015.
Sawatawis
menika, Nyai Palir ingkang sampun saged ngadeg tangi lajeng nyaketi tiyang
ingkang nggibeng Raden Mas Daksina kala wau.
“Ngaturaken
genging panuwun awit peparing pitulungan jengandika dhateng kula Den” kalian
nangkebaken epek-epekipun lan katumpangaken dhadha, Nyai Palir ngaturaken
panuwun dhumateng tiyang kala wau.
“Dhawah
sami-sami Bibi” wangsulanipun tiyang kalawau kalihan manthuk kurmat “menawi
kalihan Bibi Palir kula menika dede tiyang
sanes, nami kula Sukmana, yoganipun Bapa
Lurah Pangapitan dados inggih taksih pulunanipun Bibi piyambak”.
“O
inggih, inggih Ngger, Kakang Palir mila asring nyariyosaken putranipun Ki Lurah
ing Pangapitan dhateng kula lan samangke saestu sampun saged kepanggih saha
maringi pitulungan dhateng kula, temah kula boten siyos cilaka awit saking
pakartinipun tiyang ingkang murang tata kala wau”.
Sukmana
boten tumuli wangsulan jalaran Sukmana sumerep Ki Palir ingkang dipun tutaken
Dana, Wala lan Gothot, nyaketi papanipun.
“Nyuwun
pangapunten Paman, anggen kula nusul radi randhat” nalika Ki Palir dumugi
sacaketipun, Sukmana manthuk kurmat kalihan nyuwun pangapunten awit radi kasep
duginipun.
“Malah
kula boten nginten menawi Angger badhe nusul” wangsulanipun Ki Palir blaka “awit
Angger Sukmana boten paring uninga langkung rumiyin menawi badhe nusul. Pramila
kula wau kober nglokro, meh kemawon kula mupus bilih gesang kula namung dumugi
samanten sareng kula sumerep Denmas Daksina nyaketi Bibi ndika. Bares kemawon
kula boten sumerep menawi Angger sampun rawuh lan nundhung Denmas Daksina,
ngertos kula inggih sasampunipun Denmas Daksina ngajak kanca-kancanipun mlajeng
kala wau”.
“Nyuwun
pangapunten Paman, ingkang nami Denmas Daksina nika kala wau sinten?” Sukmana
pitaken dhateng Ki Palir “lan kados pundi cariyosipun dugi Paman Palir, Dana,
Wala lan Man Gothot dumadakan kerengan wonten mriki menika kala wau? Ugi
kenging menapa Bibi Palir sampun dumugi mriki? Awit miturut petangan kula, niki
wau ndika mesthinipun dereng dumugi ing Brendhilan?”.
“Mila
leres petangan ndika menika Ngger” wangsulanipun Ki Palir “anggen kula mlampah kalihan
Adhi Dana lan Adhi Wala menapa dene Paman Gothot saking Pangapitan kala wau,
inggih nembe dumugi mriki niki. Lha ingkang dados jalaran kula sakanca sami
kerengan kalihan tiyang-tiyang kala wau, murih runtutipun saking bongkot dumugi
pucuk, kersanipun Bibi ndika kemawon ingkang matur, piyambakipun ingkang
langkung mangertos wiwitanipun. Namung mugi kauningan bilih tiyang sekawan
ingkang mlajeng kala wau, ingkang griyanipun Brendhilan namung setunggal,
inggih menika Jagabaya Tampeng, ingkang estunipun taksih sedherek nak ndherek
kalihan Bibi ndika menika”.
“Menawi
makaten, mangga Bibi kaparenga paring dhawuh” Sukmana lajeng ngengken Nyai Palir
murih cariyos “awit kula mengke inggih badhe matur dhateng Paman Palir, bilih
wonten wartos enggal magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.
“Ayo
Nyai, aturna apa sing wis mbok alami marang Angger Sukmana, kabeh aturna aja
nganti ana sing kacicir” Ki Palir lajeng prentah dhateng semahipun.
“Nyuwun
pangapunten Gus Mana saha Ki Palir” dereng ngantos Nyai Palir guneman,
dumadakan Gothot nyaru wuwus.
Sedaya
ingkang wonten mriku sami noleh ningali Gothot, awit boten kados padatan,
Gothot menika arang sanget purun guneman kajawi namung menawi wonten prelu
ingkang sanget.
“Iya
Man, ana apa?” Sukmana pitaken awit gumun.
“Wekdal
menika ketingalipun srengenge sampun ngglewang mangilen radi tebih” Gothot suka
wangsulan kalihan sakedhap ndhangak dhateng prenahipun srengenge “kamangka kula
tingali wiwit wau, praupanipun Wala kalih Dana sansaya mundhak ijem kemawon…..”.
“Banjur
ana sambunge apa antarane srengenge sing wis ngglewang karo praupane Dana lan
Wala, Man?” Sukmana nigas tembungipun Gothot mawi pitakenan.
‘nDika
niku pripun ta Gus?” Gothot wangsulan “srengenge ngglewang ngilen niku tandhane
sampun sansaya siang lha praupan ijo pucet niku tandhane nek mpun sami ngelih,
sampun wancine njaluk ingon….”.
“Walaah
Gus Mana niku kok nggih supe lho kalih klageyanipun Man Gothot?” dereng rampung
anggenipun Gothot atur wangsulan sampun dipun punggel dening Wala kalih
gumujeng “nanging nggih boten napa-napa kula kalih Kang Dana dipun damel
pawadan, sanadyan kula ngertos nek cacing-cacing ing wadhuke Man Gothot mila
sampun sami kroncalan. Nanging niku kirang baku Gus, ingkang langkung baken
niku kula namung mesakaken menawi sekul
bontotan sing teng njero Cikar nika dados wayu, kelalen boten wonten ingkang
nedha. Sak niki mumpung kelingan, badhe kula andhapne mriki lajreng
sareng-sareng dipun sampurnakaken”.
“O
alaah ngono ta jebule?” Sukmana mesem, awit piyambakipun ugi ngertos menawi
kala enjing dening Nyai Lurah, Gothot dipun betani bontot sekul ingkang radi
kathah “bener kuwi, aku ya wis rada ngelih kok pancen wayah samene iki wancine
madhang”.
“Kowe
ngangkat banyu sing ana pengaron tembaga kae wae lho La, ben diagem wijik Gus
Mana lan Ki Palir karo Nyai Palir dhisik, bontote ben didhukne Dana” kalih
ngadeg nututi Wala, Gothot ngaba murih Wala ngangkat toya kangge wijik.
Dana
inggih lajeng ngadeg badhe mlampah nyaketi cikar, kalih pitaken dhateng Gothot
:
“Lha
ndika arep ngapa Man? Nek banyune wijik wis diangkat Adhi Wala, banjur bontote
mbok kongkon ngangkat aku?”.
“Kowe
kuwi piye ta Na?” Gothot semaur kalih mesem “aku tak nggawa Kendhine, bubar
madhang ora dicawisi kendhi kowe mengko plekiken?”.
Boten
antawis dangu ing papan mriku tiyang-tiyang sami nedha sesarengan. Dhasar
inggih sampun sami ngelihipun, dados anggenipun sami nedha inggih ketingal
seger, sanaosa namung lawuh kuluban ron kates kalihan sambel klapa, kawewahan
dhendheng kidang asil anggenipun mbebedhag Sukmana kala emben.
Sinambi
nedha, Nyai Palir nyariyosaken kedadosan ingkang dipun alami. Wiwit dipun
purugi dening Ki Lurah, Ki Jagabaya Tampeng lan Raden Mas Daksina
sapendherekipun, ngantos piyambakipun nekad mlajar ing wanci tengah dalu badhe
nusul ingkang jaler, ingkang nembe mbara kerja ing Pangapitan, jebul malah
kepanggih ing tengah margi.
“Dados
kula inggih boten mangertos menawi Raden Mas Daksina kalihan
rencang-rencangipun nututi plajeng kula, Ngger” Nyai Palir mungkasi anggenipun
cariyos “andilalah Gusti ngersakaken Kakang Palir lan sedherek-sedherek menika
kepanggih kula ing mriki, saha wekasanipun Angger Sukmana rawuh anyarengi kula
badhe kabekta mlajar dening Raden Mas Daksina kala wau”.
“Dados
ingkang kula gibeng lajeng mlajeng kala wau, naminipun Raden Mas Daksina taksih
putranipun Kyai Gendirireng ingkang kondhang sekti mandraguna menika? Saha siswa
kinasih saking Kyai Nagalanang ingkang dados sesembahanipun Ki Lurah Brendhilan
lan para kawulanipun menika?”.
“Ngakenipun
mila makaten Ngger, dene leres lan botenipun kula boten mangertos”
wangsulanipun Nyai Palir.
“Nuwun
sewu Bibi” Sukmana taken dhateng Nyai Palir malih “ing lelampahan menika
mliginipun nalika Ki Lurah Brendhilan murugi griyanipun Bibi kala wingi, Paman
Dungkul lan Paman Dhangkal menapa boten mangertos?”
“Lho
Kakang Dungkul kalihan Kakang Dhangkal rak sami kalihan Kakang Palir ta Ngger?
Sami-sami anggenipun mbara kerja dhateng Pangapitan. Kekalihipun inggih nuju boten
wonten Brendhilan, tiyang Kakang kekalih menika langkung awis sambang griya
menawi dipun tandhingaken kalihan Kakang Palir” Nyai Palir suka wangsulan .
Sukmana
manthuk-manthuk, lajeng kemutan kalihan ingkang nate dipun aturaken Ki Palir
dhateng Ki Lurah Pangapitan, ingkang Sukmana ugi tumut mirengaken, bilih Ki
Dungkul lan Ki Dhangkal menika estu pandherekipun Kyai Nagalanang ingkang setya.
Lan Ki Palir ugi matur bilih dereng kantenan menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal
ingkang pamit badhe sambang griya menika estu-estu badhe wangsul dhateng
griyanipun, saged ugi menika namung damel pawadan anggenipun badhe manggihi
para pepundhenipun ingkang wonten ing Padhepokan Gendirireng utawi ing
Padhepokan Nagalanang.
“Inggih,
inggih ngaturaken genging panuwun Bibi” sareng radi sawatawis kendel Sukmana
lajeng wicanten malih “samangke gentos kula ingkang badhe caos kabar dhateng
Paman Palir magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.
“Inggih
Ngger” Ki Palir suka wangsulan “suwawi tumunten kababarna pawarta ingkang
wonten sambung rapetipun kalihan sedherek jaler kula kekalih menika”.
“Namung
kabar sepele Paman” Sukmana wicanten kalihan mesem “ingkang ndika aturaken
dhateng Bapa kala wingenane menika nyata leres”.
“Leres
kados pundi Ngger?”
“Paman
Dungkul lan Paman Dhangkal mila sampun wangsul dhateng Pangapitan malih, malah
mbeta rencang cacah sekawan. Kala wau nalika kula badhe bidhal nusul ndika,
Paman Dungkul lan Paman Dhangkal dhateng Kalurahan badhe kepanggih Bapa kalihan
nganthi kancanipun sekawan kala wau, badhe matur menapa dhateng Bapa kula
dereng mangertos, awit kula lajeng bidhal nusul ndika niki wau”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar