Total Tayangan Halaman

Rabu, 20 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (16)


 

016.

        Ki Palir ketingal njengkerutaken bathuk, nggagas menawi sedherekipun jaler kalih niku sampun wangsul malih dhateng Pangapitan kok boten simpangan kalihan piyambakipun?, menapa anggenipun dumugi sampun kala dalu?, menapa anggenipun liwat ngginakaken margi sanes?. Lan tiyang sekawan ingkang dipun kanthi menika tiyang Brendhilan menapa tiyang Paguron? Menawi tiyang Brendhilan mesthinipun boten, kala wau Nyai Palir criyos menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sampun dangu boten nyambangi griya lan semahipun.

        “Sakniki saenipun kados pundi Paman?” Sukmana wicanten nakeni Ki Palir “Paman Palir nglajengaken tindak dhateng Brendhilan mendhet barang-barang ingkang badhe kabekta dhateng Pangapitan menapa kados pundi?”.

        “Boten Ngger” wangsulanipun Ki Palir “langkung prayogi wangsul dhateng Pangapitan kemawon, menawi kula wangsul dhateng Brendhilan boten sande badhe dipun ranjap tiyang sa Brendhilan, Jagabaya Tampeng tamtu sampun wadul dhateng Ki Lurah prakawis anggenipun kerengan ing papan menika lan mesthi dhandhang dipun unekaken kuntul kuntl dipun ungelaken dhandhang”.

        “Menawi makaten mangga suwawi kula dherekaken Paman”

        Sukmana lajeng mendhet kapalipun ingkang kala wau dipun cancang ing papan radi tebih. Gothot inggih lajeng ngrakiti lembunipun malih. Dening ingkang jaler, Nyai Palir kaprentah murih nunggang ing cikaripun Gothot. Boten watawis dangu, cikar lajeng mlampah tumuju Pangapitan, ngetutaken lampahing kapalipun Dana lan Wala, dipun iring dening Ki Palir lan Sukmana ingkang kekalihipun ugi sami nunggang kapal.

        Dereng ngantos seraping surya, lampahipun Ki Palir sampun dumugi ing Dhusun Pangapitan. Ki Palir criyos dhateng Sukmana bilih badhe njujug ing dalem Kalurahan. Badhe ngaturaken sedaya ingkang sampun kedadosan ing wana kala wau. Ngiras pantes nepangaken Nyai Palir dhateng Ki lan Nyai Lurah tuwin kulawarga dalem kalurahan sanesipun.

        “Kok kebat temen lakumu dina iki mau Dhi?” panyapanipun Ki Lurah kalihan nyalami Ki Palir ingkang nembe kemawon dugi lajeng kaajak minggah dhateng Pendhapa “miturut petunganku, cepet-cepete si Adhi tekan kene maneh kuwi lagi sesuk bengi, kuwi nek si Adhi ora ndadak mubeng pamitan marang tangga teparo ing Brendhilan kana. Lha iki lagi wayah semene si adhi kok wis tekan kene maneh?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir suka wangsulan “mila kedahipun leres kados ingkang dados petanganipun Kakang Lurah, nanging niki wau jalaran wonten prakawis ingkang boten kalebet ing petangan saderengipun, rayi jengandika pun Tandur, bidhal saking griya kala dalu badhe nusul kula mriki, temah kalihan kula kepanggih ing satengahing margi”.

        “Kendel tenan sedulurku wadon iki” ngendikanipun Ki Lurah nanggapi wangsulanipun Ki Palir “wani mlaku ijen ing wanci bengi liwat alas pisan. Rahayune ora ana alangan, merga miturut kabar sing digawa dening Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau, dina-dina iki kahanan alas ing antarane Pangapitan karo Brendhilan kuwi lagi gawat, akeh begal sing kluyuran ngadhang lakune wong sing liwat. Nganti Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal milala golek dalan liya murih ora kepethuk Begal ing dalan”.

        “Anggenipun Tandur wantun menika estunipun inggih saking kapeksa Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “sanaosa boten kepanggih kalihan Begal, niki wau meh kemawon rayi jengandika menika badhe manggih cilaka, malah saupami Angger Sukmana boten tumunten rawuh anggenipun nusul lampah kula, kula boten mangertos menapa kula, Ki Dana lan Ki Wala tuwin Paman Gothot menika taksih saged kepanggih kalihan Kakang Lurah menapa boten.”

        “Kok bisa mangkono? Cethane kuwi piye Dhi?”

        Ki Palir lajeng ngambali cariyosipun Nyai Palir dhateng Sukmana kala wau, lajeng kasambet lelampahan sasampunipun Sukmana dugi lan nulungi Nyai Palir saking tumindakipun Raden Mas Daksina ingkang murang tata. Ki Palir ugi nyariyosaken menawi Lurah Brendhilan lan meh sadaya Pamong Dhusun sarta para kawula ingkang dados siswanipun Kyai Gendirwesi sampun sami nggadhahi kapitayan bilih ing pungkasaning tahun menika ing Patalan badhe madeg nagari enggal ingkang nami Nagari Majapahit Enggal lan sadaya Adipati, Demang, Lurah lan sapiturutipun ingkang boten purun manunggal kalihan Majapahit Enggal menika badhe dipun sirnakaken.

        “Inggih kalihan wontenipun kedadosan menika, sansaya manteb anggen kula badhe ngaup ing sangandhaping kawicaksanan jengandika Kakang Lurah, dados warga ing Dhusun Pangapitan mriki” Ki Palir amungkasi cariyosipun lan nelakaken kasetyanipun.

        “Iya Dhi” wangsulanipun Ki Lurah Pangapitan “aku seneng nek si adhi wis manteb manggon neng desa kene iki. Mung sing gawe gumune atiku sing ora uwis-uwis kuwi malah karo tekune wong sing jeneng Raden Mas Daksina kuwi mau. Ingatase dheweke kuwi putrane Pangarsa Padhepokan, malah jarene uga cinaket karo Kyai Nagalanang, lha kok tumindake ora murih ditresnani wong akeh, malah kepara seneng gawe seriking liyan mung sabab kepengin nguja hardaning karsa priyangga. Kaya ngono kuwi rak malah bisa nuwuhake kapitunane dhewe? Wong-wong sing maune arep kepencut marang gegayuhane namjur manunggal marang padhepokane rak banjur mlayu ngethar kaya sing mbok alami iki ta Dhi?”

        “Inggih Kakang” Ki Palir mangsuli pangandikanipun Ki Lurah “kula piyambak inggih nggumun, jaman rumiyin nalika dumugi ing Brendhilan sapisanan para cantrikipun Kyai Gendirireng menika sakalangkung ing saenipun. Andhap asor ngajeni dhateng sesami, dhemen tetulung lan boten dhemen ngongasaken kalangkunganipun, malah kathah remen ngalah. Tembung satembung boten uwal saking damel remenipun ingkang mireng. Temah kathah tiyang ingkang kayungyun lajeng kapencut kepengin ndherek dhateng kapitayanipun, kalebet kula piyambak. Nanging sareng pandherekipun sampun kathah lan sansaya kathah, piwucal bab budi utami sansaya tipis, ingkang dipun tengenaken namung ing bab ulah kanuragan. Malah sampun radi sawatawis dangunipun wonten kados dene paugeran, sedaya ingkang dados gadhahanipun para pendherek, menawi dipun kersakaken dening Cantrik Paguron ingkang cinaket kalihan Kyai Gendirireng kedah dipun caosaken. Menika boten winates ing barang kemawon, nanging kalebet anak lan semah. Ingkang langkung mrihatosaken malih, nyumerepi ingkang kados makaten menika, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan ugi tumut anyengkuyung lan paring duka menawi wonten pandherek ingkang rumaos kawratan masrahaken gadhahanipun ingkang dipun kersakaken dening para penggedhening Padhepokan menika”.

        “Yen pancen mangkono Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih “kedadean sing padha mbok alami, ya iku perkara anggonmu wis kerengan nganti meh paten pinaten karo Raden Mas Daksina lan kanca-kancane mau aja nganti dicritakne marang sapa wae. Aku kuwatir yen nganti Adhi Dungkul an Adhi Dhangkal krungu, bisa nuwuhake salah tampa.”

        “Inggih Kakang”

        “Dana lan Wala sarta Gothot padha kandhanana, Sukmana” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana “saiki wae mumpung wong-wong kae isih ana kene lan durung kepethuk sapa-sapa”.

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng menyat nyaketi Dana, Wala lan Gothot ingkang taksih linggihan ing dhingklik ngajeng Pendhapa.

        Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih dhateng Ki Palir :

        “Becike siadhi lan sisihanmu aja kesusu bali menyang omahmu dhewe dhisik Dhi. Bengi iki padha nginepa neng omah kene, merga isih ana sing arep tak rembug karo si Adhi magepokan karo sing diaturake Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau”.

        “Inggih Kakang, ngestokaken dhawuh”

        “Saiki ajaken sisihanmu nemoni mBokayune neng pungkuran kana. Yen wis, ya banjur padha reresika kaya lumrahe. Mengko bengi wae, awake dhewe nutugne jagongan ing kene, sisihanmu kareben padha crita karo mbokayune”.

        Ki Palir lajeng mbeta semahipun dhateng pungkuran kepanggih kalihan Nyai Lurah. Nyai Lurah sakalangkung remen manahipun tetepangan kalihan kadang pripeanipun menika. Langkung remen malih sareng mangertos bilih wiwit dinten menika Ki Palir lan semahipun sampun manteb dados warga ing Pangapitan. Nyai Lurah lajeng paring rerigen bilih saenipun salebeting tiga utawi sekawan dinten Ki Palir lan semahipun manggen ing dalem kalurahan rumiyin. Mangke anggenipun manggen ing griyanipun piyambak saenipun dipun teraken Ki lan Nyai Lurah kados limrahipun kulawarga ingkang boyongan manggeni griya enggal. Menika ngiras pantes kalih pados ubarampe kangge isen-isen pawon, kados dene dandang, kwali, kukusan, lemper, munthu lan sapiturutipun, awit sedaya uba rampening Pawon gadhahanipun Nyai Palir sedaya kantun wonten ing Brendhilan. Ki Palir lan semahipun matur menawi kantun ndherek menapa ingkang dados rerigenipun Nyai Lurah kekalihipun ugi sanget anggenipun ngaturaken panuwun.

 

ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...