023.
Sukmana
tumunten nata manahipun lan siyaga badhe ngrangsang Dhedhali ingkang dipun
anggep sampun ngremehaken piyambakipun. Sukmana ugi lajeng nggadhahi pandakwa
menawi Dhedhali menika salah satunggal utawi malah kapetang pangarsanipun
tiyang-tiyang ingkang kala wau dipun cariyosaken dening Ki Bebau Peleman lan Ki
Kebayan Kuncen. Inggih awit sampun mangertos menawi Dhedhali menika nggadhahi
ngelmu kanuragan ingkang inggil, Sukmana ugi boten wantun ngremehaken.
Ngelmi-ngelmi kanuraganipun sampun dipun tata lan dipun siyagakaken murih
mangke saged ngendharat Dhedhali lan kabekta ing ngarsanipun Ki Lurah
Pangapitan.
“Mengko
dhisik Ki Sukmana, aja kesusu ngajak kerengan, mundhak ora becik kedadeyane”
dumadakan kados mangertos ingkang dipun manah dening Sukmana, Dhedhali lajeng
wicanten kanthi suwanten sareh “anane aku ora gelem ndherek ndika sowan ing
ngarsane Ki Lurah Pangapitan, iki ora jalaran aku ngremehake panjenengane lan
ora ngajeni panemu ndika, nanging merga aku duwe pawadan sing ora kena dak kandhakne
marang ndika lan marang sapa wae. Mau ndika kandha yen ing Pangapitan ana Pamong
Desa Pangapitan sing meh wae tumekeng tiwas sing jalarane merga anane wong-wong sing disujanani
ngambah ing pinggire alas kene. Tak aturi ya Ki Sukmana, sing ndika sujanani
kuwi aku ngerti ya kuwi wong-wong sing tak kandhakne prajurit tanpa busana
kaprajuritan mau. Lan aku uga weruh yen wong-wong mau babar pisan ora tumindak
apa-apa, lire padha karo aku, mung liwat ing sajabane desa Pangapitan lan saiki
mesthine wis adoh saka kene, miturut saka pangrunguku, wong-wong mau arep
menyang Padhepokan Nagalanang saprelu nampa ngelmu kasekten lan parentah saka
Ki Nagalanang, nanging embuh tenane. Dadi kedadean sing disandhang dening salah
sijining Pamong Desa Pangapitan sing ndika kandhakne mau, ora merga saka
tumindake wong-wong mau. Malah aku duwe pangira yen tenane ing desa Pangapitan
wis ana wong sing nedya gawe cilakane Pamong mau, utawa malah nedya gawe
kisruhing desa. Kuwi sing prelu ndika pikirake, aja malah ngurusi sing ana
sajabaning desa lan mung wewaton pangira-ngira sing durung karuwan benere….”
“Cukup
Ki Dhedhali” kalihan suwanten santak Sukmana medhot wicantenipun Dhedhali “aku
ora butuh pitutur saka ndika, sing mbok menawa salah siji saka wong sing ndika
kandhakne jare Prajurit sing tanpa busana kaprajiritan mau, sing baku saiki
ndika gelem apa ora tak sowanake ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan?”.
“Woooo,
eman banget nek ana wong kok dhemen ngrodhapeksa wong liya lan ora gelem
ngrungokne utawa nglimbang pituturing liyan” Dhedhali grenengan kados
katujokaken dhateng awakipun piyambak.
“Ora
sah kakehan gunem sing tanpa guna Ki Dhedhali” Kalihan nata kuda-kudanipun Sukmana
nyentak Dhedhali “ndika gelem apa ora? He?”.
“Yen
aku ora gelem ndika arep apa?” Dhedhali wangsulan kalihan mesem sajak ngece.
“Wessss!”
tanpa mawi gineman, Sukmana nrajang mawi sukunipun kanan ngarah dhateng
lambungipun Dhedhali.
Nanging
jebul Dhedhali langkung prayitna, kanthi gampil panrajangipun Sukmana saged
dipun endhani. Malah lajeng tanganipun Dhedhali gentos ngrangsang badhe mupuh
praupanipun Sukmana. Mesthi kemawon Sukmana boten badhe lila menawi praupanipun
ngantos ketiban kepelanipun Dhedhali, pramila sanadyan kanthi gedandaban
Sukmana mbudidaya ngendhani kanthi ndhawahaken badanipun mangering lajeng
nggulung ing siti ngantos watawis gangsal jangkah nebihi Dhedhali.
“Hm….”
Kalihan tangi ngadeg Sukmana nggereng lajeng nata kuda-kuda nedya nerjang
malih.
“Wis
ta Ki Sukmana, ora sah ndika tutugne kekarepan ndika nggawa aku ing ngarsane Ki
Lurah Pangapitan, aku ora arep gawe kapitunane Desa lan kawula ing Pangapitan”
kalihan suanten ingkang sajak ayem Dhedhali wicanten “malah tumuli ndika bali
wae, matur marang Ki Lurah yen ing Pangapitan wis ana wong sing nedya gawe
kisruh, kanthi diwiwiti saka anggone arep gawe cilakane salah sijining Pamong
kaya sing ndika kandhakne mau…..”.
“Aja
kakehan wuwus Ki Dhedhali” wangsulanipun Sukmana sereng, kalihan nyaketi
papanipun Dhedhali “ayo yen nyata ndika wong prewira, adhepana Sukmana kaya
lumrahe wong lanang.”
“Wong
lanang kuwi sing dawa nalare Ki Sukmana” Dhedhali wicanten mangsuli
wicantenipun Sukmana, “dudu rambute lan uga dudu nepsune, aku ngajak ndika
nggunakne nalar ora mamerne kaluwihan kanuragan…..”
Sukmana
sampun boten sabar malih, sukunipun dipun ginakaken kangge ndugang Dhedhali. Dhedhali
boten kober endha, lajeng sukunipun ditekuk dipun rengkepi tangan kalih,
padugangipun Sukmana dipun tangkis. Estunipun Sukmana sampun nginten menawi
Dhedhali badhe nangkis duganganipun, pramila anggenipun ndugang Sukmana
ngginakaken tenaga ingkang kebak, ing pamrih sanadyan Dhedhali saged nangkis,
tan wurunga badhe kontal mundur utawi badhe rebah ing siti. Nanging
kanyatanipun boten kados ingkang dipun gagas dening Sukmana. Nalika dhumawahing
sukunipun Sukmana ketadhahan dhengkulipun Dhedhali lan kekiyatan kalih tempuk,
Sukmana kontal mundur ngantos gangsal jangkah dhawah klumah ing siti, sukunipun
tengen wiwit dlamakan ngantos pupu kraos gringgingen, kados-kados boten saged
dipun ebahaken malih. Tujunipun Sukmana tumunten enget menapa ingkang kedah
dipun tindakaken menawi ketanggor lelampahan ingkang kados makaten menika.
Kanthi manunggalaken raosipun, nata medal lan mlebeting napasipun, lajeng
ngetog kekiyataning hawa murninipun, sakala Sukmana saged tangi ngadeg malih.
Ingkang
mampir ing panyawangipun Sukmana riyin piyambak, inggih menika Dhedhali ingkang
taksih ngadeg ing papanipun sekawit, kalihan mesam-mesem ngulati mobah mosiking
Sukmana tanpa wicanten menapa-menapa. Sukmana ngrumaosi bilih mengsah ingkang
dipun adhepi menika sakalangkung sekti mandraguna. Nanging salebeting manahipun
Sukmana nglenggana dhateng kuwajibanipun, badhea kados menapa kedah saged
ngrangket Dhedhali lan nyowanaken ing ngarsanipun Ki Lurah. Tuwuh ing
salebeting manah badhe asung sasmita mawi piranti ingkang kala wau dipun beta
saking griya, kangge ngabari tiyang sepuhipun menawi piyambakipun kepanggih
bebaya. Nanging dipun petang-petang lekas makaten menika mbetahaken wekdal
ingkang radi panjang, Sukmana kuwatos menawi ngantos duginipun pitulungan
saking Ki Lurah kasep, Dhedhali sampun nilaraken papan mriku malah saged ugi
piyambakipun sampun pejah langkung rumiyin saderengipun pitulungan dumugi.
Dumadakan
Sukmana mesem salebeting manah, emut menawi kala wau mbekta sipat kandeling
Dhusun Pangapitan ingkang wujud Tumbak Kyai Larih. Kamangka ujaring para sepuh
kalebet dhawuhipun Ki Lurah Pangapitan, sok sintena tiyang badhe sektia kados
menapa menawi gadhah lekas ingkang boten sae dhateng Dhusun Pangapitan boten
badhe kiyat nadhahi Kyai Larih sanaosa namung kenging landheyanipun. Awit
Tumbak Kyai Larih menika peparingipun Raden Sutawijaya dhumateng Ki Tamejana
nalika Ki Tamejana babat wana yasa dhusun Pangapitan jaman semanten, dene
landheyaning tumbak menika kadamel saking galihing kajeng Kukun peparingipun Ki
Jurumartani ingkang sepuhipun jumeneng Pepatih Mataram kanthi asma Patih
Mandaraka.
Kalih
majeng sajangkah Sukmana lajeng ngliga Tumbak Kyai Larih badhe kangge ngadhepi
Dhedhali, ingkang nyata sekti mandraguna.
“Aja
kesusu bungah Ki Dhedhali” wuwusipun Sukmana kalihan siyaga pasang kuda-kuda “ayo
yen nyata wong prawira, ungalna dhadhamu, kuwat nadhahi tumbak sing ana
tanganku iki tak sembah ider-ideran”.
“nDika
aja sembrana Ki Sukmana” Dhedhali
ketingal kaget nalika sumerep Sukmana sampun nyepengi tumbak lan badhe katamakaken
dhateng piyambakipun “sing ndika cekel kuwi tumbal pusaka, aku ngerti yen kuwi
Tumbak Kyai Larih. Pusaka sing banget mbebayani tumrap sapa wae sing wani
nganggo dolanan, kurang-kurang bejane sanadyan tumbak kuwi saiki ana tangan
ndika, malah bisa gawe cilaka ndika dhewe.”
“Mulane
Ki Dhedhali” wangsulanipun Sukmana kalihan gumujeng ngece “nek ndika wedi
ngadhepi tumbak sing ana tanganku iki, becik nek saiki ndika manut aku, ayo tak
tutne sowan ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan.”
“Kaya
sing tak kandhakne neng ngarep mau Ki Sukmana” wangsulanipun Dhedhali “ing
wektu iki, aku ora bisa sowan Ki Lurah Pangapitan, sanadyanta ndika peksa
nganggo tumbak pusaka kuwi, ora bakal aku gelem nuruti sing ndika karepake. Anggonku
elik-elik mau, merga aku ngeman marang ndika, nanging nek ndika nekad, ya mangsa
bodhowa yen ana apa-apane ndika dhewe sing bakal nanggung.”
Dipun
wangsuli makaten menika kala wau, Sukmana boten ngrewes, lajeng majeng lan
wiwit namakaken tumbak Kyai Larih dhateng Dhedhali. Nanging Dhedhali pranyata
kesit solahipun. Kados kitiran anggenipun Sukmana nyolahaken tumbak, ewa
samanten Dhedhali tansah saged ngendhani lan taksih kober namakaken pupuhan
utawi dugangan dhateng Sukmana, sanaosa dhumawahing pupuhan lan dugangan menika
boten mbebayani tumrap kawilujenganipun Sukmana. Sukmana piyambak ugi rumaos
jegeg, dene mengsahipun boten saged tumunten dipun kawonaken sanaosa mengsah
kala wau miris kalihan pusakanipun.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar