014.
Raden
Mas Daksina lajeng nyaketi kapalipun ingkang kala wau dipun cancang lan dipun
singidaken ing gegrumbulan watawis seket jangkah saking papanipun tiyang-tiyang
ingkang sami kerengan menika. Kapal lajeng dipun tuntun nyaketi papanipun Nyai
Palir. Nyai Palir ingkang nembe kasengsem ningali anggenipun perang tandhing
ingkang jaler babar pisan boten sumerep menawi nembe dipun rindhik dening Raden
Mas Daksina saking katebihan. Ngertos-ngertos sareng Raden Mas Daksina kantun
watawis sedasa jangkah saking papanipun. Jalaran Raden Mas Daksina nyandhung
pang garing ingkang malangi margi temah putung lan nuwuhaken suwanten ingkang
radi banter, ndadosaken Nyai Palir noleh dhateng asalipun suwanten temah
sumerep Raden Mas Daksina ingkang nyaketi papanipun kalihan nuntun kapal.
Sakala Nyai Palir kaget, meh kemawon njerit. Rahayunipun Nyai Palir kemutan
menawi ngantos piyambakipun njerit tartamtu badhe ngagetaken ingkang jaler
ingkang nembe ngadhepi mengsah. Boten sengaja Nyai Palir ngebahaken tanganipun
kangge nutupi tutukipun, lan mripatipun tanpa kedhep ngulati ingkang nembe
dugi.
“Aja
kaget lan aja wedi Nyai…..” ngertos menawi dipun ulati Nyai Palir, Raden Mas
Daksina lajeng wicanten alus, esemipun angrenggani lathi. Tangsul lising kapal
ingkang kala wau dipun cepengi mawi tangan kering, dipun uculi. Kapal ingkang
sampun lulut lan ambandara menika boten dipun cepengi malih.
“Jengandika
badhe menapa Den Mas?” kanthi mripat murup Nyai Palir pitaken dhateng Raden Mas
Daksina.
“Nek
guneman aja banter-banter, wong ayu” suwantenipun Raden Mas Daksina panggah
kapireng alus “mesakna marang Kang Palir, nek wonge kaget, kawigaten marang
sing diadhepi bisa buyar, lan iku banget mbebayani”.
Dipun
emutaken makaten menika, Nyai Palir sansaya rapet anggenipun nutupi tutukipun
mawi tangan. Lan Raden Mas Daksina inggih lajeng sansaya nyaket.
“Ngene
lho wong ayu” wicantenipun Raden Mas Daksina sasampunipun caket kalihan Nyai
Palir “tak sawang saka kadohan, kahanane Kang Palir kae sansaya nguwatiri,
semono uga karo kanca-kancane wong telu kae. Mula sadurunge kebacut ana
kedadean rajatatu munggahe dadi rajapati, apa ora luwih becik yen sing padha
kerengan kae dipisah?”.
“Kersa
jengandika kados pundi Denmas?” mireng wicantenipun Raden Mas Daksina makaten
menika, Nyai Palir kraos ngungun, mila lajeng pitaken.
“Aku
ora kepengin ing papan kene ana rajatatu utawa rajapati, wong ayu”
wangsulanipun Raden Mas Daksina kalihan mesem “nanging kuciwane aku ora bisa
ngundurne sing lagi padha ngudang gegamane kae. Lan miturut pamawasku, ora ana
sing bisa misah sing lagi padha kepengin gawe cilakane sing diadhepi kae,
kajaba mung sliramu, wong ayu”.
“Jengandika
sampun ngajak gegujengan Denmas” wangsulanipun Nyai Palir, suwantenipun sampun
boten atos kados wau “jengandika kemawon ingkang pria gagah prakosa, ngendika
menawi boten kuwawi ngendheg ingkang sami pasulayan menika, menapa malih namung
kula sak drajate tiang estri ingkang karubyung kabotan pinjung menika?”.
“Aku
ora guyon Tandur” Raden Mas Daksina wangsulan malih “sliramu mula bisa gawe
paprangan sing tanpa guna iku bakal sirep padha sakala. Yen sliramu durung
ngerti carane, aku saguh nuduhi”.
“Inggih,
kados pundi caranipun Denmas?”
Raden
Daksina sansaya nyaket lajeng suka wangsulan kalihan mesem :
“Sliramu
manut aku wae, saiki ayo ndherek aku kundur menyang Kasatriyan ing sacakete
Pandepokan Gendirireng, ayo tak kanthi nitih jaran sing wis sumadya kae.
Nanging sadurunge awake dhewe budhal, prayoga sliramu kandha marang Kang Palir
yen katresnanmu marang dheweke wis entek tekan kene, sabanjure katresnanmu mung
bakal mbok wenehake marang aku ………”
“Cukup!”
dumadakan Nyai Palir wangsulan radi seru lan mripatipun ketingal murup malih
angulati dhateng Raden Mas Daksina “ora ana gunane aku basa marang ndika heh
Raden Mas Daksina, menungsa sing ngakune duwe drajat luhur nanging lakumu luwih
nggilani tinimbang lakune Iblis. Ora bakal aku nyidrani katresnanku marang
Kakang Palir, luwung mati tinimbang aku ngladeni ndika, sing mung blegere wae
menungsa nanging teku ndika luwih asor tinimbang kewan…..”
“Sasenengmu
anggonmu arep guneman, Tandur” Raden Mas
Daksina munggel rembagipun Nyai Palir “sing baku dina iki sliramu kudu ndherek
aku kundur marang kasatriyan lan dadi garwa selirku. Sliramu wis ora bakal bisa
budi maneh, ora bisa mlayu menyang ngendi-endi. Bisamu mung kari manut lan
nurut marang sing dadi kersaku”.
Kalihan
wicanten Raden Mas Daksina sansaya majeng, tekadipun Nyai Palir badhe dipun
ruket lan kabekta nunggang kapalipun. Nanging, dumadakan saking waliking kemben
Nyai Palir ngedalaken patrem, ndadosaken Raden Mas Daksina kandheg
anggenipun badhe angruket Nyai Palir.
“Aja
kaya mangkono kuwi wong ayu” Raden Mas Daksina wicanten alon “ora becik wong
wadon seneng dolanan gaman landhep, ngertia Tandur, nek mung ngadhepi gaman
kaya sing mbok cekel kuwi wae, aku ora bakal wedi. Apa maneh nek sing nyekel mung
wadon ayu kaya kowe he he he….”.
“Kaya
sing tak kandhakne mau Daksina” Nyai Palir wangsulan kalihan nggeget untu
“luwih becik aku mati tinimbang dadi papan panyuntaking napsu kewanmu, Patrem
iki wis tak unus saka wrangkane, yen ora bisa ngendhegne polahmu luwih becik
tak sudukne dhadhaku dhewe…..”.
Rampung
mungel makaten menika, Nyai Palir lajeng ngeremaken mripatipun. Lathinipun
umak-umik nyebut asmanipun Ingkang Maha Agung, nyuwun pangaksami awit ngrumaosi
badhe nindakaken prakawis ingkang dados pepacuhing agami, inggih menika nganyut
tuwuh suduk salira. Sadaya menika kapeksa katindakaken labet ajrih menawi
ngantos kabekta dening pria ingkang murang tata. Inggih kalodhangan menika
ingkang lajeng dipun ginakaken dening Raden Mas Daksina. Tanganipun Nyai Palir ingkang
nyepengi patrem kenging dipun saut. Ugel-ugel tanganipun Nyi Palir dipun gegem
kenceng semu dipun cengkerem, temah patrem ingkang dipun cepeng dhawah ing
siti. Raden Mas Daksina lajeng ngrangkul lan ngruket Nyai Palir, ingkang lajeng
kroncalan awit bangga boten purun dipun ruket, nanging inggih tanpa pedah, jalaran
kekiyatanipun Raden Mas Daksina mila tebih langkung rosa tinimbang Nyai Palir.
Inggih awit tansah polah, ndadosaken sinjangipun Nyai Palir nyingkap. Raden Mas
Daksina geter dhadhanipun, boten sranta Nyai Palir lajeng dipun bopong kalih
dipun arasi, sanadyan tanganipun Nyai Palir lajeng nyakar saliranipun inggih
boten dipun reken. Dangu-dangu kekiyatanipun Nyai Palir telas, lajeng semaput
ing pondhonganipun Raden Mas Daksina.
Raden
Mas Daksina rumaos bingah, kalihan mesam-mesem Nyai Palir dipun beta nyaketi
kapalipun. Nanging boten ngertos sangkan paraning bilahi, dumadakan Raden Mas
Daksina kraos menawi saking wingking wonten tiyang ingkang njawil pundhakipun.
Sakala Raden Mas Daksina noleh, kepengin mangertos sinten ingkang sampun njawil
pundhakipun menika. Inggih nalika noleh
menika, dumadakan wonten kepelan ingkang nyamber uwangipun. Sakala Raden Mas
Daksina rebah ing siti kalihan mbengok sambat sakit. Nyai Palir ugi lajeng
mrucut saking pondhongan, dhawah ing siti ndadosaken emut saking anggenipun
semaput. Kalih setengah ngesot Nyai Palir nebihi Raden Mas Daksina ingkang ugi
nembe glenteran ing siti kalihan gereng-gereng, jebul saking tutukipun Raden
Mas Daksina ngedalaken rah lan wonten untunipun ingkang ucul saking gusi,
jalaran kenging gibengan ing uwangipun dening paraga ingkang wau njawil
pundhakipun.
“Ayo
tangia leganing atiku” tiang ingkang nembe dugi lan nggibeng Raden Mas Daksina
menika wicanten, kalihan tanganipun ngepel sukunipun siyaga pasang kuda-kuda “yen
nyata lanang tenan, ayo adhepana aku, aja rumangsa wis peng-pengan dumeh kowe
bisa ngalahake wanita”.
Mireng
sumbaripun tiyang ingkang nggibeng uwangipun ingkang ndadosaken rampal
untunipun makaten menika, Raden Mas Daksina lajeng tangi. Ngadeg. Nanging jebul
sirahipun taksih kraos mumet, pandulunipun klemun-klemun. Nggraita salebeting
manah, badhe manggih kawirangan menawi wantun lumawan. Boten sranta lajeng
mlumpat ing gigiring kapalipun, kapal dipun gebrag wantun, mlajar nilaraken
papan mriku kalihan nyukani sasmita dhateng rowang-rowangipun murih mlajar
sedaya.
Kocapa
Ki Jagabaya Tampeng tuwin para pendherekipun Raden Mas Daksina ingkang sampun
kethetheran ngadhepi mengsahipun, dupi nampi sasmita saking pepundhenipun boten
sranta ugi lajeng sami mencolot mundur, sedaya sami mlajar nilar mengsahipun,
sami madosi kapalipun piyambak-piyambak ingkang kala wau dipun cancang lan dipun
singidaken ing papan ingkang boten tebih saking mriku. Boten dangu kepireng
suwantenipun tracaking kapal ingkang nebihi papan ingkang wau dados papan
kerengan. Gothot, Wala lan Dana lajeng sami nyaketi Ki Palir ingkang taksih
ngadeg ing papanipun.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar