008.
Ki
Lurah boten tumunten nyauti aturipun Ki Palir kala wau, Ki Lurah nglenggana
menawi wiwit wau Ki Palir mila gadhah lekas ingkang sae. Liripun kanthi jujur
badhe ngaturaken kedadosan ingkang saestunipun, boten namung badhe pados
slametipun piyambak. Pramila Ki Lurah namung kendel ngrantos sambeting atur
saking sedherekipun tunggal Biyung menika. Lan sasampunipun Ki Lurah boten
tumunten paring dhawuh, Ki Palur ugi lajeng nutugaken anggenipun matur :
“Suwaunipun
Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ndhatengi griya kula lan ngajak ndandosi
pagesangan murih langkung sae, inggih menika sarana mbara kerja dhateng
Pangapitan mriki. Nalika samanten, kula boten daya-daya suka wangsulan
nyarujuki, jalaran kula taksih rumaos awrat menawi nilar semah piyambakan ing
Brendhilan. Lan kula kinten sanaosa mbara kerja dhateng pundi kemawon, menawi
anggen kula makarya sami kalihan nalika wonten griya, inggih badhe panggah
kemawon pagesangan kula. Nanging Kakang Dungkul lajeng cariyos bilih anggenipun
ngajak kula mbara kerja dhateng Pangapitan menika boten namung mligi pados
sandhang lan tedha, nanging ngiras ngluri waris.
“Kowe
kudu nglari warismu Dhi” makaten criyosipun Kakang Dungkul dhateng kula “mbok
menawa kanthi mbara kerja ing Pangapitan kowe bakal kepethuk sedulurmu sing ana
kana, jalaran Biyung Saelah kuwi biyen asale saka Pangapitan. Apa kowe ora
seneng nek kowe bisa kepethuk sedulurmu lan bisa nyambung taline paseduluran?”.
Kula
mila ngrumaosi bilih sasampunipun Bapa Anggira seda, ing Brendhilan menika kula
ngibarat kados tigan ingkang kacepit ing sela. Boten gadhah sanak kadang,
jalaran Bapa mila boten gadhah sedherek caket ing Brendhilan mrika, jalaran
Bapa menika tiyang sengkan saking tlatah Panaraga, ingkang dhusunipun pundi
boten wonten ingkang nyumerepi. Benten kalihan Kakang Dungkul lan Kakang
Dhangkal menapa dene mBokayu Jaminem. Biyungipun Kakang Dungkul lan Dhangkal
menika Biyung Tukijem, asli saking Brendhilan. Makaten ugi Biyungipun mBokayu
Jaminem ingkang nami Biyung Cikrak, ugi asli saking Brendhilan. Dados sedherek
kula tiga tunggal Bapa menika taksih kathah nggadhahi waris ing Brendhilan.
Pramila
kula lajeng purun dipun ajak bidhal mbara kerja mriki menika. Nembe sareng
Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal sapeken saderengipun bidhal pamit sambang griya
menika, kula ngrumaosi menawi kula namung dipun damel gaman dening sedherek
kula kalih kala wau, kangge nyaketaken kalihan Kakang Lurah saha murih Kakang
Lurah pitados dhateng pangglembukipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal
ingkang badhe ajak-ajak Kakang Lurah manunggal kalihan Kyai Nagalanang lumantar
Kyai Gendirireng”.
“Nanging
Adhi Dungkul apa dene Adhi Dhangkal ora tau ngajak omong perkara kuwi marang
aku lho Dhi?” Ki Lurah nanggapi aturipun Ki Palir “malah krungu jenenge Kyai
Gendirireng lan Kyai Nagalanang barang kuwi ya lagi saka awakmu kuwi mau”.
“Menika
makaten Kakang” Ki Palir matur malih “anggenipun badhe ajak-ajak dhateng Kakang
Lurah, mila dipun sangkani saking katebihan”.
“Saka
kadohan kepiye?”
“Lha
menika, ingkang ndadosaken kula ngertos, menawi namung badhe dipun dadosaken
dedamel dening Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal…..”
“Cethane……?”
“Sapeken
saderengipun Kakang kekalih menika pamit badhe sambang griya, kula mireng
piyambak anggenipun reraosan antawisipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal.
Inggih menika Kakang Dungkul ngabari Kakang Dhangkal menawi piyambakipun sampun
kasil manggihi meh sedaya Pamong Desa ing Pangapitan mriki. Lan criyosipun
Kakang Dungkul, sampun kathah Pamong ingkang nyarujuki menawi Dhusun Pangapitan
manunggal kalihan Padhepokan Nagalanang lumantar Kyai Gendirireng, sanesipun
mila dereng suka wangsulan sarujuk lan botenipun. Lajeng Kakang Dhangkal
pitaken, benjing napa prayoginipun ngaturi Kakang Lurah murih kersa manunggal
kalihan Paguron Nagalanang?. Wangsulanipun Kakang Dungkul, menika badhe
kapasrahaken dhateng kula, nanging boten sak niki, ngentosi pitedah saking Kyai
Gendirireng rumiyin, kangge njageni menawi Kakang Lurah boten kersa manunggal
kalihan Paguron Nagalanang. Ngiras pantes ngrantosi kabar saking salah
satunggaling Pamong ingkang criyos menawi badhe njajagi pamanggihipun Kakang
Lurah ing babagan menika”.
“Pantes….”
Ki Lurah ngendikan alon, kados katujokaken dhateng sliranipun piyambak.
“Pantes
kados pundi Kakang?” Ki Palir ingkang mireng pangandikanipun Ki Lurah makaten
kala wau lajeng nyuwun pirsa.
“Watara
telung dina kepungkur, Ki Jagabaya Klegung karo Ki Kamituwa Mancakan ngadhep
aku ana Kalurahan kene” Ki Lurah paring wangsulan “yen tak gathukne ature
Pamong loro kuwi karo apa sing wis mbok aturake iki mau sajak ana sambunge. Ki
Mancakan apa dene Ki Jagabaya Klegung kandha marang aku yen wis wancine
Pangapitan iki ucul saka panguwasane Mataram, wong loro kuwi uga kandha yen
Pangapitan ora ngirimake bulu bekti marang Mataram saben tahune, ora bakal
Mataram wani paring pidana marang aku, iki nitik karo apa sing wis ditindakne
dening para Lurah ing desa-desa sakupenge Pangapitan kene, kabeh wis padha
wegah kebawah dening Mataram lan nyatane ora ana balung erine. Lan saupama
Mataram nekad arep midana Desa Pangapitan, jarene Ki Mancakan apa dene Ki
Jagabaya Klegung, bakal ana wadya bala lelembut sing arep aweh pangayoman
marang Pangapitan.”
“Lha
sambungipun wonten pundi Kakang?” Ki Palir matur nyuwun pirsa.
“mBok
menawa Pamong loro kuwi wis diglembuk dening Adhi Dungkul supaya ngojok-ojoki
aku murih wani nantang marang panguwasa Mataram, sadurunge ngajak manunggal
karo Paguron Nagalanang sing mbok critakne iki mau”.
“Makaten
inggih Kakang?” Ki Palir nyuwun pirsa malih “lan nuwun sewu, menapa Kakang
Lurah lajeng nayogyani aturipun Ki Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung kala wau?”.
“He
he he…..” Ki Lurah gumujeng lajeng paring wangsulan “sanadyan ora pinter,
nanging aku ora nemen-nemen nggonku bodho, ora gampang kapilut tembung manis
sing bisa nguwohake tangis. Pamong loro kuwi banjur tak wangsuli yen
sesambungan antarane Pangapitan lan Mataram kuwi ora bakal bisa dipisahake.
Wiwit sadurunge aku dadi Lurah, manunggale Pangapitan marang Mataram kuwi ora
jalaran saka wedi yen kagebug ing perang, nanging kasurung rasa tresna lan
minangka panuwune para cikal bakale Desa iki marang Panguwasa Mataram. Jalaran
sing dadi cikal bakale Desa iki, biyen maune prajurit andhahane Tumenggung
Garingging, pandhereke Gusti Pangeran Arya Penangsang ing Jipang, sing sawise
Gusti Adipati Arya Penangsang gugur, Tumenggung Garingging banjur nekad arep
bela pati sarana gawe kisruhe Kasultanan Pajang. Nanging bawane kalah bala,
wekasan Tumenggung Garingging kepikut banjur kinunjara ing Pajang. Jaman semana
sing dadi senapatining perang saka Pajang ora liya Ki Ageng Pemanahan kang uga
didherekne dening putrane kang asmane Raden Sutawijaya, kang saiki jumeneng ing
Mataram kanthi sebutan Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Sawise Tumenggung
Garingging kapikut, prajurite banjur padha mlayu, buyar golek slamet dhewe-dhewe.
Lha salah siji saka bregadaning prajurite Tumenggung Garingging, sing dilurahi
Ki Tamejana olehe keplayu nganti tekan papan kene iki. Banjur padha nyopot
sandhangan kaprajuritane lan wiwit mbabat alas yasa desa sing dadi Desa
Pangapitan iki. Jebul lekase Ki Tamejana sakancane kuwi kadenangan dening
Pandhereke Raden Sutawijaya lan diaturake marang pepundhene. Klakon Desa
Pangapitan sing durung dadi lan isih wujud babadan sing durung sampurna kuwi dijegi
prajurit sing dipandhegani dening Raden Sutawijaya pribadi. Nanging ora ana
paprangan jalaran Ki Tamejana aweh prentah marang kanca-kancane supaya padha
lungguh ndhodhok tanpa gegaman utawa babar pisan ora aweh panglawan. Wekasan
dening Raden Sutawijaya, Ki Tamejana sakancane ora kaparingan pidana malah disengkuyung
anggone padha arep yasa desa. Wiwit kuwi Ki Tamejana sakancane padha nyuwun
didhaku dadia pandhereke Raden Sutawijaya. Raden Sutawijaya iya marengake. Mula
marang Ki Kamituwa Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung tak kandhakake, nganti
pecating nyawaku, aku ora bakal nglilani Desa Pangapitan iki ucul saka
panguwasa Mataram. Ki Kamituwa Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung ya wis ora
wangsulan apa-apa maneh”.
“Inggih
Kakang” Ki Palur lajeng matur “kula sakalangkung kasengsem kalihan tekad ndika
menika. Menawi kaparengaken, sanaosa kula dede trahipun Ki Tamejana nanging
sampun kadhaku minangka kadang dening Kakang Lurah lan sampun kalilan ndherek ngaup
saha nedha wulu-wetuning Dhusun Pangapitan, kaparengna kula manunggalaken jiwa
lan raga kula dhateng lekasipun Kakang Lurah menika. Benjing enjing kula badhe
mapag semah kula dhateng Brendhilan, kula ajak boyong dhateng Pangapitan mriki.
Manawi sawanci - wanci Kakang Dungkul utawi Kakang Dhangkal ngengken kula murih
angglembuk Kakang Lurah murih kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang,
mangka kula boten badhe bidhal malah badhe kula criyosi pisan menawi kula
sampun medhot sesambetan kula kalihan Paguron Nagalanang.”
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar