022.
Ki
Lurah boten tumunten paring dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman, Ki Bebau Peleman
ugi lajeng tumungkul kalihan ing batos ngraos gumun. Boten padatanipun Ki Lurah
dangu anggenipun menggalih menawi wonten andhahanipun ingkang nyuwun pitedah
kados wekdal menika.
“Ngene
wae Ki Bau” wasana Ki Lurah paring dhawuh “bocah-bocah parentahen bali marang
padhukuhan maneh. Nanging aja ninggal ing kaprayitnan. Padha parentahna supaya
nyiyagakake panah sendaren, murih sawanci-wanci ana bebaya sing nekani ing
padhukuhan Peleman, ndika bisa tumuli aweh weruh marang aku sarana panah
sendaren kuwi”.
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bebau Peleman.
“Marang
awakmu ngger Sukmana” Ki Lurah nglajengaken paring dhawuh dhateng putranipun
jaler “nggebala dalan sidhatan, tlitinen kahanan ing alas sak lore Pangapitan.
Sing ngati-ati, nggawaa piranti sasmita sacukupe, karo nggawaa sipat kandel
Desa Pangapitan Tumbak Kyai Larih”.
“Inggih
Bapa keparenga kula bidhal sak menika ugi, nyuwun tambahing pangestu” Sukmana
atur wangsulan lajeng menyat nilar pendhapa.
Sasampunipun
mendhet Pusaka sipat kandel Dhusun Pangapitan ing papanipun, Sukmana lajeng
bidhal dhateng wana sisih leripun dhusun. Kados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah
kala wau, Sukmana medal margi sidhatan, temah boten dangu sampun dumugi ing
papan ingkang dipun tuju. Sukmana sampun apal panggenan pundi ingkang kedah
dipun tliti, jalaran mila sampun asring Sukmana dipun kanthi dening Ki Lurah
menawi nuju nganglang dhusun ing wanci dalu. Ki Lurah asring paring pitedah kados
pundi caranipun madosi tiyang awon ingkang umpetan ing salebeting wana mriku
tanpa kamangertosan dening ingkang dipun padosi.
Dumadakan
kanthi ebahing naluri, Sukmana nyiyagakaken tumbak ing tanganipun, inggih
Tumbak Kyai Larih, sipat kandel Dhusun Pangapitan. Awit nembe kemawon Sukmana
mireng suwanten panggeroning sima ingkang nembe pados tedha. Nanging boten
dangu Sukmana malah lajeng mesem piyambak, miturut petanganing nalaripun,
katitik saking suwantenipun sima ingkang pados tedha kala wau papanipun tebih saking papan menika. Menapa
malih wiwit wau suwantening buron wana ingkang padatan nyuwanten ing wanci dalu,
kados dene suwantenipun peksi truwok lan sribombok ingkang sesahutan,
kaselingan suwanten kluruking ayam wana, inggih boten wonten ewah-ewahan awit
suwantening sima ingkang nggero kala wau. Menawi sima ingkang nggero kala wau
caket saking mriku, tartamtu suwanten sato sanesipun boten badhe kapireng
jalaran sami ajrih.
Dunadakan
gagasanipun Sukmana mrambat radi tebih malih, Inggih kanthi nitik
suwanten-suwantening sato kala wau, ugi nedahaken bilih tiyang-tiyang ingkang kala
wau dipun cariyosaken dening Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen, sampun
boten wonten mriku. Awit sato-sato menika anggenipun ajrih dhateng tiang kathah
nglangkungi ajrihipun dhateng sima lan sato galak sanesipun. Sukmana lajeng
mlampah malih, nitik papan sanesipun, kanthi boten nyuda ing kaprayitnan.
Sukmana
mandheg. Panggraitanipun suka penget, bilih wonten mripat ingkang ngulati
piyambakipun, namung kemawon panggraitanipun boten dumugi saged mangertosi ing
pundi papanipun tiyang ingkang tansah ngengen lampahipun menika. Pramila
Sukmana inggih lajeng sansaya ngetog pamirengipun saha nglandhepaken
panyawangipun ing petenging dalu ingkang namung kepajaran dening rembulan tanggal
kaping kalih dasa menika. Saestu boten dangu, tanpa suwanten menapa-menapa
dumadakan saking waliking grumbul ketingal wewayanganing tiyang ingkang mlumpat
angadhang lampahipun Sukmana. Tiyang menika cetha menawi dede tiyang limrah,
nanging tiyang ingkang nggadhahi ngelmu kanuragan ingkang inggil, ketitik babar
pisan boten kepireng suwantenipun nalika sukunipun tumapak ing siti. Miturut
panyawangipun Sukmana, tiyang menika watawis saumuran kalihan piyambakipun. Samanten
ugi ngengingi pawakanipun. Boten nyepeng dedamel menapa-menapa, namung ing
lempengipun ketingal menawi nyengkelit dhuwung.
“Landhep
panggraita ndika Kisanak” tiyang kala wau wicanten dhateng Sukmana, lirih
nanging cetha “aja kaget, aku ora duwe sedya ala marang ndika”
“Aku
ngerti kanthi kadigdayan kang dhuwur, ndika wiwit mau tansah angon lakuku”
wangsulanipun Sukmana kanthi suwanten ingkang ugi cetha, tumbak Kyai Larih
ingkang kala wau dipun cepeng ugi lajeng dipun wrangkakaken ing lempengipun
malih, ngimbangi tiyang ingkang ngajak wicanten ingkang ugi boten nyepeng
dedamel “ndika iku sapa lan ngemu karep apa dene tansah memanuki lakuku?”.
“He
he he” tiyang kala wau gumujeng lajeng suka wangsulan “aku iki mung wong sing
lagi lelungan, merga kawengen banjur leren ing alas kene. Nuwun sewu, apa ndika
kancane bregada prajurit sing ora nganggo busana kaprajuritan mau Kisanak? Merga
tak ulati ndika kaya lagi nggoleki kanca ndika sing wis rada sawantara
ninggalne papan kene. Mung yen ndika ora kabotan, aku kepengin ngerti ndika
sakanca mau arep tindak menyang ngendi?”.
“Prajurit?”
Sukmana pitaken mawi suwanten api-api boten mangertosi ingkang dipun kajengaken
tiyang kala wau “Prajurit saka ngendi Kisanak? Aku ora ngerti sing ndika
karepne”.
“Lha
nek dudu kancane prajurit-prajurit mau, ndika kuwi sapa lan ya gene wayah wengi
teka blusukan neng alas kene?” tiyang kala wau pitaken mawi suwanten nedahaken
menawi nggadhahi raos sujana dhateng Sukmana.
“Kudune
sing takon ngono kuwi aku Kisanak” wangsulanipun Sukmana “nanging lagi wae tak
takoni ndika kuwi sapa, ndika ora bares anggone wangsulan. Nadyanta mangkono,
aku ora kabotan blaka marang ndika Kisanak. Jenengku Sukmana, omahku ing Desa
Pangapitan kidul kuwi. Aku blusukan ing alas kene iki aran wis lumrah, merga
sanadyan alas kene iki kagungan Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga
kang Jumeneng ing Mataram, nanging alas iki dudu alas tutupan. Malah warga desa
sakiwa tengene alas kene dening Kanjeng Sinuhun dikeparengake luru kabutuhaning
uripe ing alas kene waton gelem melu njaga kalestarening alas. Saiki genti aku
kandha marang ndika, yen nyata ndika kuwi mung wong lelungan lumrah, yen merga
kawengen kudune ndika bisa leren ing Desa sing ora adoh karo alas kene, kajaba
yen ndika lagi nglakokne dom sumuruping banyu ing desa sacedhake alas iki. Mula
murih padhanging lelakon, saiki uga tak jaluk ndika gelem bareng salakuku
ngadhep ing ngarsaning Ki Lurah Pangapitan murih ora ana rasa sujana marang
ndika yen ndika kuwi mata-pitaning mungsuh sing arep gawe kisruhe Desa
Pangapitan”.
“Matur
nuwun Ki Sukmana” tiyang kala wau suka wangsulan sareh “lan nyuwun pangapura
dene aku mau durung nepungake jenengku, aku Dhedhali omahku adoh ing sacakete
Mataram kana, aku iki pangumbara sing mung kepengin ngubengi saindenging Tanah
Jawa, aku wis kulina turu saenggon-enggon sok ing gisiking kali, sok ing
plogroking uwit, merga aku ora seneng dadi gawene liyan. Mula wengi iki aku ya
ora nginep ing Desa Pangapitan papan ndika kuwi, merga kanggoku luwih kepenak
yen aku turu ing plogroking wit sing ana alas kene. Dadi aja ndadekne penggalih
ndika nek aku kapeksa ora gelem ndherekne ndika kasowanake ing ngrasane Ki
Lurah Pangapitan, jalaran aku ora ana sambunge apa-apa karo Desa Pangapitan, ora
midak bumi sing dadi wewengkone Ki Lurah Pangapitan dadi aku babar pisan ora
gawe rugine Desa apa dene Lurah lan kawula ing Pangapitan. Yen ana sing nyujanani
aku minangka mata pitaning mungsuh sing arep nindalne laku dom sumuruping banyu
ing Desa Pangapitan kuwi sujana sing ngayawara awit ora ana bukti sing kena dienggo
wewaton”.
Kraos
benter manahipun Sukmana mireng wangsulanipun tiyang ingkang ngaken nami
Dhedhali ingkang makaten menika. Nanging taksih dipun ampet, mila lajeng
wicanten mawi suwanten ingkang alus nanging ngemu suraos ingkang atos :
“Ki
Dhedhali kudune ngerti ya gene aku nduweni rasa sujana marang ndika, merga iki
mau ana ing Pangapitan wis ana kedadeyan sing meh wae gawe tiwase salah sijining
Pamong ing Desa Pangapitan sing jalarane merga anane wong-wong sing disujanani
ngambah ing pinggire alas kene iki. Sarta aku mung ngajak ndika kanthi becik,
murih ora ana kleru pangira marang ndika, mung kuwi wae. Nanging yen ndika ora
gelem nuruti panjalukku, ateges ndika njaluk supaya aku meksa ndika ngadhep Ki
Lurah nganggo cara sing mbok menawa kena diarani nganggo cara sing kasar”.
Mireng
tembung pungkasan saking Sukmana ingkang makaten menika, lumantar soroting
rembulan ingkang remeng-remeng, ketingal tiyang ingkang nami Dhedhali menika
mesem. Nanging boten tumunten suka wangsulan. Ingkang makaten menika,
ndadosaken Sukmana sansaya benter manahipun.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar