009.
Sedinten
sasampunipun Ki Palir jagongan kalihan Ki Lurah, Ki Palir siyos bidhal dhateng
Brendhilan saprelu murugi semahipun badhe dipun ajak boyong dhateng Pangapitan.
Dening Ki Lurah, Ki Palir dipun ampili Cikar ingkang dipun tarik dening lembu
jangkep sabajinganipun ingkang nami Gothot. Ing pangangkah Cikar menika badhe
kangge ngusung barang-barangipun Ki Palir saking Brendhilan ingkang saged dipun
bekta dhateng Pangapitan. Kajawi menika lampahipun Ki Palir ingkang nunggang
Kapal ampilan saking Ki Lurah, ugi dipun kancani Sinoman Pangapitan ingkang
sampun lebda ing ulah kanuragan cacah kalih inggih menika Dana lan Wala,
kekalihipun ugi sami nunggang kapalipun piyambak-piyambak.
“Iki
mengko kira-kira durung nganti surup srengenge wis tekan ngenggon kok Dhi”
tuturipun Ki Palir dhateng Dana lan Wala nalika anggenipun sami mlampah sampun
sawatawis wekdal “merga nek aku mlaku ndharat ngana kae, budhal saka Pangapitan
mbarengi pletheking srengenge kaya mau, surup srengenge mesthi wis mlebu omah.
Kamangka wong mlaku ndharat kuwi nganggo mondhag-mandheg barang. Beda nek karo
nunggang jaran ngene iki, sanadyan ora mlayu merga ngetutne lakune cikar,
nanging lakune rak ajeg, ora nganggo leran-leren.”
“Inggih
Ki” wangsulanipun Dana ingkang anggenipun nggelak kapal ingkang dipun tunggangi
ing sisihipun Ki Palir, kalihan gumujeng alon “upami kendel, inggih mangke
menawi sampun srengenge sampun meh ngglewang mangilen. Upami boten kendel
inggih boten menapa-menapa, namung mesakaken wandenipun menawi namung dipun liwati
lan boten dipun ampiri.”
“Nek
iki mengko ya kapeksa ora mampir warung Kang” dumadakan Wala ingkang anggenipun
nggelak kapalipun ing wingkingipun Ki Palir nyauti rembag.
“Kok
kapeksa ta Dhi? Sapa sing meksa?” Dana noleh sakedhap kalihan pitaken dhateng
Wala.
“Sing
meksa mBokmas Lurah Kang” wangsulanipun Wala kalih gumujeng “lha wong mau aku
didhawuhi nglebokne bontotan menyang Cikare Man Gothot, sega sawakul jangkep
salawuhane, ana dhendheng kidang, kuluban sambel lan lalapane barang ya ana.
Aku mau didhawuhi sarapan neng kana, merga tekaku neng Kalurahan isih kesuken,
wong tak kira budhale nek peteng, jebul srengengene wis mlethek lagi mangkat”.
“Nek
aku sarapan neng omah” wangsulanipun Dana “wong dening Biyung aku mau dicawisi
sega loyang sing dikrawu klapa”.
Kapal
tiga ingkang ngeringaken Cikar menika terus mlampah kanthi ajeg, boten banter
nanging inggih kalebet rikat. Nalika srengenge sampun manjer ing tengahing langit,
Ki Palir ngajak kendel, ing panggenan ingkang radi lempar.
Nanging
nembe mawon Ki Palir mandhap saking kapalipun, dereng ngantos kapal dipun
cencang, dumadakan Ki Palir dipun kagetaken kalihan suwantenipun tiyang estri
ingkang nguwuh-uwuh saking katebihan.
“Kakang
Palir….. kula sampean tulungi Kakang…..”
Sansaya
kaget malih manahipun Ki Palir sareng noleh dhateng asaling suwanten, jebul
ingkang sambat-sambat nedhi tulung menika semahipun piyambak ingkang mlajeng-mlajeng
mrepegi papanipun. Boten sranta Ki Palir mlumpat anyaketi semahipun, kalihan
manah ingkang trataban.
“Kula
sampean tulungi Kakang……” sambatipun Nyai Palir kalihan ngrangkul ingkang
jaler, tangisipun ambrol.
“Iya,
iya Nyai, kowe mesthi tak tulungi” wangsulanipun Ki Palir kalihan ngusap-usap
sirahing semahipun. Gothot, Dana lan Wala sami nyaket.
“Tentremna
atimu luwih dhisik Nyai” tuturipun Ki Palir dhateng ingkang estri “ilangna rasa
was lan kuwatirmu, aku wis ana sandhingmu, aku bakal ngayomi awakmu saka
sakehing bebaya”.
“Kula
ajrih Kakang” wangsulanipun Nyai Palir kalih kenceng anggenipun ngrangkul
ingkang jaler “meh kemawon kala wau kula badhe nganyut tuwuh, saupamia boten
tumunten sumerep ndika ingkang sampun wonten mriki nunggang jaran sareng
kalihan sedherek-sedherek menika”.
“Satemene
ana apa ta Nyai? Nganti awakmu arep nganyut tuwuh barang? Kowe wedi apa, nganti
kowe kedharang-dharang tekan papan kene iki?” Ki Palir nakeni semahipun.
“Kala
wingi siang wonten tiyang edan cacah gangsal ndugeni griyanipun piyambak Kakang…..:”
wangsulanipun Nyai Palir.
“Wong
edan? Nganti cacah lima ? wong edan saka ngendi wae kuwi?” Ki Palir dereng
mudheng kalihan ingkang dipun tuturaken semahipun, awit kapireng aneh, dene
wonten tiyang ngantos cacah gangsal mlempak dados setunggal ndugeni griyanipun.
“Inggih
Kakang” Nyai Palir suka wangsulan “ingkang edan menika Ki Lurah, Ki Jagabaya
kalihan tiyang tiga malih ingkang criyosipun taksih mitra ndika saking Paguron
Gendirireng…….”
“Mengko
dhisik” Ki Palir munggel aturipun ingkang estri “Ki Lurah ki rak Ki Lurah
Brendhilan ta? Lan Ki Jagabaya ki apa Ki Jagabaya Tampeng sedulur nak dulure
dhewe kae? kok mbok arani edan kuwi genahe piye? Lan sapa iku sing jarene isih
mitraku saka Paguron Gendirireng kuwi?”.
“Leres
kakang” Nyai Palir gage anggenipun wangsulan “mila saestu, tiyang-tiyang nika
sedaya mpun sami edan, kala wingi dugi dhateng griyanipun piyambak. Ki Lurah
criyos menawi kula badhe kaparingan ganjaran lan kajunjung drajat kula lan
mangke menawi ndika sampun wangsul saking anggen ndika mbara kerja, ndika ugi
badhe dipun sukani ganjaran brana picis ingkang kathah…..”
“Lha
kaya ngono kok mbok arani edan kuwi kepriye?” Ki Palir nigas anggenipun
wicanten ingkang estri malih.
“nDika
ngertos napa sing diarani ganjaran kangge kula? Lan pripun anggenipun badhe
njunjung drajat kula?” Nyai Palir gentos pitaken dhateng ingkang jaler.
“Lha
wong sing dikandhani ki kowe lho? Kok mbok takokne aku? Ya cetha nek aku ora
ngerti ta Nyai?” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem.
“Mulane
nek sing wedok guneman niku dimirengne riyin, empun pijer diselani mawon” Nyai
Palir guneman kalihan mrengut. Ki Palir namung mesem.
“Ya
wis gek ndang ditutugne olehe guneman aku tak ngrungokne karo meneng.” Wuwusipun
Ki Palir malih ngengken murih semahe nglajengaken anggenipun cariyos. Ing
manahipun Ki Palir kraos radi ayem, ketingalipun Nyai Palir sampun boten ajrih
kados wau.
Nanging
dereng ngantos Nyai Palir wicanten, dumadakan saking papanipun Nyai Palir mbengok-mbengok
wau, ketingal wonten tiyang gangsal mlampah sajak kesesa tumuju papanipun Ki
Palir lan kanca-kancanipun. Nyai Palir ingkang ugi sumerep duginipun tiyang gangsal
kala wau, sakala praupanipun dados pucet malih kados wau, lajeng ngalih saking
papanipun, ndhelik ing wingkingipun Ki Palir.
“Wong
edane nusul mriki Kakang” kalihan suwanten alon Nyai palir mbisiki ingkang
jaler.
Gothot,
Dana lan Wala tanggap menawi badhe wonten bebaya ingkang nyaketi. Tiang tiga
niku lajeng sami mencar pados papan ingkang langkung lempar.
“Walah
jebul kowe wis teka kene ta Yu Tandur? Malah karo Kakang Palir barang, layak
mau tak parani neng omah karo Denmas Daksina, omahmu suwung?” salah satunggal
saking tiyang gangsal menika wicanten dhateng Nyai Palir ingkang naminipun
Tandur.
“Bener
Ki Jagabaya, pancen Tandur mau nggoleki aku lan kepethuk ana kene” ingkang
mangsuli malah Ki Palir “lha ndika sakanca iki mau saka ngendi utawa arep
menyang ngendi?”
“Eh,
Kang Palir, apa kowe pangling karo sing ana sisih kiwaku iki? Kok kowe ora enggal
ndhodhok atur sembah ki?” boten mangsuli pitakenipun Ki Palir, tiyang ingkang
jebul Ki Jagabaya Tampeng menika malah nyendhu Ki Palir.
“Sing
gedhe pangapuramu Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Palir ayem “aku ora pangling
nanging pancen aku durung tepung sapa priyayi sing ana sisih kiwa ndika kuwi,
lan ya gene aku kudu atur sembah marang wong sing durung tak tepungi?”
“Kowe
durung tepung karo Denmas Daksina
putrane Kyai Gendirireng iki?” Ki Jagabaya ketingal menawi kaget, mripatipun
ketingal radi mencereng “kowe mesthi wis suwe ora marak ing Padhepokan? Kowe mesthi
ya wis lali karo sedulur-sedulur sing ndherekne tindake Denmas Daksina iki ya?”.
“Pancen
selawase uripku aku menyang Padhepokan Gendirireng kuwi lagi kaping pindho Ki
Jagabaya” Ki Palir ingkang wau mireng saking semahipun menawi tiyang-tiyang
niku edan, suka wangsulan saksekecanipun “dadi aku ya durung tau ngerti endi
sing asmane Denmas Daksina sing jebul saiki ana kene kuwi. Aku ya rumangsa ora
tepung karo wong-wong sing bareng karo ndika kuwi”
“Ya
wis yen pancen mangkono” wangsulanipun Ki Jagabaya kepireng wiwit sengol “sing
baku saiki, kowe ngerti apa durung ya gene Denmas Daksina tak dherekne nganti
tekan kene iki?”
Nampi
suwanten sengol saking Ki Jagabaya ngaten menika Ki Palir namung mesem kemawon.
Salebeting manah nggadhahi panginten manawi anggenipun Tandur mastani menawi Ki
Lurah Brendhilan lan Ki Jagabaya Tampeng tuwin tiyang-tiyang saking Paguron
Gendirireng menika sampun edan, tamtu tiyang-tiyang menika sampun tumindak
ingkang boten sae dhateng semahipun temah semahipun ajrih lan mlajar ngantos
dumugi papan mriki menika.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar