Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (006)


 

006.

        Ki Lurah sansaya bingung mireng aturipun Ki Palir makaten menika. Dugi aneh lelampahan ingkang kedah dipun sandhang dening Ki Palir? Piyambakipun ngaken menawi nyimpen wewados, menawi wewados menika ngantos kadenangan dening tiyang sanes saged kedadosan piyambakipun pejah ing tanganing sedherekipun piyambak. Nanging menawi sinimpen rapet ing manahipun, saged mbebayani tumrap Ki Lurah, inggih sedherekipun Ki Palir tunggil Biyung.

        “Ngene wae Dhi” wasana Ki Lurah ngendika kanthi sareh “yen nganti si Adhi mbukak wewadi iki, bisa-bisa awakmu tumekeng pati ing tangane sedulurmu dhewe sarta bisa mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, mula becik si Adhi sansaya mrimpeni anggone nyimpen wewadi kuwi. Jalaran nek nganggo petung tuna lan bathi, tunane luwih gedhe yen nganti si Adhi mbukak wewadi kuwi. Sing baku lungane Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal iki ora merga gela lan ora sajroning bebaya”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir matur malih “ing prakawis menika boten wonten petangan bathi lan tuna, nanging sedaya mitunani dhumateng kula. Waleh-waleh menapa, kula sampun netepaken pamilih menawi kula badhe blaka ing ngarsanipun Kakang Lurah, nyariyosaken wewadi ingkang keker ing simpenan kula menika. Namung kula nyuwun, mugi Kakang Lurah boten sanget-sanget anggenipun badhe duka dhateng kula lan Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal, inggih awit saking wutaning manah temah boten saged males kabecikan ingkang sampun jengandika kucuraken dhateng kula tetiga ……”.

        “Ngene lho Dhi” wangsulanipun Ki Lurah panggah sareh “sepisan maneh aku kandha, yen miturut panemune si Adhi kanthi ora mbukak wewadi kuwi bisa nuwuhake bebaya marang aku nanging bisa nylametake Adhi-adhiku sing mbok kandhakne mau, becik yen si Adhi ora mbukak wewadi kuwi. Si Adhi aja pisan-pisan nguwatirake  kaslametanku, jalaran beja lan cilaka kang bakal tumiba marang aku kuwi, kabeh ora bakal katekan lan kedaden kajaba yen wis kinersakne dening Gusti lan Gusti selawase ora bakal kagungan kersa sing ora becik marang titah-E. Sabanjure aku uga ora bakal cilike cuwa gedhene nesu marang adhi-adhiku kabeh, sanadyan ta upama adhi-adhiku ora ngakoni yen wis nampa pitulungan saka aku. Awit satemene apa kang wus tak tindakne marang adhi-adhiku kuwi kabeh ora merga aku nulungi awakmu apa dene  Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, nanging merga aku nulungi awakku dhewe. Dadi aku ora rumangsa motangake budi becik marang sapa wae, ngerti?”.

        “Kok saged makaten Kakang?” Ki Palir sumela atur “kamangka sampun cetha menawi kula tetiga boten ndika paringi pitulungan, mokal badhe gadhah siti garapan menapa dene griya ing Pangapitan mriki, malah kepara saupami boten kaparingan tedha dening mBokayu Lurah, boten sande kula tetiga badhe nandhang kaliren…….”.

        “Ha ha ha……” Ki Lurah gumujeng nigas aturipun Ki Palir kalajengaken kalihan pangandika “sumurupa ya Dhi, miturut kapitayan sing tak rasuk saben titah kuwi kaparingan kuwajiban dening Gusti supaya nulungi awake dhewe murih mbesuke bisa bali ing ngayunaning Gusti kanthi tentrem, dene sranane kudu gelem tumindak becik, ora gawe kapitunaning liyan lan kudu gelem aweh pitulungan marang wong liya sing lagi mbutuhake, luwih-luwih yen sing lagi mbutuhake kuwi sedulure dhewe. Lha kabeh kuwajiban kuwi bisa ditampa dening Gusti, sarate kudu lila lahir batin dikantheni lekas utawa niyat amung murih keparenging Gusti, ora kena ngarep-arep pituwas saka titah uga ora mbutuhake atur panuwun saka sing ditulungi. Yen isih ana rasa gela utawa cuwa merga nggone aweh pitulungan ora diajeni, kuwi tegese nggone nindakne dhawuhe Gusti ora iklas kuwi gedhe pidanane, anggone aweh pitulungan tanpa guna kajaba mung bakal nguwohake kasangsaraning batine dhewe”.

        Ki Palir ketingal manthuk - manthuk, ngangen - angen lan rumaos eram kalihan ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah. Sanaosa kapitayan ingkang dipun rasuk dening Ki Palir sami kalihan kapitayanipun Ki Lurah, inggih menika sami-sami ngrasuk agami ingkang dipun asta dening Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah, nanging nembe menika Ki Palir mangertos piwucal ingkang magepokan kalihan titah ingkang paring pitulungan dhateng tiyang sanes. Lan inggih nembe menika Ki Palir mangertos werdining iklas utawi lila, boten murih lan boten pamrih menapa-menapa kajawi murih kaparenging Gusti kemawon. Inggih awit saking wangsulanipun Ki Lurah kala wau, Ki Palir nunten emut bilih estunipun nasibing titah menika sampun ginaris lan sinerat langkung rumiyin dening Gusti saderenging titah menika dipun lahiraken. Inggih ingkang magepokan kalihan pesthi, jodho, beja, cilaka menika mila wewadosing Gusti tumrap titahipun, lan sedaya ingkang dipun kersakaken dening Gusti menika namung kangge kasaenaning titahipun kala wau.

        “Mulane Dhi” Ki Lurah ngendika malih sasampunipun radi dangu Ki Palir boten wicanten “sepisan maneh nek si adhi isih wedi marang bebaya yen ta si adhi mbukak wewadi sing mbok kandhakne mau, becik ora sah si adhi crita marang aku”.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir kepireng sansaya tatag suwantenipun “sasampunipun kula mireng sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, sansaya manteb tekading manah kula badhe mbikak wewadi menika ing ngarsa ndika. Jalaran wewadi menika, wewadi ingkang boten leres, inggih menika pasekuthon antawisipun Lurah Brendhilan lan sawatawis Pamong Dhusunipun, tuwin Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kalihan pata pendherekipun Kyai Nagalanang ing Patalan, ingkang dipun pandhegani dening Kyai Gendirireng, siswanipun Kyai Nagalanang ingkang sampun madeg paguron ing tapel watesipun wana Ketangga kalihan wana Patalan”.

        “Banjur ana sambung rapete apa karo aku Dhi? Antarane Brendhilan karo Pangapitan iki ora tau ana kedadeyan apa-apa merga ya dhewe-dhewe panggonane” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Palir, mundhut pirsa.

        “Sambetipun makaten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan menika rak sampun sawatawis dangu maguru ngelmi kebatosan dhateng Ki Gendirireng ingkang nyebaraken piwucalipun Kyai Nagalanang inggih Kyai Nagaraga? Dados sedaya dhawuhipun Kyai Gendirireng langkung-langkung ingkang asalipun saking dhawuhipun Kyai Nagalanang, sakalangkung anggenipun mundhi-mundhi lan kedah dipun lampahi, awit menawi ngantos wantun boten pitados lan boten purun nglampahi dhawuh saking Kyai Gendirireng saha Kyai Nagalanang badhe manggih bilahi.”

        “Pancen lumrahe wong meguru kuwi kudu percaya kanthi wutuh marang sing dadi gurune ta Dhi?”Ki Lurah nyelani aturipun Ki Palir malih “ngono kuwi ora kena diluputake.”

        “Menawi ing babagan menika mila leres kados ingkang ndika dhawuhaken menika Kakang” Ki Palir atur wangsulan “namung ingkang ndadosaken tiyang kathah kalebet kula, boten remen menika jalaran para siswanipun Kyai Gendirireng menika anggenipun pados rowang murih purun dados muridipun Paguron Gendirireng, mawi cara ingkang boten sae malah cengkah kalihan limrahipun Paguron menawi badhe nampi siswa.”

        “Cengkahe manggon ing ngendi?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Menawi limrahipun Paguron langkung-langkung paguron kebatosan, menika ngibaratipun sumur lha siswanipun menika timba. Kangge saged katampi dados siswa kedah saged netepi sarat ingkang awrat lan menawi sampun kaanggep kiyat nampi ngelmi ingkang dipun padosi, nembe dening Gurunipun dipun tampi dados murid. Menawi Paguron Gendirireng menika boten, meh saben tiyang mliginipun ing Brendhilan dening Ki Lurah Brendhilan dipun kengken dados siswa Paguron Gendirireng, menawi purun lajeng kaparentah kedah nglampahi kuwajibaning murid dhateng guru lan paguron. Menawi boten purun lajeng dipun mengsahi. Dados ketingalipun kathah sanget siswanipun Paguron Gendirireng menika, nanging kathah-kathah anggenipun purun maguru dhateng mriku awit ajrih menawi dipun mengsahi kemawon, kalebet kula piyambak menika” Ki Palir atur wangsulan “ketingalipun kula menika mila siswa Gendirireng, nanging estunipun kula babar pisan boten pitados dhateng sedaya piwucalipun Kyai Gendirireng menapa malih Kyai Nagalanang ingkang ngakenipun titising Sang Hyang Anantaboga menika”.

        “Dadi si Adhi iki tata gelar uga kalebu sapaguron karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “Banjur apa rupane piwulang saka Kyai Nagalanang sing diwulangake Kyai Gendiireng? Kok si Adhi nganti babar pisan  ora bisa percaya kuwi?”.

        Ki Palir boten tumunten atur wangsulan, malah lajeng noleh nganan lan noleh ngering, kados kuwatos menawi wonten tiyang sanes ndugeni papan anggenipun jejagongan kalihan Ki Lurah menika. Nanging gandheng kawontenan kala samanten sampun meh wanci Sepi Bocah, dados inggih kraos sepen. Namung lamat-lamat saking regol ngajeng taksih kapireng geguyonanipun tiyang-tiyang ingkang sami rondha ing dalem kalurahan.

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...