Total Tayangan Halaman

Kamis, 21 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (17)


 

017.

        Srengenge sampun radi sawatawis dangu anggenipun ambles ing cakrawala imbang kilen, kantun nisakaken cahya abang ingkang sansaya dangu sansaya manda-manda. Nalika samanten Ki Lurah lan Ki Palir saha kulawarga dalem Kalurahan taksih sami lenggah ing dalem wingking, mila nembe kemawon rampung anggenipun sami mancal kemul (makan malam). Dumadakan saking pendhapa kepireng suwantening gentha ingkang minangka tengara menawi wonten warga ingkang kepengin sowan ngadhep Ki Lurah.

        “Sapa iki? Lagi bubar surup kok wis ana sing kepengin ngadhep?” Ki Lurah ngendika piyambak kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Nggih kirang ngertos ta Kyai?” Nyi Lurah nyauti pangandikanipun Ki Lurah “mesthinipun inggih warga Pangapitan ingkang mbetahaken rerigen menapa pitulungan saking ndika”.

        Ki Lurah jumeneng kalihan mesem, lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir :

        “Awakmu neng kene dhisik Dhi, kancanana sisihanmu kareben nutugne nggone jagongan karo mBakyune, aku karo Sukmana tak menyang Pendhapa dhisik, nemoni wong sing ngunekne gentha kae”.

        Ki Lurah lajeng ditutaken Sukmana dhateng pendhapa. Jebul ingkang ngungelaken gentha kala wau, Ki Bebau Peleman kalihan Ki Kebayan Kuncen. Kekalihipun ketingal nembe kemawon nandangi padamelan awrat, menawi boten inggih nembe dugi saking kekesahan tebih. Ketitik saking  sandhangan ingkang dipun engge ingkang taksih dereng garing kenging kringet.

        “nDika mau saka ngendi ta Ki Bau karo Ki Bayan ?” Ki Lurah daya-daya ndangu dhateng tiyang kalih ingkang sampun sila ing tikar ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika “kok kadhingaren wong loro bebarengan, nitik saka kahanan ndika wong loro sajak lagi wae saka lelungan adoh ya?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, menapa Ki Jagabaya Munggur wau dereng dumugi mriki?” boten mangsuli menapa ingkang dados pandangunipun Ki Lurah Ki Kebayan Kuncen malah gentos nyuwun pirsa, suwantenipun kepireng radi kirang sekeca, mila Ki Kebayan Kuncen menika nggadhahi watak radi cugetan.

        “Wiwit awan mau durung ana wong mara mrene Ki Kebayan” wangsulanipun Ki Lurah alus kalihan mesem “lha ana apa ta? Sajake kok wigati banget?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Bebau Peleman ingkang matur “badhe matur bilih ing tepis wiring ler kilen Pangapitan nembe mawon wonten kedadosan ingkang nyalawadi lan pantes menawi dipun sujanani”.

        “Kedeyan apa kuwi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Kala wau, saderengipun serap Ki Kebayan Kuncen ingkang nembe wangsul saking pategilanipun, sumerep tiyang kathah, ingkang dereng wonten ingkang dipun tepangi dening Ki Kebayan, tiyang-tiyang kala wau sami sesikep dedamel jangkep. Ketingalipun nembe mlampah ngiteri Dhusun Pangapitan. Lajeng Ki Kebayan ngabari kula, jalaran tiyang-tiyang kala wau ngambah laladan Dhukuh Peleman. Kaleresan wekdal niku wau, Ki Jagabaya Munggur nyarengi sanja ing griya kula, pados wiji gaga abrit ingkang badhe dipun tanem ing pategilanipun. Ki Jagabaya lajeng suka rerigen dhateng kula lan Ki Kebayan murih ngajak para sinoman Peleman saprelu ngangen lampahing tiyang-tiyang kala wau saking katebihan, lan Ki Jagabaya criyos menawi badhe sowan Ki Lurah ngaturaken prakawis menika. Ki Jagabaya ugi meling murih kula sakanca boten nyaketi tiyang-tiyang kala wau rumiyin, saderengipun nampi dhawuh saking Ki Lurah. Rerigen saking Ki Jagabaya nunten kula lampahi, kula kalih Ki Kebayan saha para sinoman Peleman inggih boten nyaketi tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau. Nanging inggih boten kendhat anggenipun ngulati, sinambi ngrantos duginipun Ki Jagabaya ingkang matur dhateng Ki Lurah. Jebul ngantos surya surup, Ki Jagabaya boten ngetingal malih. Temah kula lan Ki Kebayan boten sumerep sinten sejatosipun tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika kalawau”.

        Ki Lurah njengkerutaken palarapanipun midhanget aturipun Ki Bebau Peleman kados makaten menika kala wau. Rumaos ngungun kalihan Ki Jagabaya Munggur ingkang dugi sapriki dereng dugi ing Kalurahan, mila Ki Lurah inggih lajeng ngleresaken menawi Ke Kebayan Kuncen anyel manahipun.

        “Lha ndika kuwi kepiye? Kok malah wong loro mrene kabeh iki?” semu nutuh Ki Lurah mundhut pirsa “lha sing nuwani para sinoman sing ngulat-ulati wong-wong sing pantes disujanani mau banjur sapa?”

        “Kauningana Ki Lurah” Ki Bebau Peleman matur “ketingalipun tiyang-tiyang niku wau ngertos menawi dipun ulati, saderengipun surya surup kala wau tiyang-tiyang menika sami mlampah nebihi Dhusun, lajeng mlebet dhateng wana, temah boten kasumerepan malih dhateng pundi mapanipun, awit inggih kawontenan sampun sansaya peteng. Lare-lare sinoman lajeng kula prentah murih nutugaken anggenipun baris pendhem ing tepis wiring lajeng kula mriki niki wau”.

        “Kalian kula ugi badhe nyuwun palilah saha dhawuh ingkang kasampiran purba wasesa Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen nyambet aturipun Ki Bebau Peleman.

        “Palilah karo dhawuh sing kasampiran purba wasesa sing kepiye Ki Kebayan?" Ki Lurah mundhut pirsa kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Mugi kaparengna kula badhe nganthi sawatawis sinoman” wangsulanipun Ki Kebayan Kuncen “Jagabaya Munggur badhe kula kendharat lan kula ajengaken ing ngarsanipun Ki Lurah. Piyambakipun kedah tanggel jawab ing prakawis menika, jalaran kula kinten Jagabaya Munggur menika wonten sambung rapetipun kalihan tiyang-tiyang ingkang kala wau kula tingali. Malah boten mokal Jagabaya Munggur badhe damel kisruhing Pangaputan mriki, ketitik piyambakipun sampun dora kalihan kula lan Ki Bebau ing Peleman”.

        “Sabar dhisik Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan “aja kesusu ndakwa ala marang kanca, kuwi ora becik kedadeyane. Luwih-luwih yen pandakwa kuwi ora ana pawadan sing nguwatake, kurang-kurang bejane lekas ndika sing kepengin gawe tentreme desa malah nuwuhake kisruh, jalaran yen panjaluk ndika kuwi mau tak turuti tan wurunga bakal ana pasulayan antarane ndika lan Ki Jagabaya Munggur”.

        “Lho lepatipun Jagabaya Munggur menika rak sampun ketingal cetha ta Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen wangsulan kalihan suwanten ingkang radi inggil “piyambakipun sampun nyukani wekdal dhateng andhahanipun, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau kangge umpetan, saupami kala wau Jagabaya boten meling murih Ki Bebau ing Peleman boten nyaketi tiyang-tiyang menika kala wau, sak boten-botenipun sampun kamangertosan sejatosipun sinten tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika”.

        “Panemu ndika mangkono kuwi ora luput Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan kalihan suwanten panggah sabar lan sareh “ing perkara iki Ki Jagabaya Munggur mula prelu dijaluki tanggung jawabe, nanging kudu nganggo cara sing ora nuwuhake prekara anyar sing nambahi ruwete kahanan”.

        “Lajeng caranipun kados pundi Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen taksih ngeyel.

        “nDika leren dhisik, aku tak rembugan karo anakku si Sukmana” wangsulanipun Ki Lurah ingkang lajeng nimbali Sukmana “Sukmana…”.

        “Inggih, wonten dhawuh Bapa?” Sukmana atur wangsulan siyaga nampi prentah.

        “Saiki budhala nggoleki Ki Jagabaya Munggur” Ki Lurah paring dhawuh dhateng Sukmana “yen wis kepethuk, kandhanana kanthi tembung sing alus, yen tak timbali menyang dalem kalurahan saiki bareng sak lakumu. Aja nganti Ki Jagabaya Munggur ngerti yen saiki Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen lagi ana kene. Wis budhala, yen Ki Jagabaya ora gelem bareng salukumu, mangka purba wasesa tak pasrahake marang kowe”.

        Mireng dhawuhipun Ki Lurah dhateng Sukmana makaten menika, Ki Kebayan lajeng mesem kalihan ndhingklukaken sirahipun. Sukmana ugi lajeng atur wangsulan dhateng tiyang sepuhipun :

        “Inggih Bapa, nyuwun pangestu” Sukmana lajeng ngadeg badhe bidhal madosi Ki Jagabaya Munggur.

        Nanging nembe kemawon Sukmana mandhap saking pendhapa, lajeng mandheg, boten nglajengaken lampahipun. Saking regol ngajeng ingkang kapadhangan soroting diyan ting Sukmana sumerep wonten regemenging tiyang ingkang mlampah tumuju pendhapa dalem kalurahan. Sareng dipun waspadakaken langkung titi, Sukmana radi kaget. Boten pangling mila tiyang ingkang nembe dugi menika boten sanes kajawi Ki Jagabaya Munggur ingkang badhe dipun padosi.

        “Ki Jagabaya Munggur……” Sukmana alok mawi suwanten alon.

        “Inggih Adhi, kula ingkang sowan” wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “menapa Ki Lurah wonten dalem?”.

        “Wonten, wonten Ki Jagabaya” groyok anggenipun wangsulan “kaleresan sanget, mila Bapa sakalangkung anggenipun ngajeng-ajeng ndika, mangga katuran minggah dhateng Pendhapa”

        Ki Jagabaya inggih lajeng minggah dhateng pendhapa dipun tutaken dening Sukmana.  Sapandurat Ki Jagabaya ketingal kaget nalika sumerep Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen sampun linggih ing tikar ngadhep Ki Lurah Pangapitan. Nanging inggih lajeng kasamudana kalihan matur dhateng Ki Lurah :

        “Kula ingkang sowan Ki Lurah….”.

        “Kene-kene Ki Jagabaya, linggih cedhak aku kene” wangsulanipun Ki Lurah grapyak lan boten nedahaken raos sujana menapa-menapa.

 

ana candhake

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...