007.
Ki
Lurah ingkang sampun uninga bilih Ki Palir kuwatos menawi ngantos wonten tiyang
sanes ingkang mirengaken anggenipun wicanten, namung kendel kemawon. Kala wau
sampun wongsal-wangsul paring dhawuh menawi Ki Palir taksih nggadhahi raos
kuwatir menawi piyambakipun cilaka yenta ngantos nyariyosaken wewadi ingkang
dipun sumerepi, langkung prayogi menawi Ki Palir boten sisah cariyos mbikak
wewadi kala wau. Nanging Ki Palir inggih wongsal-wangsul matur badhea kados
menapa kedadosanipun, Ki Palir panggah badhe mbikak wewadi menika ing
ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Pramila Ki Lurah inggih lajeng kendel kemawon.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” sareng sampun cetha kawontenan aman, liripun boten wonten
tiyang sanes ingkang mireng anggenipun rerembagan kalihan Ki Lurah, Ki Palir
lajeng matur “kapitayan ingkang dipun wucalaken Kyai Gendirireng dhateng para
siswanipun menika aneh sanget. Inggih menika Gusti Ingkang Maha Agung sampun
matah dhateng Kyai Nagalanang utawi Kyai Nagaraga murih dados sarananing titah
manembah dhateng Panjenenganipun. Menawi wonten titah ingkang manembah dhateng
Gusti nanging boten mawi sarana Kyai Nagalanang, mangka panembah kala wau
saestu tanpa gina. Dene tatacaranipun manembah dhateng Gusti menika, namung
wujud nindakaken sedaya dhawuhipun Kyai Nagalanang. Lan sok sintena ingkang
boten purun manunggal kalihan Kyai Nagalanang, mangka badhe manggih cilaka
malah tumrap ingkang boten pitados dhateng piwucalipun Kyai Nagalanang ing
tembenipun badhe sirna dados wadaling tanah Jawi.”.
“Kuwi
mungguhku ya kapitayan sing ora bener” Ki Lurah nyelani aturipun Ki Palir “kajaba
cengkah karo piwulange agama sing tau ana, iki uga klebu kapitayan anyar sing
aneh lan ora klebu ing nalar.”
“Menika
witing kapitayan ingkang kapisan Kakang” Ki Palir nglajengaken anggenipun matur
“salajengipun miturut dhawuhipun Kyai Gendirireng, Kyai Nagalanang menika
wujudipun Sawer ingkang ageng ingkang angedhaton wonten ing salah satunggaling
guwa ing wana Patalan, Sawer ageng kasebat miturut dhawuhipun Kyai Gendirireng,
panukswanipun Sang Hyang Hanantaboga, Dewa ingkang anyangga Tanah Jawa menika . Lha menawi Kyai Nagalanang ngersakaken
paring dhawuh dhateng para pandherekipun, Kyai Nagalanang ingkang wujud Sawer
kala wau langkung rumiyin ambesut raga lan manunggalaken sukmanipun dhateng
satunggaling tiang ingkang ugi asma Kyai Nagalanang utawi Kyai Nagaraga,
ingkang samangke madhepok minangka guru ing Padhepokan sacaketing Guwa kala
wau, ingkang ugi sinebat Padhepokan Nagalanang utawi Paguron Nagalanang. Nembe
dening Pangarsaning Paguron utawi Padhepokan dipun dhawuhaken dhateng para
murid ingkang piniji, ing antawisipun inggih Kyai Gendirireng kala wau, murih
kadhawuhna dhateng sadaya para pandherekipun.”
“Dadi
sing jeneng Kyai Nagalanang utawa Kyai Nagaraga kuwi loro? Sing siji wujud Ula
gedhe, sing siji wujud menungsa?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Leres
Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nanging kekalihipun mila sampun manunggal,
ingkang wujud sawer kalihan ingkang wujud manungsa sami, benten raganipun
nanging sami jiwanipun”.
“Lha
sing wujud Ula Gedhe kuwi apa ya ana sing tau weruh wewujudane? Apa mung krungu
critane Kyai Nagalanang sing wujud manungsa kuwi, yen ing jerone Guwa
sacaketing Padhepokan kuwi ngedhaton Ula Gedhe sing aran Kyai Nagalanang?” Ki
Lurah mundhut pirsa malih.
“Menawi
Ki Lurah Brendhilan lan Kakang Dungkul tuwin Kakang Dhangkal criyosipun nate
sumerep sanadyan namung mustakanipun Kyai Nagalanang kemawon” wangsulanipun Ki
Palir “inggih menika nalika Kyai Nagalanang ngetingalaken mustakanipun ing
sangajenging guwa, criyosipun tiyang tiga kala wau agenging mustakanipun Kyai
Nagalanang sagenthong, ngagem makutha emas ingkang tinaretes inten barleyan.
Menawi kula lan tiyang ing Brendhilan sanesipun nembe namung mireng suwantenipun
Kyai Nagalanang kemawon, inggih nalika kula lan kanca-kanca nuju dipun kanthi
Ki Lurah Brendhilan ndherekaken Kyai Gendirireng tedhak dhateng Padhepokan.
Nalika samanten kula mireng suwanten pangakakipun Kyai Nagalanang ingkang asung
sasmita ngersakaken dhahar, suwantenipun sanget anggegirisi. Sareng dening Ki
Jurukuncining guwa kacaosan menda jemaka cacah tiga ingkang kalebetaken liwat
lelawanganing guwa, suwanten pangakakipun Kyai Nagalanang menika lajeng sirep.”
“Lha
banjur minangka siswane Kyai Gendirireng sing dadi pandhereke Kyai Nagalanang,
kuwajiban apa sing tau mbok tindakne Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan mesem.
“Sami
kalihan pandherek sanesipun” Ki Palir atur wangsulan “saben nem wulan sepisan
kadhawuhan atur pisungsung dhateng Kyai Nagalanang lumantar Ki Lurah Brendhilan
lajeng kaaturaken malih dhateng Kyai Gendirireng salajengipun kaunjukaken ing
ngarsanipun Kyai Nagalanang ing Padhepokanipun. Estunipun tumrap pandherekipun
Kyai Nagalanang ing saben papan kaparingan kuwajiban malih inggih menika sinau
ulah kanuragan lan kaprajuritan, ingkang mapan ing Brendhilan saben tigang
dinten sepisan kadhawuhan gladhen ing ara-ara sangajengipun dalem Kalurahan,
ingkang paring tuntunan Cantrik ingkang pinitados dening Kyai Nagalanang saking
Padhepokanipun. Nanging kula saged lolos saking kuwajiban menika jalaran kula
nyaosi pisungsung piyambak dhateng Ki Lurah Brendhilan temah dipun paringi
pangentheng-entheng boten ndherek gladhen ulah kanuragan lan ulah kaprajuritan
boten menapa-menapa, ingkang kados kula makaten menika warga Brendhilan ugi
kathah. Wekdal menika tataranipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal sampun
kalebet inggil inggih sangandhapipun Ki Lurah Brendhilan ing reh gladhen
kanuragan menika.”
“Dadi
Kyai Nagalanang kuwi wis suwe nata lan nyiyagakne kekuwataning prajurit?” Ki
Lurah mundhut pirsa suwantenipun kepireng radi gumun “banjur arep kanggo apa?
Yen mung sadrema kanggo njaga katentreman wae, mesthine ora nganti kaya ngono
kuwi anggone nata kekuwatan.”.
“Lha
menika ingkang kula wastani wewadi ing ngajeng kala wau Kakang” wangsulanipun
Ki Palir salajengipun.
“Banjur
cethane kepiye Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa malih, samangke Ki Lurah wiwit
kepencut kepengin mangertosi wewadi ingkang badhe dipun cariyosaken dening Ki
Palir.
“Estunipun
Kyai Nagalanang menika sampun paring wartos dhateng sedaya siswa lan
pandherekipun bilih Panjenenganipun menika badhe madeg minangka Pangeran
ingkang sinembah sadayaning titah ing Tanah Jawi menika. Lajeng minangka kawitan
kedah saged njumenengaken salah satunggaling Trah Majapahit ingkang samangke
masanggrah ing Patalan dados raja ing Tanah Jawi. Awit saking menika, sadaya
ingkang ngaken minangka raja ing Tanah Jawi menika kedah dipun telukaken,
langkung-langkung raja ingkang ngedhaton ing tilasing wana Mentaok ingkang namung turasing tiyang dhusun, menika
kedah dipun dhawahi pidana ingkang murwat, timbang kalihan dosanipun ……”.
“Sing
dikarepake kuwi apa Gusti Panembahan Senapati ing Mataram Dhi?” Ki Lurah nyela
rembag.
“Mila
leres makaten Kakang” wangsulanipun Ki Palir.
“Lan
anggone nata kekuwataning perang iki, dening Kyai Nagalanang arep digunakne
kanggo ngrabasa Mataram ngono apa piye?” Ki Lurah ngendika kalihan gumujeng
alon “gek sepira akehe murid-muride Kyai Nagalanang kuwi yen dilumpukne? Yen
nganti wani nglurug menyang Mataram kuwi padha wae karo sulung sing arep mlebu
menyang jero geni, merga kekuwataning prajurit sing manunggal karo Mataram kuwi
leksan cacahe. Sanadyan Kyai Nagalanang ya sing wujud manungsa ya sing wujud
Ula kuwi duwe kasekten sing nggegirisi, nanging ing Mataram kuwi gudhanging
wong digdaya, kajaba Gusti Panembahan Senapati sing kondhang kasektene nganti
bisa nelukne Ratu Lelembut Segara Kidul lan ngalahne sing ngrajani Gunung
Merapi, Gusti Patih Mandaraka sing kasektene lagi timbang yen dimungsuhne karo
satus prajurit wiratamtama sing maju bareng karo nggawa gegaman, isih ana Gusti
Pangeran Singasari sing selawase durung ana critane kasoran ing sadhengah
palagan, isih ana Gusti Pangeran Purbaya, Gusti Pangeran Demang Tanpa Nangkil
lan isih akeh maneh senapati perang sing kadigdayane ora kena diukur.”
“Mila
leres ingkang ndika dhawuhaken menika Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nanging
tumrap tiyang ingkang kapitayanipun sampun mbalung sungsum kados dene Kakang
Dungkul lan Kakang Dhangkal menapa dene Ki Lurah Brendhilan, boten mendha
menawi namung dipun tuturi kados dhawuh ndika menika. Menapa malih, Kyai Nagalanang
boten kendhat anggenipun tansah mbebujuk para Lurah ing sakupenging Patalan,
murih purun manunggal lan kanyatanipun ugi boten sakedhik ingkang purun
ngrojongi lekasipun menika. Mila Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ingkang
kasampiran kuwajiban mbebujuk Kakang Lurah ing Pangapitan mriki menika,
sakalangkung sumrinthil anggenipun nglampahi…….”
“Dadi
tekane si Adhi apa dene Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, ing kene biyen ora
merga mbara kerja kaya sing dikandhakne marang aku nalika sepisanan teka? Nanging
duwe karep liya ya iku ngemban dhawuh saka Kyai Nagalanang? Apa bener mangkono
Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa suwantenipun kepireng menawi penggalihipun radi
cuwa.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng matur “ingkang nindakaken awit ngemban
dhawuh menika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, lan anggen kula mangertos bab
menika inggih nembe sapeken saderengipun Kakang Dungkul menapa dene Kakang
Dhangkal pamit menawi badhe sanja griya menika”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar