- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Hajir kelingan keri dheweke diajak dening Make lan Bapak kwalone ziarah kuburane bapake kuwi nalika Hajir munggah kelas telu SD, kuwi wae bubar ziarah ya ora mampir nyang ngendi-endi. Nanging isih apal dalan-dalan sing tumuju menyang desa kelahirane kuwi sing jebul uga dadi desa kelahirane Lasmini Indraswari boca wadon sing wis ngrenggani atine. Mau Lasmini kandha liwat telepon yen murih Hajir ora keblasuk dalan sesuk arep mapag neng cedhak prapatan Pasar Kedunggalar, sadurunge budhal Hajir dijaluk Hajir telepon luwih dhisik, dadi Lasmini bisa ngepasne anggone arep mapag. Hajir ya banjur nggagas sesuk nek arep mangkat olehe telephon ora arep ngongkon mapag nanging arep ngomongi yen dheweke wis apal banget karo dalan sing tumuju menyang Sendhangreja utawa Mogok Kidul Ban.
"Sapa Nang asmane wong tuwane kancamu kuwi mau?" Astuti mbaleni pitakone Haryadi sing wiwit mau durung dijawab dening Hajir "nek oleh ngira-ira, apa sing arep mbok dolani kuwi nggone Lasmini sing tau ketemu Ibu pas Ibu tindak Malang kae?".
"Leres Ibu" wangsulane Hajir "andilalah Hajir supe dereng nate nangkleti Lasmini sinten asmane Bapakipun".
"Ya ora apa-apa" sing wangsulan genti Haryadi "sesuk rak ya malih ngerti dhewe".
"Sesuk kuwi acarane rak mung awakmu dolan lumrah wae ta? ngiras arep tepungan karo Bapak ibune Lasmini? piye upama Ibu karo Bapakmu mbok jak ? Ya ben ngerti sapa sing arep dadi besane kuwi?" Astuti takon maneh marang Hajir.
"Ya aja mung Bapak Ibumu kene wae, nek perlu ya Bapak karo Makmu Oro-Oro Ombo dijak pisan, wong mung butuh arep dolan wae kok, sokur mengko bisa mampir ziarah nyang sareyane Bapakmu Pak Taslim karo nggone Ibumu Bu Asih pisan" Haryadi ngimbuhi rembug.
"Kula kinten ngoten nggih sae" wangsulane Hajir "tiyang welingipun Lasmini dhateng Hajir, namung ngengken dolan, boten wonten acara sanes. Dados menawi Bapak Ibu kalih Make ndherek tindak mrika nggih namung sadermi dolan kemawon".
"Iya, lagi nek wis sajake padha cocoge, ya kana ya kene cocog kabeh, lagi awake dhewe nglamar kanthi acara sing resmi, nut lakuning adat sing wis lumrah" Haryadi nggenahne karepe.
"Inggih".
Esuke, durung genep jam pitu Hajir wis nggelak mobile Bapake Klegen, sing ditumpaki Bapak, Ibu karo Make, ninggalne Kutha Madiun tumuju menyang Kedunggalar, Ngawi. Sing ngajak budhal esuk kuwi Astuti, jarene mengko nek tekan Sendhangreja isih kesuken, bisa luwih dhisik njujug kuburan ziarah. Karo mlaku wong papat sing dadi penumpang kuwi ora leren-leren padha omong-omongan, sing uga dirungokne Hajir sing lungguh neng ngarep minangka sopir.
"Panjenengan mengko bisa reuni karo tepungan panjenengan sing ana Sendhangreja Mak" kandhane Astuti sing lungguhe manggon neng kursi tengah jejer karo Marti.
"Mesthine ya ngono Bu" wangsulane Marti "merga angger dudu wong anyar sing neneka, sing duwe umur, aju undure sak barakan karo aku, wong Sendhangreja kuwi mesthi aku wis tepung kabeh".
"Iya Mak, marahi Hajir ki durung ngerti sapa asmane sing arep diparani iki, upama wis ngerti ngono sak jane ya luwih apik maneh" kandhane Astuti numpangi rembuge Marti.
"Iya jane" Marti nyambung kandhane "lha nek ora ngerti luwih dhisik ngene iki rak marahi aku dheg-dhegan ta Bu?".
"Kok bisa dheg-dhegan ki piye ta Mak? Mandhak mengko ya bakal ngerti sapa jenenge wae lho?"
"Embuh Bu, aku kok dadi ora ngerti sing ndadekne atiku tansah dheg-dhegan iki" Marti wangsulan dora marang Astuti.
Marti pancen dora, ora merga apa-apa, nanging merga ora kuwasa nyritakne rasa kuwatir sing ana atine. Marti duwe rasa wedi nek nganti wong tuwane bocah wadon sing disir dening anake lanang kuwi wis tepung karo dheweke tenan lan wis nduweni rasa sing ora seneng karo dheweke nalika Marti isih manggon neng Sendhangreja biyen. Utawa atake sing arep diparani iki ....... Kamdi ? Wong lanang sing wis arep gawe dolanan jiwa lan ragane Marti? Wong sing miturut angen-angene Marti sawise wis manggon neng Klegen dadi rewange Astuti biyen, kira-kira ya Kamdi kuwi sing wis nyebar pitnah sing diulu warasan dening Sihmirah temah Sihmirah tega nundhung Marti lan anake saka omah magersaren sing manggon neng pekarangane Juragan Kadirin. Pangira-irane Marti wektu kuwi, Kamdi rumangsa kagelan atine jalaran cabar anggone duwe kekarepan arep nuruti napsu setane marang Marti, merga konangan wong-wong Sendhangreja liyane.
"Ah, muga-muga wae dudu Kamdi" ngono batine Marti sing ora dituduhne sapa-sapa.
"Bener dudu dheweke" wangsulane atine Marti dhewe saka sisih liyane "Kamdi kae omahe ora Sendhangreja nanging Pudhak".
"Nanging wong kana kuwi kerep wae, ngarani Pudhak ki ya Sendhangreja" batine sing dhisik dhewe mau ngandhani.
"Wis nyuwun wae marang Gusti Allah, muga-muga dudu dheweke".
Pikiran lan atine Marti sing rame dhewe, ndadekne Marti meneng ora omong apa-apa, malah mripate banjur diremne, awake disendhekne menyang jog mobil. Marti ethok-ethok mapan turu. Astuti sing weruh nek Marti ethok-ethok turu, ngerti nek satemene Marti kuwi lagi nentremne atine sing jare mau disambatne dheg-dhegan. Astuti ya ora wani ngajak guneman maneh, kuwatir nek Marti sansaya tambah mumet banjur mabok.
Tenan tekan Kedunggalar wektune isih rada esuk, jam wolu durung ganep, Astuti banjur aba marang Hajir supaya mandheg neng dalan cedhak Pasar. Astuti karo Marti banjur mudhun, marani Toko sing ketok gedhe ing cedhak Pasar kono. Mau pas arep budhal, lali nek durung golek oleh-oleh kanggo sing arep diparani. Bareng wis cukup butuhe, Ibu karo Make Hajir kuwi bali munggah menyang Mobil maneh sarta aba supaya Hajir nerusne laku. Wiwit ngliwati dalan sing biyen kulina diliwati, Marti ora kaya mau, nanging banjur nyawang menjaba, embuh apa sing dipikirne ora ana sing weruh.
"Bapake Hajir....." dumadakan Marti guneman, karepe ngundang Harun, sisihane.
"Iya Make?" Harun karo Haryadi wangsulan bareng.
"Anu, Bapake Hajir Oro-Oro Ombo" Marti ngralat olehe celuk-celuk.
Astuti karo Haryadi mesem, Harun sing banjur wangsulan.
"Iya piye?"
"Niki mengke teng Sareyan riyin ta?" Marti takon.
"Iya neh, wong isih esuk ngene kok, lagi Jam pitu luwih patang puluh" wangsulane Harun.
"Nggih empun, kalih ajeng matur" Marti guneman maneh "mengke nek mpun dugi nggene Kancane Thole, ujube awakipunpiyambak niki namung dolan lho nggih?".
"Iya, lha piye ta?" Harun genti takon.
"Kajeng kula niku mengke sampun wonten ingkang ngrembag bab sesambetanipun Thole kalih kancane niku, kajawi winates sambet kekancan kemawon".
"Iya Pancen saka omah mau rak wis disetujoni arep omong ngono kuwi ta?" Harun wangsulan.
"Inggih, kuwatos kula niku, mengke sing gadhah griya mancing ngajak ngrembag niku, lajeng awakipun piyambak katut purun diajak ngrembag prakawis niku?".
"Lha eneng apa ta jane Mak?" Astuti melu urun rembug "iki mesthi ana sambunge karo olehe panjenenengan dheg-dhegan mau iya ta?".
"Bener Bu" wangsulane Marti alon "bares wae, aku kuwatir nek kancane Hajir kuwi jebul anake wong sing tau arep gawe cilakaku biyen, utawa isih ana sambung rapete karo wong kuwi".
"Oalah, sing jarene isih Kangmase Juragan panjenengan biyen kuwi ta, sapa jenenge kae? aku wis lali lha wong ya wis seprana-seprene suwene kok"
"Jenenge Kamdi Bu" wangsulane Marti "nek juraganku asmane Kadirin, sing wedok jenenge Sihmirah, adhine Kamdi. Ya muga-muga wae sing arep diparani iki dudu kuwi".
"Ya muga-muga wae ngono Mak" Astuti ngedhem-edhemi atine Marti.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar