Total Tayangan Halaman

Minggu, 17 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (13)


 

013.

        Ki Lurah Brendhilan ingkang ugi sampun dangu mangertos wewatakanipun Raden Mas Daksina, ingkang boten saged ngampet raosipun menawi sumerep bathuk radi klimis, boten patos kaget kalihan dhawuhipun Raden Mas Daksina makaten menika. Lan Ki Brendhilan ugi boten badhe wantun ndaga dhawuh saking putranipun Kyai Gendirireng ingkang sekti mandra guna kawewahan anggegem panguwaos ingkang ageng menika. Malah kepara kangge langkung pinitados dening Kyai Gendirireng minggahipun dening Kyai Nagalanang, badhea kados menapa Ki Lurah badhe angrojongi sedaya ingkang dados kersanipun Raden Mas Daksina. Namung kemawon, gandheng ing Brendhilan menika mila kalebet kathah pawestri ingkang kasinungan warni ingkang sulistya, inggih wiwit ingkang taksih legan, sampun kawengku ing pria ugi ingkang sampun randha, pramila Ki Lurah lajeng nyuwun pirsa dhateng Raden Mas Daksina, ingkang badhe kakersakaken menika ingkang pundi?.

        Raden Mas Daksina dhawuh menawi dereng mangertos naminipun wanita ingkang sampun damel kunjananing manahipun menika, nanging Raden Mas Daksina nyukani ancer-ancer wanita ingkang dipun kersakaken menika ingkang manggen ing griya sawetaning margi tikungan, ingkang plawanganing plataran wonten taneman Blimbing Wuluh cacah kalih manggen ing sakanan keringipun plawangan. Ki Lurah Brendhilan radi kaget manahipun, nanging inggih boten dangu. Griya ingkang plawanganing plataran wonten taneman Blimbing Wuluh kanan lan kering menika boten sanes griyanipun Ki Palir. Dados wanita ingkang sampun damel gandrungipun Raden Mas Daksina menika boten sanes malih inggih semahipun Ki Palir ingkang nami Nyai Tandur. Mila Nyai Tandur menika nyata wanita ingkang sulistyeng warna, jaman prawanipun kondhang minangka kembang dhusun Brendhilan. Dipun semah dening Ki Palir mila dereng dangu, taksih dereng jangkep setunggal tahun lan dereng katingal badhe gadhah yoga.  

        “Nyuwun pangapunten Den Mas” Ki Brebdhilan lajeng matur “pawestri ingkang jengandika kersakaken menika, estunipun sampun lola wiwit alit, gesangipun tumut simbahipun ingkang samangke sampun ngajal. Naminipun Tandur…..”

        “Jenenge Tandur lan wis lola ora duwe sapa-sapa maneh Ki Lurah?” Raden Mas Daksina munggel aturipun Ki Lurah “yen mangkono malah tiba kabeneran, bocah lola kuwi tak kukube lan tak mulyakne uripe sarana dadi selirku kang kaping pitu”.

        “Nyuwun pangapunten Den Mas” Ki Lurah atur wangsulan “watawis setunggal tahun kapengker, Tandur sampun dipun semah dening Palir, inggih kawula ing Dhusun Brendhilan mriki”.

        “Tandur wis dirabi Palir?” Raden Mas Daksina pitaken malih dhateng Ki Lurah “Palir kuwi kawula lumrah, nyambut gawene dagang apa tani, apa kalebu Pamong Desa Brendhilan kene? Wis melu dadi murid Paguron Gendirireng apa durung?”.

        “Pangupajiwanipun Palir menika inggih namung ulah tetanen, ingkang dipun sambi berah-berah dodolan bau, jalaran mila sabin lan garapanipun boten wiyar lan boten anyekapi menawi kangge gesang. Lan ing dinten samangke, Palir malah kesah mbara kerja dhateng Dhusun sanes, inggih menika ing Dhusun Pangapitan, semahipun dipun tilar ing griya piyambakan lan dipun sambangi saben wulan sepisan. Palir mila sampun ndherek dados siswanipun ingkang rama, Den Mas” wangsulanipun Ki Lurah ngaturaken pagesanganipun Ki Palir.

        “Hm…. sansaya trenyuh rasaning atiku” Kalihan radi nggereng Raden Mas Daksina nyauti aturipun Ki Lurah Brendhilan “memelas temen uripe Tandur, ing atase dheweke kuwi wanita kang sampurna kahanane, teka mung dadi bojone Palir wong lanang sing uripe kesrakat. Iki jeneng ora adil Ki Lurah!. Ora kena diterus-terusake!”

        “Lajeng kersanipun Den Mas?”

        “Mau aku rak wis kandha ta?” wicantenipun Raden Mas Daksina wiwit radi inggil “aku kepengin njunjung drajate Tandur. Lan yen Tandur panggah isih dadi sisihane Palir, tangeh bisane Tandur munggah drajate malah kepara cepak mlorote. Mula Tandur kudu dipegatake karo Palir, sabanjure Tandur bakal tak pundhut dadi garwa selirku, Dene Palir, merga dheweke iku isih pandhereke Bapa Gendirireng, mula sanajan satemene kena dianggep luput merga ora bisa ngepenakake uripe sisihane malah kepara nambahi sengsarane, babar pisan ora bakal nampa pidana apa-apa. Malah cawisna brana picis sacukupe minangka pisungsung ndika marang aku, banjur wenehna marang Palir samangsa-mangsa dheweke sambang omah. Lan kandhanana pisan supaya Palir ora nggoleki Tandur maneh, jalaran Tandur wis dudu bojone maneh. Tandur wis mukti merga tak pundhut dadi garwaku. Sabanjure, sesuk dherekna aku menyang omahe Tandur, kandhakna kabeh sing dadi kersaku iki marang dheweke. Sesuk bengi, bakal tak wedharake apa sing dadi dhawuhe Bapa Gendirireng marang ndika lan marang kabeh para siswa ing Brendhilan kene, esuke aku kundur menyang Padhepokan karo nganthi Tandur sing wis dadi garwa selirku.”

        “Inggih Denmas, sendika ngestokaken dhawuh” .

        Sasampunipun rembagan makaten menika kala wau, Raden Mas Daksina nembe saged tilem. Dinten candhakipun kalihan kadherekaken Ki Lurah Brendhilan, Ki Jagabaya Tampeng saha Durma lan Gati, kekalihipun cantrik saking Padhepokan Gendirireng, Raden Mas Daksina lajeng murugi griyanipun Tandur. Pendherek sanesipun saking Padhepokan kadhawuhan ngrantos ing dalem Kalurahan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Tandur ingkang boten nginten menawi badhe kedhatengan Ki Lurah lan tiyang-tiyang kala wau rumaos kaget manahipun, kanthi manah ingkang trataban piyambakipun matur dhateng Ki Lurah “mugi Ki Lurah pirsa bilih dinten menika Kakang Palir nembe boten wonten griya”.

        “Aku wis ngerti Nyai, nek Palir dina iki isih mbara kerja ing Pangapitan, iya ta?” wangsulanipun Ki Lurah kalih mesem semanak “nanging tekaku kene iki mau, ora merga nggoleki Palir. Nanging  ndherekne Denmas Daksina, putrane Bapa Guru Kyai Gendirireng, sing sedhela maneh bakal kawisuda dadi Tumenggung ing Majapahit Anyar, Pepundhenku Raden Mas Daksina ngersakake ketemu karo keng slira, Tandur.”

        Tandur nembe mangertos menawi priya gagah ingkang sandhanganipun ketingal endah lan mramong menika naminipun Raden Mas Daksina, putranipun Kyai Gendirireng, ingkang dipun pundhi-pundhi dening sedaya tiyang ing Dhusun Brendhilan.

        “Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika ing rompok kula menika Denmas, bekti kula mugi katur” gurawalan Tandur mbagekaken Raden Mas Daksina.

        “Iya-iya Nyai pangabektimu wis tak tampa lan gawe leganing atiku, pangestuku wae gage tampanana” Raden Mas Daksina suka wangsulan kalihan manah ingkang sakalangkung remen, suwantenipun Nyai Palir kapireng ing talinganipun Raden Mas Daksina kados rerepening hapsari saking kaswargan.

        “Nuwun inggih pangestu jengandika kula pundhi mugi dadosa jimat Denmas” wangsulanipun Nyai Palir kalihan kurmat “lajeng badhe paring dhawuh menapa dene Denmas kepareng manggihi kula menika Denmas?”.

        Raden Mas Daksina boten tumunten suka wangsulan, malah lajeng njawil tanganipun Ki Lurah Brendhilan, suka sasmita murih Ki Lurah Brendhilan anyulihi mangsuli pitakenipun Tandur.

        Ki Lurah Brendhilan lajeng ndumugekaken sedaya ingkang dipun dhawuhaken dening Raden Mas Daksina kala dalu dhateng Nyai Palir.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun kendel sawatawis awit saking kageting manah, nampi rembag saking Ki Lurah Brendhilan ingkang makaten menika, Nyai Palir lajeng suka wangsulan “kula menika rak semahipun Kakang Palir, menapa boten prayogi menawi Ki Lurah mundhut pamanggihipun Kakang Palir langkung rumiyin?”

        “Iki dhawuh saka Denmas Daksina Nyai, dadi kudu ndika lakoni. Ora kena dibantah utawa diselaki nganggo pawadan apa wae. Jalaran dhawuhe Denmas Daksina kuwi padha karo dhawuhe Kyai Gendirireng. Sing sapa wonge wani mbantah dhawuhe Kyai Gendirireng padha wae wani marang Kyai Nagalanang, sesembahane awake dhewe kabeh kang wenang murba lan masesa beja lan cilakane manungsa sa ngalam donya iki”.

        Nyai Palir sampun boten saged wangsulan malih, kajawi namung ndhingkluk kalihan mripatipun wiwit kaca-kaca.

        “Aja kakehan sing mbok pikir mBokayu” Ki Jagabaya Tampeng ingkang taksih sedherek nak dherekipun Tandur, ingkang wiwit wau namung kendel kemawon, sareng Nyai Palir ketingal menawi bingung manahipun, lajeng tumut wicanten “wiwit sesuk esuk uripmu wis beda, dadi kajen kineringan, sebutanmu wis beda, malih dadi mBok Mas Rara, wong-wong sing kulinane njangkar wae marang awakmu, klebu Ki Lurah luwih-luwih aku, bakal malih dadi tundhuk lan mundhuk-mundhuk yen kepethuk ndika. Saya maneh yen wis klakon Denmas Daksina winisuda dadi Tumenggung sansaya luhur maneh drajat sing bakal ndika sandhang. Saiki ndika tumuli tata-tata, barang pengaji apa sing sakirane pantes ndika gawa ndherekne Denmas Daksina………..”.

        Raden Mas Daksina mesem, kemutan lelampahan dinten kala wingi. Meh kemawon manahipun pepes nalika kala wau enjing sumerep griyanipun Tandur sampun suwung. Katujunipun Ki Jagabaya Tampeng nggadhahi panginten menawi kesahipun Tandur  saking griya menika badhe nusul ingkang jaler dhateng Pangapitan. Lan Ki Jagabaya ngajak mbujung nututi Nyai Palir. Samangke Tandur sampun wonten ngajengipun. Kantun mbeta mlajeng, mumpung Ki Palir taksih repot ngunggar kasudiran kalihan Durma, Cantrik saking Padhepokan Gendirireng.

 

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...