027.
Ki
Lurah Pangapitan mesem mirsani slaganipun Sukmana ingkang ketingal boten sabar,
selak kepengin mireng kados pundi anggenipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal
nggiri-giri tiyang sepuhipun. Sukmana ingkang dipun esemi dening Ki Lurah,
inggih lajeng ndhingkluk rumaos radi lingsem. Ki Palir ingkang linggihipun
jejer kalihan Sukmana inggih lajeng tumut-tumut ndhingkluk.
“Aku
ora maido nggonmu sajak kebranang krungu nek wong tuwamu digiri-giri dening
Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal Sukmana” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan
suwanten ingkang sareh “nanging kowe kudu eling, wong kuwi yen gampang nesu,
gampang kebranang, kuwi mesthi ora becik oleh-olehane. Merga wong kuwi yen
nesu, nalare dadi mandheg merga kalah karo ubaling napsu amarah, temah suda
kaprayitnaning batin. Adoh kabecikane cepak tunane. Mula kowe minangka anakku
sing mbesuke bakal nutugake jejibahan mangarsani Desa Pangapitan kene, tak
jaluk gelema sinau sabar ora gampang kebranang ngadhepi lelakon apa wae”.
“Inggih
Bapa” kalihan tumungkul Sukmana atur wangsulan.
“Sabanjure,
Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron ngandhakake, miturut jangka sing dadi kapitayane
wong-wong kuwi, sapa wae sing ngenggoni Tanah Jawa, mangka ngaweruhi lekase
Kyai Nagalanang sing arep ngrebut panguwasa Tanah Jawa saka Trahe Raden Patah lan
dibalekne marang Trah Majapahit, banjur gelem nyengkuyung lan manunggal karo
barisane Kyai Nagalanang, mangka bakal nampa nugraha saka Sang Hyang Wisnu
lumantar Kyai Nagalanang. Kosok baline, yen ora gelem nyengkuyung lekase Kyai
Nagalanang, mangka bakal nampa walat, nemoni pati sing nggegirisi tanpa kinaweruhan
sababe, sukmane bakal binalekne ing alam Sonyaluri dadi lelembut sing saben dina
siniksa ing nerakane Kyai Nagalanang.”
“Lajeng
Bapa paring wangsulan dhateng Paman Dhangkal lan Paman Dungkul sarta Ki Batasigar,
kadospundi?” Sukmana nyuwun pirsa malih.
“Maune
Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron tak kandhani” Ki Lurah paring wangsulan “yen
saiki iki sing nyekel panguwasa Tanah Jawa kuwi wis dudu Trah Raden Patah maneh,
nanging Trah Majapahit. Awit sing ngratoni Tanah Jawa sing ngedhaton ing Kutha
Gedhe Mataram kuwi Gusti Panembahan Senapati, wayah Buyute Ki Ageng
Ngabdurrahman Sela lan Ki Ageng Ngabdurrahman Sela kuwi wayahe Raden Bondhan
Kejawan putra dalem Sinuhun Brawijaya kang kaping lima. Dadi aran kleru yen ana
sing kepengin ngrebut Panguwasa Tanah Jawa saka tangane Trah Raden Patah sing
jarene arep dipasrahake marang Trah Majapahit.”
“Lajeng
Ki Batasigar lan Paman Dungkul saha Paman Dhangkal atur wangsulan kados pundi
Bapa?” Sukmana nyela atur malih.
“Kaya
sing wis tak kandhakne ing ngarep mau, wong bodho kuwi angel dituturi. Mula yen
ana unen-unen : sak angel-angel wong nuturi isih angel wong sing dituturi, kuwi
nyata yen bener” Ki Lurah paring wangsulan “sanadyan wis tak jlentrehne
sarasilahe Gusti Panembahan Senapati, wiwit Ki Ageng Pemanahan, Ki Ageng Enis,
Ki Ageng Sela, Ki Ageng Getas Pendhawa nganti tumekan Raden Bondhan Kejawan lan
Kanjeng Sinuwun ing Majapahit, Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron panggah ngeyel
lan ngarani yen sing tak kandhakne mau luput kabeh lan panggah ngarani yen
Gusti Panembahan Senapati kang jumeneng ing Kutha Gedhe Mataram kuwi dudu Trah
Majapahit nanging Trah Demak Bintara. Lan lucune, nalika tak takoni leluhure
Gusti Panembahan Senapati wiwit Ki Gede Pemanahan nganti Kanjeng Sultan ing
Demak Bintara kuwi sapa wae? Wong telu kuwi kandha yen ora ngerti mung kandha
yen sing ngerti Gurune ya Kyai Nagalanang kuwi. Lan yen aku kepengin ngerti aku
arep diajak sowan menyang Padhepokan, nyuwun pirsa bab iki marang Kyai
Nagalanang”
“Salajengipun
kados pundi Bapa?” Sukmana nyuwun pirsa kalihan mesem.
“Sing
luwih ndadekne aku sansaya ora ngerti” Ki Lurah ngendika malih “Wong telu kuwi
ketara nek rumangsa wis tak remehake nalika aku takon, Trah Majapahit sing arep
dipasrahi Panguwasa Tanah Jawa yen Mataram wis klakon bedhah kuwi sapa? Lan garising
sarasilah saka sapa?.”
“Dipun
dangu makaten kok rumaos dipun remehaken menika kados pundi ta Bapa?” Sukmana
nyela atur kalihan radi gumujeng.
“Jalaran
aku dianggep ora percaya lan wani nggorohake marang sabdane Bathara Nagalanang
sing mesthi benere” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah ugi kalihan mesem “banjur
Pamanmu Dungkul guneman kanthi suwara sing ora pati kepenak dirungokne, -
menawi Ki Lurah boten pitados lan wantun nggorohaken dhateng sabdaning Dewa,
inggih mangga, nanging menawi wonten walat saking Bathara Nagalanang, kula
boten badhe cawe-cawe - . Mangkono ucape Pamanmu Dungkul”.
“Nyata
nek menungsa sing murang tata, Si Paman Dungkul” Sukmana sumela atur kalihan
nggeget untu ketang runtiking manahipun.
“Leres
Ngger” Ki Palir ingkang wiwit wau namung kendel numpangi rembagipun Sukmana “mila
sampun kebacut wuwusipun Kakang Dungkul, kala wau meh kemawon kula badhe
njangkah dhateng Pendhapa badhe kula taker wareg kakang Dungkul ingkang sampun
kumawantun degsura dhateng keng Bapa, nanging kula emut bilih keng Bapa namung
ngeparengaken kula nengga ing Pringgitan
mriki.”
“Mengko
dhisik” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan suwanten radi inggil “jan-jane kowe
wong loro mau ngrungokne pituturku apa ora? He?”
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng ndhingkluk. Sukmana makaten ugi.
“Dikandhani
supaya padha pinter kok malah padha nggugu karepe dhewe?” Ki Lurah ngendika
malih “nek kowe padha ngono kuwi, bedane apa kowe sakloron karo Batasigar,
Dungkul lan Dhangkal?”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang, kula supe” kalihan ndhingkluk Ki Palir atur wangsulan.
“Inggih
Bapa, kula supe lan kula lepat” Sukmana nyambet aturipun Ki Palir ugi kalihan
ndhingkluk.
“Satemene,
nek nuruti pangajake napsu amarahku” Ki Lurah ngendika malih “ya kaya kowe
kabeh, meh wae Dungkul tak tempiling sirahe. Nanging aku isih kaparingan eling,
yen aku kudu luwih sabar ngadhepi wong bodho kaya Dungkul sakancane kuwi. Yen
nganti ora bisa sabar bisa mbilaeni kanggoku lan kanggo Desa Pangapitan. Mula
aku banjur kaya mau, Adhi Palir melu ngrungokne kandhaku marang Dungkul mau apa
ora?”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “kabekta saking bentering manah
kula, mila kula lajeng boten saged mirengaken kanthi cetha menapa ingkang
jengandika dhawuhaken dhateng Kakang Dungkul”.
“Harak
tenan ta?” Ki Lurah ngendika kalihan gumujeng kecut “mula sepisan maneh,
panjalukku marang kowe lan Sukmana padha sinaua supaya bisa nindakne laku sabar.”
“Inggih”
meh sareng Sukmana kaliha Ki Palir atur wangsulan.
“Mau
aku kandha marang Dungkul lan kanca-kancane” Ki Lurah nutugaken pangandikanipun
“manawa ing Pangapitan iki aku mung nyekel panguwasaning kawula lan warga Desa
Pangapitan, lire sing nduweni panguwasa kuwi kawula lan warga, dene aku mung
sadrema nindakne apa sing dadi kekarepane kawula lan warga Pangapitan. Mula
kanggo mutusake apa aku kudu nggugu marang pangajake Kyai Nagalanang apa aku
kudu ngukuhi kasetyan marang Kanjeng Panembahan Senapati kang wis paring
palilah marang para leluhure wong Pangapitan lan anak turune ngenggoni Desa iki,
aku arep rembugan dhisik karo kawula lan warga Pangapitan kene. Kang mangkono
mau, merga antarane aku lan kabeh kawula Pangapitan wis prasetya bakal sabaya
mukti lan sabaya pati. Lire, aku gelem mukti yen kawula Pangapitan uga mukti,
samono uga tumrap kawula Pangapitan ora bakal gelem urip mukti yen ora bareng
karo Lurah Pangapitan.”
“Lajeng
Paman Dungkul matur kados pundi malih Bapa?” Sukmana sampun wantun ndengengek
malih lan nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.
“Maune
sing guneman Batasigar, karepe arep ngotot, meksa aku supaya aku ora susah
ndadak ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan” Ki Lurah paring
wangsulan “nanging bareng aku kandha yen aku ora nggorohake lan uga durung
ngandel apa sing dikandhakne Batasigar lan Dungkul mau, lan sapa wae ora wenang
meksa aku percaya utawa ora percaya marang Gurune wong telu kuwi. Batasigar lan
Dungkul sarta Dhangkal banjur bisa nyarujuki lan nyengkuyung nggonku arep
ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan. Bubar kuwi Dungkul sakancane
banjur pamitan bali lan tak untabne nganti tekan regol ngarep mau.”
“Nuwun
sewu Kakang” Ki Palir gentos matur “menapa saestu Kakang Lurah badhe
ngawontenaken rembag dhusun namung jalaran midhanget cariyos ingkang ngayawara
menika?”
Ki
Lurah mesem, midhanget aturipun Ki Palir ingkang makaten menika.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar