Total Tayangan Halaman

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (28)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Haryadi ditutne Hajir mlebu omah, Hajir nyalami Make karo Ibune banjur pamitan arep sinau menyang kamare luwih dhisik. Haryadi mapan lungguh njejeri bojone, ngadhep kopi sing wis cemawis ing ngarepe. Kulawargane Haryadi kuwi duwe padatan sing beda karo lumrahe kulawarga liyane, yaiku ing babagan dhahar dalu. Kulawarga iki ora ana istilah makan malam, sing ana sorean utawa mangan sore, olehe padha mangan sore sadurunge srengenge surup, kajaba yen ngepasi nindakne pasa. Lha nek wis bar maghrib pancen kala-kala ya ngombe kopi, nanging ora saben dina.

“Make Hajir wis sampean kandhani ta Dhik?” Haryadi langsung nakoni sisihane.

“Uwis Mas, nanging lagi sethithik kok” wangsulane Astuti karo nglirik sing lanang “panjenengan wae mengko sing nggenahne, ya?”

Marti ngadeg, kelingan nek neng ngarepe Haryadi durung dicepaki asbak kanggo cecegan rokok.

“Sampean arep menyang ngendi Make Hajir?” Astuti gageyan takon “olehku omong durung rampung kok wis arep ngalih lho?!?”.

“Boten kok Buk-e” wangsulane Marti “niku lho badhe mendhetaken Asbak,kagem Bapak”

“He he he ora usah Make” Haryadi nyauti kandhane Marti “wiwit esuk mau aku wis ora ngrokok kok, nuruti sarane Ibune Hajir, jare ben gak diterokne anake”.

Karo omong ngono kuwi, Haryadi ngetokne permen cilik-cilik saka sake sing diwadhahi cepuk. Marti ora sida ngadeg, bali mapan lungguh maneh, ngenteni apa sing arep dikandhakne bendarane.

“Tekan ngendi mau Make Hajir?” Astuti mbaleni olehe omong karo nakoni Marti tekan ngendi olehe omong mau.

“Dugi Pak Harun criyos dhateng Buk-e kaliyan Bapak” wangsulane Marti.

“Iya, iya ….” Astuti nutugne critane “Lha Mas Har kuwi jane wis bola-bali ngandhani Mas Harun supaya enggal golek sisihan maneh sawise ditinggal mBak Asih, nanging Mas Harun ora pati nggatek. Bareng Mas Harun crita nek mentas kepethuk karo wong sing jarene wis randha duwe anak siji sing pawakan lan praupane persis karo mBak Asih, dening Mas Har Mas Harun dikandhani maneh, mbok menawa pancen Gusti Allah ngersakne paring jodho maneh marang Mas Harun sing wujude sampean kuwi”.

“Lhah, Bapak ki ya saged mawon lho? napa nggih pantes menawi kula dijodhokne kalih Pak Harun? enten-enten mawon Bapak niki?” Marti gageyan nyaut critane Astuti .

“Mengko dhisik ta” Haryadi genti sing kandha karo ngguyu “olehku matur Mas Harun kuwi, sadurunge aku ketemu sampean lho Mak? dadi kuwi klebu omongan sing ora sabaene. Wong nyatane Mas Harun sajake nuju prana karo aturku kuwi mau”.

“Nuju prana pripun Bapak?” Marti takon.

“Tegese ki Mas Harun ya mathuk, nanging ya lumrah nek kandha karo aku arep nyelidiki dhisik jati diri sampean” wangsulane Haryadi karo disusul nyruput kopine sing wis ora pati panas kuwi.

“Mulane banjur ana kedadeyan Pak Marsana dolan menyang omahe Pak Kadirin kaya sing tak omong mau, wis mudheng ta?” Astuti numpangi rembuge sisihane.

“Oalaah, tiwas waune kula kober ajrih, dheg-dhegan pas dicriyosi tiyang-tiyang nek teng wandene Yu Sendrong enten Tentara sing tangklet-tangklet perkawis kula, anake sinten, tiyang sepuh kula rumiyin dados napa, asal-usule saking pundi lan criyose taksih kathah malih….” kandhane Marti bareng krungu olehe nggenahne Bendarane perkara tekane Pak Marsana neng omahe Juragan Kadirin.

“Dadi wektu kuwi sampean ngerti nek diseloidhiki ngono Mak?” Haryadi takon karo ngguyu.

“Enggih” wangsulane Marti “lha tiyang-tiyang sami criyos nek kula dicurigai turune tiyang sing mengsahi negara. Nanging Juragan Dirin wekdal niku nggih ngandhani supados kula boten sah kuwatos, mbok menawi pancen wonten tiyang sing ndelalah namine sami nami kula ingkang pantes diawasi telik sandine nagari, dados kula nggih aman-aman mawon, ngoten criyose Juragan Dirin nalika samanten”.

“Lha, bareng Pak Marsana wis aweh laporan komplit” Astuti nutugne kandha “Mas Harun banjur ngajak Mas Har karo aku arep nemoni sampean, ben aku karo Mas Har weruh dhewe wong sing jarene mirip karo mBak Asih garwane Mas Harun ya mBakyune Mas Har sing wis suwe seda. Ngendikane Mas Harun, nek mathuk Mas Harun arep nyoba nakokne sampean “.

“Banjur ana kedadeyan awake dhewe ketemu neng kuburan kae” Haryadi ngimbuhi katrangane Astuti.

“Wis, tekan kene genti aku arep takon” Astuti guneman maneh nadane luwih serius “sampean banjur kepriye?”.

“Kepriye, pripun ta Buk-e?” Marti takon mbodhoni. Sak jane Marti ya wis nyandhak karo sing ditakokne bendarane kuwi, lan Marti sajake ya seneng banget upama klakon bisa dadi sisihane Harun. Merga wis rada suwe Marti bisa maca lagak lagon lan lageyane Harun, sing kerep sanja menyang omahe sedulure ipe kuwi. Marti ya weruh lan krasa nek Harun kuwi uga duwe kawigaten sing gedhe marang Hajir, anake lanang.

“Kok pripun ta?” Haryadi genti sing guneman “wingi kuwi aku karo Ibune Hajir ditimbali Mas Harun, dijak rembugan perkara iki. Gandheng Mak-e iki neng kene mlebu dadi anggota keluwargaku, Mas Harun njur nembung nyang aku karo Ibune Hajir. Aku karo ibune Hajir wis mathuk banget, saiki kari Mak-e, kersa apa ora upama diarepne karo Mas Harun?”.

Nganti rada suwe Marti ora bisa guneman, mung luhe wae sing deres mili saka pojoking mripate, dleweran nelesi pipine sing weweg nggemesake kuwi. Marti banjur kelingan kabeh lelakon sing ditemoni sajroning uripe. Luwih-luwih lelakon sing wis kedadeyan sawuse Taslim tinggal donya, Marti wis ping telu ditakokne arep dipek dening wong lanang, nanging kabeh durung bisa ditampa dening Marti. Ora perkara bandha lan rupa, nanging wektu kuwi Marti isih mikirake dina ngarep tumrap Hajir anak tinggalane sawargi Taslim. Merga wong telu sing nakokne dheweke kuwi, miturut panemune Marti ketoke mung gelem karo awake dhewe lan durung karuwan gelem kanthi tulus dadi bapakne Hajir. Wong telu kuwi sing siji dhudha sing anake wis loro, nanging loro-lorone digawa tilas bojone, banjur sing loro jaka kabeh, lan umure rada adoh ing sangisore. Wektu kuwi pancen Hajir wis dipupu dening Juragan Kadirin, nanging ing dhasaring atine Marti kandha yen durung karuwan Hajir arep dadi anake Juragan Kadirin kanggo selawase, arepa kaya apa Hajir panggah dadi tanggung jawabe. Marti uga kelingan, apa sing wis ditindakne Kamdi marang dheweke sing wis meh nyurung Marti nyemplung ing juranging kanisthan lan kasangsaran, jalaran Marti ya ngrumangsani duwe karingkihan, dheweke kuwi manungsa lumrah sing uga mbutuhake senggolan-senggolan mligi saka wong lanang, sasuwene iki Marti katon ora mbutuhne kuwi merga ora cecaketan karo wong lanang, nanging nek nganti ana wong lanang sing nekad nyedhaki dheweke, kaya sing wis ditindakne Kamdi dhek emben kae, tan wurunga Marti bakal gampang kena srimpunganing godha. Mula bareng saiki Marti krungu nek diarepake dening Harun, sing Marti ngerti dhewe wonge alus, dhasare ya duwe rupa bagus, sopan lan duwe kawigaten gedhe marang dheweke lan anake, lan ya merga saka kabecikane Harun, Marti bisa tekan Klegen kene, sawise ditundhung minggat dening Juragane sing olehe nundhung ora cetha apa sing dadi sebabe, Marti rumangsa kejugrugan kanugrahan saka Gusti Allah sing gumrujug saka langit.

“Nanging ya kuwi Make Hajir” sawuse suwe ora diwangsuli Haryadi kandha maneh “Ibune Hajir olehe mathuk lan nyarujuki kersane Mas Harun ya nganggo syarat”.

“Punapa punika Bapak?” ora sadar pitakon iki mencolot saka lambene Marti.

“Syarate Make disuwun iklasing penggalihe, secara resmi nglilani Hajir diadopsi dadi anakku ya anake Ibune Hajir lan digolekne kekuwatan hukum neng Pengadilan Negeri” wangsulane Haryadi.

Marti mlenggong, durung dhong. nDomblong.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...