- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Wong sak mobil dadi kaget lan sansaya tambah gumun ora ngerti ya gene Marti nganti nangis ngguguk ing pangkone Atuti ngono kuwi. Tujune sing ana mobil kuwi kabeh nyambut gawene padha olehe dadi Guru sing nguwasani ngelmu kajiwan utawa ngelmu psikologi. Dadi ngadhepi sikep lan slagane Marti sing owah dadakan kuwi, ora grusa-grusu lan ora nuduhne sikep gugup . Kantghi sabar Astuti ngusap-usap tangane Marti, ora karo guneman apa-apa, Harun lan Haryadi mung padha meneng ora ana sing cemuwit babar pisan, merga kabeh wis percaya yen Astuti mesthi enggal bisa ngatasi sikepe Marti sing ngono kuwi. Temenan bareng wis rada sauntara, Marti meneng dhewe olehe nangis, malah banjur tangti maneh lan njaluk pangapura marang Astuti.
"Nyuwun ngaupra lho Bu" kandhane Marti sawise bisa nguwasani rasa pangrasane maneh "aku kaget bareng Thole ngandhakne nek sing arep diparani iki jebul nggon sing kudu ora tak parani selawase".
"Iya Mak, sing sabar" wangsulane Astuti sabar "Lha omah sing dikandhakne Hajir mau sak jane ngono omahe sapa ta? apa omahe sapa mau? Kamdi?".
"Dudu Bu, kuwi dudu omahe Mas Kamdi" wangsulane Marti "nanging kono kuwi omahe Juraganku sing biyen sadurunge aku ngabdi neng daleme Bapake Hajir Klegen. Ya kono kuwi daleme Juragan Kadirin kakunge Juragan Sihmirah sing wis nundhung aku karo Hajir jaman semana"
Banjur Marti nakoni anake lanang :
"Mosok kowe wis lali karo omah sing panggonane mbok kandhakne mau ta Le?"
Hajir ora semaur, pancen jaman lunga saka kono Hajir isih cilik, lagi kelas siji dadi lumrah wae, nek banjur wis lali. Nanging Hajir panggah kelingan nek dheweke duwe dhakonan tegal gembili sing manggon neng mburi omah, sadawane pager satru.
"Apa kancane Hajir ki jebul putrane Juragan Kadirin Dhik?" Harun nyelani takon.
"Inggih kinten-kinten mawon makaten Mas" wangsulane Marti "tiyang jaman semanten Juragan Dirin niku yogane nggih estri, nanging namine sinten kula nggih mpun lali".
"Nanging ya durung karuwan lho Mak" Haryadi melu urun rembug "bisa wae, pekarangane Juragan Kadirin kuwi wis ganti sing nduweni, lha juragane dhewe wis ngalih neng panggonan sing luwih apik. Kaya pomahane wong tuwaku sing neng Kidul Stasiun Kedunggalar kono kuwi".
"Nek wis ngene iki banjur kepiye Nang?" Harun genti nakoni Hajir "diterusne olehe arep dolan lan tepungan karo wong tuwane kancamu kuwi, apa ora?".
"Dos pundi inggih Bapak?" wangsulane Hajir dadi ewuh aya "nek dilajengaken mengke pripun kaliyan manahe Make, upami boten gek-gek mengke kados ingkang dingendikane Bapak Klegen wau?"
"Lha ya? Piye iki kepenake Dhik?" Harun genti nakoni Marti.
"Pripun nggih Mas?" Marti bingung olehe wangsulan banjur nyawang Astuti karo takon "Piye Bu?".
Astuti unjal ambegan landhung, banjur wiwit guneman, tembunge dingati-ati banget :
"Upama iki diterusne kabeh mesthi padha nguwatirake rasa sing ana penggalihe Make Hajir, nanging sing nek ora dibacutne sing ora kepenak mesthi banjur Hajir, merga olehe ora sida dolan mrana kuwi dadakan banget. Lasmini mesthi banjur ndakwa Hajir sing ora-ora, kamangka mau wis kandha nek olehe dolan dikancani wong tuwane papat. Lha wong tuwane Lasmini uga mesthi banjur gawe dudutan nek Hajir lan wong tuwane kuwi seneng ngremehne wong liya".
Astuti meneng sedhela, Marti, Harun, Haryadi lan uga Hajir padha nunggu bacute.
"Upama ngene kepiye?" Astuti nyambung kandhane "wong olehe dolan iki mung saderma silaturrahim, tak kira ya ora ana alane dibacutne wae. Lha mengko Make Hajir ben awor aku, lan ora sah melu guneman dhisik sadurunge ngerti nek sing kagungan dalem iku dudu Juragan Kadirin. Nek Make Hajir ora melu ngendikan, upama sing kagungan dalem kuwi jebul Juragan Kadirin tenan, ben wonge ngira nek ana wong sing duwe praupan lan pawakan memper banget karo Make Hajir. Merga kaya sing wis dingerteni Lasmini sasuwene iki, Ibune Hajir ki rak aku? Bapake ya Bapake Klegen kuwi?".
"Lha mengko nek konangan piye Bu ?" Marti takon.
"Ya kari ngimbangi apa sing dadi kersane wong kana ta Mak? Nek pancen isih duwe rasa mungsuhi Make, ya awake dhewe ndang pamitan, tak kira Hajir ya emoh nyambung talining katresnan karo anake wong sing ngremehne lan mungsuhi Make, aku dhewe ya ora lila kok nek nganti Hajir sesambungan karo anake wong sing seneng nglarani atine sedulurku wedok" wangsulane Astuti "lha nek pancen rasa memungsuhan kuwi wis ilang, tak kira ya ora ana alane nek Make nggedhekne rasa pangapura marang Juragan Kadirin sak garwane, merga arepa kaya apa Juragan Kadirin karo garwane kuwi ya tau duwe kabecikan marang Make, iya ta?".
"Iya Bu, nek ngono aku manut Ibune Hajir wae" wekasane Marti manut.
Sauntara kuwi sing neng daleme Juragan Kadirin. Sing olehe padha ngenteni tekane dhayoh saka Madiun sing bakale arep dadi calone Lasmini disambi jagongan, olehe jagongan dadi telung panggonan. Sing sapantha, Juragan Kadirin karo Sihmirah sing njagongi Kamdi karo Asmi, olehe jagongan neng omah mburi. Ketok nek wong-wong kuwi wiwit gerah, rumangsane sing dienteni suwe ora teka-teka.
"Jarene mau budhale saka Madiun jam pira ta nDhuk?" Kamdi karo nglirik jam tangane nakoni Lasmini "iki wis meh jam sanga lho?!?".
"Ngendikane Pak Hajir wau enjing Jam Pitu kirang sampun bidhal niku Pak Puh?" wangsulane Lasmini sing uga rumangsa suwe olehe nunggu "duka menawi ndadak mampir teng pundi ngoten?".
"Jarene Pak Hajir? Pak Hajir kuwi sapa?" Kamdi takon karo mesem.
"Nggih niku sing ajeng mriki, kula nek ngaturi Pak Hajir, wong niku Dhosen kula" Lasmini wangsulan nggenahne marang Kamdi.
"Dhosen koki jenenge kaya jenenge cah ndesa ngono neh nDhuk?" Kamdi takon semu ngece "atake mengko sing teka Hajir sing biyen melu minggat Make saka kene kae?".
"Sinten ta niku Pak Puh? kula kok boten mudheng niku?" Lasmini takon, ora mudheng karo sing dikandhakne Pak Puhe.
"Lha nek pancen sing teka mengko kuwi Hajir anake Taslim ya ora apa-apa ta Puh, nek tarah saiki wis dadi Dhosene Las?" sadurunge Kamdi mangsuli pitakone Lasmini, Sihmirah luwih dhisik mangsuli sing dikandhakne Kamdi sing dhek mau.
"Piye?" Kamdi mlengak krungu wangsulane adhine ragil ngono kuwi mau "lha nek kowe arep besanan karo Marti, kuwi mengko upama wong mikul ngono apa ora abot sesisih? apa gak njomplang? Lha wong kowe kuwi bojone Dhik Kadirin wong utun sing ngibadahe kenceng, lha kok trima arep besanan karo Marti wong wedok sing ora pati cetha kelakuwane".
"Mengke riyin Kang" krungu Kamdi muni ngono kuwi, ora sranta Kadirin mangsuli karo suwara sing rada ora kepenak "sampean niku ampun seneng nggugah kremi sing mpun angler angsale turu. Sampean nggih ampun nambahi rasa getune Ibune Lasmi, Ibune Lasmi niku getune setengah mati sareng ngertos nek crita sing sampean omongne teng piyambake nika jebul boten bener. Nanging Make Hajir kebacut kesah sing boten kantenan puruge. Ibune Lasmi nggih mpun ngertos, nek sasampune Make Hajir kesah nika, sampean madosi lan takon-takon teng pundi-pundi. Dadi kula jaluk sampean boten sah ngrembag niku melih, tiwas mengke sampean kewirangan dhewe".
Krungu omongane Juragan Kadirin sing ngono kuwi, Kamdi sing rumangsa jejer dadi sedulur tuwa, najan neng atine ngakoni nek sing dikandhakne Kadirin kuwi bener anane, nanging Kamdi panggah ora narimakake dheweke sing jejer dadi sedulur tuwane Sihmirah, wis diwaneni karo sedulure ipe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar