025.
Ki
Lurah inggih lajeng nusul lenggah ing tikar nyaketi Sukmana lan Ki Palir
ingkang sampun linggih langkung rumiyin. Sami antawisipun Ki Lurah lan Ki Palir
anggenipun ngulati Sukmana prasasat boten kedhep lan panyawangipun nedahaken
raos kepengin ngertos dhumateng kedadosan kala dalu ingkang dipun lampahi
Sukmana nalika nindakaken dhawuhipun Ki Lurah saprelu ngulat-ulati
tiyang-tiyang ingkang sikep gegaman lan kendel ing wana sak leripun Dhusun
Pangapitan.
“Ingkang
nembe mandhap saking pendhapa kala wau menapa Paman Dhangkal lan Paman Dungkul
ta Bapa?” kados boten ngawaki menawi dipun gatosaken, Sukmana malah matur
nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.
“Iya,
Pamanmu Dungkul lan Dhangkal karo kanca-kancane, sing olehe teka kene iki mau
ngajak rembugan sing klebu wigati” wangsulanipun Ki Lurah “nanging sadurunge
tak kandhakne apa wigatine Adhi Dungkul sakancane mau, aku kepengin takon
marang kowe Sukmana”.
“Inggih
Bapa” atur wangsulanipun Sukmana.
“Kapan
lan ing ngendi kowe kepethuk Senapati Arya Sandi? Ya gene panjenengane ora mbok
aturi pinarak ing Kalurahan?” Ki Lurah ndhawuhaken pamundhutipun pirsa.
Mireng
pandangunipun Ki Lurah makaten menika, gentos Sukmana ingkang ketingal bingung,
boten mangertos kalihan ingkang dipun kersakaken Ki Lurah.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” wekasan Sukmana matur “Senapati Arya Sandi menika sinten?
Kula boten kepanggih kalihan panjenenganipun menika”.
“Lho?
Apa paraga sing paring rontal kanggo aku sing mbok gawa mau esuk ora dhawuh
sapa panjenengane?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “kowe kuwi kepiye ta Sukmana?
mBesuk maneh nek dititipi apa-apa kuwi kudu ngerti sapa sing titip, ora kok
waton gelem nggawa ngono kuwi. Ngertia Sukmana, sadurunge aku maca rontal sing
mbok gawa mau, atiku banget sumelang semu kuwatir merga kahananmu sing banget
nguwatiri. Kowe teka munggah pendhapa malah tekenan Tumbak Kyai Larih karo
mripat merem, ora kandha apa-apa banjur niba ing jogan kaya patrape wong mendem
Ketela Gendruwo. Mula banjur dening Pamanmu Palir kowe didhabyang-dhabyang
mlebu ing paturon. Nanging sawuse aku nemu rontal sing ditaleni ing poking
landheyane Kyai Larih, aku lagi krasa ayem, jebul rontal kuwi rontal dhawuh
kanggo aku minangka Lurah ing Pangapitan kene, saka Senapati Arya Sandi sing
uga jejuluk Ki Lurah Dhedhali…….”.
“Inggih
Bapa” dupi mireng Ki Lurah nyebat nami Dhedhali, Sukmana lajeng saged nyaut
pangandikanipun Ki Lurah. Sukmana kemutan bilih tiyang ingkang badhe dipun
rangket kala dalu nepangaken naminipun Dhedhali.
“Inggih
piye?” Ki Lurah mundhut pirsa.
Sukmana
lajeng matur, nyariyosaken ingkang dipun lampahi wiwit bidhal saking griya
ngantos kepanggih kalihan tiyang ingkang nami Dhedhali. Inggih tiyang nyalawadi
ingkang pantes dipun sujanani. Sukmana ugi lajeng nyariyosaken anggenipun
perang tandhing kalihan Dhedhali ingkang pranyata sekti mandraguna, ngantos
saged ngrebat Kyai Larih saking tanganipun lan ndadosaken piyambakipun boten
emut menapa-menapa.
“Dados
kajawi kula boten mangertos menawi Ki Dhedhali ingkang badhe kula kendharat
nanging wurung menika jebul Senapati Arya Sandi, kula ugi boten mangertos
anggen kula saged dumugi ing Pendhapa Pangapitan ingkang dhawuhipun Bapa kala
wau, kula mlampah kalihan merem, teteken Tumbak Kyai Larih, dugi-dugi lajeng
rebah kados tiyang mendem Ketela Gendruwo lan kula ugi boten mangertos
wontenipun rontal ingkang cinancang ing landheyanipun Kyai Larih” Sukmana
mungkasi anggenipun cariyos.
“Eeeeeng……”
Ki Lurah manggut-manggut lajeng paring dhawuh “yen mangkono olehmu tekan
pendhapa parak esuk mau, merga dituntun nganggo ngelmune Senapati Arya Sandi,
sing nyata jeroning kadigdayane ora bisa dijajagi”.
“Mila
saestu leres Bapa, kula sampun mbuktekaken menawi Ki Lurah Dhedhali nyata sekti
mandraguna” Sukmana mewahi rembag.
“Aja
maneh kok mung sak kowe ta Sukmana?” Ki Lurah ngendika malih “mbok wong sa
Pangapitan maju bareng ora bakal kuwawa mapaki kadigdayane Lurahing Prajurit
Teliksandi Mataram, Putra wuragile Gusti Patih Mandaraka kuwi”.
Sukmana
lan Ki Palir sami anggenipun manthuk-manthuk eram. Sukmana rumaos keduwung dene
boten nginten babar pisan menawi tiyang nami Dhedhali ingkang dipun adhepi kala
dalu jebul tetuwangganipun Prajurit teliksandi Mataram ingkang ugi putranipun
Patih Mandaraka.
“Lajeng
suraosing dhawuh ing rontal kala wau kalebet dhawuh ngemu wewados menapa boten
Kakang?” sareng sampun sawatawis radi dangu Ki Palir lajeng matur nyuwun pirsa.
“Kanggo
awakmu apa dene Sukmana kena diarani ora wadi, malah kepara awakmu wong loro
kudu melu ngaweruhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mula saiki arep tak waca
sepisan maneh, padha melua ngrungokne”.
Ki
Lurah lajeng mbikak gulungan rontal lajeng dipun waos isinipun ingkang sinawung
ing Asmaradana :
Saka kene
datan tebih
ana klilipe
mataram,
Nagalanang
sesinglone,
welingku
marang Ki Lurah
diage sumurupa
ana dom
sumurup banyu
aneng desa
pangapitan.
“Mangkono iku
kang dadi surasaning rontal saka Senapati Arya Sandi, Adhi Palir lan kowe
Sukmana.”
“Inggih Bapa”
Sukmana atur wangsulan “saemut kula, kala dalu Senapati Arya Sandi inggih
wicanten dhateng kula, bilih ing Dhusun Pangapitan mriki mila sampun wonten
mata-pitaning mengsah ingkang mbudidaya murih kisruhing Pangapitan, namung
kemawon Panjenenganipun boten blaka sinten telik sandining mengsah ingkang
mlebet ing Pangapitan menika”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” gentos Ki Palir ingkang munjuk atur “kula kok lajeng
ngraosaken kirang sekeca ing salebeting manah menika ta?”
“Kurang
kepenak merga apa Dhi?” Ki Lurah ndangu dhateng Ki Palir.
“Inggih Kakang”
Ki Palir atur wangsulan “sanaosa ing rontal ingkang jengandika waos kala wau
ugi kados ingkang sampun dipun cariyosaken dening Angger Sukmana, Ki Lurah
Dhedhali boten nyebataken sinten pawongan ingkang nglampahaken dom sumuruping
toya dhateng Dhusun Pangapitan menika, nanging manah kula wicanten bilih
ingkang dipun kersakaken dening Senapati Arya Sandi menika boten sanes inggih
kadang-kadang kula piyambak, inggih menika Kakang Dungkul menapa dene Kakang
Dhangkal lan rencang-rencangipun ingkang kala wau ngadhep lan matur ing ngarsa
jengandika Kakang Lurah.”
“Ora tak
selaki Dhi” Ki Lurah ngendika malih “maune aku ya duwe rasa ora kepenak yen
kudu ngira sing tak dhaku minangka adhi-adhiku sing wis nindakne laku dom
sumuruping banyu ing Pangapitan. Nanging rasa ora kepenak kuwi wiwit ilang
nalika aku krungu apa sing dikarepake Dungkul lan Dhangkal sawise ngadhep aku
lagi wae iki mau. Apa Adhi Palir babar pisan ora krungu sing dadi rembug
antarane aku karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal lan kanca-kancane iki mau?”
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “sanaosa boten jangkep, kula ugi
mirengaken cariyos ngayawara ingkang dipun criyosaken dening rencangipun Kakang
Dungkul ingkang nami Ki Batasigar kala wau. Kula ugi mireng anggenipun Kakang
Dungkul lan Kakang Dhangkal kumawantun adol gendhung, nggiri-nggiri Kakang
Lurah kala wau. Inggih awit saking menika kula rumaos boten sekeca manah kula,
jebul sedherek-sedherek kula kados makaten menika. Kamangka duginipun Kakang
Dungkul lan Kakang Dhangkal ing Pangapitan mriki ingkang lajeng jengandika
paringi kamukten menika sesarengan kalihan kula……”
“Si Adhi aja
kaduk ati bela panampa ing babagan iki” Ki Lurah nigas aturipun Ki Palir
ingkang dereng rampung, kalihan suwanten sareh “ana unen-unen, ndhog pitik
sapatarangan kae dadine kuthuk sok ora padha. Luwih-luwih awakmu wis tau
ngucapake sumpah yen ora bisa dipisahake maneh karo Desa Pangapitan lan wis
wegah dadi kawula ing Brendhilan Desa papanmu lahir. Lan si Adhi kudu percaya
yen aku minangka kakangmu lan minangka Lurah ing Pangapitan kene ngerti lan percaya
yen si Adhi iki dudu Dungkul lan dudu Dhangkal, nanging Palir sing nduweni jiwa
sing beda karo sedulur-sedulure tunggal Bapa. Dadi kipatna rasa ora kepenak
sing saiki mapan ana atimu kuwi Dhi”.
“Inggih Kakang”
Ki Palir atur wangsulan “boten langkung inggih ngestokaken dhawuh lan
ngaturaken genging panuwun awit kawicaksanan jengandika menika. Lan sepisan
malih kula ambali prasetya kula, badhea putung kinarya bebalang, lebur kinarya
sawur bebasanipun, sauger kangge kamulyaning Pangapitan pun Palir boten badhe
suwala”.
Kawontenan ing
Pringgitan lajeng sepen sawatawis, awit Ki Lurah ugi boten tumuli paring dhawuh
malih sasampunipun Ki Palir ngambali anggenipun prasetya. Lan Ki Palir ugi
boten nyambet wicantenipun.
“Nuwun sewu
Bapa” Sukmana mecah sepening kawontenan kalihan matur dhateng tiyang sepuhipun.
“Iya ana apa
Sukmana?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mundhut pirsa menapa ingkang dipun
kajengaken Sukmana.
“Bares kemawon,
kula taksih dereng mangertos underaning perkawis ingkang nembe kemawon dipun
dhawuhaken Bapa saha Paman Palir” Sukmana atur wangsulan kalajengaken nyuwun
pirsa “estunipun cariyosipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal menika kados
pundi ta Bapa?”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar