020.
Ki
Jagabaya Munggur sampun kepireng aring suwantening napasipun, awit saking
pamrayoginipun Ki Palir, dening Ki Bebau Peleman dipun tilemaken ing jogan
kados limrahipun tiyang ingkang nembe leren. Slendhang alit ingkang kala wau
kangge nangsuli sukunipun Ki Jagabaya ugi sampun dipun udhari lan sampun dipun
simpen malih dening Ki Palir. Awit miturut Ki Palir Ki Jagabaya Munggur taksih
radi sawatawis wekdal malih anggenipun nglilir. Tiyang gangsal ingkang wonten
pendhapa Kalurahan Pangapitan menika inggih lajeng jejagongan malih.
“Aku
ora nyana babar pisan, jebul Adhi Palir iki nduweni kaluwihan kanggo nambani
wong sing kena wisa kaya Ki Jagabaya iki mau” sasampunipun radi sawatawis
kendel, Ki Lurah ngendika “kaya anggonku ora nyana Keris Kyai Wesi Tawa
tinggalane sawargi Bapa sing selawase ora tau mindhon gaweni yen kanggo nambani
wong kena upas utawa wisa, jebul ora kuwawa nyabarake wisa sing dumunung ana
ragane Ki Jagabaya.”
“Makaten
ugi kula Ki Lurah” Ki Bebau Peleman mewahi rembag “kula boten nginten menawi Ki
Jagabaya menika kala wau katlusuban dom cacah tiga ingkang nggadhahi kekiyatan
saged nutupi katiyasanipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa. Saupami niki wau Ki Palir
boten nuju wonten dalem mriki, harak inggih siyos katiwasan saestu?”.
“Malah
kula boten nginten menawi Ki Palir jebul wonten dalem mriki Ki Lurah” Ki
Kebayan Kuncen urun rembag “awit kala wau enjang, kula kepanggih kalihan Ki
Palir sareng-sareng kalihan Dana lan Wala sami kekapalan, criyosipun badhe
dhateng Brendhilann kok jebul dalu menika sampun wonten mriki?”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang Lurah, Ki Bau lan Ki Bayan” Ki Palir gentos ingkang wicanten
“kala wau kula rak sampun matur bilih kula badhe matur sacetha-cethanipun magepokan
kalihan gerahipun Ki Jagabaya Munggur menika ?. Pramila samangke ngiras ngentosi
wungunipun Ki Jagabaya, kula badhe miwiti matur”.
“Iya
Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “cethane kepiye kok nganti Si Adhi nduwe
panjaluk supaya anggonmu aweh tamba marang Ki Jagabaya iki kudu digawe wadi?”.
“Inggih
kados pundi Ki Palir?” Bebau Peleman numpangi rembag.
“Menika
makaten Kakang” Ki Palir lajeng wicanten “kula kuwatos menawi ngantos ingkang
damel gerahipun Ki Jagabaya menika sumerep bilih warasipun Ki Jagabaya menika
jalaran lantaran saking kula, lajeng piyambakipun gentos amengsahi kula. Kosok
wangsulipun, menawi tiyang kala wau boten sumerep sinten ingkang njampeni Ki Jagabaya,
piyambakipun badhe boten kumalungkung malih ing Dhusun Pangapitan mriki,
ngendelaken dumeh nggadhahi dom cem-ceman ingkang saged kasurung mawi aji Panyemburwisa.
Nanging kanyatanipun sanaosa dom cem-ceman ingkang kasurung Aji Panyemburwisa ingkang tumanduk
ing raganipun Ki Jagabaya sampun dipun susuli mawi pijetan sekti, ewa samanten
Ki Jagabaya taksih kaparingan pitulunganing Gusti temah saged saras pulih kados
wingi uni. Lan malih wontenipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa boten saged nyabaraken
wisa ing badanipun Ki Jagabaya menika jalaran wisa ing badanipun Ki Jagabaya
taksih sesambetan kalihan dom-dom kala wau, menawi dom-domipun sampun kapisah
estunipun boten badhe Kyai Wesi Tawa mindhon dameli”.
“Mengko
dhisik Dhi” Ki Lurah Pangapitan nyelani rembagipun Ki Palir “aku kok dadi rada
jubriya marang sing mbok kandhakne iki mau”.
“Jubriya
kados pundi Kakang?” Ki Palir nyuwun pirsa.
“Apa
miturut panemune si Adhi, tatune Ki Jagabaya Munggur iki ana sambung rapete
karo sedulurmu Adhi Dungkul kanthi mbok kandhakne wis mindhoni nganggo pijetan
sekti mau? Jalaran durung ana sing nyenggol Ki Jagabaya kajaba Adhi Dungkul” Ki
Lurah gentos ingkang mundhut pirsa.
Ki
Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen ketingal tumut kaget kalihan pandangunipun
Ki Lurah dhateng Ki Palir makaten kala wau.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng atur wangsulan “menika namung dhapur
panginten-nginten kula kanthi wewaton kawontenan ingkang kula panggihi ing
kedadosan ingkang dhumawah dhateng Ki Jagabaya Munggur menika”.
“Cethane
kepiye Dhi?”
“Kala
wau nalika sumerep tatunipun Ki Jagabaya” Ki Palir atur wangsulan “kula lajeng
kemutan dhateng dom-dom cem-ceman kados ingkang sampun medal saking raganipun
Ki Jagabaya menika kala wau. Sangertos kula dom-dom cem-ceman kados menika
sedaya cacahipun wonten tigang dasa nem, manggen ing tigang panggenan. Ingkang
kalih welas dipun kuwaosi dening Kakang Dungkul, ingkang kalih welas dipun
simpen dening Kakang Dhangkal lan ingkang kalih welas malih kula singgahaken.”
Ki
Palir kendel sakedhap anggenipun wicanten awit wonten rewang dalem kalurahan
ingkang dhateng pendhapa nyukani pasegahan dhateng ingkang nembe jagongan,
inggih menika wedang jahe benter kalihan ketela godhog.
“Sedaya
dom-dom cem-ceman menika suwaunipun kagunganipun Bapa, ingkang angsalipun
saking anggenipun maringi Jim Nagaweling, Dhanyang Kedhung Pawon, nalika Bapa
Ki Anggira nglampahi tapa kungkum ing Kedhung Pawon, jaman Bapa taksih timur
rumiyin” sareng Rewang ingkang ngladosaken segahan sampun ngalih Lo Palir
nglajengaken anggenipun wicanten.
“Iya,
nanging kareben ora pati salit neng gorokan, wedang karo ketela kuwi aja ming
padha dianggurne wae” Ki Lurah nyelani rembag kalihan ngranggeh cangkir isi
wedang jahe ing ngarsanipun, lajeng dipun sruput “mangga Ki Bau lan Ki Bayan,
mumpung isih durung adhem”.
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen meh sareng.
“Dom-dom
cem-ceman kala wau lajeng dening Bapa kaparingaken dhateng anak-anakipun
ingkang jaler, sesarengan kalihan kaparingan kados pundi caranipun ngusadani
menawi wonten tiyang kenging dom-dom menika sadangunipun wisaning dom dereng
dumugi jantung” sasampunipun nyruput wedangipun Ki Palir nglajengaken
anggenipun wicanten “nanging nalika Bapa badhe seda kober paring weling murih
anak-anakipun ngatos-atos sanget menawi badhe ngginakaken dom-dom cem-ceman
kala wau, malah dhawuhipun Bapa dom-dom kalawau namung kenging dipun ginakaken
menawi kawontenan sampun kepepet saestu. Awit dayanipun wisa ingkang manunggal kalihan
dom-dom kala wau sakalangkung nggegirisi. Sok sintena ingkang kataman dom
kasebat, lan menawi lampahipun wisa sampun dumugi ing jejantung, mangka tiyang
kala wau badhe ngraosaken sakit ingkang sakalangkung sakit, nalaripun ewah
dados tiyang edan lan manawi boten tumunten kaparingan panawa inggih lajeng
pejah kanthi kawontenan ingkang sakalangkung nggegilani.”
“Dadi
isih ana panawane? Lan nek wis diwenehi panawa banjur waras maneh?” Ki Lurah
nyelani wicantenipun Ki Palir malih.
“Panawa
menika kanggenipun namung sawatawis wekdal kemawon Kakang” Ki Palir atur
wangsulan “lan boten saged ndadosaken waras, namung saged ngicalaken raos sakit
lan kuwuring nalar, nanging inggih boten dangu namung watawis sapeken lan
menawi boten tumunten kaparingan panawa malih inggih lajeng kimat ingkang
sakitipun nglangkungi sakit saderengipun”.
“Temen-temen
nggegirisi banget dayane dom-dom cem-ceman kuwi” Ki Lurah ngendikan alon kados
namung katuhokaken dhateng saliranipun piyambak.
“Inggih
kanthi nitik kawontenanipun Ki Jagabaya Munggur saha dom-dom cem-ceman cacah
tiga ingkang medal saking tatunipun kala wau, kula lajeng nggadhahi panginten
menawi kedadosan menika wonten sambetipun kalihan Kakang Dungkul. Namung
kemawon, kula kinten ingkang nyawataken dom ingkang kapisan menika dede Kakang
Dungkul, kula ngertos menawi Kakang Dungkul dereng dumugi mriku ngelmu kanuraganipun.
Menawi dom ingkang kalih, kula kinten anggenipun nyublesaken dhateng badanipun
Ki Jagabaya inggih nalika Kakang Dungkul api-api nambani menika” Ki Palir
kendel sakedhap lajeng nyruput wedangipun kangge nelesi gorokan.
Sedaya
ingkang mireng wicantenipun Ki Palir namung manggut-manggut eram, lan dereng
wonten ingkang wicanten menapa-menapa kalebet Ki Lurah Pangapitan.
“Sedaya
sampun kula aturaken Kakang” Ki Palir lajeng wicanten malih “borong anggen jengandika
badhe anampi. Tumrap kula antawisipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal
kalihan jengandika Kakang Lurah menika bobotipun sami. Kakang Dungkul lan
Kakang Dhangkal kadang tunggil Bapa dene jengandika Kakang Lurah sedherek
tunggil biyung kalihan kula. Lan ingkang langkung baken malih, Ki Jagabaya kula
tanggel sampun resik saking dayaning wisanipun dom-dom cem-ceman menika lan
sampun boten wonten ingkang prelu dipun kuwatosaken malih.”
Dereng
ngantos Ki Lurah paring wangsulan, dumadakan sedaya dipun kagetaken kalihan Ki
Jagabaya Munggur ingkang tangi saking anggenipun tilem, lajeng mrepegi papanipun
Ki Palir linggih. Ki Jagabaya lajeng ngrungkebi pangkonipun Ki Palir kalihan
nangis ngguguk.
“Ngaturaken
genging panuwun Ki Palir” ing sela-selaning tangisipun Ki Jagabaya wicanten “kula
sampun wiwit wau nglilir lan sedaya ingkang ndika aturaken dhateng Ki Lurah
sampun kula mangertosi. Saestu Ki, kula sampun ndika tulungi lan tanpa
pitulungan ndika kula tartamtu kula badhe manggih pejah ingkang sakalangkung
nggegirisi kados ingkang kula sumerepi salebeting pasupenan kula nalika kula
dereng nglilir kala wau.”
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar