024.
Sansaya
dangu tenaganipun Sukmana kraos sansaya susut, sawatawis mengsahipun panggah
dereng saged dipun telukaken. Nanging Sukmana boten nglokro malah anggenipun
nerjang dipun cepetaken, boten metang kados menapa mengke kedadosanipun. Lekas
kepengin saged ngrangket Dhedhali kanthi kawontenan gesang murih saged dipun
peksa nyariyosaken sinten piyambakipun sarta menapa tujuwanipun, sampun
kasupekaken. Ing manahipun Sukmana namung wonten setunggal pepenginan, inggih
menika tumuli saged ngawonaken mengsahipun.
“Wis
meh rahina, Ki Sukmana” dumadakan kalihan perang tandhing Dhedhali wicanten
sora.
“Yen
wis rahina banjur arep apa Ki Dhedhali?” wangsulanipun Sukmana “apa ndika
kuwatir yen nganti anggon ndika sesinglon kawiyak merga padhange rahina he?”.
“Bener
pambadhemu Ki Sukmana” Dhedhali wangsulan kalihan gumujeng “nanging kuwi ora
pati baku, sing luwih tak kuwatirake yen nganti Ki Lurah Pangapitan dadi
bingung merga nguwatirake ndika sing ora bali-bali, olehe ndika tekan kene iki
mau rak merga diutus Ki Lurah ngulat-ulati wong-wong sing arep menyang
Padhepokan Nagalanang mau ta?”
“Kleru
Ki Dhedhali” panyautipun Sukmana “anggonku tekan kene iki mau merga mung arep
nyowanake ndika ing ngarsane Ki Lurah, merga aku ngerti nek ndika jebul
tetuwanggane wong-wong sing tak sujanani arep nyebar kisruh ing Desa
Pangapitan. Gandheng ndika milih tak sowanake kanthi wujud bandan, kapeksa aku
nggunakne Tumbak Kyai Larih iki, mula aja dadi ati ndika yen mbok menawa
kapeksa aku gawe tatu ing raga ndika”.
“Sansaya
nglantur rembug ndika Ki Sukmana” dumadakan suwantenipun Dhedhali kapireng
dados sereng “satemene aku ora mentala lan ora tega, nanging gandheng ndika ora
kena tak tuturi kanthi becik, saiki rasakna!”.
Benten
kalihan wau-wau, saben-saben campuh, ajeg ingkang miwiti mesthi Sukmana
rumiyin, dumadakan Dhedhali mencolot majeng ngrangsang Sukmana. Sukmana
sakalangkung kaget, nanging sampun kasep. Duganganipun Dhedhali boten kober
dipun endhani menapa dene dipun tangkis mawi tumbakipun, temah Sukmana kontal
mundur dhawah ing siti. Lan saderengipun saged tangi malih, Dhedhali sampun
nututi. Boten saged dipun ulati, inggih labet saking kebatipun ebah,
ngertos-ngertos tumbak Kyai Larih sampun ngalih ing tanganipun Dhedhali.
Boten
kados nalika kacepeng dening Sukmana, ing tanganipun Dhedhali, Kyai Larih
ketingal murup kados dene latunipun obor. Jantungipun Sukmana kraos kados
mandheg dadakan, rumaos badhe dumugining pejah ing tanganing mengsah kanthi
lantaran ketaman Sipat kandeling Dhusun Pangapitan. Nanging kedadosan makaten
menika boten dangu, jalaran dumadakan
panyawangipun Sukmana dados klemun-klemun lan sansaya peteng, Sukmana
boten saged ningali menapa-menapa. Sirahipun kraos ngelu ingkang boten kanten-kantenan,
wekasan Sukmana lajeng boten emut menapa-menapa malih.
Ngantos
sapinten anggenipun boten emut, Sukmana boten mangertos. Malah nalika wiwitan
emut malih, kalihan tinengeran kanthi ngraosaken keju ing sukunipun, Sukmana
nginten manawi sampun salin alam. Inggih menika alaming tiyang ingkang sampun
pejah. Salebeting manah Sukmana nyuwun pangapunten dhateng Ki Lurah miwah
Dhusun Pangapitan awit boten saged ngrampungi karya, nyowanaken tiyang ingkang
dipun sujanani badhe damel kisruhing dhusun, ing ngarsanipun Ki Lurah. Malah
piyambakipun dumugining pejah. Sukmana ugi nyenyuwun dhumateng Gusti, mugi
Sipat Kandel Dhusun Pangapitan, inggih Tumbak Kyai Larih, ingkang kala wau
dipun rebat dening mengsah boten ndadosaken Dhusun Pangapitan sansaya kisruh.
Inggih labet saking susahing manahipun kasarengan rumaos sampun boten saged
tumindak menapa-menapa malih, boten kraos luh bening wiwit medal saking
mripatipun Sukmana.
Alon-alon
Sukmana ngebahaken tangan badhe ngusapi eluhipun. Nanging dumadakan manahipun
Sukmana nggragab, nalika piyambakipun melek, mripatipun sumerep menawi
piyambakipun dipun lurupi jarit ingkang resik, lan rikala Sukmana nglirik
nganan ngering, piyambakipun nggagas kados sampun apal sanget kalihan papanipun
menika, ingkang cetha sampun boten ing papan nalika piyambakipun rebah kenging
duganganipun Dhedhali kala wau. Inggih, Sukmana emut bilih papan menika mila
senthong panggenanipun tilem saben dintenipun.
Lon-lonan
Sukmana lajeng tangi, mapan linggih ing dipan. Manahipun taksih nggagas lan
nggadhahi panginten bilih ing alaming tiyang pejah menika sami kalihan ing alam
nalika gesangipun.
“Sampun
wungu ta Kakang?” dumadakan semahipun Sukmana ingkang nami Sumi, njudhul saking
korining senthong mrepegi papanipun “welingipun Bapa kala wau, sasampunipun
Kakang Sukmana wungu, kadhawuhan ngunjuk toya ingkang wonten bathok klapa
menika. Mangga Kakang, kula aturi ngunjuk”.
Boten
semaur menapa-menapa, Sukmana tumunten nampeni Bathok Klapa Gadhing ingkang
kaukir kados cangkir isi toya wening ingkang wonten sekaripun.
“Saiki
Bapa ana ing ngendi?” sasampunipun nginum toya ing bathok klapa kala wau,
Sukmana taken dhateng semahipun.
“Kala
wau Bapa lan Paman Palir sakenjing inggih nenggani ndika ing senthong mriki
Kakang” wangsulanipun Sumi “samangke Bapa wonten pendhapa manggihi tamu, Paman
Dungkul lan Paman Dhangkal kalihan rencang-rencangipun. Menawi Paman Palir
dening Bapa kadhawuhan lenggah ing pringgitan, boten kaparengaken ngetingal
saking Paman Dungkul lan Paman Dhangkal, duka kula kok boten mangertos ingkang
dipun kersakaken Bapa makaten menika menapa?”.
“Hm…..
dadi saiki iki aku isih urip lan mapan ing omah kene ya?” kados katujokaken
dhateng awakipun piyambak Sukmana grenengan.
“nDika
niku pripun ta Kakang?” Sumi pitaken kalihan suwanten ingkang nedahaken menawi
nembe anyel “menapa ndika wau nyepena aeng? Kala dalu menika sinten ingkang
nyukani ndika Ketela Gendruwo bakar? Kok ngantos ndika wuru? Mlebet dhateng
senthong kemawon ndadak dipun dhabyang-dhabyang dening Bapa lan Paman Palir?
Malah sakniki tangklet apa isih urip barang?”
Sukmana
boten wangsulan, nanging malah mesem piyambak. Sanaosa dereng mangertos menapa
ingkang sampun kedadosan temah piyambakipun dipun tilemaken ing senthongipun
piyambak, nanging Sukmana sampun nicil ayem, pranyata piyambakipun dereng
pejah.
“Ya
uwis yen ngono” kalihan suwanten ingkang sareh Sukmana wicanten “aku tak
ngancani Paman Palir ing Pringgitan wae.”
“Sampun
ical saestu puyenge? Mbok damel leren rumiyin?” Sumi ngemutaken sisihanipun.
“Wis,
aku wis waras tenan kok” wangsulanipun Sukmana kalihan mesem lajeng mandhap
saking dhipan, nilar semahipun ingkang lajeng nata patilemanipun.
Nalika
dumugi ing Pringgitan, Sukmana sumerep Ki Palir nembe ngadeg ing sangajengipun Kere
ingkang dados aling-aling korinipun Pringgitan tumuju pendhapa. Ketingalipun Ki
Palir nembe nginceng sesawangan ingkang wonten ing Pendhapa, menapa ingkang
nembe dipun waspadakaken Ki Palir, Sukmana boten mangertos. Nanging Sukmana
mangertos menawi Ki Palir sakalangkung migatosaken ingkang nembe dipun sawang,
ketitik Ki Palir ngantos boten sumerep lan boten mireng nalika Sukmana lumampah
nyaketi panggenanipun.
“Ehm..
ehm…” Sukmana dhehem alon suka sasmita dhateng Ki Palir menawi piyambakipun
ngadeg ing wingkingipun.
“Elho…
Angger Sukmana?” semu kaget Ki Palir noleh lan wicanten “sampun wungu ngger?”.
“Sampun
Paman” wangsulanipun Sukmana kalihan mesem, lajeng pitaken “Paman Palir nembe
mirsani menapa kok ketingal wigatos sanget?”.
“Anu,
ningali anggenipun Keng Bapa nguntabaken wangsulipun Kakang Dungkul lan Kakang
Dhangkal saha rencang-rencangipun, kok ngantos dumugi regol ngajeng”
wangsulanipun Ki Palir “sokur ta Ngger, menawi ndika sampun wungu kanthi
kawontenan ingkang boten kirang setunggal menapa. Kala wau, manah kula kados
telas-telasa nalika kula kalihan Keng Bapa nyumerepi kunduripun Angger Sukmana
saking nindakaken dhawuhipun keng Bapa, dugi-dugi lajeng dhawah kantaka ing
pendhapa. Estunipun menapa ingkang sampun kalampahan ta Ngger?”.
“Nuwun
sewu Paman” Sukmana ingkang dereng mangertos kalihan ingkang dipun criyosaken
Ki Palir, boten mangsuli pitakenipun Ki Palir malah lajeng gentos pitaken “rikala
kula wangsul kala wau kula mbeta Kyai Larih menapa boten?”.
“Inggih
Ngger” Ki Palir suka wangsulan “mila Angger Sukmana ngginakaken Tumbak Kyai
Larih minangka teteken, lan sasampunipun dumugi pendhapa ndika dhawah kantaka ,
Tumbak Kyai Larih inggih lajeng uwal saking astanipun Angger Sukmana, samangke
Tumbak Pusaka menika sampun dipun rawati dening Keng Bapa, wonten menapa ta
Ngger?”.
Sukmana
boten tumunten suka wangsulan dhateng Ki Palir, namung salebeting manahipun rumaos
sansaya ayem. Jalaran wiwit kedadosan Tumbak Kyai Larih saged dipun rebat
dening Dhedhali ngantos piyambakipun tangi saking anggenipun tilem kala wau,
ingkang sakalangkung dipun sumelangaken inggih Pusaka Sipat Kandel Dhusun
Pangapitan menika.
Sukmana
lajeng mapan linggih ing tikar ingkang dipun gelar ing Pringgitan menika, ing
pangangkah badhe nyariyosaken lelampahan kala dalu dhateng Ki Palir, Ki Palir
ugi lajeng nututi linggih. Nanging dumadakan saking Pendhapa Ki Lurah
Pangapitan miyak kere lajeng mlebet dhateng Pringgitan.
“Kowe
wis tangi Sukmana?” kalihan suwanten ingkang nedahaken menawi kejot
penggalihipun Ki Lurah ndangu putranipun jaler.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar