Total Tayangan Halaman

Kamis, 21 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (18)


 

018.

        Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal mencereng mripatipun, kekalihipun sami ngulati Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Kebayan Kuncen sampun ngepelaken tanganipun lan nggegetaken untu, nedahaken panasing manahipun dhateng Ki Jagabaya Munggur. Ki Jagabaya ketingalipun ugi sampun mangertos menawi tiyang kalih menika sami nesu dhateng piyambakipun, lan Ki Jagabaya sajak inggih boten remen menawi kaulatan kados makaten menika. Nanging gandheng Ki Jagabaya Munggur sampun dipun acarani Ki Lurah murih linggih nyaket, pramila raosing manahipun dhateng Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen inggih lajeng kasumenekaken rumiyin.

        “Olehku ngenteni ndika wiwit mau lho Ki Jagabaya” ngendikanipun Ki Lurah sareh kemawon “gandheng ndika ora teka-teka banjur aku kongkonan Sukmana nggoleki ndika, iki mau ketemu neng ngendi?”.

        “Inggih nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng mangertos ingkang dipun kersakaken Ki Lurah, Ki Jagabaya mbatos menawi Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen mesthi sampun madulaken piyambakipun kanthi wadulan ingkang boten-boten tumtap piyambakipun, ingkang namung adhedhasar panginten saha pamanggihipun tiyang kalih menika kemawon “mila kedahipun kula sampun marak ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau saderengipun seraping surya, ngaturaken saha nyuwun dhawuh magepokan kalihan wontening kedadosan ing tepis wiring sisih ler Pangapitan ingkang dipun sumerepi dening Ki Kebayan Kuncen, Ki Lurah. Nanging sowan kula sakalangkung randhat jalaran wonten alangan ing margi, temah nembe saged marak sak niki, niki wau kula kepanggih kalihan Adhi Sukmana ing ngajeng regol Kalurahan”.

        “Ki Jagabaya oleh alangan ing dalan?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan suwanten ingkang nedahaken ngunguning penggalihipun.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “kala wau sasampunipun medal saking griyanipun Ki Bebau Peleman, kanthi daya-daya lan setengah kalih mlajeng kula badhe sowan Ki Lurah. Nanging boten kula sumerepi saking pundi asalipun, nalika lampah kula dumugi protigan Peleman dumadakan kula ngraosaken kados ketiban balangan saking wingking ingkang ngengingi geger lan githok kula, ingkang ndadosaken kula dhawah lan boten emut menapa-menapa. Rahayunipun wonen warga Peleman ingkang sumerep anggen kula rebah, kula lajeng dipun gendhong ing griyanipun. Dipun upakara salimrahipun, awit tiyang-tiyang nginten menawi kula kenging angin awon. Sakujuring badan kula ingkang anyep njejet dipun seka mawi toya benter kalihan awu anget, ewa samanten kula panggah dereng saged emut……”.

        “Sabanjure kepiye?” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Jagabaya.

        “Salajengipun duka saking tindak pundi boten wonten ingkang sumerep, rayi jengandika Ki Dungkul pirsa menawi wonten rame-rame ing griyanipun warga Peleman menika” Ki Jagabaya Munggur atur wangsulan “inggih awit kaparingan usada dening Ki Dungkul kala wau, kula lajeng emut malih”

        “Dadi ndika ditambani Adhi Dungkul?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “lajeng Ki Dungkul mrayogekaken murih kula kendel rumiyin boten kenging daya-daya wangsul. Kula lajeng matur, menawi kula boten badhe wangsul nanging badhe dhateng Kalurahan, badhe ngaturi pirsa lan nyuwun dhawuh awit wonten prakawis ingkang wigatos ingkang kedah kapirsanan dening Ki Lurah.”.

        “Banjur ndika mrene iki mau?”

        “Boten Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan lan nglajengaken anggenipun matur “sareng kula matur kados niku wau, Ki Dungkul lajeng gumujeng kalihan ngendika bilih panjenenganipun sampun pirsa prakawis wigatos ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki Lurah menika, lan mila leres jebul Ki Dungkul sampun pirsa bilih kula nguwatosaken awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing saleripun Dhukuh Peleman kala wau”.

        “Banjur Adhi Dungkul kandha kepiye?” Ki Lurah ndangu malih.

        “Ki Dungkul ngendika makaten : “kae dudu bebaya tumrap Desa Pangapitan Ki Jagabaya, merga wong-wong kae mung wong liwat wae, kae para murid Paguron Nagalanang  sing liwat kene merga arep menyang  Patalan, merga kadhawuhan mlumpuk ing Padhepokan Agung dening Kyai Nagalanang”. Salajengipun Ki Dungkul dhawuh menawi badhe nyulihi kula ngaturaken prakawis menika dhateng Ki Lurah, lan kula menawi sampun kendel sawatawis kadhawuhan ngabaraken bab menika dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen, murih kekalihipun boten kedlarung-dlarung anggenipun kuwatos. Nanging sareng kula wangsul dhateng Tepis wiring ler, jebul kawontenan sampun sepen, Ki Bebau lan Ki Kebayan lan para sinoman sampun sami boten wonten. Kula lajeng sowan Ki Lurah menika”.

        Ki Lurah kendel sekedhap boten tumuli ngendika malih. Penggalihipun lajeng tumuju dhateng Ki Dungkul. Menawi Ki Dungkul sampun ngertos menawi titiyang ingkang dipun sujanani dening Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen jebul para pendherekipun Kyai Nagalanang, lajeng saking laladan pundi?. Sok makatena, kala wau enjing nalika Ki Dungkul lan Ki Dhangkal dhateng Dalem Kalurahan babar pisan boten atur uninga dhateng Ki Lurah menawi badhe wonten tiyang kathah ingkang badhe liwat Pangapitan. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendikakaken ingkang dipun penggalih dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen menapa dene Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Lurah lajeng ndangu bab kasarasanipun Ki Jagabaya :

        “Lha saiki kahanan ndika kepiye? Wis waras tenan apa isih ana rasa mumet utawa liyane?”.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “samenika sampun boten mumet, nanging kula kinten kula boten kengin angin kados pangintenipun warga Peleman kala wau. Awit, githok saha geger kula ingkang rumaos kula kedhawahan balangan kala wau dugi sapriki sakedhap-sakedhap taksih kraos benter sok kraos kados dipun cengkerem dening kukunipun kucing”.

        “Coba Sukmana njupuka dimar tak colokane githok lan gegere Ki Jagabaya iki, kok atiku krasa ora pati kepenak” Ki Lurah dhawuh dhateng Sukmana mendhet dimar, kalajengaken dhawuh dhateng Ki Jagabaya “coba lukaren klambi ndika Ki Jagabaya tak deloke geger lan githok ndika sing lara kuwi”.

        Sukmana sampun mendhet dimar lan Ki Jagabaya Munggur ugi sampun mbikak rasukanipun. Kanthi kapadhangan sunaring dimar, Ki Lurah pirsa bilih ing gegeripun Ki Jagabaya ketingal gosong. Ki Lurah sakala njengkerutaken palarapanipun, sareng uninga gosong ing geger lan githokipun Ki Jagabaya menika ketingal boten gosong limrah.

        “Coba Ki Bau lan Ki Kebayan, aku njaluk tulung, ulatna sing premana apa sing katon ing geger lan githoke Ki Jagabaya iki, miturut panyawang ndika” Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman lan Kebayan Kuncen murih tumut ningali geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        Tiyang kalih ingkang dipun prentah Ki Lurah kala wau inggih lajeng nyaket, samanten ugi Sukmana ingkang nadyan boten kadhawuhan, nanging inggih tumut ningali kawontenaning geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        “Aneh…..” Ki Bebau Peleman wicanten lirih.

        “Nggegirisi!” Ki Kebayan Kuncen mewahi rembag.

        “Apa sing padha ndika weruhi ?” Ki Lurah ndangu pamong kalih kala wau.

        “Rumaos kula ing gigiripun Ki Jagabaya sisih nginggil dumugi ing githok kados dipun bathik mawi cacahan dom Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen mewahi atur “bathikanipun kados gambar sawer dumung ageng ingkang nembe mekrok gulunipun”.

        “Dadi bener apa sing dikandhakne Ki Jagabaya mau” Ki Lurah lajeng ngendika “Ki Jagabaya ora mung kena angin, nanging cetha yen ana sing mbalang saka mburi sing ora diweruhi dening Ki Jagabaya. Ora dibalang nganggo barang lumrah kaya dene watu utawa kayu, nanging Ki Jagabaya wis ketiban Pupuhan saka kadohan sing disurung nganggo hawa murni sing dhuwur. Nitik tatune, Ki Jagabaya wis kena dayane aji Sembur Sarpa, kuwi aji kuna sing lumrah diduweni dening para wong sekti saka laladan sukuning gunung lawu….”.

        “Adhuh…” Ki Jagabaya sambat lan matur dhateng Ki Lurah kalihan suwanten ingkang nedahaken kuwatosing manah “menapa kula badhe pejah Ki Lurah?”

        “Pati lan uripe menungsa kuwi ing astane Gusti, Ki Jagabaya” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang sareh “menungsa diwajibake mbudidaya sarta ndedonga. Mari lan orane gumantung marang kersaning Allah, mung kang wajib dipercaya dening manungsa kabeh, klebu aku lan ndika kabeh, apa sing dadi kersane Gusti, kuwi mesthi becike. Awit Gusti kuwi banget Maha Welas lan Maha Asihe marang kabeh kawulaNe.”

        Ki Lurah nunten jumeneng, mlebet dhateng griya wingking. Boten dangu lajeng medal malih kalihan ngasta dhuwung Kyai Wesi Tawa ingkang sampun dipun liga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

       

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...