Total Tayangan Halaman

Selasa, 05 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (001)


 

001.

        Rangga aweh sasmita marang Marga supaya mandheg, sawuse dirasa anggone mlaku rikat wis rada adoh karo Padhukuhan Kepuh Agal. Pancen anggone mlaku rikat nom-noman loro kuwi wis sansaya cedhak karo Gunung Lawu, kang miturut weca sing ditampa Rangga lan Marga ing sukuning Gunung kuwi mapane Sendhang Mustikaning Warih. Rangga banjur mapan ngiyom ing ngisore wit sing gedhe sing ana sapinggiring kali cilik sing bening banyune. Ngerti nek Rangga lungguh neng ngisor wit, Marga banjur mudhun menyang gisiking kali, raup lan ngincipi banyune kali sing bening kuwi. Ora suwe banjur mlaku munggah nusul Rangga lan mapan lungguh ing sandhinge.

        “Wis mbok rasakne banyune kali kuwi Dhi?” pitakone Rangga nalika Marga wis mapan lungguh.

        “Uwis Kakang, kali iki beda karo kali Gebyog sing ana sacedhake Kepuh Agal” wangsulane Marga “kali iki luwih dawa tinimbang kali Gebyog, jalaran tuking kali iki sajake saka gunung sing luwih dhuwur. Ketitik saka rasa lan wataking banyune”.

        “Si Adhi wis ngerti kali iki aran kali apa?” Rangga takon maneh.

        “Durung Kakang” wangsulane Marga sing banjur genti takon “lha Kakang apa wis pirsa?”.

        “He he he ….” Rangga gumuyu lirih banjur wangsulan “nek nitik unine layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma, kali iki sing diarani Kali Lanang utawa Kali Sumber Lanang, tuke kali iki mapan ana Gunung Lawu, sumbere sinimpen ing oyote wit Waringin Putih. Biyen aku tau didongengi Kanjeng Ibu, ya ing ngisor wit Waringin Putih kuwi  Raden Yudayanaputra nglakoni tarak brata patang puluh dina lawase, sawise kapracondhang saka madyaning perang Pralaya sing ndadekne tumpese Sri Dharmaputra”.

        “Raden Yudayanaputra kuwi sapa Kakang? Gajege lagi saiki aku krungu sebutan kuwi uga Sri Darmaputra kuwi ratu ing ngendi? Dhek jaman apa?” Marga takon sajak kapencut karo wangsulane Rangga.

        “Kuwi dongeng jaman kuna” wangsulane Rangga “sing ndongeng Kanjeng Ibu marang aku saben-saben aku angel turu. mBuh tenane aku dhewe ya ora ngerti, Raden Yudayanaputra kuwi satriya saka Tlatah Bali, ya kuwi pulo cilik sing manggon ing sawetane Tanah Jawa, sing banjur dipundhut putra mantu dening Sang Prabu Teguh Darmaputra ya Darmawangsa, Narendra gung binathara sing ngratoni Tanah Jawa, kuthane sinebut Medhangkamulan”.

        “Medhangkamulan kratone Prabu Baka sing wekasane kecemplung segara dadi bajul putih, merga dikebut nganggo sorbane Aji Saka kae Kakang?” Marga nyelani crita.

        “Kuwi aku ya ora ngerti, Mendhangkamulan sing mbok kandhakne kuwi apa Mendhangkamulan liyane” wangsulane Rangga “wong jenenge panggonan kuwi sok ana sing padha nanging beda papane. Karo maneh wong kabeh mau mung dedongengan, jenenge dongeng kuwi nek dipaido ya ora mengeng, bisa bener lan bisa luput, nanging ora kena dieyel”.

        “Iya Kakang” wangsulane Marga karo mesem “banjur tutuge piye?”.

        “Ya jaman Kraton Medhangkamulan nganakne pista raja kanggo mahargya dhaupe Raden Yudayanaputra kuwi, Kraton Mendhangkamulan katlusuban mungsuh sing apangawak dom sumuruping banyu, ya iku Raja Telukan saka Negara Wora-wari, sing wekasane dadi srayane negara Swarnabumi. Ya merga saka culikane Ratu Wora-wari sawadya balane kuwi sing ndadekne Kraton Medhangkamulan lebur dadi awu merga diobong nalikane Prabu Darmaputra lan para punggawa praja padha kepati nendra sawuse tutug nggone padha mangun pista.  Tujune nalika samana Raden Yudayanaputra uninga sanajan wis kepara kasep, yen sing ngobong kraton Mendhangkamulan kuwi Ratu Wora-wari lan wadya balane. Merga kalah wadya, wekasan Raden Yudayanaputra kanthi kadherekne dening garwane  Dewi Sri lan Dewi Lasmi, lolos nilar praja. Ing pangangkah arep nata kekuwatan kanggo males wirang mara Raja Wora-wari. Sawuse lolos nilar praja wekasan Raden Yudayanaputra tekan ing sangisore wit Waringinputih sing ngemu cahya kaya cahyane Wulan Purnama. Raden Yudayanaputra tumuli nindakne tapa brata ing kono nganti patang puluh dina suwene lan kaparingan pituduh dening Kang Maha Kawasa temah bisa ngrebut Kraton Medhangkamulan sing wis dadi awu kuwi saka tangane mungsuh lan bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe. Wekasan Raden Yudayana yasa Kraton anyar sing diarani Kraton Medhangkauripan, jumeneng nata ing kono, nutugne jejibahane Prabu Teguh Darmawangsa, ajejuluk Sang Maha Prabu Erlangga. Kuwi dedongengan saka Kanjeng Ibu sing tau tak rungu, mbuh nyatane aku ya ora ngerti”.

        “Dadi tuke kali cilik iki klebu panggonan kang ora sabaene ya Kakang?” pitakone Marga sawuse Rangga rampung nyritakne dedongengan sing ditampa saka ibune “aku kok kepengin ngerti kaya apa wujude Waringin Putih sing ana pok-pokane kali iki ta Kakang?”.

        “Padha Dhi” wangsulane Rangga “jalaran, kajaba saka dedongengan mau, ing layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma iki, uga dicritakne yen durung pati suwe iki ing tuke Kali Lanang iki, uga ana sawijining bangsa Jim sing apangawak ula gedhe jenenge Kyai Nagaraga ya Kyai Nagalanang sing nindakne tapa brata lan sawuse tapa brata ana kono, dina iki Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang mapan ana salah sijining guwa kang ana ing alas Patalan. Kyai Nagalanang kuwi dadi sesembahane wong-wong sing manggon ing sacakete Guwa papane Kyai Nagalanang. Paguron kuwi jenenge Paguron Nagalanang lan pangarsane nganggo sebutan jeneng sing padha karo sesebutane Jim apangawak ula gedhe kuwi, ya iku Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang. Lan Paguron kuwi sing nyawisake pangan kanggo Ula sing manggon neng njerone guwa kuwi, wujude wedhus jemaka urip sing dilebokne liwat lawangane guwa, samangsa-mangsa juru kuncine guwa krungu suwara ngakake Ula saka sajabane guwa”.

        “Ya pancen mekaring budayaning wong kuwi beda-beda Kakang” kandhane Marga nyelani kandhane Rangga “mbok menawa wae Jim sing wujude Ula gedhe kuwi tau nuduhne pangeram-eram sing gawe gumune wong-wong ing Paguron sing manggone ing alas Patalan kuwi, temah banjur padha ngira yen Ula kuwi Dewa sing bisa gawe beja cilakane manungsa, mula banjur padha disembah. Lan yen cadhong pangane Ula kuwi wujude mung wedhus jemaka, tak kira iya ora pati mitunani tumrap wong kono, tinimbang diumbar golek pangan dhewe, rak luwih mbebayani, bisa – bisa sing dimangsa malah bocah sing lagi dolan.”

        “Nek perkara Ula didadekne sesembahan lan dicadhongi pangan wedhus jemaka, kuwi ora dadi kawigaten sing baku tumrap mBah Juru sing disebutake ing layang iki, Dhi” kandhane Rangga maneh.

        “Banjur apa maneh dhawuhe Gusti Patih Mandaraka, sing ana sambung rapete karo Ula gedhe kuwi Kakang?” Marga banjur takon marang Rangga.

        “mBah Juru ndhawuhake, mesthi wae dhawuhe mBah Juru Martani iki iya saka atur palapurane Prajurit Teliksandi Mataram. Paguron Nagalanang kuwi ngimpun kekuwatane wong-wong sing ngaku Trah Majapahit, sing satemene tedhak turune Adipati Girindrawardana. Lan wong-wong kuwi kaya sing uwis-uwis duwe gegayuhan arep njongkeng kawibawan Mataram. Malah wektu iki wis akeh Desa cilik-cilik sing ana sakiwa tengene Patalan lan sakupenge Gunung Lawu sisih lor wetan, padha kapilut melu manunggal marang Paguron Nagalanang lan wis ora gelem seba unjung ngaturake bulu bekti marang Mataram. Pancene ora kabeh Lurah Desa kuwi anggone manunggal karo Paguron Nagalanang kuwi merga kapencut kepengin uwal saka kawibawan Mataram, nanging jalaran saka rumangsa wedi yen nganti dimungsuhi dening Paguron Nagalanang, wekasan iya banjur pilih manut watone slamet” wangsulane Rangga nggenahne isining layang saka Patih Mandaraka marang dheweke.

        “Mangkono ya Kakang?” wangsulane Marga sing banjur takon “mbok menawa ana dhawuh saka Gusti Patih marang Kakang lan aku magepokan karo anane lelakon iki?”.

        “Kanggo aku lan si Adhi durung ana dhawuh apa-apa” wangsulane Rangga “kajaba supaya nambahi pangati-ati jalaran lakune awake dhewe iki wis sansaya cedhak karo mapane Sendhang Mustikaning Warih. mBah Juru uga paring warta yen Paman Pangeran Singasari uga wis nata prajurit lan milihi para senapatine, kanggo diajak nglurug menyang Paguron Nagalanang lan ngendharat pangarsane Paguron sing mirong kampuh jingga kuwi. Mula mBah Juru paring weling, aku ora kaparengake melu-melu ing babagan iki, merga wis dadi watake Paman Singasari yen maju perang lan nindakne jejibahane ora seneng yen ana bocah cilik sing teka melu rusuh-rusuh”

 

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...