Total Tayangan Halaman

Rabu, 03 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (19)


 

019.

        Dening Ki Lurah, Ki Jagabaya Munggur lajeng kadhawuhan mengkurep ing tikar, rasukanipun inggih sampun dipun uculi. Lajeng Ki Lurah nemplekaken Dhuwung Kyai Wesi Tawa ing tatunipun Ki Jagabaya ingkang kados bathikan sawer dumung ingkang nembe mekrok gulunipun. Wonten kedadosan ingkang radi ngeramaken, Dhuwung Kyai Wesi Tawa kados dipun sedhot dening tatu-tatunipun Ki Jagabaya Munggur. Nemplek kados tosan ingkang nemplek ing tosan sembrani. Ki Jagabaya nggeget waja, ketingalipun nembe ngampet raos sakit. Sansaya dangu ketingal sansaya keket nemplekipun Kyai Wesi Tawa ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya, malah nalika Ki Lurah nyobi badhe ngangkat dhuwung kala wau, dhuwung boten saged dipun angkat. Makaten ugi kawontenanipun Ki Jagabaya ugi ketingal sansaya nemen anggenipun ngampet raos sakit, dumadakan Ki Jagabaya lajeng semaput, boten emut menapa-menapa malih.

        Ki Lurah ingkang sumerep menawi Ki Jagabaya semaput, malah lajeng mesem. Astanipun ingkang kala wau nyepengi ukiran Dhuwung, lajeng dipun culaken. Dhuwung panggah nemplek ing geger perangan nginggilipun Ki Jagabaya.

        “Katone wisa sing ngenani Ki Jagabaya iki dudu wisa bandhotan utawa Dumung” Ki Lurah ngendika alon.

        “Inggih Ki, lajeng wisa menapa ?” Ki Kebayan Kuncen nyuwun pirsa.

        “Pangiraku iki kaya wisane ula weling sing wis diolah carub lan wisane gegremetan liyane, nduweni watak adhem nanging banget nggegirisi. Lakune alon, nanging angel digeret mundur” Ki Lurah paring wangsulan.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Peleman tumut wicanten “ketingalipun Dhuwung agemanipun Ki Lurah menika taksih mbudidaya nyedhot wisa ingkang mlebet ing raganipun Ki Jagabaya. Nanging nuwun sewu Ki Lurah ……”

        “nDika apa arep takon Ki Jagabaya iki isih bisa ketulungan apa ora, ngono apa Ki Bau?” Ki Lurah nigas aturipun Ki Bebau Peleman kalihan mesem.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan “ingkang kula kajengaken menapa anggenipun Ki Jagabaya semaput menika taksih dangu?”

        “Ya mengko menawa wisa sing ana ragane wis ora mbebayani tumrap kaslametane, Ki Jagabaya mesthi tumuli eling” Ki Lurah paring katrangan “ndika aja kleru ing panampa, anggone ora eling Ki Jagabaya iki mau ora merga kelaran wisane disedhot dening Keris Wesi Tawa iki, nanging pancen dayaning wisa sing tumama ing awake nyata nggegirisi. Rahayune lakuning wisa iki durung nganti tumekan jantung, dadi isih ana pangarep-arep nylametake nyawane Ki Jagabaya Munggur iki”.

        Rampung ngendika makaten menika kala wau, Ki Lurah lajeng ngadeg lan mlampah nilaraken Ki Bebau Peleman, Ki Kebayan Kuncen saha Sukmana ingkang tiga-tiganipun nenggani Ki Jagabaya. Pranyata Ki Lurah mlebet dhateng dalem wingking. Boten dangu tumunten wangsul dhateng pendhapa malih dipun tutaken Ki Palir ingkang inggih lajeng linggih ing sacaketipun Ki Jagabaya Munggur.

        “Ya kaya mangkono kuwi Dhi kahanane Ki Jagabaya Munggur” ngendikanipun Ki Lurah dhateng Ki Palir “mbok menawa si Adhi duwe cara murih Ki Jagabaya bisa tumuli waras, jalaran padatan kuwi yen ana wong kena wisa banjur ditambani nganggo Keris Kyai Wesi Tawa kuwi ora suwe tumuli  waras, nanging iki kok rada aneh wiwit mau durung ana tandha-tandha yen wisa sing tumama ing ragane Ki Jagabaya bisa ilang”.

        Ki Palir boten tumunten atur wangsulan, malah lajeng saya nyaketaken anggenipun linggih kalihan Ki Jagabaya. Ki Palir ketingal migatosaken tatu-tatu ing geger lan githokipun Ki Jagabaya. Wongsal-wangsul Ki Palir ketingal njengkerutaken bathuk.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” dumadakan Ki Palir noleh dhateng Ki Lurah lan nyuwun pirsa “menapa Ki Jagabaya saderengipun semaput kala wau, inggih sasampunipun kenging wisa menika, sampun nedha tetedhan ingkang ngandhut santen klapa ingkang sampun mateng, jangan upaminipun?”.

        “Lha kuwi sing aku ora ngerti Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “merga Ki Jagabaya ya ora kandha sawise semaput lan ditulungi lan ditambani Adhi Dungkul mung kandha yen banjur nggoleki Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen menyang Tepis wiring lor desa, ora kepethuk banjur mrene iki mau”.

        “Ki Jagabaya dipun tambani Kakang Dungkul?” Ki Palir sansaya ketingal nggumun mireng menawi Ki Jagabaya Munggur kala wau sampun ditambani Ki Dungkul.

        “Iya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “sing kandha ya Ki Jagabaya dhewe”.

        “Inggih sampun menawi makaten Kakang” Ki Palir lajeng wicanten malih “mugi-mugi Gusti paring pitulungan dhateng kula saha mugi-mugi janjinipun Ki Jagabaya dereng wancinipun”

        “Sing dikarepake si Adhi iki kepiye ta?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “aku kok bingung nampa aturmu iki mau?”.

        “Kula badhe mbudidaya murih Ki Jagabaya tumuli saras Kakang” Ki Palir atur wangsulan “nanging kula nyuwun kanthi sanget dhumateng Kakang Lurah, ugi dhumateng Angger Sukmana tuwin Ki Bebau lan Ki Kebayan, mangke manawi Ki Jagabaya sampun dhangan, sampun ngantos paring mangertos dhumateng sinten kemawon menawi kula ingkang dados sarana dhanganipun Ki Jagabaya. Sampun dipun wangsuli rumiyin panyuwun kula menika, mangke kemawon kula aturaken sacetha-cethanipun”.

        “Iya Dhi, panjaluke si Adhi perkara iki mesthi tak turuti” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Inggih Ki Palir, dhawuh ndika badhe kula estokaken” Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen sareng suka wangsulan.

        Ki Palir lajeng ngedalaken selendhang alit saking waliking rasukanipun. Sukunipun Ki Jagabaya Munggur kalih-kalihipun lajeng dipun tangsuli dados setunggal mawi selendhang alit kala wau. Sawatawis menika dhuwung Kyai Wesi Tawa kagunganipun Ki Lurah Pangapitan panggah taksih nemplek ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya. Ki Palir lajeng linggih sila ing caket sirahipun Ki Jagabaya.

        “Nuwun sewu Ngger” Ki Palir wicanten dhateng Sukmana “tulung ndika padosaken santen ingkang taksih mentah kawadhahana ing cowek lan kaselehna ing caket kula mriki, mbok menawi mangke wonten ginanipun”.

        “Inggih Paman” wangsulanipun Sukmana lajeng ngadeg mlampah dhateng dalem wingking.

        Dumadakan iketipun Ki Jagabaya Munggur dening Ki Palir dipun udhari, rambutipun dipun jambak, sirahipun Ki Jagabaya dipun dhangakaken. Ki Jagabaya ingkang taksih semaput babar pisan boten nglawan utawi sambat. Sareng watawis sampun sapanginang dangunipun, Ki Jagabaya wiwit ebah. Sukunipun ketingal badhe mancal-mancal, nanging gandheng sampun dipun banda mawi slendhang dados inggih boten saged mancal.

        Ko Lurah Pangapitan, Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen, namung ningali kemawon boten tumindak menapa-menapa. Sukmana ingkang kala wau pados santen, ugi sampun wangsul malih dhateng pendhapa kalihan mbekta cowek isi santen lajeng dipun seleh ing sacaketipun Ki Palir.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir matur dhateng Ki Lurah “ketingalipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa sampun boten kelet malih kalihan Ki Jagabaya, prayogi menawi jengandika asta malih”.

        Ki Lurah lajeng mendhet dhuwung ingkang wau nemplek ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya. Saestu, jebul samangke dhuwung menika sampun boten kelet kados wau. Dhuwung lajeng kaasta malih dening Ki Lurah. Anyarengi Ki Lurah ngangkat dhuwungipun, dumadakan saking gegeripun Ki Jagabaya ingkang kalawau kaselehan dhuwung, ngedalaken toya pethak ingkang warninipun kados santen. Ki Lurah lan sedaya ingkang wonten pendhapa mriku sami maspadakaken toya menika.

        “Nuwun sewu Ngger” Ki Palir lajeng wicanten dhateng Sukmana, sawatawis piyambakipun taksih nyambak rambutipun Ki Jagabaya “tutukipun Ki Jagabaya ndika tetesi santen menika sakedhik-sakedhik watawis ngantos pitung tetes”.

        “Inggih Paman” Sukmana wangsulan nunten nindakaken menapa ingkang dipun parentahaken Ki Palir dhumateng piyambakipun.

        “Nyuwun pangapunten Ki Bebau” Ki Palir gentos wicanten dhateng Ki Bebau Peleman “tulung mustakanipun Ki Jagabaya ndika cepengi rumiyin, kula badhe mendhet sesuker ing tatu ingkang kados santen menika”.

        “Inggih Ki” Bebau Peleman lajeng nggentosi Ki Palir njambak rambutipun Ki Jagabaya Munggur lan ndhangakaken sirahipun.

        Ki Palir lajeng ngedalaken kapas saking kanthongan ingkang dipun simpen ing waliking rasukanipun. Mawi kapas menika Ki Palir nutuli tatunipun Ki Jagabaya ingkang ngedalaken toya kados santen menika.

        “Kecekel kowe, saiki !!!” kados tiyang ngigit-igit Ki Palir wicanten piyambak.

        “Ana apa Dhi?” Ki Lurah Pangapitan mundhut pirsa kalihan suwanten nedahaken bilih radi gumun kalihan ingkang dipun ungelaken Ki Palir.

        “Dom Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan nedahaken dom lembat-lembat cacah tiga ingkang kelet ing kapas “inggih dom-dom menika ingkang murugaken wisa ing badanipun Ki Jagabaya boten saged dipun dipun cabaraken sanaosa sampun katumpangan Dhuwung Kyai Wesi Tawa agemanipun Kakang Lurah”.

        Ki Lurah boten ngendika malih, namung mustakanipun manggut-manggut rumaos eram dhateng kalangkungan ingkang dipun gadhahi dening sedherekipun jaler menika.

 

 

ana candhake.

   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...