwi. Dadi sepisan maneh, anggonku aweh
wangsulan marang Batasigar mangkono kuwi mau, merga awake dhewe butuh wektu
kanggo niti kahanan sarta nyusun kekuwatan kanggo ngadhepi mungsuh sing luwih
dhisik siyaga kuwi.”
“Inggih
Kakang” Ki Palir ingkang matur rumiyin “kula nglenggana menawi pangertosan kula
tebih ing sangandhap jengandika. Boten langkung kula nyuwun pangaksami”
“Awakmu
ora luput Adhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “jalaran si Adhi
durung kulina momong wong sadesa, suwe-suwe yen kowe kerep tak ajak melu
ngrembug bab ruwet rentenging kahananing desa, mbok menawa bakal saya jembar
mekaring nalarmu lan bisa uga ngluwihi aku.”
“Nyuwun
pangapunten Bapa” Sukmana matur malih “kados ingkang sampun kula aturaken kala
wau, bilih nurut kabar ingkang kadhawuhaken dhateng kula dening Ki Lurah
Dhedhali kala dalu, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel ing wana ler dhusun
menika, sakniki sampun tebih saking saking Pangapitanm dados boten badhe gampil
dipun celuk dening Paman Dungkul sakancanipun kangge meksa Bapa murih nggega
pangajakipun Ki Batasigar menika kala wau”.
“Bener
Sukmana” Ki Lurah ngendika sareh “kajaba olehku ngerti yen wong-wong sing neng
alas lor desa kuwi wis adoh saka Pangapitan, sawuse Batasigar lan Pamanmu
Dungkul sakancane lunga saka Pendhapa mau, kowe ya kudu eling marang dhawuh
liya saka Senapati Arya Sandi marang kowe lan uga marang aku kaya kang wis
kacethakne ing rontal sing mbok gawa. Ya kuwi awake dhewe kudu nambahi
pangati-ati lan ora kena nyuda kaprayitnaning batin, jalaran cetha yen ing
Pangapitan kene lagi ana mungsuh sing nindakne laku dom sumuruping banyu”
“Lha
menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa Kakang” Ki Palir nyauti
pangandikanipun Ki Lurah.
“Ing
bab sing endi Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa.
“Tiyang
nglampahaken dom sumuruping banyu menika adhakanipun sarwa wadi, sarwa
ngatos-atos lan boten ngetingalaken padamelanipun dhateng sok sintena kemawon.
Nanging kenging menapa Kakang Dungkul kok sembrana lampahipun? Dereng-dereng
sampun damel dhadhakan gendra kanthi badhe damel cilakanipun Ki Jagabaya?.
Menika menapa awit saking bodhonipun Kakang Dungkul menapa awit saking menapa
Kakang? Lan kenging menapa ingkang badhe dipun arah cilakanipun kok Ki Jagabaya
Munggur, dede sanesipun?” Ki Palir ngaturaken ingkang dados pitakenipun.
“Pitakone
si Adhi iki angel diwangsuli” Ki Lurah paring wangsulan “mung siji sing mesthi
dene liyane mung dhapur pangira-ngira. Lire mangkene, sing cetha kuwi merga
saka adilie sing Maha Kawasa. Wangsulan liyane, mbok menawa sing dadi
mata-pitaning mungsuh ing Pangapitan kene kuwi dudu utawa ana sak liyane Adhi
Dungkul lan kanca-kancane mau. mBok menawa wae, sadurunge kedadeyan wingi kae,
Ki Jagabaya Munggur tau kepethuk lan sapajagong karo Adhi Dungkul, wekasan Adhi
Dungkul duwe panemu yen Ki Jagabaya Munggur becik yen digawe cilaka dhisik
dhewe awit mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan kanca-kancane.”
Ki
Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana :
“Murih
cethane, coba Ki Jagabaya sing saiki lagi umpetan neng Gandhok sing tau
dienggoni Pamanmu Dungkul timbalana mrene, Sukmana”.
“Inggih
Bapa” wangsulanipun Sukmana kalihan ngadeg lajeng menyat badhe madosi Ki
Jagabaya Munggur.
Boten
dangu Ki Jagabaya sampun dumugi ing Pringgitan dipun etutaken dening Sukmana.
“Piye
kahanan ndika Ki Jagabaya?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Ki Jagabaya
Munggur mapan linggih ing sisihipun Ki Palir.
“Awit
saking pangestunipun Ki Lurah saha pandonganipun sedherek-sedherek sedaya, kula
ngraosaken sampun saras saestu Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya .
“Iya
nanging, tak jaluk Ki Jagabaya aja bali menyang imah dhisik, panggah manggona
ing Gandhok kae nganti kahanan pulih” Ki Lurah paring dhawuh malih.
“Inggih
Ki Lurah, boten langkung inggih ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Ki
Jagabaya .
“Iki
ngene Ki Jagabaya” dhawuh pangandikanipun Ki Lurah salajengipun “nek nitik
bukti dom cem-ceman sing dening Adhi Palir diwetokake saka tatu ndika, mesthine
ndika wis ngerti sapa sing wis tumindak wentala gawe cilaka ndika kuwi ta?”
“Inggih
Ki Lurah”
“Saiki
aku arep takon” Ki Lurah laheng ngendika malih, “jalaran iki mau Adhi Palir lan
Sukmana uga aku dhewe lagi ngrembug bab iki. Ya gene kok nganti Adhiku Dungkul
mentala arep gawe cilaka ndika iki? Lan anehe anggone tumindak kanthi dhedhemitan
ora wani adu arep, nanging sarana nglimpe. Malah Adhi Dungkul wis api-api aweh
tamba barang marang ndika. Apa sasuwene iki Ki Jagabaya tau sapajagong karo
Adhi Dungkul lan mbok menawa kanthi ora sengaja ndika wis gawe serike Adhi
Dungkul?”
“Kula
mila nate kepanggih kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal Ki Lurah” Ki Jagabaya
atur wangsulan “inggih menika nalika dalunipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal badhe
bidhal sambang semahipun dhateng Brendhilan tigang peken kapengker. Nalika
samanten anggen kula jagongan kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal mila radi
dangu, nanging saemut kula, kula boten paben kalihan tiyang kalih menika”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar