31.
Sawise
kabeh padha sepakat, ora suwe ya banjur padha pamitan bali kabeh. Pak Sugiri
bali bareng karo Arja Gendhon lan mBah Di Dong. Boss Jodi bali bareng karo
Gejrot lan Gagak. Murtala banjur ngukuti gelas-gelas kothong diloroti arep
digawa neng papan korah-korahan. Nanging jebul ibune wis metu karo nggawa
bakine, dadi Murtala mung nyeleh-nyelehne gelas kuwi nang baki.
“Kok
mau sajak gayeng olehe padha jagongan sing dirembug apa wae lho Le?” dumadakan
Marsini malah mapan lungguh neng kursi karo nakoni anake lanang “gajege sing
mrene mau wong-wong sing arang srawung karo awake dhewe kabeh ta? Malah sing
tak ngerteni mung telu, Pak Diyana Durenan, Bapake Nita karo kakangane sing
jenenge Pak Arja Gendhon kae mau”.
“Mosok
Ibu boten mireng babar pisan?” wangsulane Murtala genti takon “kula nggih sami
kalihan Ibu, waune ingkang kula tepangi nggih niku, sareng sampun jagongan
nembe tepangan, ingkang kalih kancane Pak Diyana ingkang kula nuwun wau namine
Sadiran, celukane Gejrot lan setunggal malih namine Warsiman celukane Gagak,
kalih-kalihe tiyang Sragen. Lha nek sing sareng Pak Sugiri goncengan kalihan
Pakdhe Arja Gendhon wau, namine mBah Di Dong, tiyang waskitha saking Watugudel,
Brang Ler”.
“Lha
kok aku mau krungu Pak Sugiri ketoke ngrasani Pak Guru Har barang ta? Banjur Pak
Arja Diyana omong perkara anjang-anjang tanduran kara, lan wekasane padha
ngguyu mbandhingne driji jenthik karo jempol barang?” Marsini takon maneh “wong
olehe Ibu krungu saka kadohan karo disambi nandangi gaweyan dadi ya ora pati
cetha”.
“Oalah,
nggih Bu” wangsulane Murtala karo ngguyu “Pak Sugiri criyos nek wonten kabar Pak
Harmaka badhe pala krama kalihan Ibu, nanging Ibu boten kersa lajeng wonten
kabar malih menawi badhe mundhut mantu kula, nanging menika namung kabar angin
dados inggih sampun dipun gagas. Lha nek sing dicriyosne Pak Diyana wau, sanes
anjang-anjang kara, nanging Ki Ambyangkara cikal bakal ingkang kawitan mbakali
Desa Kedunggalar mriki”.
Murtala
banjur kanthi ringkes nyritakne apa-apa sing wis dirembug wong-wong mau
sawutuhe. Marsini plenggang-plenggong kaworan gumun ngrungokne sing dikandhakne
Murtala. Rumangsane sing dicritakne Murtala kuwi lucu banget, malah ora pati
klebu nalar, utawa kaya critane dongeng jaman biyen sing isine sarwa ora jumbuh
karo kahanan sanyatane.
“Lha
wong-wong sugih tur ya padha pinter-pinter kok padha duwe pikiran sing lucu kaya
ngono, lho Mur? Mosok mung merga impen karo njajal nganggo ali-ali wae, banjur
percaya nek kowe upama melu mancung Lurah mesthi kepilihe?” kandhane Marsini sawise
Murtala rampung olehe crita, lan dibacutne takon “lha kowe apa ya melu-melu
percaya omongane wong-wong mau? Banjur kowe arep melu mancung Lurah neng
pilihan tahun ngarep kuwi?”.
“Lha
niku Bu” wangsulane Murtala “kula niki ajeng nggorohne sing dicriyosne
tiyang-tiyang nika wau raosing manah boten mentala, tiyang Pak Diyana kalih Pak
Sugiri wau jan ketingal sampun mantep saestu kalih wangsit lan pitedah ingkang
sami dipun tampi. Nanging nek badhe percaya kok nggih raose kok kaningaya
temen?. Milanipun kala wau pas ditari Pak Diyana kula lajeng semados, badhe
mikir saged utawi botenipun kula ngayahi jejibahan menawi saged kapilih dados
Lurah, badhe dados sae tumrap awak kula piyambak menapa malah dados awon menawi
kula tumut mancung ing pilihan benjing. Kalih kula inggih criyos menawi badhe
sembahyang istikharah rumiyin. Lajeng dening Pak Diyana ingkang ugi disarujuki
dening Pak Sugiri, kula dipun sukani wekdal kalih minggu kangge mikir lan salat
istikharah menika”.
“Ya
wis nek pancen mangkono” kandhane Marsini maneh “rumangsaku wong-wong kae mau
kok kaya dudu karepe dhewe. Lha wong pilihan lurah kok dianggep kaya bocah
dolanan? Wong arep mancung Lurah kuwi kudu duwe sangu serep, lha wong wragate
ya ora sethithik. Mula kuwi olehmu arep mikir kudu sing tenanan, apa-apa ki aja
mung nyawang gampange wae, nanging gampenge barang ya kudu mbok petung. Ya nek
kowe bingung olehmu arep mikir, ya nyuwun pitutur marang Pak Kyai Zamzuri karo
Ustadz Nurhamid kana ta. Merga nek kanggoku timbang dhukun apa wong tuwa apa
pusaka, luwung nyuwun pitutur wong sing ngalim ngana kae, ora duwe pamrih
kajaba ngajak marang kaslametaning urip neng donya tekan akhirat”.
“Inggih
Bu” wangsulane Murtala “nek angsal kula mikir niku jane sampun rampung, kula
boten saged nglampahi nyawung utawi mancung Lurah ing pilihan mangke, anggen
kula badhe salat istikharah menika namung badhe nyuwun pitedah kados pundi
caranipun suka wangsulan dhateng Pak Diyana kalih Pak Sugiri murih kekalihe
boten cuwa utawi gela dhateng kula. Kula inggih badhe ngaturaken sedaya menika
dhateng Kyai Zamzuri lan Ustadz Nur kok Bu”.
Toa
masjid wis ngumandhangake suwarane wong ngaji, aweh sasmita yen sepuluh menit
maneh wektune adzan Dzuhur. Murtala banjur ngadeg, pamit marang Ibune nek arep
sesuci banjur budhal menyang Masjid nindakne kuwajibane wong urip marang
Pengerane.
Sauntara
kuwi, sawise tekan omahe, Jodi banjur ngandhani Gagak karo Gejrot supaya tansah
ngawat-awati Murtala, melu njaga kaslametane, aja nganti ana sing ganggu gawe
marang dheweke. Merga ora mokal nek ana wong sing uga kepengin mancung lurah
lan ngerti yen Murtala kuwi wis kecondhokan pulung, banjur nekad ora wedi
kuwalat nindakne laku sing ora bener kanggo nyingkirake Murtala.
“Nanging
olehmu mlaku aja grusa-grusu” kandhane Jodi marang Gagak lan Gejrot “sing
ngati-ati, aja ngawistarani, aja nganti ana wong sing ngerti nek kowe nindakne
gaweyan iki”.
“Inggih
Boss” wangsulane Gejrot karo Gagak meh bareng.
Meh
wae Jodi arep kawetu tembunge, nek olehe ngrewangi Murtala kuwi satemene ya
duwe pamrih. Ya iku Jodi ngerti nek bar pilihan Lurah mengko bakal ana lowongan
Carik, merga petunge Jodi carik Saidi kae wis wayahe leren kegawa saka umur.
Lan Jodi ngarah anake lanang sing maune arep digala-gala maju ing pilihan lurah
nanging jebul ora dikeparengake dening Sing yasa desa Kedunggalar, arep
dibudidaya murih bisa dadi Carik. Nek Saiki dheweke labuh marang Murtala,
mbesuk mesthi Murtala ora arep nglalekne marang lelabuhane. Nanging Jodi ora
mblakakne isi atine ngono kuwi marang Gejrot lan Gagak.
Bareng
wektune, beda panggonane, seje critane sing ana omahe Pak Sugiri. Tekan omah,
Pak Sugiri gage wae kongkonan Nita supaya ngabari Murtala liwat WhatsApp, nek
awan kuwi Pak Sugiri lagi ana tamu dadi ora bisa sembahyang jamaah nyang
Masjid. Bar prentah nyang anake wedok,
lagi mbalik menyang pendhapa, arep nutugne olehe rembugan karo kakangane lan mBah
Di Dong sing mau padha durung nyandhak sing dadi karepe Pak Sugiri.
“Kudune
kuwi mau mbok tegesne pisan Ri” kandhane Arja Gendhon sawise adhine mapan
lungguh neng kursine “ora mung arep ngrewangi golek biting thok, nanging kudune
Murtala mbok tanting pisan, kowe sanggup ngangkat ragat, ning Murtala kudu
gelem dadi mantumu. Merga miturut petunge mBah Di ya kaya sing dikandhakne mau,
Nita kuwi bakal dadi mukti uripe nek dijodhokne karo Murtala. Gek jaremu Nita
ya wis gelem upama diolehne Murtala? Lha kok mau mung mbok saguhi nek kowe arep
ngrewangi thok, bisa-bisa Murtala mengko ora sida wani mancung merga wedi ora
duwe wragat”.
“Aja
samar Kang” wangsulane Pak Sugiri ayem “kanggo kuwi aku wis duwe cara dhewe
sing luwih becik. Nek nganggo cara kaya sing mbok omong kuwi, Murtala kae bocah
pinter lan duwe jiwa satriya, kaprawirane genep, mesthi sak kal ngomong emoh.
Kudu nganggo cara alus, sing mlaku mengko ben Nita karo Ibune, liwate Bu Kojin,
kira-kira iki mengko akeh kasile”
“Nggih
niku langkung pas lan langkung leres Pak Sugiri” mBah Di nambahi rembug “lan
sedaya inggih kedah dipun suwunaken dhateng Ingjang Maha Kuwaos murih saenipun”.
mBaleni
critane Murtala sing numpak sepedha pancale menyang Masjid. Kelingan perkara
Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi, sepisan maneh Murtala mesem. Banjur eling
marang janjine marang awake dhewe, yen ora arep mikir sing abot-abot sadurunge
kasembadan sing dijangka, ya kuwi gawe senenge wong tuwane, saora-orane kudu
bisa ngancani Ibune Ziarah Umrah neng Mekah luwih dhisik nganggo wragat sing
dicelengi saka asil saben dinane, lagi bisa nggagas perkara liyane.
tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar