Total Tayangan Halaman

Selasa, 30 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (32)


- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Wiwit Hajir kuliah lan manggon neng Malang biyen, saben wulan utawa rong sasi sepisan dikulinakne bali menyang Madiun, tilik wong tuwane. Adat sing saben nek tilik omah ngono kuwi njupuk wektu rong dina, tekane njujug Klegen, sawise turu sewengi neng  Klegen anjur wengi kapindho genti turu neng Oro-oro Ombo. Kanthi mangkono wong tuwane ora rumangsa dibedak-bedakne, ya wong tuwane angkat, ya wong tuwane kwalon, uga wong tuwane dhewe.  Nganti Hajir wis nyambut gawe, pakulinan ngono kuwi tansah ajeg dilestarekne. Kaya dina iku, dina Jumuah sore Hajir budhal saka Malang arep tilik omah nyang Madiun, rancangane mengko ya arep njujug Klegen luwih dhisik, lagi Sabtu sorene arep menyang Oro-oro Ombo.

 

Haryadi karo Astuti sing apal nek dina kuwi dina ancerane Hajir tilik omah wis tata-tata arep ngecakne rancangane, kaya sing wis dirembug luwih dhisik karo Harun lan Marti durung suwe iki. Ya iku bab anggone wong papat kuwi wis wiwit kangen kepengin enggal duwe putu.

 

"Hajir ki wis tau rasan-rasan nek arep omah-omah apa durung ta Mak?. Wong sing tak ngerteni ki sak jane ngono, nek pas aku sok dolan nyang pondhokane kae ki, akeh prawan sing padha mara neng pondhokane genti-genti, mosok salah siji ora ana sing nyanthol neng atine?" kira-kira seminggu kepungkur Astuti pas sanja menyang Oro-oro Ombo nakoni Marti.

 

"Durung ki Bu?" wangsulane Marti mbalik takon "lha nek karo Ibu wis tau nyenggol-nyenggol bab kuwi apa durung?"

 

"Padha Mak" wangsulane Astuti "karo aku ya durung tau omong bab kuwi, ndelalah saben-saben Hajir bali ngana kae, aku ki ajeg lali nek arep ngajak rembugan bab kuwi".

 

"Aku ki ya ngono kok" Marti genti gunemen "marahi Hajir ki nek neng omah kene ngana kae, wektune entek dienggo jagongan karo Bapake, gek sing diomong aku akeh sing ora nyandhak, dadi ya banjur tak tinggal ndelok pilem neng Tivi".

 

"Padha wae Mak" Astuti wangsulan maneh "neng Klegen ya ngono, sing akeh ya diskusi karo Bapake, ngrembug babagan politik sing aku ora pati tertarik, dadi ya padha karo panjenengan kerep tak tinggal nonton Tivi. Embuh Mas Har ki tau dijak rembugan anak lanang bab olehe arep omah-omah apa ora?".

 

"Dhek emben kae" Haryadi sing jenenge disenggol dening sisihane semaur "aku kober nakoni anakmu lanang kuwi, nanging olehe mangsuli ya mung sakeplasan ngono wae, intine durung kober mikir bab kuwi, merga cita-citane durung kasembadan. Aku ya banjur ora takon maneh".

 

"Padha kuwi Dhik" Harun sing mau mung nyemak genti melu nrambul gunem "pas aku takon bab kuwi kae, wangsulane putrane sampean ki ya ngono kuwi, bareng terus tak dheseg lagi bocahe omong ngenteni nek S3 wis rampung".

 

"Nek ngono iki wis meh" Haryadi nanggapi rembue Harun "wong ketoke ora nganti tahun iki entek, S3 ne Hajir ki ya wis rampung?".

 

"Ngene wae" dumadakan Astuti nyaut guneman karo praupan sing sumunar seneng "ben Hajir gelem ndang mikir nek dheweke kuwi jane wis umur, suk emben nek bocahe teka langsung tak jake mrene, banjur dikroyok bareng-bareng  supaya enggal gelem mikir golek calon sisihan. Nek ora ngono, aku kuwatir bocah kuwi mengko bali kasengsem karo urusan liyane lali maneh olehe arep golek bojo. Piye nek ngono?".

 

"Kuwi aku mathuk banget Bu" sing dhisik dhewe mangsuli Marti "nek mung aku dhewe sing ngandhani, ora mandi, wong aku kii ajeg kalah bantah nek rembugan perkara kuwi karo putrane panjenengan".

 

Jebul dina kuwi Hajir trekan omah wis rada wengi, merga mau budhal saka Malang ya pancen wis sore. Rencanane Astuti arep ngajak menyang Oro-Oro Ombo wengi malem Sabtu kuwi ora sida kelakon. Nanging Astuti karo Haryadi tetep olehe duwe karep ngajak Hajir ngadhepne Hajir neng sidhange para wong tuwane. Mung wektune wae sing diundur dadi Sabtu esuk. Astuti ya wis ngabari bab kuwi marang Marti lan Harun liwat telepon pas Hajir durung teka mau. Marti karo Harun ya wis nyetujoni apa sing dikandhakne Astuti.

 

"Wadhuh, benjing enjing niku kula badhe medal je Bu" wangsulane Hajir nalika wengi kuwi Astuti ngandhani nek sesuk esuk arep dijak menyang Oro-Oro Ombo "dos pundi menawi benjing dalu mawon? rak nggih padatan nek malem Ahad, Hajir ajeg tilem teng daleme Bapak Oro-Oro Ombo ta?".

 

"Mengko dhisik" Astuti sajak rada cuwa karo wangsulane anake angkat kuwi "awakmu arep metu ki metu menyang ngendi ta? acara sesuk esuk kuwi penting banget".

 

"Kaspundi inggih Bu? kula wau sampun kadhung nyagahi, menawi badhe dolan dhateng griyane kancane Hajir, amargi piyambake criyos menawi tiyang sepuhipun ngersakaken tetepangan kalih Hajir langkung rumiyin".

 

"He?" Astuti wiwit nyandhak, menyang ngendi olehe arep lunga anake angkat kuwi sesuk "kancamu sing arep mbok dolani kuwi bocah wedok? apa pacarmu?"

 

"Inggih Bu" Hajir wangsulan karo ndhingkluk semu rikuh, ketoke ya rada isin.

 

"Oh, ya wis nek ngono, mengko Ibu tak matur Makmu nek sesuk acarane ditundha" cuwa neng atine Astuti malih dadi seneng, banjur takon "lha omahe ngendi ta?".

 

"Ngawi Ibu" wangsulane Hajir "ning manggen ing ndhusunipun, saking Ngawi taksih ngilen watawis gangsal welas kilo, anu Kedunggalar".

 

"Kedunggalar?" sepisan engkas Astuti digawe kaget karo wangsulane Hajir "Kedunggalare ngendi kuwi?".

 

"Sendhangrejo Ibu"

 

Sing kaget saiki ora mung Astuti dhewe, Haryadi sing mau mung lungguh neng kursi karo meneng ngrungokne, dadi ketularan kaget.

 

"Mengko dhisik Nang" ora sranta Haryadi melu nrambul omong "awakmu ki wis ngerti Sendhangreja ki ngendi apa durung ?".

 

"Dereng Bapak" Hajir wangsulan blaka "criyosipun peken Kedunggalar mangetan".

 

"Oalaah, Nang... nang, pancen sing bangeten ki ya Bapak karo Makmu Oro-oro Ombo kok" dumadakan tembunge Haryadi kaya ora ana sambung rapete karo sing lagi wae diomong.

 

"Lho kok kesangeten niku dos pundi ta Bapak?" Hajir bingung.

 

"Iya, upama Bapak lan Makmu Oro-Oro Ombo kuwi nek pas ziarah neng pasareyane Bapakmu Pak Taslim, karo neng pasareyane Ibumu, Bu Asih, kuwi awakmu diajak, awakmu mesthi wis ngerti Sendhangreja ki ngendi".

 

"Lha kok makaten Bapak? murugaken, menawi ngepasi Bapak kalih Make ziarah, ajeg nyarengi Hajir boten wonten griya".

 

"Ya kuwi sing marahi" kandhane Haryadi karo ngguyu "tak kandhani ya? Kuburan ngge nyarekne Bapakmu, Pak Taslim karo Ibumu, Bu Asih kae ngono jenenge kuburan Sendhangreja, lha sing arep mbok parani sesuk kuwi ya desa sacedhake kuburan kae. Bapak rak wis bola-bali crita ta? nek cilikane Bapak ki biyen neng Kedunggalar, dadi nek mung Sendhangreja wae Bapak iki wis apal, luwih-luwih Makmu. Makmu kae asline ya Sendhangreja kana, dadi mbok menawa wae Makmu wis ngerti sapa wong tuwane kancamu sing omahe arep mbok parani kuwi. Asmane sapa ta?".

 

Saiki sing kaget malah ngalih menyang Hajir, apa sing lagi wae dikandhakne dening Bapake angkat kuwi babarpisan durung dingerteni sadurunge. Hajir ya banjur ngerti yen jenenge desa sing biyen dienggoni wiwit dheweke lahir nganti tekan kelas siji SD kae jenenge Sendhangreja, merga jaman semana ngertine desa kana kae jenenge Mogok Kidul Ban. Eman banget Hajir durung kober takon asmane wong tuwane Lasmini Indraswari, Mahasiwane sing wis dadi talining branta ing jero atine. Upama wis ngerti asmane, mbok menawa wae Hajir bakal weruh luwih dhisik sapa kuwi sing arep dadi mara tuwane. Hajir suwe olehe meneng, nggagas lelakon sing dumadakan krasa aneh miturut pangrasane.

 

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...