- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
mBarengi lakune mobil sing disetiri Hajir menggok menyang regol kuburan Sendhangreja, ing omahe Juragan Kadirin ketok beda karo padatan. Yu Saminah karo Jiyem wiwit isih esuk wis repot neng pawon, olah-olah panganan sing jarene kanggo nyugata tamu sing arep teka dina iki. Bareng Lasmini matur marang Ibune nek Pak Hajir olehe rawuh mrono mengko ora mung ijen, nanging ana kancane cacah papat dadi lima sak Pak Hajir, Sihmirah banjur kongkonan nyekel pitik loro maneh kanggo imbuh digawe lawuh. Ora mung kuwi, kanggo nggawani tamune ben kena dienggo oleh-oleh menyang Madiun mengko nek bali, gedhang raja tanduran kapisan sing gedhene salengen-lengen bayi, wis dicawisake. Sauntara kanggo kanca kopi utawa teh sing kanggo suguhan kapisan, wis dicawisne panganan modhel padesan sing arang ditemoni neng kutha, yaiku Gembili godhogan karo kacang brol sing uga wis digodhog. Lasmini sing ora sida mapag tamune neng dalan prapatan pasar, merga Pak Hajir kandha nek wis apal dalan sing tumuju Sendhangreja dening Ibune banjur didhawuhi supaya ngaturi Pakpuh karo Budhene melu nemoni tamu sing arep teka kuwi.
"Lha ngendikane Bapak ora ana acara apa-apa ta Bu?" pitakone Lasmini marang Ibune "kok Pakpuh karo Budhe ndadak diaturi barang ?".
"Lha jaremu mau Pak Hajir ora ijen?" Sihmirah balik takon "lha nek saka kana wong papat lima sak Pak Hajir, nek sing njagongi mengko mung Ibu karo Bapakmu thok, rak ya kurang gayeng ta nDhuk? Karo maneh, pas mBak Ratmi didolani Mas Parlan sadurunge lamaran biyen, Ibu karo Bapak dening Pak Puh Kamdi ya dikongkon melu nemoni kok, kamangka jaman semana saka Sragen mung Mas Parlan karo wong tuwane loro thok?!?".
Lasmini ora wangsulan maneh, banjur nyetater sepedha motore bablas arep ngaturi Pakpuhe. Merga miturut petungane Lasmini paling suwe rong jam maneh rombongan saka Madiun mesthi wis tekan omahe.
Ora kalah repot maneh Juragan Kadirin, padha karo Sihmirah, Juragan Kadirin wiwit esuk wis nyepak-nyepakne klambi sing arep dienggo kanggo nemoni tamu sing kira-kira bakal dadi calon mantune kuwi. Sihmirah wis ngelikne supaya ora ngisin-isini neng ngarepe "Priyayi Kutha" Kadirin lan Sihmirah kudu nganggto sandhangan sing pantes. Malah Sihmirah ya wis ngetokne gelang kalung simpenanane, sing kanggone mung nek arep nekani kondangan thok. Kanggo ngladeni tamune, Kadirin wis ngongkon Apan, adhine karo Bayu lan Dhika, supaya padha siap neng omah kono, karo sandhangan sing pantes.
Pokoke dina kuwi ing omahe Juragan Kadirin katon beda banget karo dina-dina liyane.
Jam wolu kurang seprapat Kamdi karo Asmi sisihane uga wis teka, sanajan wis duwe putu nanging pacakane Asmi lan Kamdi ora kalah bregas nek dibandhing karo Apan, Bayu apa dene Dhika sing kapatah dadi pladen, wong telu kuwi sanajan ya wis nganggo sandhangan simpenane dhewe-dhewe, nanging kabeh mung padha sandhalan. Beda karo Kamdi sing rambute semiran, ora ketok nek wis duwe uwan, sisirane ketok klemis, klambine bathik rega larang, isih nganggo sepatu sing uga semiran gilap.
Weruh pacakane Kamdi sing jarene Bayu kaya pacakane pejabat kuwi, Dhika bisik-bisik neng kupinge Apan :
"Sedulure sampean niku tibake tesih urip ta Lik Apan? gajege dereng dangu nika empun mlebet Rumah Sakit dikepruki lare-lare mBeragung ngoten lho?".
"St...st....." Apan wangsulan karo nyelehne drijine neng ngarep lambe "aja banter-banter nek krungu wonge!".
"Boten, wong tiyange lagi teng griya wingking jagongan kalih Juragane kok" wangsulane Dhika karo mesem.
"Lha perkarane apa kok nganti urusan karo cah-cah mBeragung ki?" Apan genti takon.
"Apa maneh nek ra urusan "konokan" kuwi ta Kang Apan?" Bayu sing genti semaur "ngerti nek Sindhen Kanthi ki wis daden rembug arep dirabi Hardana-ne Pak Kemetir kae, kok isih nekad arep digrumut, ora dikethok manuke wae ya isih beja".
Apan karo Dhika ngguyu, krungu wangsulane Bayu ngono kuwi.
"Sajake dhendhammu karo wong kuwi isih rung mari ta Yu?" pitakone Apan ing sela-selane guyune "eling Yu, Make Hajir ki wis suwe ora neng kene, gek saiki anakmu ya wis gedhe-gedhe".
"Ora perkara kuwi Kang" wangsulane Bayu "ning pancen wong kae ki wis kebacut tenan, mosok wis duwe putu kok pancet isih nggragas. Nek urusan karo jenate Yu Marti ngono wis ganti acara Kang".
"Kok Jenate ki Make Hajir apa wis mati? neng ngendi? Hajir njur piye saiki? kok ganti acara ki acara apa maneh?" Apan mbrondong pitakonan marang Bayu.
"Tak arani jenate ki merga wiwit lunga saka kene kae, Yu Marti ki ya blas gak sambang gak layang, dadi kira-kira wis ora ana ngono wae, Hajir piye ? mesthine saiki ya wis anak-anak, ning neng embuh nggone, aku ya ora ngerti. Ganti acara ki sampean mesthine ya wis ngerti sing ndadekne Yu Marti minggat kae?" Bayu wangsulan karo nyedhot udute.
"Durung kuwi, aku rung ngerti tenan" Apan semanta.
"mBokku ki nate ngomongi bojoku, jarene Juragan Wedok ki nate ketrucut nyang mBokdhe Saminah, nek olehe nundhung Yu Marti kuwi merga dikandhani Mase, jare Yu Marti ki seneng karo Juragan Dirin. Ngono kuwi apa ora cangkeme Garangan Bondhet kae sing bosok? Wong genah nek sing wis konangan wong akeh arep nggrumut Yu Marti ki ya Garangan Bondhet kuwi dhewe ngono lho?. Mula aku dadi sansaya kepengin nyuwek cocote wae. Ora kok merga aku ngene-ngene karo Yu Marti, nanging mung mesakne Hajir sing saiki embuh nasibe piye?" Bayu guneman karo mripate mentheleng sajak isih nyimpen pangigit-igit marang Kamdi.
Krungu critane Bayu ngono kuwi, Apan sing sak temene ya wis tau krungu kabar bab kuwi mung manthuk-manthuk ngiyani. Banjur wong telu, Apan, Bayu karo Dhika padha rembugan paring klesik nanging gayeng, neng emper omahe Juragan Kadirin, ngiras pantes ngenteni tekane tamu sing olehe ngladeni mengko wis dipasrahne wong telu kuwi.
Sauntara kuwi, Hajir sing lagi wae bali munggah menyang mobile sawise takon marang sing duwe Toko wetan Kuburan, Omahe Lasmini Indraswari ki ngendi ? wis dipapag pitakonan dening Marti :
"Sisih ngendi Le omahe kancamu kuwi?"
"Criyose kidul radosan, let tigang surup saking Masjid, sing pagere wesi, griyane modhel kuna enten pendhapane, Make ngertos?" Hajir wangsulan karo nakoni Make.
"He piye?" Marti njomblak, kaget kaya wong keneng setrum listrik, banjur mripate mlilik karo nakoni anake lanang "kuwi rak omahe......? mosok kowe wis lali omah kuwi ta Nang?. Ayo balik wae, Make ora wani mara menyang omah kuwi..........".
"Lho enten napa ta Mak?" Hajir dadi kaget kaworan gumun krungu wangsulane Marti ngono kuwi mau. Harun, Haryadi apa dene Astuti uga melu kaget lan gumun.
"Ora sah ndadak takon-takon" Marti wangsulan mripate mencorong ketok nek lagi muring, malah kepara sunare mripate memper karo wong sing lagi kesurupan "pokoke Make wegah mbok jak mrana, Make ya ora lila kowe mara nyang nggone kancamu sing omahe kono kuwi".
Hajir dadi blangkemen, ora bisa kumecap, ora ngerti ya gene Make dumadakan malih galak kaya wong sing lagi kena teluh ngono kuwi. Tangane kumlawe mesine mobil dipateni, banjur genti noleh nyawang Harun, Haryadi lan Astuti genti-genten.
Astuti tanggap, lungguhe rada diinger, Marti dicandhak tangane, digegem kenceng, kanthi kebak rasa tresna. Marti nyawang Astuti sing nggegem tangane kuwi, banjur awake dibrukne neng pangkone Ibune Hajir karo nangis ngguguk.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar