011.
Ki
Jagabaya Tampeng sansaya muntab manahipun awit dipun penthelengi dening Ki
Palir makaten menika. Tumrap Ki Jagabaya, Ki Palir menika boten wonten
menapa-menapanipun, dereng wonten tinonipun Ki Palir menika kerengan kalihan
tiyang sanes lajeng mimpang makaten. Ki Jagabaya ugi ngertos menawi Ki Palir
menika mila boten remen gladhen ulah kanuragan, rumiyin mila nate dipun gladhi
dening tiyang sepuhipun ingkang ugi salah satunggaling dhukun kanuragan,
nanging sasampunipun Ki Anggira pejah, Ki Palir kendel boten nate sinau ulah
kanuragan malih. Malah nalika para siswanipun Kyai Gendirireng dening Ki Lurah
Brendhilan dipun wajibaken tumut gladhen kanuragan, Ki Palir pilih atur
pisungsung dhateng Ki Lurah murih kaparengaken boten tumut gladhen. Pramila
dupi sumerep menawi Ki Palir sajak boten trimah dipun getak lan dipun pisuhi,
Ki Jagabaya dados sakalangkung anggenipun nesu. Ngiras pantes badhe nedahaken
kasetyanipun dhateng Daksina, Ki Jagabaya badhe ngajar Ki Palir babar pisan,
sanaosa estunipun antawisipun Ki Palir lan
Jagabaya Tampeng menika taksih wonten sambeting sedherek, awit semahipun
Ki Palir, Tandur, menika taksih kaprenah mbokayu nak dherek kalihan Ki
Jagabaya. Ewa samanten Ki Jagabaya boten badhe tidha-tidha malih menawi Ki
Palir boten purun nuruti dhawuhipun Raden Mas Daksina.
“Heh
Jagabaya Tampeng” dumadakan Ki Palir ugi maju sajangkah kalihan wicanten
“nalarku iki isih waras, mula aku wegah nggugu rembug sing goroh lan ngayawara.
mBuh sapa sing guneman, embuh kuwi Raja utawa Pandhita, embuh kuwi wong pidak
pejarakan gedibal sangalikur paribasane, nek sing dikandhakne tinemu ing nalar
lan ngajak marang kabecikan mesthi bakal tak gugu. Nanging nek omongane kaya
wae sing lagi tak rungu iki mau, ora bakal aku percaya, mesthi aku ora sudi
nggugu. Nek kowe utawa wong liyane arep nggugu, kuwi dudu perkaraku lan aku ora
arep ngaru-biru, nanging aja ajak - ajak luwih – luwih meksa aku supaya aku
melu. Sabanjure nek minangka pamong kowe wirang merga duwe warga aku, aja
kuwatir Ki Jagabaya, dina iki uga aku ora arep manggon neng Brendhilan. Ora
mung kowe sing duwe rasa wirang, sanadyan aku ya banget isin dadi warga
Brendhilan sing pamonge mung kaya kowe kuwi….”
“Iblis
laknat, tak suwek cangkemmu sing rusak kuwi Palir!” kalihan mbengok seru,
Jagabaya Tampeng mencolot badhe mrawasa Ki Palir.
Nanging boten
kawon kebatipun, Dana ingkang wiwit wau boten pegat anggenipun ngulati
kawontenanipun Ki Palir, sampun ngaglah ing ngajengipun Ki Jagabaya, pasang
kuda-kuda siyaga ngadhepi bebaya.
“Keparat sapa
iki wani ngadhang neng ngarepku he?” Ki Jagabaya sansaya muntab wonten tiyang
ingkang cetha menawi badhe ngrencangi Ki Palir.
“Ditepungne
wae Ki Jagabaya, jenengku Dana” wangsulanipun Dana kalihan mesem, babar pisan
boten wonten tandha menawi ering dhateng Ki Jagabaya Tampeng.
“Duwe karep
apa kowe malangi nggonku arep mrawasa Palir he ?” Ki Jagabaya pitaken kalihan
nggetak.
“Ora arep
malangi kowe Ki Jagabaya, nanging wis dadi tekading uripku, sapa wae kena
nyenggol ragane Ki Palir yen wis kuwawa nglangkahi bathangku” Dana suka
wangsulan kanthi suwanten ingkang atos.
“Setan alas,
prenah apa kowe karo si Keparat Palir he?” Ki Jagabaya sansaya muntab.
“Dudu sanak
dudu kadang, yen mati aku kelangan!” wangsulanipun Dana.
“Yen mangkono
iki tampanana” Ki Jagabaya ngangkat sukunipun kanan dipun dugangaken ngarah
lambungipun Dana.
Nanging Dana
langkung prayitna, panyadhukipun Ki Jagabaya kapapag mawi dhengkul ingkang
dipun kiyati mawi tangan kalih ingkang ngepel ing kanan lan keringipun. Wonten
kekiyatan kalih ingkang tempuk. Kekiyatan panempuh saking Ki Jagabaya tempuk
kalihan kekiyatanipun Dana ingkang anadhahi. Tempuking kekiyatan menika,
ndadosaken kekalihipun sami kontal dhateng wingking. Dana kontal tigang
jangkah, kuda -kudanipun ambyar, nanging tumunten saged siyaga malih kangge
ngadhepi mengsahipun. Ki Jagabaya ingkang boten nyana menawi anggenipun ndugang
badhe nanggor dhengkul lan kepelanipun Dana, ugi kontal mundur tigang jangkah,
adegipun lajeng radi goyang. Ki Jagabaya tumuli tata-tata malih kangge ngambali
panrajangipun dhateng Dana. Boten dangu tiyang kalih menika sampun rame
anggenipun sami adu kasantikan.
Sawatawis
menika, tiyang tiga pendherekipun Raden Mas Daksina, saking Paguron Gendirireng
ingkang sumerep menawi Ki Jagabaya sampun aben ajeng kalihan Dana, tiyang tiga
menika tumuli nyaketi Ki Palir, ingkang wurung dipun prawasa dening Ki
Jagabaya. Gothot lan Wala, ugi sampun tanggap. Tiyang tiga ingkang nyaketi Ki
Palir menika tumunten dipun adhepi. Dados tandhing. Tiga mengsah tiga. Namung
Raden Daksina ingkang boten nggadhahi mengsah. Lajeng mundur pados papan
ingkang radi ayom, ningali rowangipun ingkang sami adu kasudiran.
Sansaya dangu
anggenipun sami ngunggar kasudiran sansaya rame. Ki Palir ingkang ketingalipun
boten remen ulah kanuragan menika, pranyata solahipun kesit lan cukat, mengsah
Pendherekipun Raden Mas Daksina, siswa Padhepokan Gendirireng menika, Ki Palir
babar pisan boten katingal kethetheran. Sanadyan mengsah ingkang dipun adhepi
nyata cukat lan trengginas, lan solahing tangan lan sukunipun kados kitiran,
suprandene kanthi gampil Ki Palir saged nangkis utawi ngendhani. Malah sampun
wongsal-wangsul siswa Padhepokan Gendirireng menika dhawah glangsaran,
kedhawahan dugangan utawi pupuhan saking Ki Palir.
Dangu-dangu
sansaya kraos emu siswa Paguron Gendirireng menika, jalaran sedaya
panrajangipun saged dipun tangkis dening Ki Palir kanthi pas, utawi dipun
endhani kanthi sekeca. Lan pranyata Ki Palir nggadhahi simpenan tenaga ingkang
langkung ageng katimbang piyambakipun, ketitik saben-saben kedadosan adu
kekiyatan, pandherekipun Raden Mas Daksina menika kontal dhateng wingking
langkung tebih tinimbang kontalipun Ki Palir. Wekasan telas kesabaranipun siswa
Paguron Gendirireng menika, lajeng ndudut dedamelipun wujud Pedhang ingkang
ketingal sakalangkung landhep lan lancip.
“Palir Murid
murtad” kalihan ngobahaken pedhangipun murid Paguron Gendirireng niku wicanten “aja
kesusu bungah dhisik, merga kowe sembada ngladeni tandangku sing mung lelahanan. Saiki
tanganku wis nyekel pedhang, gage unusen pedhangmu!. Yen nganti sajroning
pitung jurus ora jebol jantungmu katembus pucuking pedhangku, tak sembah
ider-ideran kowe”.
Sumerep
mengsahipun sampun mbeta dedamel wujud pedhang, Ki Palir ugi lajeng ngunus
pedhangipun saking wrangka. Boten patos panjang, nanging ketingal menawi menika
pedhang pusaka, mila pedhang ingkang dipun sukani nami Kyai Sabetsatru menika
pedhang kina tilaranipun Ki Anggira, tiyang sepuhipun Ki Palir, ingkang jaman
gesangipun kondhang minangka dhukun ngelmu kanuragan.
“Aja kegedhen
umuk Kisanak” kalihan mesem sajak ngece Ki Palir mangsuli sesumbaring
mengsahipun “mara majua mrene leganing atiku, suntaken kasudiranmu keteken japa
mantramu, ora-ora nek aku bakal mundur sejangkah”.
Tiyang kalih
menika tumunten nglajengaken anggenipun kerengan. Malah sansaya nggegirisi
tinimbang kala wau. Awit kekalihipun sampun sami nyepeng dedamel, sisip
sembiring solah saged ndadosaken tiwas kenging dedameling mengsahipun.
Boten tebih
saking papanipun Ki Palir perang tandhing kanthi gegaman pedhang, Gothot lan
Wala ugi nembe ngadhepi mengsahipun. Gothot lan Wala anggenipun ngadhepi
mengsahipun mawi cara perang pasangan, kados limrahipun peajurit ingkang perang
ing palagan ageng. Kekalihipun gilir gumanti tansah ambiyantu rencangipun ugi
ngayomi setunggalipun. Milih perang mawi pasangan menika, jalaran Wala sumerep
kekiranganipun Gothot, ingkang kajawi sampun dangu boten tumut gladhen
kanuragan jalaran mila padamelanipun mbajingi Cikar, wekdalipun telas kangge
ngudhak dhedhak lan njereng rendeng kangge tedhaning lembunipun, ugi
tenaganipun Gothot sampun boten rosa malih kabekta dening tambahing umur
ingkang sansaya sepuh. Kanthi cara perang pasangan menika, kekiranganipun Gothot
saged dipun tambal dening Wala, dados inggih boten patos nguwatiri.
Benten kalihan
pandherekipun Raden Mas Daksina ingkang ngadhepi Gothot lan Wala. Kekalihipun
ingkang dipun gladhi namung perang tandhing, ijen sami ijen, boten mudheng
kalihan perang cara pasangan. Pramila sareng ngadhepi Gothot lan Wala ingkang
ngginakaken cara pasangan, kekalihipun asring bingung piyambak setunggal lan
setunggalipun asring salah tampi. Ingkang makaten menika malah ndadosaken
perang sansaya rame. Awit sanaosa siswa saking Paguron Gendirireng menika nggadhahi
kalangkungan ing ulah kanuragan, nanging kawon ing babagan tata caraning
perang. Satemah kawontenan lajeng dados imbang.
Ingkang
sakalangkung rame perang tandhingipun Ki Jagabaya ingkang mengsah Dana.
Jagabaya Tampeng mila sekti mandraguna, cukat, trengginas lan trampil. Nanging
Dana ugi nggadhahi kadigdayan ingkang ngedab-edabi. Boten maiben mila Dana
menika kalebet sinoman Pangapitan ingkang pinitados ngesuhi para sinoman
sanesipun. Pramila ngadhepi Ki Jagabaya Tampeng inggih boten rumaos kawratan,
nanging ugi boten kraos kenthengen. Kekalihipun gilir gumantos, silih ungkih
gentos kalindhih. Kekalihipun kerep dhawah glangsaran ing pasuketan awit
kadhawahan gempuraning mengsah.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar