005.
Sasampunipun
manggen ing Pangapitan, Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir ketingal menawi
golonganing tiyang ingkang pinter srawung, ketitik dereng ngantos sewulan
sampun kathah tepangan ingkang dados mitra ingkang raket. Tiyang tiga menika
sakalangkung sregep ing bab gotong royong kalihan warga ing Pangapitan, inggih
ing babagan layat, jagong, sambatan lan sanes-sanesipun. Mila inggih boten
maiben menawi sansaya dangu tiyang-tiyang ing Pangapitan ugi sami remen dhateng
tiyang tiga kala wau. Nalika Ki Lurah ndamelaken griya cacah tiga kangge
rayi-rayinipun menika, inggih menika sasampunipun Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan
Ki Palir sampun tigang wulan mapan ing Pangapitan, titiyang ing Pangapitan ugi kathah
ingkang sami dugi suka pambiyantu, temah boten ngantos sapeken, griya cacah
tiga ingkang jejer-jejer manggen ing pategilanipun Ki Lurah menika sampun dados
lan sampun saged dipun panggeni.
Ki
Lurah sakalangkung remen sumerep sedherek-sedherekipun saged srawung kanthi sae
kalihan warga ing Pangapitan. Makaten ugi kalihan anakipun Ki Lurah pun
Sukmana, sanaosa piyambakipun kaprenah nem ugi umur-umuranipun mila inggih
langkung nem katimbang tiyang tiga kala wau, nanging sikep lan solah bawanipun
Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir dhateng piyambakipun tansah ngaosi,
pramila Sukmana ugi sakalangkung ngaosi dhateng paman-pamanipun kala wau. Lan
sasampunipun tiyang tiga kala wau sampun sami manggeni griyanipun
piyambak-piyambak, Sukmana ugi asring sanja dhateng griyaning paman-pamanipun
menika. Pranyata boten namung Sukmana kemawon ingkang asring dolan dhateng
griyaning paman-pamanipun menika, para sinoman Pangapitan ugi kathah ingkang
saben dalu sami mlempak ing griyanipun salah satunggal saking tiyang tiga kala
wau, gentosan. Mila boten aneh, inggih awit kajawi tiyang tiga kala wau pinter
srawung, inggih kaleresan ing griya mila boten wonten rencangipun.
Kulawarganipun tiyang tiga menika mila dereng sami dipun boyong dhateng
Pangapitan, taksih manggen ing Brendhilan. Lajeng para sinoman sami mara mriku
saprelu ngajak jejagongan.
Ki
Lurah estunipun ugi nate paring dhawuh dhateng sedherek-sedherekipun menika
murih mboyongi semah - semahipun dhateng Pangapitan, prakawis kangge nyekapi
kabetahan saben dintenipun, saderengipun tiyang tiga menika gadhah pengasilan
ingkang maton, sampun dipun penggalihaken dening Ki Lurah. Nanging tiyang tiga
kala wau taksih dereng purun mboyongi kulawarganipun kanthi pawadan ingkang ugi
klebet ing nalar.
“Kula
sakalangkung matur nuwun awit paringipun rerigen kala wau Kakang Lurah”
wangsulanipun Ki Dungkul nalika samanten “nanging mugi kauningan, sanaosa
kirang saking sailat, estunipun rayi-rayi ndika niki, ing Brendhilan rak inggih
gadhah siti garapan ingkang wonten tanemanipun. Gandheng siti-siti kasebat
dereng pajeng kula sade, semah kula lan semahipun Dhangkal menapa dene Palir
sami nggadhahi kuwajiban ngopeni siti kasebat. Ing pangangkah mangke menawi
sampun pajeng dipun sade, nembe semah kula lan semahipun Dhangkal lan Palir
badhe nusul mriki”.
“Ya
wis yen pancen mangkono Dhi” Ki Lurah gentos wangsulan “nanging tumrape wong
sing wis omah-omah, ora kumpul karo bojo sajroning wektu sing rada suwe kuwi
sok ora becik, ya kanggone wong lanang ya kanggone wong wadon. Merga wong
saumurane si Adhi kuwi isih banget mbutuhake pangan, panganing lahir lan uga
panganing batin. Loro-lorone ora kena dilirwakake”.
“Mila
leres dhawuh jengandika menika Kakang Lurah”
Ki Dungkul wangsulan kalihan mesem “inggih awit saking menika, kula lan
Dhangkal saha Palir nyuwun pangapunten, menawi ing salebeting wekdal meh
gangsal wulan menika, kula sampun wongsal-wangsul wira-wiri antawisipun
Pangapitan lan Brendhilan, tanpa matur, nyuwun palilah dhateng Kakang Lurah
langkung rumiyin sanaosa saben wangsul kula lan Dhangkal sarta Palir namung
nyipeng setunggal dalu ing Brendhilan lan anggen kula sambang griya inggih gentosan antawisipun tiyang tiga menika.
Sepisan malih kula nyuwun pangapunten”.
“Iya
Dhi, ora dadi apa, nek anggone Si Adhi sambang omah kuwi mung sedina utawa
gedhene nganti sepasar” wangsulanipun Ki Lurah salajengipun “nanging nek
kira-kira mbutuhne wektu kliwat saka sepasar sing wis dirancang sadurunge,
becike si Adhi kandha marang aku utawa marang Pamong liyane,prelune supaya si
Adhi ora dadi golekan”.
“Inggih
Kakang”.
Ing
dinten-dinten salajengipun ing Pangapitan boten wonten kedadosan menapa-menapa.
Saben-saben salah satunggal saking tiyang tiga kala wau badhe nyambangi
semahipun ing Brendhilan ajeg pamitan rumiyin dhateng Ki Lurah utawi
saboten-botenipun titip rembag murih kaaturaken dhateng Ki Lurah. Lan menawi
sampun wangsul malih dhateng Pangapitan ugi lajeng sowan ing Dalem Kalurahan
matur menawi sampun wangsul malih. Ngantos ing satunggaling wekdal, Ki Lurah
dipun kejotaken dening wartos ingkang babar pisan boten dipun kinten
saderengipun.
Inggih
menika nuju satunggaling dinten, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal pamit menawi badhe
nyambangi semahipun ing Brendhilan. Anggenipun pamit inggih namung sapeken tumunten
wangsul malih dhateng Pangapitan. Ki Palir boten tumut sambang awit dereng
dangu anggenipun sambang. Nanging sampun mlampah gangsal welas dinten wiwit Ki
Dungkul lan Ki Dhangkal bidhal saking Pangapitan, tiyang kalih kala wau dereng
sami wangsul. Ingkang makaten menika, estu damel boten sekecaning penggalihipun
Ki Lurah. Kajawi nguwatosaken kawilujenganipun tiyang kalih kala wau, Ki Lurah
ugi nguwatosaken menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal kacuwan manahipun dhateng Ki
Lurah, awit Ki Lurah tanpa paring sumerep dhateng kekalihipun, sampun maringi
Ki Palir wewahan siti garapan saprasekawan bahu malih, wasana pamit sambang
griya nanging bablas boten wangsul dhateng Pangapitan.
Inggih
awit saking penggalih ingkang kirang sekeca makaten kala wau, Ki Lurah lajeng
nimbali Ki Palir murih sowan ing dalem Kalurahan, saprelu badhe dipun ajak
rerembagan bab kesahipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika.
“Iki
wis limalas dina, Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal anggone sambang menyang
Brendhilan” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Ki Palir sowan “kamangka
anggone pamitan marang aku, jarene paling suwe ya mung sepasar. Nanging
kanyatane nganti saiki sedulurmu loro kuwi durung ana bali, apa ora luwih becik
yen Adhi Palir lari menyang Brendhilan? Nanging becike nek si Adhi nglari
Adhiku Dungkul lan Adhiku Dhangkal aja budhal ijen, becike nganthia
Sapukawating Desa loro utawa papat, jalaran bares wae aku nguwatirake banget
marang kaslametane adhi-adhiku kabeh”.
Dipun
ajak ngendikan kados makaten kala wau, Ki Palir dangu boten wangsulan. Malah
praupanipun dados kados tiyang ingkang nembe bingung. Salajengipun tanganipun
kekalih ingkang ngapurancang dipun tindhihi bathukipun, praupanipun
kasingidaken. Ki Lurah gumun sumerep
tingkahipun Ki Palir ingkang makaten menika.
“Awakmu
kuwi ana apa Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa kalih suwanten ingkang nedahaken
gumunipun “dijak rembugan barang sing wigati, kok malah ndhingkluk karo nutupi
rai. Ana apa Dhi?”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan kados tiyang ngampet tangis “bares
kemawon kula bingung anggen kula badhe matur”.
“Bingung?”
Ki Lurah sansaya gumun “sing mbok bingungake manggon ing ngendi Dhi? Apa
antarane Awakmu karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal tau seling surup banjur
padha regejegan sing wekasane Dungkul lan Dhangkal padha lunga ninggalake
Pangapitan iki?”.
“Boten
Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nalika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal
ngertos menawi kula ndika paringi wewahan siti garapan saprasekawan bahu ing
kilen Dhusun, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ugi boten meri lan anggenipun
bidhal nilaraken Pangapitan menika ugi boten awit gela kalihan kula. Kula ugi
ngertos menawi boten dangu, duka sapeken, duka kalih peken malih, Kakang
Dungkul lan Kakang Dhangkal tamtu sampun wangsul malih dhateng Pangapitan
mriki. Lha duginipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menika mangke ingkang
ndadosaken kuwatosing manah kula”.
“Aku
kok dadi sansaya bingung krungu tembungmu kuwi ta Dhi?” Ki Lurah dereng saged
mangertosi kekajenganipun Ki Palir kalihan tembung ingkang makaten kala wau “coba
kandhaa sing cetha bongkot pucuke, kareben aku ora bingung”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” aturipun Ki Palir dhateng Ki Lurah “magepokan kalihan
kesahipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menika, estunipun sampun dangu
kula menika nyingidaken wewadi. Menawi wewadi menika kula singidaken
dangu-dangu saged mbebayani tumrap sedherek kula jaler tunggil biyung, ugi
saged ndadosaken kula edan jalaran ngampet raos sesanggan awrat ing salebeting
manah. Kosok wangsulipun, menawi ngantos wewadi menika kula bikak, saged ugi
mbebayani tumrap sedherek kula jaler tunggil Bapa ugi saged kemawon kula pejah
ing tanganipun kadang kula piyambak”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar