010.
Ngantos
radi dangu Ki Palir boten suka wangsulan, malah kalih suwanten ingkang namung
klesak-klesik lajeng ngandhani semahipun murih radi manebih dhateng sacaketing
cikar. Ki Palir nyriyosi semahipun menawi badhe ngadhepi tiyang-tiyang menika.
Ki Jagabaya ingkang anggenipun pitaken boten tumunten dipun wangsuli, manahipun
sansaya benter. Kalihan majeng sajangkah, Ki Jagabaya wicanten kalihan suwanten
ingkang songar :
“He
Palir, aku iki Jagabaya, Pamong Desa Brendhilan! Kowe tak jak guneman wiwit mau
kok tansah nyepelekne, mbok anggep apa aku iki He?”.
“Aku
iki ora nyepelekne Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Palir tatag “wiwit pisanan
ketemu mau aku takon ora mbok wangsuli, malah ndika banjur takon bola-bali tak
wangsuli apa anane. Mung pitakonmu sing keri dhewe kuwi mau sing durung tak
wangsuli. Merga pitakonmu kuwi lucu, sing mlaku tekan kene kuwi ndika lha kok
sing ditakoni karepe malah aku? Kuwi apa ora lucu? Nanging nek ndika meksa aku
supaya wangsulan, saiki ndika rungokne aku arep wangsulan : ndika ndherekne
sapa kuwi aku ora ngerti lan ora butuh ngerti. nDika lan sing ndika dherekne
nganti tekan kene kuwi duwe kersa apa aku ya ora weruh lan ora butuh weruh, Wis
cetha ta? Nek wis cetha, saiki aku arep ngajak bojoku lunga saka papan kene,
merga aku isih duwe gaweyan sing kudu tak tandangi. Ngerti?”
Dipun
wangsuli kados makaten kala wau Ki Jagabaya Tampeng sakala muntab. Untunipun
nggeget, tanganipun ngepel, Ki Palir badhe dipun tangani. Nanging dipun candhet
dening tiyang ingkang dipun sebat Denmas Daksina kalawau. Sasampunipun Raden
Mas Daksina suka sasmita dhateng Ki Jagabaya murih kendel, nunten majeng
sejangkah kalihan wicanten dhateng Ki Palir, suwantenipun kepireng alus :
“Aja
kesusu ngalih dhisik Kang Palir, aku kepengin rembugan sethithik karo kowe”.
Dipun
ajak rembagan mawi suwanten ingkang alus makaten kala wau, Ki Palir lajeng
wangsulan kanthi basa ingkang alus ugi:
“Nyuwun
pangapunten Denmas, Denmas badhe paring dhawuh menapa dhateng kula?”
“Durung
suwe iki, aku nampa dhawuh saka Kyai Nagalanang sing lagi tapa ing kedhatone
kang wujud Guwa Suci Patalan, dhawuh mau kajaba kanggo aku uga kanggo Kang
Palir” wangsulanipun Raden Mas Daksina.
“Kangge
ndika lan kangge kula Denmas? Kok aneh sanget?” Ki Palir wangsulan alus, mawi
pitakenan “Kula menika sumerep saliranipun Kyai Nagalanang ingkang ngedhaton
ing salebeting Guwa Suci Patalan menika kemawon dereng nate, malah kalihan Kyai
Nagalanang ingkang jumeneng minangka Guru Agung ing Padhepokan menika, kula
sumerep inggih nembe kaping sepisan, menika kemawon saking katebihan, kok
dumadakan Denmas ngendika menawi nampi dhawuh kangge kula, harak inggih aneh ta
Denmas?”
“Aneh
kuwi tumrap titah sing nggunakne nalar wantah?” Daksina suka wangsulan kalihan
mesem wiyar “nek tumrap Kyai Nagalanang sing wenang murba tan wenang kapurba,
aja maneh mung marang Kakang Palir ora pirsaa, sanadyan mobah-mosike kabeh
titah sing ana ing Tanah Jawa iki Kyai Nagalanang ora kekilapan babar pisan.
Iya sing wis kelakon apa kang durung kelakon”
“Lajeng
dhawuh kagem Denmas menapa ingkang kangge kula menapa Denmas?” ugi kalihan
mesem Ki Palir pitaken.
“Dhawuhe
Kyai Nagalanang, sadurunge enteke tahun iki, Kraton Majapahit sing saiki
manggon ana ing Alas Patalan bakal ngadeg, kang jumeneng Nata ora liya trah
lajer saka Narendra Majapahit. Alas Patalan lan Alas Ketangga sing saiki isih
wujud alas gung liwang-liwung kuwi jroning sakedheping netra bakal dadi
Kutharaja sing rame lan reja. Kanthi timbule Kraton Majapahit iki mengko,
sakehing Raja, Adipati, Demang, Lurah lan sapanunggalane kang wektu iki ana,
bakal sirna kabeh, kajaba yen gelem manunggal lan sumpah bakal setya marang
Majapahit, samono uga tumrap para kawula cilik sing gelem ngawula marang Raja
Majapahit sarta gelem ambathara marang Kyai Nagalanang uripe bakal ora kurang
sandhang apa dene boga selawas-lawase lan tumrap kang ora gelem ngawula marang
Majapahit luwih-luwih ora gelem mbathara marang Kyai Nagalanang, mangka bakal
nemu cilaka, ragane rusak dadi rabuking bumi, sukmane bakal digodhong dadi
isen-isening kawahe Gunung Mahendra.”
Daksina
kendel sakedhap anggenipun wicanten, suka wekdal dhateng Ki Palir mbok menawi
badhe wicanten. Nanging Ki Palir pilih mendel, boten kumecap menapa-menapa.
Namung salebeting batos, maiben dhateng menapa ingkang dipun ucapaken dening
Daksina, ingkang miturut pamanggihipun Ki Palir namung crita ngayawara ingkang
boten kepanggih ing nalaripun tiyang ingkang waras.
“Sabanjure”
sareng Ki Palir babar pisan boten kumecap, Daksina nglajengaken anggenipun
wicanten “sawise Majapahit klakon madeg, aku bakal kaparingan jejibahan dening
Kanjeng Sinuhun minangka Adipati Brang Kulon, ngesuhi sakehing Adipati sing
saiki kebawah Mataram. Lan kowe Kakang Palir bakal nampa ganjaran, kasengkakake
ngaluhur dadi pepatihku. Nanging kabeh mau ana sarat kang kudu diwujudi wiwit
saka saiki”.
“Lajeng
saratipun menapa Denmas?” tanpa dipun sengaja pitaken makaten menika medal
saking lathinipun Ki Palir.
“Sarat
sing kanggo aku, ora prelu tak kandhakne marang kowe” wangsulanipun Daksina “dene
sarat kang kudu mbok wujudi, kuwi klebu entheng lan gampang nganggo banget. Ya
iku kowe kudu masrahake sisihanmu marang aku. Tandur bakal tak muktekake dadi
garwa ampilku lan kowe bakal tak paringi brana picis sacukupe sing bisa
turah-turah nek arep mbok enggo rabi maneh”.
Mireng
tembungipun Daksina ingkang makaten kala wau, Ki Palir nembe mudheng kalihan
ucapipun ingkang estri kala wau ingkang mastani bilih tiyang-tiyang menika
tiyang edan sedaya. Ki Palir boten tumunten ngucap wangsulan, nembe nata
manahipun murih boten katut kepancing kalihan ucapipun Daksina, ingkang alus
nanging sampun ngremehaken dhateng piyambakipun.
“Kang
Palir aja nduwe gagasan yen aku keyungyun marang ayune Tandur sing wis dadi
sisihanmu kuwi” Daksina guneman malih amargi Ki Palir boten tumunten wicanten “nanging
aku mung sadrema ngemban dhawuh saka Kyai Nagalanang sing kudu tak tindakne
kanthi lila legawaning ati, kaping pindho merga aku uga kepengin aweh
pambiyantu marang Kang Palir apa dene Tandur murih bisa nduweni kalungguhan lan
drajat sing luwih luhur. Dina iki uga sarat kanggo Kang Palir bisa mbok wujudi,
Tandur tak kanthine bali menyang kasatriyan lan brana picis sing kanggo kowe
bisa mbok jupuk menyang Dalem Kalurahan Brendhilan sepasar maneh. Piye Kakang Palir?”
Dipun
ampet-ampet sansaya boten kiyat raosing manahipun Ki Palir, nanging rahayunipun
Ki Palir taksih saged nata nalaripun, temah anggenipun wangsulan taksih
kepireng runtut sanaosa sampun boten patos alus malih :
“Nyuwun
pangapunten Denmas, ndika mila kenging dhawuh menapa kemawon sakersa ndika,
jumbuh kalihan kapitayan ndika. Nanging kula ugi wenang guneman lan ngekahi kapitayan
kula. Menawi ndika lan tiyang sanesipun pitados lan badhe tumut miturut dhateng
Kyai Nagalanang niku nggih mangga-mangga mawon, nanging tumrap kula ingkang
taksih nggadhahi nalar jangkep lan waras, sedaya ingkang ndika dhawuhaken kala
wau menika namung kabar goroh, crita ngayawara, menawi dipun gega tan wurunga
badhe nguwohaken cilaka. Lan kula kalih semah kula sarta kanca-kanca kula niki sedaya
boten kepengin cilaka, mula sedaya ingkang ndika dhawuhaken boten badhe kula
pitados lan boten badhe kula lampahi”.
“Keparat
kowe Palir…..” Jagabaya Tampeng ingkang wiwit wau namung mendel mirengaken anggenipun
rembagan Daksina kalihan Ki Palir, dumadakan misuhi kalihan nggetak Ki Palir “aja
mung dlangap-dlangap waton bisa ngucap, kowe aja gawe wirange wong Brendhilan,
rumangsamu kowe kuwi lagi guneman karo sapa he? Apa nalarmu wis onya, teka kowe
wani mbantah apa sing dadi dhawuhe Denmas Daksina, putrane Kyai Gendirireng,
wewakile Kyai Nagalanang sing kuwasa gawe beja lan cilakamu he? Ngertia!, aku
wirang dadi Pamong Desa Brendhilan nek duwe kawula kaya dhapurmu sing wuta ing
reh tata krama ngono kuwi!”.
Dipun
pisuhi lan dipun getak kados makaten menika, Ki Palir boten ajrih. Ki Palir
ngertos menawi Ki Jagabaya Tampeng mila nggadhahi kalangkungan ing reh
kanuragan. Lan sampun kathah tiyang-tiyang ing Brendhilan ingkang dipun tangani
saha dipun ajar menawi wantun kalihan piyambakipun. Nanging bawaning ngekahi
kaprawiran, sutik nampani tumindak sawiyah-wiyahing liyan, Ki Palir nekad badhe
wantun kalihan Ki Jagabaya Tampeng. Ki Jagabaya dipun penthelengi kalihan
mripat ingkang murup ingkang nedahaken menawi Ki Palir boten narimahaken anggenipun
sampun dipun getak saha dipun pisuhi dening Ki Jagabaya.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar