004.
Ing
dhuwuring watu gedhe sing praenane amba lan leter, wong telu, Rangga, Marga lan
Sukmana padha lungguhan kasorotan sunaring rembulan tanggal kaping sewelas.
Sukmana wiwit nyaritakne lelakon minangka wangsulan saka pitakone Marga mau.
“Kala
rumiyin ingkang miwiti mbabat wana kadamel padhusunan ingkang samangke nami
Dhusun Pangapitan, menika tilas Prajurit saking Jipang, pandherekipun Adipati
Arya Penangsang ingkang keplajar awit kasoran jurit mengsah Prajurit Pajang,
ingkang dipun lurahi dening Ki Tamejana. Inggih Ki Tamejana menika ingkang
salajengipun nglurahi Dhusun Pangapitan ingkang kapisan. Nanging dereng ngantos
jangkep setunggal tahun dados Lurah, Ki Tamejana sampun kapundhut wangsul
dening Gusti Ingkang Maha Agung. Kamangka yuswanipun Ki Tamejana nalika seda
dereng kapetang sepuh, rikmanipun taksih cemeng lan saliranipun inggih taksih
prakosa.
Ki
Tamejana nilar semah setunggal lan yoga setunggal ingkang nami Dasir, Inggih
Dasir menika ingkang dening warga ing Pangapitan lajeng kawisuda dados lurah
nggentosi palenggahanipun Ki Tamejana. Nalika samanten yuswanipun Ki Dasir
nembe kalih dasa tahun. Gandheng Ki Dasir sampun dados Lurah, mila sareng
anggenipun nindakaken kuwajiban ngancik kalih tahun, lajeng emah-emah. Saelah utawi
Nyi Tamejana ingkang yuswanipun inggih
dereng patos sepuh lajeng emah-emah malih kalihan Ki Anggira minangka semah
ingkang angka tiga. Ki Anggira menika Dhukun prewangan lan griyanipun ing
Dhusun Brendhilan, saking Pangapitan watawis lampahan setunggal dinten. Nyi
Tamejana utawi Saelah, ingkang sampun santun dados Nyi Anggira ugi lajeng
kaboyong dhateng Brendhilan. Sawatawis griya tilaranipun Ki Tamejana dipun
panggeni dening Ki Dasir ingkang sampun dados Lurah Pangapitan lan semahipun.
Sansaya
dangu anggenipun nglampahi jejibahan minangka Lurah ing Pangapitan, Ki Dasir
sansaya kathah seserepanipun. Sansaya dangu kawontenanipun Dhusun Pangapitan
sansaya reja, pagesanganing para warga sansaya sekeca. Pasabinan ing Pangapitan
sansaya jembar, makaten ugi pategilanipun. Para warga Pangapitan ugi kathah
ingkang nyambi ngingah rajakaya kados dene, Mesa, Lembu, Menda lan
sapiturutipun, ugi meh saben griya sami ngingah iwen kados panunggalanipun
Ayam, Bebek, Menthog lan sapiturutipun. Ugi kathah warga Pangapitan ingkang
sami nglampahaken pedamelan minangka dagang lan bebakulan nyade wulu wedaling
Pangapitan dhateng dhusun sanes lajeng kulakan barang-barang ingkang dipun
betahaken dening warga Pangapitan saking dhusun sanes. Gampiling rembag, Dhusun
Pangapitan estu satunggaling Dhusun ingkang warganipun gesang sekeca, ayem,
tentrem, guyun rukun, kinayoman dening Lurah lan para pamong sanesipun. Boten
wonten kabar Dhusun Pangapitan kadhatengan durjana, panunggalanipun Maling lan
Kampak, awit Warga Pangapitan nggadhahi kekiyatan ingkang tansah ngayomi warganipun,
inggih menika para sinoman ingkang kagulang kawruh kanuragan lan kaprajuritan.
Kawontenan
ingkang kados menika kala wau lumampah ngantos pinten-pinten tahun. Ngantos
anakipun Ki Dasir ingkang namung setunggal, inggih pun Sukmana diwasa lan
emah-emah. Lan watawis setunggal tahun kapengker, kawontenan Dhusun Pangapitan
wiwit kisruh lan sansaya dangu sansaya kisruh.
Dene
ingkang anjalari kisruhipun Pangapitan, kawiwitan ing satunggaling dinten,
wonten tamu saking Brendhilan manggihi Ki Lurah Dasir ing dalem kalurahan.
“Nuwun
sewu Ki Lurah” makaten aturipun salah satunggal saking tamu ingkang cacahipun
tiga kala wau, sasampunipun dipun panggihi kanthi sae dening Ki Lurah Dasir lan
dipun dangu pikajengipun “estunipun anggen kula tetiga sowan dhateng Ki Lurah
menika kala wau, kajawi badhe nyuwun palilah saha pangayoman badhe ndherek
pados gesang, mbara kerja ing Pangapitan mriki ugi badhe ngluri sanak, madosi
balung ingkang pisah, awit miturut wartos ingkang nate kula tampi, kula tetiga
menika taksih wonten sambetipun kalihan Dhusun Pangapitan menika”.
“Lekas
ndika sing kepengin nitik waris, ngluri sanak, nggoleki balung pisah kuwi,
becik banget Kisanak” wangsulanipun Ki Lurah Dasir kalihan mesem “merga ambak -ambak
sedulur nek kesuwen anggone ora saban sinaban, ana kalane banjur ilang, bareng
wis tiba anak luwih-luwih putu, banjur padha ora tepunge nek jebul isih waris
dhewe. Coba ndika kandhakne sapa asmane waris ndika sing biyen tau manggon neng
Pangapitan kene, mbok menawa aku bisa melu ngrewangi nggoleki lan nggathuk - nggathukne
prenahe”.
“Matur
nuwun sanget Ki Lurah” wicantenipun tiyang kala wau kalihan mesem, ketingal
menawi remen manahipun “estunipun ingkang gadhah sedherek ing Pangapitan menika
ingkang caket piyambak inggih adhi kula ingkang alit piyambak niku, inggih pun
Palir menika. Menawi kula pun Dungkul lan adhi kula Dhangkal menika kenging
kawastanan namung kadang katut kemawon”.
“Ngono
ya Kisanak Dungkul?” Ki Lurah nanggapi anggenipun wicanten Ki Dungkul “coba
ndika kandhakne kepiye luwih cethane”.
“Kula
tetiga menika mila taksih sedherek tunggil Bapa nanging benten Biyung” aturipun
Ki Dungkul malih “inggih menika sami-sami anakipun sawargi Ki Anggira, kula
kalihan Dhangkal lahir saking Biyung Tukijem dene adhi kula Palir menika
yoganipun sawargi Biyung Saelah ingkang seda kunduran nalika nglahiraken Palir
menika ………..”
“Mengko
dhisik” Ki Lurah nigas aturipun Ki Dungkul “dadi ndika kabeh iki isih putrane
Ki Anggira? lan Ki Palir iki putrane Biyung Saelah?”.
“Inggih,
leres makaten Ki Lurah”.
“Yen
mangkono” Ki Lurah wangsulan kalihan mesem lan ketingal menawi panggalihipun
kraos bingah “ndika kabeh kuwi karo aku dudu wong liya maneh. Jalaran Ki
Anggira kuwi isih kaprenah Bapakku kwalon lan Biyung Saelah kuwi biyungku
dhewe, mula Ki Dungkul karo Ki Dhangkal kuwi nek karo aku isih sedulur kwalon
lan Palir kuwi adhiku dhewe, adhi tunggal biyung seje bapa. Merga sawise
Wongtuwaku lanang seda, Biyung banjur kapundhut garwa dening Ki Anggira. Lan
sawise Biyung Saelah seda, aku wis ora tau maneh sanja menyang Brendhilan,
malah aku ya ora krungu kabar yen Ki Anggira jebul uga wis seda”.
Tiyang
tiga ingkang saking Brendhilan menika ketingal sami remen manahipun, jalaran Ki
Lurah sampun ngakeni bilih tiyang tiga kala wau mila taksih sedherekipun piyambak.
Malah Ki Lurah lajeng nimbali Nyai Lurah lan anakipun jaler, sami dipun
tepangaken kalihan tiyang tiga kala wau.
“Wong
telu iki, jebul kabeh isih adhi-adhimu dhewe Nyai” dhawuhipun Ki Lurah dhateng
semahipun “sing loro kuwi, sedulur merga isih putrane Bapakku kwalon Ki Anggira
lan sing siji iki, adhiku padha-padha putrane Biyung Saelah”.
“Inggih
Kyaine” atur wangsulanipun Nyi Lurah ingkang lajeng nepangaken dhirinipun
dhateng tiyang tiga kala wau “ya ditepungake wae, adhi-adhi kabeh, kaya ngene
iki sing jarene isih mBokayumu, merga aku isih sisihane Kakanganmu, ya Ki Lurah
Dasir”.
“Inggih
Nyi Lurah, ngaturaken genging panuwun” tiyang tiga sami wangsulan sareng lan
gentosan sami nyebut naminipun piyambak-piyambak.
“Lha
nek iki ponakan ndika” Ki Lurah lajeng nepangaken Sukmana dhateng tiyang tiga
kala wau “jenenge Sukmana”.
“Paman-paman
sedaya, bekti kula katur” Sukmana
nyambet pangandikanipun Ki Lurah.
“Inggih
Ngger, sampun kula tampi” wangsulanipun tiyang tiga kala wau sesarengan.
Salajengipun
anggenipun sami jejagongan inggih lajeng sansaya gayeng. Lan ing lenggah
sapajagong menika ugi lajeng dipun sarujuki Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki
Palir, ingkang suwaunipun badhe mbara
kerja pados berahan dhateng warga Pangapitan ingkang mbetahaken bau, lajeng dening
Ki Lurah kaparingan siti garapan ingkang wiyaripun setunggal bahu kangge tiyang
tiga. Sadangunipun siti garapan kala wau dereng ngedalaken asil, kangge gesang
sadinten-dintenipun dipun tanggel dening kulawarganipun Ki Lurah. Ugi menawi
saderengipun tiyang tiga kala wau badhe
pados pondhokan ing griyanipun warga Pangapitan, dening Ki Lurah kadhawuhan manggen
ing Gandhok Wetan dalem Kalurahan ing mangkenipun manawi sampun wonten redana
ingkang cekap, sedaya badhe kayasakaken griya piyambak-piyambak lan
kulawarganipun saged kaboyong dhateng Pangapitan.
“Samanten
kasaenan jengandika dhateng kula tetiga, boten langkung kula namung saged
ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” aturipun Ki Dungkul dhateng Ki Lurah
kalihan nyulihi rayi-rayinipun.
“Kabeh
mau minangka wujuding rasa tresnaku marang adhi-adhiku kabeh, Dhi”
wangsulanipun Ki Lurah “minangka sedulur tuwa, bisaku mbantu lagi samono kuwi
mau. Kuwi wae aku isih njaluk tulung marang adhi-adhiku kabeh supaya nuruti
kang dadi pakonku”.
“Ki
Lurah ngersakaken dhawuh menapa?” Ki Dungkul nyuwun pirsa.
“Pisan
si Adhi kabeh bisaa srawung sing becik karo warga ing Pangapitan kene, dene
sing kaping pindho si adhi aja ana sing pisan-pisan wani nindakne sing dadi
pepacuhing desa kene ya iku siji ngabotohan kaping pindho dhemen mendem merga
nindakne madat utawa ngombe omben sing marakake wuru”.
“Inggih,
sedaya dhawuhipun Ki Lurah badhe kula estokaken”.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar