026.
Ki
Lurah Pangapitan njejegaken anggenipun lenggah sila, Sukmana lan Ki Palir dipun
pirsani genti-gentos. Sasampunipun kendel sakedhap lajeng ngendika :
“Kaya
sing tak critakne nalika kowe lan Pamanmu Palir lagi teka saka mapag bibimu
wingi. Pamanmu Dungkul lan Dhangkal nemoni aku neng pendhapa Kalurahan karo
nganthi wong papat sing durung tau tak tepungi sadurunge. Wingi kuwi, Adhi
Dungkul lan Adhi Dhangkal mung ngabarake yen wis bali menyang Pangapitan maneh
sawise nyambangi omahe sing ana Brendhilan, wong loro kuwi uga kober nyuwun
pangapura merga anggone teka ing Pangapitan maneh rada kasep, jalaran kapeksa
leren ing Brendhilan rada suwe amarga sisihane Adhi Dhangkal jarene rada ora
pati kepenak awake, dadi olehe bali mrene ngenteni warase sisihane Adhi Dhangkal.
Adhi
Dungkul uga takon, Pamanmu Palir menyang ngendi? jalaran nalika Pamanmu loro
kuwi teka omah, padha meruhi omahe Pamanmu Palir suwung. Banjur tak warah
menawa Pamanmu Palir lagi wae budhal menyang Brendhilan mapag bibimu arep
diajak boyong menyang Pangapitan kene. Krungu wangsulanku mangkono kuwi,
pamanmu sakloron katon rada kaget semu gumun. Nanging uga ora guneman apa-apa.
Semono uga nalika tak kandhani yen mbok menawa rong dina utawa telung dina
maneh paman lan bibimu lagi tekan ing Pangapitan maneh. Dadi mesthine Pamanmu
Dungkul lan Pamanmu Dhangkal nganti dina iki durung ngerti nek Pamanmu Palir
lan Bibimu Tandur wis ana omah kene, mula mau nalika aku nemoni Pamanmu
sakloron, Pamanmu Palir mung tak kongkon melu ngrungokne saka Pringgitan kene,
jalaran nitik saka lelakon sing dialami dening Bibimu Tandur, ana perkara sing
ora beres antarane Pamanmu Palir karo sedulure loro kuwi.
Kajaba
saka kuwi, Pamanmu sakloron uga nepungake kanca-kancane sing diajak mrene.
Kabeh ana papat, sing tuwa dhewe jenenge Ki Batasigar, banjur Ki Kecrukabang,
Ki Tempuyung lan Ki Klabangbiru. Kabeh mau jarene isih sedulur tunggal
sapaguron karo Paman-pamanmu. Dene tekane kene nyuwun palilah jarene arep melu
mbara kerja bareng karo Pamanmu sakloron lan bakal manggon ing omahe Pamanmu
sakloron”.
“Lajeng
Bapa inggih ngeparengaken panyuwunipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha
rencang-rencangipun kala wau?” Sumana nyela atur, nyuwun pirsa dhateng tiyang
sepuhipun.
“Wangsulanku
ya kaya lumrahe nek ana wong njabane Pangapitan
sing nembung arep golek sandhang pangan kanthi bener ngana kae. Ya kuwi,
kabeh titahing Allah wenang luru sandhang pangan ing Pangapitan kene, waton ora
gawe kapitunane warga Pangapitan lan kudu manut marang paugeran kang ana ing
Pangapitan” Ki Lurah paring wangsulan, lan nutugaken anggenipun ngendika
“wong-wong mau iya padha nyaguhi, malah semu pamer merga wong-wong mau siswa
Paguron kang gedhe, yen nganti tumindak sing ora bener ing desane wong tan
wurunga bakal ngucemake luhuring pagurone. Nanging iki mau, Pamanmu sakloron
lan kanca-kancane mrene maneh lan sing dirembug wis beda karo wingi kae.”
“Benten
kados pundi Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.
“Iki
mau, wong tuwa sing ngaku jeneng Ki Batasigar wiwit dodolan umuk, kaya sing
dikandhakne Pamanmu Palir mau, ya iku crita sing ngayawara” Ki Lurah paring
wangsulan.
“Ngayawara
kados pundi Bapa?” Sukmana matur kalihan mesem.
Ki
Lurah ugi mesem lajeng ngendika malih :
“Ki
Batasigar nyritakne jangkane Tanah Jawa wiwit dumadine nganti tumeka pungkasane
kapundhut bali dening Jawata lan kapapanake ing alam sonyaluri, crita iki banget ngawure, nganti ora tinemu
ing nalar babar pisan. Dheweke kandha yen biyen Tanah Jawa iki manggon ing Alam
gaib kang uga sinebut Alam Sonyaluri, papane para lelembut sing dadi reh-rehane
Sang Hyang Bathara Wisnu. Banjur salah siji saka putrane Bathara Wisnu sing
asmane Raden Wijaya kepengin jumeneng Nata mrentah para manungsa, mangka Sang
Hyang Wisnu banjur maringake Tanah Jawa iki marang Raden Wijaya supaya dadi negarane,
dene kawulane kacipta saka para lelembut sing banjur pinuja dadi manungsa,
sarta Tanah Jawa dadi wujud alam kang nyata, lan wiwit kuwi Tanah Jawa diarani
Negara Majapahit. Iki cetha nek ngawur lan cetha nek ngayawara sarta ora tinemu
ing nalar.”
“Lha
Bapa menapa boten paring dhawuh dhateng Ki Batasigar menawi cariyosipun kala
wau boten leres?” Sukmana nyuwun pirsa malih.
“Maune
arep tak wangsuli mangkono kuwi” Ki Lurah paring wangsulan “nanging bareng Ki
Batasigar tak takoni, crita kuwi kapethik saka layang apa lan sing yasa sapa, Ki
Batasigar wangsukan yen dheweke kuwi ora ngerti aksara lan ora bisa maca, lan
Jangka kuwi jarene ditampa saka gurune sing selawase ora tau dora. Aku banjur
murungake nggonku arep aweh weruh marang Ki Batasigar yen critane kuwi ora
bener. Jalaran, wong kaya ngono kuwi rumangsa luwih ngerti lan rumangsa sing
bener mung dheweke dhewe, dadi ora ana gunane rebut bener karo wong kang
mangkono kuwi”.
“Mila
leres makaten Bapa” Sukmana atur wangsulan lan kalajengaken nyuwun pirsa malih,
awit Sukmana mangertos menawi ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah menika nembe
perangan pucukipun “salajengipun kados pundi Bapa?”.
“Sabanjure
Ki Batasigar nyaritakne nek Negara Majapahit nate kaparentah Ratu lima cacahe,
ya kuwi Prabu Brawijaya kapisan nganti Raden Damarwulan kang jejuluk Prabu
Brawijaya Kalima. Iki cetha nek Ki Batasigar luwih ngawur maneh, jalaran
miturut layang sing tau diwaca dening Sawargi mBah Buyutmu, lan aku uga melu
ngrungokne, sing tau jumeneng Nata ing Majapahit kuwi ana telulas, lan ora
kabeh ngagem asma Brawijaya. Lan Raden Damarwulan sing dicritakne banjur
jumeneng Nata, kuwi tenane mung dedongengan wae, ya kuwi dongeng yasane Kanjeng
Susuhunan ing Giri Prapen. Tekan kene iki, aku durung ngerti mengku karep apa
Ki Batasigar nyritakne sing diarani jangka kuwi marang aku” Ki Lurah kendel
sakedhap anggenipun ngendika.
Sukmana
tanggap lajeng menyat mendhet Kendhi kaselehaken ing ngarsanipun Ki Lurah
Pangapitan. Ki Lurah inggih lajeng ngunjuk toya kendhi kala wau.
“Aku
lagi ngerti karepe Ki Batasigar bareng wonge nyritakne nek Raden Patah kuwi
putrane Raden Damarwulan ya Kanjeng Sinuhun Brawijaya Pamungkas” sasampunipun
ngunjuk Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “lan Raden Patah kuwi putra
sing wani mbalela marang Bapa lan klakon mbedhah Majapahit, banjur nggenteni
jumeneng Nata ing Demak Bintara. Kamangka cetha bedhahe Majapahit nganti ilang
kuwi kelakon jaman sing jumeneng ing Demak Bintara Kanjeng Sultan Trenggana.
Nanging merga wegah bebantahan, aku ora guneman apa-apa marang Ki Batasigar.
Sabanjure Ki Batasigar kandha nek madege Kraton Demak nganti tumekan Mataram
saiki iki, wis gawe gerahing penggalihe Sang Hyang Wisnu. Mula Sang Hyang Wisnu
banjur ngutus salah sijining Dewa sing dadi siswane, sing jaman Tanah Jawa isih
mapan ing Sonyaluri siswane Sang Hyang Wisnu kuwi kapatah dadi Lurahe Tanah
Jawa, wujude Ula Naga, supaya ngrebut panguwasa saka trahe Raden Patah lan
mbalekne marang Trah Brawijaya maneh. Ya Ula Naga kuwi sing saiki dadi gurune Ki
Batasigar, Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal. Dene Ki Kecrukabang, Ki
Tempuyung lan Ki Klabangbiru, kuwi kaprenah muride Ki Batasigar.”
“Nuwun
sewu Bapa” Sukmana nyela atur nyuwun pirsa “menapa ingkang dipun kajengaken Ki
Batasigar Dewa ingkang wujud Sawer Naga siswanipun Sang Hyang Wisnu menika
ingkang samangke nami Ki Nagalanang menika?”.
“Bener
Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “lan Ki Nagalanang sing wujud manungsa
sing saiki dadi Pangarsane Padhepokan Nagalanang kae, kae siswane Bathara
Nagalanang sing wujud Ula Naga sing wis bisa manunggalake jiwa lan ragane karo
Gurune, Dadi ora ana bedane antarane Nagalanang sing wujud Ula Naga lan Naga
Lanang sing wujud manungsa. Mung sing dadi gumune atiku, ana crita sing
ngayawara kaya mangkono kuwi, lha kok Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal
percaya banget, malah wani ngajak aku supaya melu nyengkuyung karepe Ki Batasigar
sing ngajak supaya Pangapitan gelem manunggal karo Padhepokan Nagalanang sing
arep mbalela marang Mataram lan nggiri-giri apa sing bakal dumadi yen nganti
aku ora gelem nuruti pangajake.”
“Nggiri-giri
kados pundi Bapa? Menapa Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha Ki Batasigar lan
murid-muridipun badhe ngrebat Dhusun Pangapitan?” Sukmana matur nyuwun pirsa
kalihan suwanten ingkang nedahaken bentering manahipun.
“Ora,
Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sareh.
“Lajeng
kados pundi?” Sukmana matur malih.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar