003.
Bener
apa sing dikandhakne Marga, mbarengi Rangga ngentas kutuk sing dibuntel lempung
saka bedhiyang, merga wis mateng, wong sing ditambani lan ditunggoni Marga kuwi
wiwit nglilir saka anggone turu. Sawise mbukak mripate wong kuwi ketara yen
kaget weruh Marga sing lungguh ana sandhinge. Gage-gage wong kuwi tangi, mapan
lungguh karo guneman sing suwarane ketara yen ngemu rasa kuwatir :
“Tulung
Kisanak, aja cedhak-cedhak aku, aja nganti ndika katularan lelaraku sing ora lumrah
iki”.
“Aja
kuwatir Kisanak” wangsulane Marga ayem, atine seneng merga sing ditulungi wis
bisa guneman “aku ora bakal ketularan lelara sing mau ndika sandhang. Luwih-luwih
saiki lelara ndika wis ilang, ndika wis waras, mung kari nunggu pulihe tenaga
wae”.
“Apa?”
wong kuwi sansaya katon gumun krungu wangsulane Marga mangkono kuwi “aku wis
waras? Sapa sing kandha? Ndika kuwi sapa?” .
Marga
mesem oleh pitakonan mangkono mau, banjur wangsulan :
“Bener,
ndika wis ora lara. Apa ndika ora krasa? Sing kandha nek ndika saiki wis waras
kuwi aku, jenengku Marga lan sing ana sandhingku iki sedulurku tuwa, Kakang
Rangga. Coba saiki ndika tiliki dhadha ndika sing mau rasane panas semu gatel
kuwi, kareben ndika weruh nek ndika wis mari saka anggon ndika lara”.
Wong
kuwi ndhingkluk, ngulati prenah pulung atine, banget anggone gumun. Plenthing
cilik-cilik sing mau ngebaki prenah pulung atine wis resik, mung kari tilas
bubukan rupa kuning semu ijo sing ana dhadhane. Wong kuwi ngusap bubukan kuwi
banjur diambu, ngganda jamu kaya empon-empon. Wong kuwi banjur ngerti nek wong
sing ana sandhinge ngaku jeneng Marga lan Rangga kuwi sing nambani dheweke.
Mripate manther nyawang Marga.
“Saiki
coba ndika ngadeg lan unjal ambegan sing landhung, isih krasa lara kaya mau apa
wis suda?” Marga guneman maneh aweh prentah marang wong kuwi supaya ngadeg lan
unjal napas landhung.
Ora
semaur wong kuwi banjur nindakne apa sing dikandhakne Marga. Wola-wali anggone
nyedhot hawa nganggo irunge banjur alon-alon diwetokne manjaba. Dhadhane krasa
longgar, longgar banget, ora ana rasa ora kepenak sing ditemoni. Ora sranta,
wong kuwi banjur ndheprok neng lemah, banjur nyembah marang Marga disusul sujud
karo guneman :
“Dhuh
Pukulun Jawata ingkang ngejawantah, utawi Malaikat ingkang tuhu suci, abdi
paduka kula pun Sukmana ngaturaken gening panuwun awit pitulungan Paduka, temah
kula boten siyos pejah lan saged mantun kados menika, lepas saking pasiksaning
upasipun Kyai Nagalanang ingkang tumanduk ing raga kula. Sembah kula mugi
kunjuka ing ngarsa Paduka Pukulun kekalih”.
Marga
lan Rangga banjur ngerti nek wong sing lagi wae ditambani Marga kuwi jenenge
Sukmana. Nom-noman loro kuwi uga banjur kapencut kepengin ngerti luwih akeh
sapa satemene Sukmana iki, awit mau keprungu nyebutake yen larane merga kena
wisane Kyai Nagalanang. Apa sing dikarepake dening Sukmana iki Kyai Nagalanang
sing dadi sesembahan ing Alas Patalan utawa Nagalanang liyane?.
“nDika
aja salah tampa Ki Sukmana” kandhane Marga sabanjure “ndika ora kena sujud kaya
mangkono kuwi, awit kajaba sujud marang titah mangkono kuwi kleru, aku karo
Kakang Rangga iki dudu Dewa ya dudu Malaikat. Nanging titah wantah, manungsa
lumrah sing ora beda karo ndika lan manungsa-manungsa liyane. Saiki becik ndika
tumuli tangi, lan ayo lungguh awor aku lan Kakang Rangga kene, mbok menawa
awake dhewe bisa omong-omongan lan jejagongan sing ana gunane”.
Sukmana
banjur tangi lan mapan lungguh ngadhep Marga lan Rangga sing uga lungguh ing
pasuketan.
“Manawi
ndika kekalih menika sanes Dewa lan sanes Malaikat, lajeng ndika kekalih menika
saking kasatriyan pundi Raden Marga lan Raden Rangga?” pitakone Sukmana sawise
lungguh kepenak.
“Kaya
sing dikandhakne adhiku mau Ki Sukmana” sing mangsuli genti Rangga “aku bocah loro
iki anake wong sing omahe cedhak Kuthagedhe Mataram kana, merga kadohan
anggonku dolan, banjur kebablasen wegah
mulih, lali omah, klambrangan nganti tekan ngendi-endi wekasane dina iki mau tekan
papan kene iki lan kepethuk ndika sing mlayu - mlayu banjur tiba neng lemah,
ora eling, banjur dening adhiku ndika ditambani lan andelalah saka kersane
Allah ndika bisa mari iki mau. Dadi kena diarani yen aku bocah loro iki, bocah
kleyang kabur kanginan, tanpa dhangka ya tanpa kayang, kandhangku langit
kemulku mega. Dadi nek ngundang aku lan adhiku, Ki Sukmana bisa nganggo sebutan
Adhi utawa njangkar ya kena”.
“Inggih,
inggih Adhi Rangga lan Adhi Marga” kandhane Sukmana nimbangi wangsulane Rangga “kula
saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng ndika kekalih, dene
sampun ngluwari panandhang kula. Saestu adhi, kula sampun meh sewulan menika
nandhang sakit ingkang aniksa jiwa lan raga kula, awit kapanduk wisanipun Kyai
Nagalanang, ingkang miturut kabar ingkang kula tampi boten wonten tambanipun.
Ananging pranyata Adhi kekalih kuwawa sembada paring usada temah kula boten
siyos pejah kados ungeling kabar ingkang kula tampi bilih kula badhe pejah
salebeting wekdal kalih purnama sasampunipun kula nandhang sakit ingkang boten
kantenan menggah raosipun. Estunipun minangka raos panuwun kula dhateng Adhi
Rangga lan Adhi Marga, kula kepengin sanget angaturi Adhi kekalih pinarak ing
rompok kula, panggih kalihan kulawarga kula, nanging gandheng kalihan
kawontenan ing dhusun kula ingkang nembe kisruh kula kuwatos menawi Adhi
kekalih ngantos dados kurban awit tumindakipun titiyang ingkang kepengin
nguwaosi dhusun kula menika”.
“Kakang
Sukmana” Marga genti sing guneman aweh wangsulan “ndika ora kudu nedha nrima
sing banget-banget marang aku lan sedulurku tuwa iki, jalaran aweh pitulungan
marang wong sing mbutuhake pitulungan kuwi wis dadi kuwajibanku wong loro iki.
Lan maneh, temene dudu aku lan Kakang Rangga sing wis bisa marasake Kakang
Sukmana saka pasiksan Wisane Kyai Nagalanang iki mau, nanging kabeh mau mung
awit saka Maha Murahing Gusti Kang Maha Kawasa, kang wus njumbuhake lakuning
pesthi sing kudu tak lakoni lan dilakoni dening Kakang Sukmana. Dadi nek
miturut petung ndika, dina iki kurang prayoga yen aku lan Kakang Rangga sanja
ing wisma ndika, ya mbesuk wae yen ana wektu sing prayoga aku lan Kakang Rangga
mbok menawa bisa mampir. Mung wae, mbok menawa Kakang Sukmana ora kabotan lan
dhangan ing penggalih aku lan kakang Rangga kepengin takon marang ndika Kakang Sukmana”.
“Inggih
Adhi” gage wae Sukmana mangsuli kandhane Marga “Adhi kekalih ngersakaken
mundhut pirsa menapa? Ngibaratipun cangkriman, menawi kula sumerep
batanganipun, tartamtu kanthi remening manah badhe kula aturaken
sagamblang-gamblangipun ing ngarsa jengandika kekalih”.
“Matur
nuwun sadurunge Kakang Sukmana” wangsulane Marga “aku mung arep nyuwun pirsa,
mau ndika dhawuh yen Desa panggonan ndika lagi kisruh merga ana perkara rebut
panguwasa, pitakonku apa kang ndadekne sabab ndika ketaman wisane Kyai
Nagalanang iki mau ana sambung rapete karo kisruhing desa ndika mau? Lan Kyai
Nagalanang kuwi sapa?”.
“Mila
estu Adhi” kandhane Sukmana aweh wangsulan “sedaya ingkang jengandika
pundhutaken pirsa menika mila wonten sambung rapetipun. Murih cethanipun badhe
kula aturaken sedaya, sanaosa radi panjang lan mbetahaken wekdal sawatawis,
mugi-mugi Adhi kekalih sabar midhangetaken cariyos ingkang badhe kula aturaken”.
“Mesthi
wae aku lan Kakang Rangga bakal kanthi seneng ngrungokne apa sing arep ndika
critakake Kakang Sukmana” wangsulane Marga karo mesem “nanging gandheng kutuk
sing dibakar Kakang Rangga wis mateng lan wis ora panas maneh, kanggo
ampet-ampet, saiki becik awake dhewe nyampurnakne Kutuk bakar kuwi luwih dhisik,
kanggo ngganjel weteng. Yen wis, gandheng wektune sedhela maneh wis surup
srengenge, aku karo Kakang Rangga kudu nindakne laku panembah utawa sembahyang
Maghrib dhisik. Mengko sawise sembahyang, lagi aku karo Kakang Rangga bisa
kepenak nyemak lan ngrungokne crita ndika”.
Iwak
Kutuk cacah telu gedhe-gedhe sing dibakar kanthi dibuntel nganggo lempung, mung
dibumboni uyah, banjur padha dipurak. Wong telu padha mangan bebarengan. Kegawa
saka weteng sing lagi luwe, olehe padha mangan krasa enak banget. Nalika kuwi
mbarengi kahanan dadi sansaya peteng, merga srengenge wis ambles ing cakrawala
imbang kulon.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar