29.
Diwangsuli
ngono kuwi Murtala ya banjur meneng, kamangka maune dheweke arep nyethakne nek
jenenge impen, embuh kuwi impen sing klebu wangsit embuh kuwi impen lumrah,
kuwi olehe negesi kudu dijumbuhne karo kahanan kang nyata. Ora banjur dienggo
paugeran sing maton. Lan unine weca kuwi bisane klakon ya kudu disranani
nganggo laku sing tenanan. Nanging gandheng Jodi isih kepengin ngrungokne
panemu saka Pak Sugiri, mangka Murtala ya banjur ngalah. Meneng dhisik, aweh
wektu marang Pak Sugiri sing dijaluk panemune dening Jodi.
Pak
Sugiri bareng dijaluki panemu dening Jodi, banjur njengkerutne bathuke, tandha
yen mikir dhisik sadurunge aweh panemu. Nanging tumuli eling karo gagasane saka
omah mau, ya kuwi arep ngongkon Murtala supaya nyoba nganggo akik Suleman Ratu
duweke mBah Di Dong.
“Ngene
ya Boss” kandhane Pak Sugiri aweh wangsulan marang Jodi “nek sampean wis nampa
wangsit saka Ki Ambyangkara merga sampean nglakoni laku prihatin ing
pasareyane, aku uga wis nampa peling uga mBah Di Dong kuwi ya wis ngetung nganggo
ngelmu kang dhedhasar watake dina, pasaran, sasi lan tahun sarta watake kahanan
ing desane dhewe iki, asile meh padha. Ya kuwi sing kuwat kacondhokan Pulung
Lurah Desane dhewe iki ora ana liya kajaba Murtala utawa Bu Kojin, ibune
Murtala. Lha nek miturut panemune Pak Guru Har, sawuse oleh pituduh saka Kyai
Burengan, kajaba Murtala lan Bu Kojin sing kuwat kacondhokan pulung kuwi wong
sing bisa manunggalake jiwa ragane karo Murtala utawa Bu Kojin. Mulane aku ya
ora gumun nalika ana kabar angin sing ngabarake nek Pak Guru Har arep nglamar
Bu Kojin supaya kersa dadi garwane Pak Har. Nek ngono Pak Har wis nempuh cara
supaya bisa manunggalake jiwa lan ragane karo Bu Kojin. Nanging kabar angin mau
mbuh kena dipercaya mbuh ora, merga aku ya krungu nek Pak Har jarene ora arep
ngepek Bu Kojin, nanging arep ngajak besanan, anake wedok sing Pegawe Bank kae
arep dijodhokne karo Murtala”.
Ora
krasa sirahe Murtala gedheg-gedheg dhewe, batine gumun karo lakuning pikirane
wong-wong kuwi. Thik ngonowa, dheweke kok ya dikatut-katutne melu dadi lakon
ing gagasane wong-wong kuwi. Murtala ya banjur kelingan karo sing dicritakne
Ibune nek Bulik Maryati tau mara neng omah merga diutus Pak Harmaka sing
kepengin ngajak omah-omah. Murtala ya kelingan critane Ibune sing ngandhakne nek
pas dheweke menyang omahe Pak Sugiri wingenane kae, Ratih teka neng omahe jare kepengin
ketemu dheweke. Pikirane Murtala sedhela dadi nglambrang tekan ngendi-endi,
nanging tumuli bali eling yen nganti dheweke nutugne nggone mikir bab kuwi,
bisa marahi ora becik tumrap awake. Mula Murtala banjur maca istighfar,
alon-alon, nyuwun pangapura marang Gusti Allah lan nyuwun pangayoman saka
sakehing pitnah.
“Lha
panjenengan apa ya mathuk lire arep nyengkuyung kersane Pak Guru Har kuwi Gan?”
Jodi nyelani rembuge Pak Sugiri, suwarane keprungu nek atine rada cuwa.
“Ora
ngono Boss” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “srawungku karo Pak Guru Har
pancen becik. Nanging nek perkara iki, aku blas gak mathuk. Aku ya wegah nek
mung dadi ganjel kanggo ngangkat Pak Har dadi sansaya sugih, njur aku mung oleh
digelani wong merga melu ngrewangi dheweke”.
“Banjur
piye Gan?” Jodi durung nyandhak sawutuhe karo sing dikarepne Pak Sugiri.
“Aku
karo sampean ki ketoke rada memper Boss” Pak Sugiri aweh wangsulan “aku
kepengin Desane dhewe iki duwe Lurah sing pinter, isih nom, ngerti batal-karam,
sing bisa nggawa desane dhewe iki dadi luwih maju tinimbang saiki lan
sadurunge. Maune aku mathuk nek Semedi putrane sampean kae sing maju, ning nek
sing maju sampean aku jujur wae gak setuju. Nanging, bareng aku krungu kabar
saka langit, ya sing saka Kang Arja, kakanganku kuwi, ya saka Sampean mau, ya
saka liyane, aku banjur kendho dhewe. Nek aku meksa nyengkuyung lan nyurung
Semedi maju, rak padha wae aku njorogne sampean menyang jurang ta Boss?”.
“Bener
Gan” Jodi nyauti kandhane Pak Sugiri “lha saupama Pak Guru Har sing jarene arep
ngajak besanan Bu Kojin kuwi mau, banjur ngejokne mantune sing dikongkon
mancung Panjenengan mathuk gak?”.
“Lha
nek kuwi kari Murtala piye?” wangsulane Pak Sugiri karo mesem kecut “nek aku ya
ora arep melu-melu, merga upama aku sing dadi Murtala, ya wegah nek olehe
ngepek mantu Pak Guru Har kuwi merga pamrih, gelem ngepek mantu merga Murtala
bakal dadi lurah, nek Murtala mung dadi bakul angkringan ora kepanggonan
Pulung, mokal Pak Guru Har gelem besanan karo Bu Kojin sing mung pensiunan.
Nanging sepisan maneh kuwi kari nang Murtala”.
Murtala
mesem krungu rembuge Pak Sugiri ngono kuwi. Batine rada mathuk karo panemune
Pak Sugiri. Nanging Murtala durung guneman piye-piye, isih ngenteni rembuge
Jodi karo Pak Sugiri sabanjure.
“Lha
nek ngene piye Gan?” Jodi takon maneh karo mesem “Upama Dhik Murtala kuwi
dijodhokne karo putrane panjenengan, banjur disengkuyung ben mancung, piye?”.
“Sampean
kuwi ya aneh” wangsulane Pak Sugiri, batine rada anyel merga lakuning pikirane
disemoni dening Jodi, mula cepet wae olehe mangsuli “aku arep sampean padhakne
karo Pak Guru Har? . Ngene ya Boss, perkara jodho utawa perkara arep golek
mantu kuwi, aja digandheng-gandhengne karo Pilihan Lurah. Saupama aku
nyengkuyung Murtala mancung neng pilihan mengko, merga aku ngerti nek Murtala
kuwi kuwat dadi Lurah sing bisa ngayomi desane dhewe. Lha nek saupama aku
kepengin ngepek mantu Murtala, kuwi merga kajaba duwe kelakuwan apik lan pinter
sarta duwe rasa tanggung jawab, ya merga anakku gelem lan seneng karo Murtala.
Gek nganti saiki aku ya durung ngerti anakku kae upama tak jodhokne karo
Murtala gelem apa ora, lan aku ya durung ngerti Murtala kuwi wis duwe pilihan
calon bojo apa durung. Gelem apa ora nek tak jodhokne karo anakku Nita. Ngono
lho Boss”.
“Lha
saiki banjur kepiye Gan?” Jodi takon
maneh.
“Saiki
ngene” Pak Sugiri arep mblakakne karepe “mumpung mBah Di Dong ya neng kene,
saiki becike ditakokne mBah Di wae, olehe sampean negesi wangsit saka Ki
Ambyangkara karo olehku negesi pituduhe Kyai Burengan marang Pak Guru Har dhek
emben kae, jumbuh apa ora yen ditakokne marang pusakane mBah Di, merga miturut
petung palintangane mBah Di ki jane ya padha karo sasmita sing sampean tegesi”.
“Pripun
mBah Di ?” Jodi genti nakoni mBah Di Dong.
“Nggih
dicobi mawon Boss, kula tak jawab dhateng Kyai Suleman Ratu riyin, tiyang
samanten niki sinten sing kuwat dados Lurah teng Kedunggalar, merga nek Pak
Giri sak kulawarga lan sak rewang-rewange pisan wau dicobi boten wonten ingkang
jodho. Sinten ngertos nek malah Boss Jodi utawi sedherek kalih niki malah
jodho?” wangsulane mBah Di Dong karo ngetokake ali-ali sing mawa sesotya akik
Suleman Ratu.
Jodi
sing dhasare sugih pengalaman ing babagan ngono kuwi wis nyandhak apa sing
dikarepake dening mBah Di. Mula ya banjur meneng wae, nanging wis sarujuk karo
sing dikarepake mBah Di.
Sawise
diwacakne mantra, akik kuwi diulungake Gejrot supaya dienggo. Gejrot gage
anggone nampani, banjur dicoba dilebokne driji manise.
“Piye
Jrot? Sedheng? Pas? Apa lodho?” Jodi nakoni Gejrot.
“Lodho
danten kok Boss, Jempolan mawon nggih lodho” wangsulane Gejrot karo mbalekne
akik kuwi marang mBah Di “ketoke niki sing pas Gagak, mriku drijine rak
ageng-ageng”.
“Cobi
gentos sampean Mas” kandhane mBah Di Dong karo ngulungne akike marang Gagak.
“Walaaah,
sami mBah” kandhane Gagak karo mesem, sawise nampa lan nyoba ngenggo ali-ali
kuwi “driji sepuluh lodho danten”.
“Sak
niki cobi panjenengan Boss” kandhane mBah Di genti marang Jodi.
“Lha
nek drijine cah loro niku mawon lodho, driji kula nggih sansaya longgar ta mBah
Di?” kandhane Jodi karo nampani akik kuwi, banjur dicoba arep dienggo.
“Kok
aneh?” Jodi grenengan ijen “driji sepuluh ora ana sing sedheng, kamangka
drijiku iki luwih cilik tinimbang drijine Gejrot karo Gagak, kok malah ora
sedheng? Aneh !”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar