021.
Ki
Lurah Pangapitan, Sukmana, Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal sami
cingak nyumerepi tingkah saha ucapipun Ki Jagabaya Munggur dhateng Ki Palir
makaten menika. Ki Palir piyambak ugi boten tumunten suka wangsulan dhateng Ki
Jagabaya. Sawatawis menika, Sukmana ngadeg menyat dhateng dalem wingking
mendhetaken wedang kangge Ki Jagabaya, boten dangu inggih sampun wangsul malih
ing pendhapa kalihan mbekta wedang jahe ing cangkir ageng kangge Ki Jagabaya.
Sareng sasampunipun watawis sapanginang, Ki Jagabaya inggih lajeng tangi
piyambak lajeng mapan linggih ing sisihipun Ki Palir, madhep dhateng Ki Lurah.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah….” Kalihan suwanten ingkang tasik serak Ki Jagabaya
Munggur atur kalepatan dhateng Ki Lurah “inggih kabekta saking leganing manah,
ngantos kula supe menawi nembe ngadhep ing ngarsa jengandika, temah sampun
wantun nilar suba sita”.
“Ora
dadi baya pangapa Ki Jagabaya” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “aku
dhewe uga melu lega lan seneng dene ndika wis bisa dislametake lan wis uwal
saka bebaya pati sing nggegirisi. Mau aku krungu ndika kandha, saupama ora
tumuli oleh pitulungan saka Adhi Palir, ndika bakal tumekeng pati kanthi
nggegirisi kaya kang ndika sumurupi sajroning impen ndika, mau ndika ngimpi apa
Ki Jagabaya?”.
“Inggih
Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan sinambi njejegaken anggenipun linggih
“kala wau nalika Ki Lurah nemplekaken dhuwung Kyai Wesi Tawa ing geger kula,
kula taksih kemutan kawontenan kula. Nanging boten dangu kula sampun rumaos
salin alam”.
“Iya,
salin ing alam pangimpen ngono apa piye?”
“Leres
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “rumaos kula, kula nembe wonten ing
salah satunggaling gisikipun lepen dipun larak-larak dening tiyang ageng inggil
cacah tiga. Sedaya sami ngangge jarik plonthang cemeng kalihan pethak. Tiyang
tiga kala wau, ingkang kalih nglarak suku kula kanan lan kering lan ingkang
setunggal nyampluki badan kula mawi pecut. Kula bengok-bengok kalihan sambat
inggih boten dipun rewes, malah anggenipun mecuti badan kula langkung dikerepi
kalih dipun pisuh-pisuhi.”
“Lha
wong telu mau apa ora kandha ndika arep digawa menyang ngendi ngono?” Ki Lurah
nyelani anggenipun Ki Jagabaya cariyos.
“Inggih
criyos, Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan “kalih misuh-misuhi kula, tiyang
ingkang nyampluki kula kala wau criyos menawi kula badhe dipun lebetaken
dhateng pakunjaran lan badhe kapatrapan pidana kadamel tedhanipun anak-anak
sawer ingah-ingahanipun Kyai Nagaweling”.
“Sabanjure
kepiye?”
“Dumadakan
kula mireng suwanten jengandika saking katebihan, nguwuh-uwuh nimbali kula” Ki
Jagabaya nglajengaken anggenipun cariyos “lan saestu, boten watawis dangu
jengandika rawuh lan ngadhang nyegati tiyang tiga kala wau. Kula dipun culaken
nanging inggih boten saged ebah. Tiyang tiga kala wau lajeng nrajang jengandika
Ki Lurah, mawi dedamel. Nanging jengandika ugi sampun siyaga kanthi mandi
Dhuwung Kyai Wesi Tawa. Namung eloking kawontenan, saben-saben tiyang tiga kala
wau wonten ingkang ketaman Dhuwungipun Ki Lurah lan rebah pejah, dipun langkahi
rencangipun lajeng gesang malih. Makaten menika wongsal-wangsul kedadosanipun,
ngantos kula tingali Ki Lurah, nuwun sewu, ketingal sansaya sayah, sanaosa
dedamelipun tiyang tiga kala wau boten wonten ingkang tumama nalika
kadhawahaken ing salira jengandika.”
Ki
Jagabaya kendel sakedhap anggenipun cariyos, nyruput wedang jahe kangge nelesi
gorokanipun. Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal kasengsem
mirengaken cariyos saking Ki Jagabaya Munggur menika. Makaten ugi kalihan Ki
Lurah Pangapitan.
“Tujunipun”
Ki Jagabaya nglajengaken cariyosipun malih “tumunten Ki Palir lan Adhi Sukmana
dumugi mriku.”
“Adhi
Palir karo Sukmana?” Ki Lurah nyela rembag nyethakaken anggenipun cariyos Ki
Jagabaya.
“Leres
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng nyambet cariyosipun
“kula mila radi kaget kaworan ngungun, awit dening Ki Palir Adhi Sukmana
kadhawuhan nyukani ngombe tiyang tiga ingkang ngrubut Ki Lurah kala wau. Lan
Adhi Sukmana inggih boten suwala. Eloking kawontenan, sareng tiyang tiga kala
wau sampun sami ngombe, badan kula ingkang kala wau sakujur kraos sakit sedaya
dumadakan boten krasos malih. mBaka sakedhik kula lajeng emut menawi kula
sampun wonten ing pendhapa mriki malih. Lamat-lamat kula ugi mireng, Ki Palir
dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman murih nilemaken kula ing mriku niku wau.
Salajengipun kula tilem, nglilir-nglilir sareng kalihan Ki Palir matur dhateng
jengandika Ki Lurah, menawi tumrap Ki Palir antawisipun Ki Dungkul lan Ki
Dhangkal kalihan Ki Lurah menika bobotipun sami, saha tumrap Ki Palir ingkang
langkung baken malih, wekdal menika kula sampun saged dipun wilujengaken luwar
saking bebaya pejah ingkang nggegirisi. Inggih kanthi makaten kala wau sampun
ndadosaken kula ngertos menawi Ki Palir sampun milujengaken nyawa kula saking
tumindakipun tiyang tiga andhahanipun Kyai Nagaweling kala wau”.
“Iya,
iya Ki Jagabaya” Ki Lurah ngendika kalihan manggut-manggutaken mustakanipun
“sansaya cetha nggonku nyawang kahanan ing Pangapitan iki sawuse aku krungu
crita saka ndika iki mau, sanajanta crita sing mung saka alam pangimpen,
nanging impen ndika iki mau cetha nek dudu impen sing saka impen-impenen utawa
impen merga kakehan turu. Murih sansaya cetha maneh, saiki aku njaluk marang
Adhi Palir gelema merdekne impene Ki Jagabaya iki mau”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir gentos ingkang atur wangsulan “estunipun
pasupenanipun Ki Jagabaya menika kala wau, kenging kawastanan lelampahan gaib.
Liripun lelampahan ingkang dipun prangguli dening sukmanipun Ki Jagabaya
magepokan kalihan lelampahaning raganipun ingkang nembe kemawon ketaman dom
cem-ceman cacah tiga kala wau. Tiyang tiga kala wau sanepanipun dom cem-ceman
ingkang ngintunaken wisanipun tumuju jantungipun Ki Jagabaya. Katujunipun saderengipun
wisa dumugi jantung saged dipun adhang dening Kakang Lurah mawi pusaka Dhuwung
Kyai Wesi Tawa. Saupami kala wau Ki Jagabaya boten tumunten katempleki Kyai
Wesi Tawa, mbok menawi kemawon Ki Jagabaya boten saged kawilujengaken malih.
Inggih awit wisa ingkang badhe dipun cabaraken kalihan Dhuwung Kyai Wesi Tawa
kala wau taksih manunggal kalihan dom-dom cem-ceman, menika sami kemawon
kalihan wisa kala wau taksih wonten ing siyungipun sawer, dados inggih radi
angel dipun damel cabar, Dene ingkang kula lampahi kala wau namung dhapur
nggeret wangsul dom-dom ingkang mlebet ing raganipun Ki Jagabaya, awewaton kalihan
watakipun dom-dom kala wau, mawi piranti santen ingkang dipun tetesaken dening
Angger Sukmana dhateng tutukipun Ki Jagabaya. Dados estunipun kula menika
inggih boten saged menapa-menapa. Wilujengipun Ki Jagabaya menika kala wau
inggih awit garis pesthinipun Ki Jagabaya taksih dereng dumugi ing janjinipun
kemawon. Salajengipun murih tiyang-tiyang ingkang nggadhahi lekas boten sae
dhumateng Warga lan Dhusun Pangapitan boten sansaya ndadra, panyuwun kula
dhumateng Kakang Lurah lan sedaya ingkang wonten ing pendhapa mriki, sampun
ngantos martakaken dhateng sinten kemawon menawi dhanganipun Ki Jagabaya menika
wonten sambetipun kalihan kula.”
“Iya
Dhi, aku nayogyani banget apa sing mbok kandhakne kuwi mau” dhawuh wangsulanipun
Ki Lurah ingkang lajeng kasambet dhawuh dhateng tiyang sanesipun “tak kira Ki
Bau Peleman, Ki Bayan Kuncen, Ki Jagabaya Munggur lan anakku Sukmana wis krungu
dhewe karo sing dikandhakne Adhi Palir iki mau. Mula perkara larane Ki Jagabaya
sing saiki wis waras iki, aja dirembug maneh karo sapa wae”.
“Inggih
Ki Lurah, boten langkung ngestokaken dhawuh” Ki Bebau Peleman, Ki Kebayan
Kuncen lan Ki Jagabaya sareng-sareng atur wangsulan.
“Setunggal
malih Kakang” Ki Palir munjuk atur.
“Iya
apa kuwi Dhi?”
“Miturut
petang kula, benjing enjing Kakang Dungkul badhe manggihi Ki Jagabaya nawakaken
jampi. Prayoginipun Ki Jagabaya sampun ngantos kepanggih kalihan Kakang Dungkul
utawi Kakang Dhangkal langkung rumiyin, inggih saboten-botenipun salebeting
wekdal sapeken menika. Kados pundi Kakang?”
Ki
Lurah njengkerutaken palarapanipun sakedhap, lajeng paring dhawuh :
“Yen
mangkono, wiwit wengi iki nganti sepasar mengarep, Ki Jagabaya aja bali menyang
omah dhisik. Ki Jagabaya bisa manggon neng gandhok sing tau dienggoni Adhi
Dungkul lan Adhi Dhangkal kae. Mengko Ki Bayan Kuncen sabaline saka pendhapa
kene, mampira ing omahe Ki Jagabaya Munggur, kandhakna marang Nyai Jagabaya yen
kakunge tak dhawuhi nindakne kuwajiban menyang Desa Jaten suwene limang dina
luwih, kareben Nyai Jagabaya ora bingung nggoleki”.
“Inggih
ki Lurah” wangsulanipun Ki Kebayan Kuncen.
“Lajeng
para sinoman ingkang kula prentah baris pendhem ing tepis wiring ler kilen kala
wau kados pundi Ki Lurah?” gentos Ki Bebau Peleman ingkang nyadhong dhawuh.
Ki
Lurah njengkerutaken palarapanipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar