Total Tayangan Halaman

Kamis, 07 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (002)


 

002.

        Marga mesem ngemu teges, sedulur angkate Raden Rangga kuwi apal banget karo wewatakane Senapati Agung Mataram sing rada getapan lan luwih percaya marang kasudirane dhewe lan ora gampang nggugu kandhane wong liya. Lan sasuwene iki, tumrap Pangeran Singasari, Rangga iku isih dianggep kaya dene bocah cilik sing durung ngerti apa-apa, kajaba mung dolan lan dolanan. Mula saben-saben antarane Raden Rangga lan Pamane kuwi kerep geseh ing panemu. Sanadyan wis wola-wali Rangga tumandang aweh pambiyantu marang Pangeran Singasari nalika ngadhepi mungsuh sing mbilaeni, suprandene ora tau Pangeran Singasari nganggep yen Raden Rangga kuwi kagadhuhan kaluwihan sing migunani, nanging mung dianggep sawijining kabeneran wae.

        “Lha banjur awake dhewe apa kudu ngedoh saka Alas Patalan papane Paguron Nagalanang kuwi Kakang?” Marga banjur takon “merga yen nganti Gusti Pangeran Singasari pirsa yen awake dhewe ana sacedhake Paguron kuwi, tan wurunga awake dhewe bakal nampa bendu saka Gusti Senapati Agung kuwi, jalaran dianggep mung arep ngrusuhi wong tandang gawe?”.

        “mBah Juru ora paring dhawuh supaya aku ngadohi papane Paguron Nagalanang, mung dhawuh supaya aku luwih ngati-ati wae” wangsulane Rangga “dadi awake dhewe dening mBah Juru uga dikeparengake melu labuh mbebela Mataram ngadhepi klilip sing wujude kumpulane wong sing ngaku-aku isih turas Majapahit sing mung arep gawe kisruh kuwi. Mung wae luwih becik nek awake dhewe ora nunggal sabarisan karo wadya bala saka Mataram sing ditindhihi Paman Pangeran Singasari. Si Adhi mesthine isih kelingan lelakon-lelakon sing wis kepungkur, ya iku wong-wong sing ngaku trah Majapahit sing ajeg mesthi didombani dening para Lelembut bangsane Jim lan Siluman, kabeh mau punjere mung siji yaiku weton saka Alas Patalan. Lan Si Adhi uga ngerti, satemene sing bisa ngundurake mungsuh-mungsuhe Mataram sing ngaku-aku minangka trah Majapahit sasuwene iki satemene dudu Paman Singasari, nanging nom-noman sing jenenge Marga awit oleh pambiyantu saka gurune sing jejuluk Ki Tanparupa. Mula dina iki aku uga arep ngajak Si Adhi murih aja nganti negakne Wadyabala Mataram sajrone ngemban jejibahan saka Kanjeng Rama, mbengkas satru sekti saka Alas Patalan iki”.

        Marga mesem krungu ompakan tembung saka Rangga marang dheweke mau. Marga ya mesthi tansah kelingan wiwit geger ing Tundhan, ing Paguron Tangen lan sapiturute tanpa pambiyantu saka Rangga lan Marga wadya bala Mataram kangelan anggone bisa nglahake mungsuhe. Marga arep kumecap yen dheweke mung manut apa sing dadi karepe Rangga, nanging durung nganti kawetu tembunge, dumadakan saka kadohan nom-noman loro kuwi weruh sesawangan sing nyalawadi. Ana wong  mlayu sajak kesusu, bola-bali tiba jekangkangan neng lemah banjur tangi maneh lan nerusake anggone mlayu, wekasan wong mau teka sacedhake papan sing dienggo lungguh Rangga lan Marga. Wong mau bali tiba maneh lan nganti sauntara suwene ora bisa tangi, mung sikile obah kejet-kejet kaya wong ketaton sing arep pesat nyawane.

        Ora sranta Rangga lan Marga bebarengan ngadeg banjur mrepegi papane wong kejet-kejet sing mengkureb neng lemah kuwi. Kanthi cukat Rangga malik ragane wong mau, dilumahake. Katon mripate wong kuwi mendhelik mendhuwur nganti ora katon manike, sing katon mung mripat sing putih ora ana warna irenge babar pisan. Rangga ngrasakne nek awake wong kuwi panas banget nganti kaya mawa. Jalaran wong mau isih tansah polah, dening Rangga banjur digujer kenceng sikile. Marga sing uga weruh lan melu ngerteni kahanane wong kuwi, tumuli grengengan alon :

        “Wisa Tapakangin…….?”.

        “Apa Dhi?” Rangga kebat anggone takon “sing dikarepne si Adhi wong iki mentas dicokot ula Tapakangin?”.

        “Ora Kakang” wangsulane Marga karo nduduli peranganing ragane wong kuwi nganggo driji panudinge lan wong sing maune kudu polah kuwi banjur meneng ora obah mripate ora mendhelik maneh nanging banjur merem kaya wong lagi turu. Mung ambegane wae isih keprungu kaya wong menggeh-menggeh.

        “Wong iki sajake wis rada sauntara klebon upase Ula Tapakangin sing dicarub karo upas liyane” Marga nutugne olehe aweh wangsulan “rahayune durung kliwat saka patang puluh dina, dadi mbok menawa oleh pitulunganing Gusti, isih bisa ditambani lan dislametake”.

        Bubar muni ngono kuwi Marga banjur njupuk bumbung cilik saka pethukane, isine barang-barang bunder kaya mrica rupane abang kaya bata sing lagi mudhun saka linggan. Marga njupuk telung glintir barang sing kaya mrica kuwi, banjur dilebokne tutuke wong sing lagi ketaman wisa kuwi. Banjur wong kuwi diuculi klambine, ing dhadhane katon kaya gudhig sing mruntuk ing prenah pulung atine. Sepisan maneh Marga njupuk bumbung liyane, isine bubukan rupa ijo semu kuning, banjur sing kaya gudhig diwur-wuri bubukan kuwi. Rangga mung nyawang ora guneman apa-apa, Rangga ngrumangsani yen ing babagan kuwarasan lan lelara, dheweke kalah adoh ing sangisore Marga.

        “Muga-muga Gusti paring pitulungan” Marga grenengan ijen karo mbalekne bumbung-bumbunge menyang jero pethukane.

        “Tak takon Dhi” kandhane Rangga “saupama wong iki mau ora kepethuk awake dhewe, banjur ora kober oleh tamba, apa bakal mati ana kene?”.

        “Durung mesthi mangkono Kakang” wangsulane Marga “nek nitik wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki, nalika anggone mlebu lagi sedina nganti pitung dina, wong sing klebon wisa iki ora ngrasakne yen ketaman wisa. Lagi sawise dina kawolu nganti dina kaping pat belas, banjur ngrasakne sarandhuning awake krasa lungkrah, bebalunge krasa ngeres lan ngethok, linu-linu, disusul awake dadi sedhela panas sedhela atis. Lan yen wis ana sesasi banjur kerep bingung, saawak dadi lara kabeh ambegane dadi kerep krasa sesak lan yen wis thukul plenthing-plenthing cilik kaya sing ana dhadha kuwi, kaya-kaya sing ketaman upas iki luwih kepenak yen tumuli mati, merga saking larane lan yen wis kliwat saka patang puluh dina wong mau bakal kelangan nalar, utawa kasarane dadi edan iya awit saking ora kuwat ngempet rasa lara ing sarandhuning awake lan suwe-suwe iya banjur mati”.

        “Biyuh….biyuh, nganti kaya mangkono kejem lan wengising wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki?” kandhane Rangga takon maneh “gek kira-kira nganti bisa klebon wisa sing nggegirisi kuwi, wong iki merga dicokot Ula Tapakangin apa merga apa ya Dhi?”.

        “Yen ana wong sing dicokot Ula Tapakangin, ora nganti sapanginang suwene, wonge mesthi wis tumekeng pati, ragane garing remuk sabebalunge pisan, Kakang” wangsulane Marga “kuwi miturut crita sing tak tampa saka Ki Tanparupa jaman awake dhewe isih ana Mataram biyen. Wisa Ula Tapakangin sing mlebu ing ragane wong iki, ora ana saprasatuse wisa sing kulina digunakne Ula Tapakangin nyokot, lan dicarub karo wisa-wisa liyane, ana sing dumadi saka wisane ula nanging iya ana sing dumadi saka wisane gegremetan liyane. Dadi cetha yen ana wong liya sing kanthi sengaja ngarah cilakane wong iki, kanthi nglebokne wisa menyang ragane”.

        “Yen mangkono sing nglebokne wisa sing nggegirisi marang ragane wong iki cetha yen atine ana ulune utawa pancen pranakane Iblis” kandhane Rangga karo nggegetne untune “arepa saupama wong iki duwe luput sing kaya apa wae gedhene, ora pantes yen paukumane kudu dileboni wisa sing kaya mangko wengise. Saupama aku bisa kepethuk menungsa sing tega nindakne kaya mangkono kuwi, aku mentala saupama nempiling sirahe kareben mawut uteke”.

        “Kuwi jenenge Kakang padha wae karo wong sing gawe cilakane wong kuwi mau” wangsulane Marga karo ngguyu “apa Kakang lali karo dhawuhe Ki Tanparupa, sabisa-bisa awake dhewe iki kudu mbudidaya murih wong sing ala tumindake, njejemberi budi pakertine, bisaa bali dadi manungsa sing gelem nganggo wewatakane manungsa, ora milih nganggo wewatakaning kewan utawa wewatakaning Iblis”.

        “He he he he” Rangga gumuyu banjur wangsulan “bener awakmu Dhi, jebul aku isih kerep lali. Banjur becike kepiye Dhi?”.

        “Becike saiki awake dhewe nindakne laku sembahyang dhisik, srengengene wis ngglewang mangulon” wangsulane Marga karo mesem “miturut petunganku sadurunge srengenge surup, wong kuwi mengko wis bisa diajak omong-omongan”.

        Rangga gumuyu, banjur ngadeg ndhisiki mlaku ngudhuni gampeng, arep sesuci ing Kali Sumberlanang. Marga ora tumuli nututi jalaran ora tega ninggal wong ditambani kuwi kijenan tanpa ana sing ngancani.

 

ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...