Total Tayangan Halaman

Selasa, 28 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (30)

30.

        Ali-ali dening Jodi banjur dibalekne marang mBah Di maneh. Banjur tangane dicedhakne tangane Gejrot, drijine wong loro kuwi diedho, bener drijine Gejrot luwih gedhe-gedhe tinimbang drijine Jodi. Mula ya pancen nggumunake, ali-ali mau neng drijine Gejrot lodho, nanging neng drijine Jodi ora sedheng. mBah Di Dong karo Arja Gendhon mung padha mesem.

        “Niku boten aneh Boss” kandhane Arja Gendhon mangsuli olehe grenengan Jodi “pancen nek sing nyoba niku tiyang sing boten gadhah wewenang mancung teng Kedunggalar nggih lodho, mbok tangan kula niki nggih lodho. Benten nek sing nyoba ngangge niku tiyang sing angsal menawi badhe majeng, nek boten jodho lire jane boten kiyat dados lurah, nggih sesak utawi boten cekap. Sak niki sing dereng nyobi kantun Mas Murtala, cobi mBah Di, Mas Murtala kapurih ngagem ali-ali Suleman Ratu niku jodho menapa boten?”.

        mBah Di ora wangsulan malah banjur kandha marang Murtala, karo ngulungne ali-aline :

        “Cobi panjenengan agem Mas, ali-ali niki, panjenengan jodho napa boten?”.

        “Walah kinten-kinten nggih lodho mBah Di, tiyang driji kula niki alit-alit” wangsulane Murtala karo mesem, nanging kanggo nglegakne atine mBah Di lan wong-wong sing ana kono, ali-ali kuwi ya ditampani.

        “Cobi kula agemne Dhik” Jodi nyandhak tangane Murtala ali-ali kuwi arep dienggokne neng drijine Murtala. Murtala manut wae, ali-ali dilebokne nyang driji jempolan. Pas, Ora lodho ya ora sesak. Sing weruh padha mlengak.

        “Lha ning nganggo ali-ali mosok neng jempol? Coba nek nek driji manis?” Pak Sugiri ketok sumringah praupane.

        Murtala nyopot ali-ali saka jempolane, banjur dienggo neng driji manis. Pas maneh, ora keciliken ya ora kegedhen. Wong-wong sansaya ketok sumringah, seneng. Banjur Murtala nyoba driji-driji liyane, sing kiwa lan sing tengen kabeh dicoba dienggoni ali-ali sing mripate akik Suleman Ratu kuwi. Murtala dadi gumun dhewe, merga kabeh pas, kamangka cetha nek driji jenthik karo driji jempol kuwi gedhene ora padha.

        “Sampun mBah Di” kandhane Murtala sawise nyopot ali-ali saka tangane lan ngulungake ali-ali kuwi menyang sing duwe.

        “Piye Gan nek ngene iki?” durung nganti mBah Di guneman mangsuli kandhane Murtala, Jodi wis ndhisiki takon marang Pak Sugiri “panjenengan saiki mesthi wis percaya nek wangsit sing tak tampa saka Eyang Ambyangkara kuwi bener ta?”.

        “Aku wiwit pisanan mau ki ya wis percaya karo sing sampean ngendikakne Boss” wangsulane Pak Sugiri “merga miturut sasmita sing tak tampa ya kaya sing sampean ngendikakne mau. Mung wae, saiki dadi luwih manteb maneh”.

        “Lha nek wis cetha ngene iki, mosok nek Panjenengan ora arep nyengkuyung Dhik Murtala maju neng Pilihan tahun ngarep kuwi?” Jodi banjur nanting Pak Sugiri.

        “Nuwun sewu Pak Diyana kalihan Pak Sugiri lan Bapak-bapak sedaya” Murtala wis ora bisa ngampet maneh anggone kepengin melu guneman, nrambul wong-wong sing lagi katrem ngrembug perkara pilihan lurah sing olehe nganakne isih suk tahun ngarep lan sing njalari Murtala kapeksa nyaru wuwus kuwi merga wong-wong kuwi mung adhedhasar petung batin lan wangsit sing durung mesthi wangsit tenan, wis percaya nek dheweke bakal menang menawa melu maju ing pilihan.

        “Inggih pripun Dhik?” sing aweh wangsulan Jodi, sing banjur nakoni karepe Murtala.

        “Nggih kula ngaturaken panuwun awit kawigatosanipun Pak Diyana, Pak Sugiri lan sanesipun dhateng kula ing prakawis Pilihan Lurah tahun ngajeng menika” kandhane Murtala sabanjure “boten ateges kula niki ngremehaken utawi boten pitados dhateng wangsit utawi petang saha ampuhing ali-alinipun mBah Di kala wau, nanging kados ingkang dipun dhawuhaken Pak Diyana kala wau, jangka menika sagedipun dumugi kedah dipun jangkah rak inggih ta?".

        “Mila leres makaten Dhik” wangsulane Jodi sing banjur omong marang Pak Sugiri “rak ya ngono ta Gan?”.

        “Iya, nek gak dijangkah ya ora bakal kasembadan, ngibarate wong luwe wis dicepaki sega, nek pengin mari luwene, segane ya kudu dipangan, nek gak dipangan ya panggah luwe” wangsulane Pak Sugiri.

        “Kamangka” Murtala nutugne olehe guneman “njangkah niku kedah gadhah sikil sing kenging kangge njangkah, liripun kedah cekap sarat masrute. Lha kula piyambak sampun ngrumaosi upama tumut kepengin dados Lurah, niku kenging diparibasakaken kados cecak pengin nguntal empyak, wong cebol nggayuh lintang, dados inggih nglengkara menawi kula badhe majeng tumut mancung ing Pilihan tahun ngajeng menika”.

        “Sampun ngaten Dhik, Dhik Murtala niku kangge kepilih dados Lurah sarate namung setunggal, inggih menika kersa ndhaftar tumut mancungm niku sampun cekap. Sarat sanese kados wragat upaminipun niku saged dipadosne kalih mlampah” Jodi nanggapi kandhane Murtala.

        “Bener Mur” Pak Sugiri melu guneman mbenerne kandhane Jodi “pokoke awakmu gelem mancung, mengko sing obah ben sing tuwek-tuwek ngene iki. Boss Jodi kuwi wonge neng Kidulan kana akeh, wiwit Dasem, Durenan tekan Kaliwowo sasat keneng dijagakne kabeh, mengko Plosorejo, Ngarengan karo Pulo aku ya bisa melu ngrewangi kuwi mengko paling mung kudu dhisik-dhisikan karo Pak Guru Har, nek wonge sida nekad arep maju”.

        “Inggih Bapak-bapak” wangsulane Murtala sabanjure “perkawis ndhaftar niku nggih gampil mawon, nanging saderengipun mancung rak kedah dipun manah rumiyin, sembada menapa boten saupami kula dados lurah, saged damel tambah saenipun dhusun menapa boten? Lajeng tumrap pribadi kula piyambak, majeng tumut nyawung mangke saged mewahi kasaenan kula menapa malah mewahi dosa saha mengsah? Sadaya menika kajawi mbetahaken obahing nalar ingkang panjang ugi mbetahaken pitedah saking Gusti Allah lumantar sembahyang Istikharah”.

        “Dados saupami kula nyuwun pirsa sak niki Dhik Murtala kersa majeng ing Pilihan tahun ngajeng menika menapa boten, Dhik Murtala dereng kersa paring wangsulan?”

        “Leres Pak Diyana” wangsulane Murtala maneh “kula taksih mbetahaken wekdal kangge mikir lan sembahyang istikharah langkung rumiyin, sedaya menika murih saenipun tumrap kula ugi tumrap dhusun lan warga masyarakat Kedunggalar”.

        “Aku mbenerne awakmu Mur” genti Pak Sugiri sing guneman “senajan nek miturut petungane wong-wong iki kabeh yen awakmu gelem mancung wis kaya kenek dijagakne mesthi menange, nanging nek awakmu isih arep mikir lan arep sembahyang istikharah, kuwi ya luwih prayoga. Aku mung meling, anggonmu mikir lan sembahyang istikharah kuwi aja suwe-suwe”.

        “Upami ngeten pripun?” sadurunge Murtala mangsuli kandhane Pak Sugiri Jodi wis guneman luwih dhisik “kalih minggu melih, kula suwun Juragan Giri, kula, Mas Arja Gendhon kalih mBah Di mlempak malih wonten mriki, Lha Dhik Murtala mesthinipun sampun pikantuk pitedah lan mutusaken saged utawi botenipun majeng pilihan tahun ngajeng menika. Pripun menawi makaten?”.

        “Nuwun sewu Boss Jodi” Arja Gendhon melu guneman “kula kalih mBah Di niku tiyang njawi rangkah lho? Dede tiyang Kedunggalar”.

        “Ngeten Mas Arja” wangsulane Jodi karo mesem “panjenengan kalihan mBah Di niki sampun kathah ngawuningani lampahing pulung Desa Dunggalar niki, dados nggih sampun ngantos panjenengan negakaken Dhik Murtala, mila nggih kedah ndherek menggalihaken murih saene”.

        “Nek bisa ya ditambah wong Boss, sampean pilihi sing sajake bisa dijak nyambut gawe” Pak Sugiri nambahi rembuge Jodi “lan aja neng omah kene, aku kuwatir nek nganti ana wong sing melu ngrungokne banjur nglakokne laku dom sumuruping banyu. Aku pengin mbesuk kuwi lakune pilihan kaya jaman pilihane Pak Tapa biyen, jagone ora keprungu kablak lan kluruke nanging nyatane menang. Dadi botoh njaba bisa kecelik kabeh”.

        “Aku ya mathuk banget kuwi Gan, lha mathuke olehe golek enggon neng ngendi?”

        “Mengko wae nek wis cedhak tak kandha” wangsulane Pak Sugiri “mengko laku karo panggonan sarta uba-rampene dadi tanggunganku, tugase sampean golek tambah kanca telu utawa lima maneh”.

        “Ya wis mathuk Gan” wangsulane Jodi karo mesem lega, banjur genti kandha marang Murtala “mathuk ngaten nggih Dhik?”.

        “Inggih Pak Diyana” wangsulane Murtala, dheweke wis rumangsa ora bisa endha “nanging kula suwun menawi saged wekdalipun sampun ngantos manjing luhur, enjing mawon kados ngeten niki, awit kula menawi siang kedah kendel sakedhap”.

 

 

 

ana candhake

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...