012.
Sansaya
dangu Ki Jagabaya sansaya kemropok, langkung-langkung sareng Dana
wongsal-wangsul saged mimpangaken menawi nuju adu kekiyatan. Inggih nalika
seranganipun Ki Jagabaya saged dipun tangkis dening Dana, Ki Jagabaya mesthi
kontal lajeng adegipun glayaran malah kadhang ngantos dhawah menapa, sawatawis
Dana sanaosa ugi kontal dhateng wingking nanging boten ngantos glayaran, namung
kuda-kudanipun kemawon ingkang ambyar. Kalih waringutan Ki Jagabaya nunten
ngedalaken dedamelipun ingkang ugi wujud pedhang . Tekading manahipun Ki
Jagabaya, Dana badhe dipun sirnakaken kemawon.
Dana
ingkang ugi sumerep menawi Ki Jagabaya sampun mandi Pedhang, ugi lajeng
nimbangi kanthi ngunus pedhangipun ugi.
“nDika
pancen kurang sabar Ki Jagabaya” kalihan ngangkat pedhangipun Dana wicanten
dhateng Ki Jagabaya “kudune kerengan iki ora kudu nggunakne gegaman, merga
matane gegaman kuwi ora bisa nyawang. Bisa mbebayani tumrap sapa wae”.
“Ha
ha ha ha….. Aja kakehan omong kowe Dana” wangsulanipun Ki Jagabaya kalihan gumujeng
ngakak “yen pancen kowe wong sing jirih weruh getih, wedi marang pati, saiki
uga mumpung aku isih durung nesu, kowe pasraha lan minggata saka kene, aja
ngganggu nggonku arep aweh pidana marang Murid Murtad Si Palir kae. Ngertia,
aku tenane uga ora seneng gawe pepati kajaba yen kapeksa”.
“Semono
uga aku Ki Jagabaya” Dana males suka wangsulan “tenane aku ya wegah kerengan
karo sapa wae, nanging yen ana wong sing seneng meksa supaya wong liya nuruti
kekarepane sing ora tinemu nalar, aku panggah ora bakal narimakake. Mligi
kanggo Ki Palir, aku wis kadhung saguh arep atur bebela marang panjenengane sing
lagi nindakne lekas mulyane ya iku bali marang dalan kang bener, mula kaya sing
tak kandhakne neng ngarep aku ora wedi mati mbelani Ki Palir sing manggon bener.
Dadi nek kowe wani nekad arep nggunakne pedhangmu, aku ya ora kabotan ngladeni,
nganti tumetesing getih kang pungkasan”.
“Setan
alas” Ki Jagabaya nggetak kalih misuh “Klakon dadi bathang neng alas kene
tenan, kowe Dana”
Tiyang
kalih lajeng wangsul adu kasudiran. Kekalihipun nyata-nyata prigel ngginakaken
pedhang ing tangan, temah menawi katingalan ketingal endah nengsemaken, nanging
sanget anggenipun mbebayani.
Sawatawis
menika, Raden Mas Daksina ingkang wiwit wau namung ningali rowang-rowangipun
sami perang, rumaos cuwa manahipun. Awit piyambakipun babar pisan boten nginten
manawi Ki Palir lan rencang-rencangipun menika nggadhahi kalangkungan ing ulah
kanuragan, Nanging kanyatanipun, Ki Jagabaya jebul boten tumunten saged
ngasoraken Dana. Para panandherekipun piyambak ingkang menawi ing gladhen
kanuragan ing padhepokan ketingal langkung onjo tinimbang kanca-kancanipun
jebul boten kados ingkang dipun ajeng-ajeng, sareng ngadhepi Ki Palir, Gothot
lan Wala.
Sansaya
dangu anggenipun ningali, sansaya kuwatos manahipun Daksina. Boten ketingal
wonten tandha-tandha menawi Ki Jagabaya lan para pendherekipun saged mimpang
ing paprangan alit menika. Malah kepara boten mokal menawi Ki Jagabaya lan para
siswa saking Paguron Gendirireng badhe dipun kawonaken dening Ki Palir lan
rencang-rencangipun.
“Hm…..
aku kudu tumuli tumandang, ” Daksina nggereng piyambakan “yen ora, bisa-bisa
Jagabaya Tampeng karo bocah-bocah kuwi digawe wirang dening Palir lan
kanca-kancane kae”.
Daksina
lajeng nyilakaken nyampingipun, ngencengi koloripun, ing pangangkah badhe
ngrencangi Ki Jagabaya Tampeng langkung rumiyin. Awit mila kawontenanipun Ki
Jagabaya sansaya ketingali ndrawasi, wongsal-wangsul sampun kepireng anggenipun
misuh-misuh, awit pucuk pedhangipun Dana kuwawa nggaritaken tatu ing gegeripun
Ki Jagabaya. Daksina ugi lajeng ngliga pedhangipun, lajeng jumangkah badhe
mrepegi papanipun Ki Jagabaya kerengan kalih Dana.
Nanging,
dumadakan Daksina mandheg, mripatipun sumerep cikar mandheg, ingkang lembunipun
dipun cancang. Lan ing sacaketing cikar menika ketingal pawestri ingkang dedeg
poyadegipun, pasuryanipun, pakulitanipun, lan sanes-sanesipun sampun damel getering
birahinipun. Tandur, inggih semahipun Ki Palir, ingkang kala wau dipun tembung
badhe dipun dadosaken garwa ampilipun.
Wekdal
niku Nyai Palir mila nembe linggih piyambakan ing wit ingkang rebah sacaketing
cikaripun Gothot. Nyi Palir nembe kasengsem ngulati kakungipun ingkang ander
pati kalihan mengsahipun. Wongsal-wangsul Nyai Palir tanpa kraos tumut ebah,
ngetutaken ebahipun ingkang jaler. Menawi nuju Ki Palir katleyek mundur, Tandur
tumut nutupi tutukipun. Menawi Ki Palir nuju ndheseg mengsahipun, Tandur tumut
ngepel-ngepelaken gegemanipun. Menawi Ki Palir kenging pupuh utawi dugang saking
mengsahipun, Nyi Palir ugi kados-kados ngraosaken sakit, nanging menawi Ki
Palir saged damel mengsahipun dhawah glangsaran ing siti, Tandur ugi katut
getem-getem kalihan nggegetaken untunipun.
Raden
Mas Daksina mrangkakaken malih pedhang ingkang sampun diunus. Lajeng
ngleresaken nyampingipun malih, kalih mesam-mesem piyambak Daksina mlampah
nylingker, badhe nyaketi papanipun Nyai Palir. Daksina mila sampun kedanan
dhateng Nyai Palir, wiwit piyambakipun dumugi ing Dhusun Brendhilan tigang dinten
kapengker. Estunipun anggenipun sanja dhateng Brendhilan kala emben menika,
Raden Mas Daksina ngemban dhawuhipun Kyai Gendirireng murih mirsani kadospundi
gregeting para siswa ingkang wonten Brendhilan anggenipun gladhen kanuragan.
Jalaran Kyai Gendirireng sampun nampi prentah saking Kyai Nagalanang murih
sansaya nggrengsengaken para siswa anggenipun sami gladhen, jalaran boten dangu
malih ing Patalan badhe kakepyakaken jumenengipun Prabu Brawijaya Patalan,
Inggih Prabu Brawijaya Patalan menika ingkang piniji dening Dewa jumeneng Nata
ing Majapahit enggal. Lan sasampunipun kajumenengaken Nata Majapahit ing
Patalan, Prabu Brawijaya Patalan badhe nglurug perang, ngrabasa Mataram
sesarengan kalihan Kyai Nagalanang, para siswa sedaya kawajibaken ndherek.
Pramila Raden Mas Daksina boten namung kadhawuhan mirsani gladhenipun para
siswa ing Brendhilan kemawon, nanging ugi kadhawuhan nyobi dugi sepinten kaprigelan
lan kadigdayanipun para siswa ing Brendhilan. Anggenipun ngayahi jejibahan ing
Brendhilan menika dipun biyantu dening cantrik-cantrikipun Kyai Gendirireng
ingkang sampun mumupuni ing reh kanuragan.
Raden
Mas Daksina dumugi ing Brendhilan sampun radi sonten, srengenge sampun radi
mandhap ing cakrawala sisih kilen. Nyarengi tiyang-tiyang dhusun sami reresik
salira wonten ing lepen lan sendhang. Inggih nalika samanten, Raden Mas Daksina
ingkang nunggang kapalipun alon-alonan, papagan kalihan pawestri ingkang saliranipun
weweg lencir, pakulitanipun jene, pasuryanipun mencorong kados sunaring
rembulan ing wanci purnama. Palarapaning pawestri kala wau ketingal anyela
cendhani, alis njlirit nanggal kapisan, mripat lindri-lindri amantesi, pipi
anduren sajuring, irungipun ngrungih kados kencana tinatar, lathinipun ketingal
abrit kados manggis karengat, gulu ngolan-olan. Sansaya mangandhap anggenipun
ningali Raden Mas Daksina dhateng pawestri kala wau, sansaya ndadosaken jantungipun
kraos gemeter. Pawestri ingkang ngindhit klenthing isi toya, menika namung
ngangge sinjang, kadamel pinjungan, temah ketingal garesing suku ingkang nglabu
dawa. Dereng ngantos tuwuk Raden Mas Daksina anggenipun ningali, kaselak
pawestri kala wau menggok mlebet dhateng griyanipun. Raden Mas Daksina inggih
nunten nglajengaken lampah dhateng Dalem Kalurahan Brendhilan.
Dalunipun
Raden Mas Daksina boten saged jenjem manahipun, lan nalika Ki Lurah lan para
Pamong Dhusun ambagekaken duginipun, anggenipun suka wangsulan kados tiyang
bingung. Anggenipun jagongan rembagipun kathah ingkang boten nyambung. Wewayanganing
pawestri ingkang kepanggih ing margi kala wau tansah kumanthil-kanthil ing
padoning mripatipun Raden Mas Daksina. Kamangka nalika samanten Raden Mas
Daksina nembe selapan dinten mundhut garwa klangenan malih, mewahi garwanipun
ingkang sampun cacah gangsal.
Solah
bawa lan slaganipun Raden Mas Daksina ingkang benten kalihan padatan lan
nganeh-anehi makaten menika saestu ndadosaken bingungipun Ki Lurah Brendhilan.
Dening Ki Lurah para pamong ingkang suwaunipun dipun klempakaken kangge nampi
dhawuh ingkang dipun beta dening Raden Mas Daksina, lajeng sami kadhawuhan
wangsul. Sasampunipun kawontenan Dalem kalurahan sepen, para pandherekipun
Raden Mas Daksina ugi sampun sampi mapan ing gandhok kangge kendel, Ki Lurah
lajeng nyuwun pirsa dhateng Raden Daksina sampun wonten kedadosan menapa dene
Raden Mas Daksina ngantos kados makaten menika.
Raden
Mas Daksina nunten waleh dhateng Ki Lurah menawi manahipun kataman jemparinging
Sang Hyang Asmara. Anggenipun sampun kepanggih kalihan wanita ingkang tuhu
sulistyeng warna kala wau sadaya dipun cariyosaken dhateng Ki Lurah Brendhilan,
kalebet anggenipun dereng ngantos marem ningali sampun kaselak wanita kala wau
mlebet dhateng griyanipun.
“Mula
saka kuwi Ki Lurah, mesisan gawe aku dhawuh marang ndika” Raden Mas Daksina
mungkasi anggenipun cariyos kalihan paring prentah dhateng Ki Brendhilan “ndika
kudu bisa mbudidaya murih sedyaku bisa kasembadan. Ya iku aku kepareng arep
njunjung drajate kawula ndika sing ora liya bocah wadon sing kepethuk aku mau,
dheweke bakal tak muktekake tak pundhut garwa ampil kang angka pitu. nDika ora
tak keparengake selak utawa ndaga dhawuhku iki Ki Lurah, malah yen nganti
sedyaku iki ora kasembadan, ndika aja ngluputake aku yen nganti ndika tak
patrapi pidana sing abot”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar