- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Kamdi pancen ya banjur ora semaur maneh, nanging atine panas, ana rasa mangkel marang Kadirin sedulure ipe, sing dianggep dumeh sugih wae banjur seneng ngremeehne dheweke. Kamdi uga kelingan jaman semana bola-bali Kadirin wis ngrusuhi nggone arep seneng karo Marti, temah kabeh sing ditempuh Kamdi kanggo nelukne atine Marti kandhas merga saka pokale Kadirin. Nadyan meneng, menenge Kamdi nggembol angen-angen kepengin males marang Kadirin, mbuh mengko piye carane. Kadirin dhewe ya banjur ora omong maneh, pikirane wis bali menyang pikiran sing mau, ya iku ya gene nganti yah mene kok dhayohe durung teka?. Ana rasa kuwatir sajroning atine Kadirin, nguwatirake yen ana apa-apa ing ratan gedhe sing diliwati calon mantune sarombingane.
Kahanan ing omah mburi kuwi dadi sepi, semu angker. Sihmirah ngrasakne, menenge Kakange merga anyel karo tembunge sisihane, lan menenge Kadirin merga pegel karo apa sing wis dikandhakne Kamdi.
"Pancen bener kok Pakpuh" Sihmirah nyoba mecah kahanan sing krasa ora kepenak kuwi "jenenge calone Las ki pancen jenenge Hajir, putrane Bu Astuti karo Pak Haryadi, Guru SMA neng Madiun kana, iya ta nDhuk?".
"Nggih Bu" sing nyaut dhisik Lasmini "Bapake Pak Hajir niku Guru SMA menawi Ibune Guru SD".
Kamdi sing krungu wangsulane Lasmini kuwi ya banjur manthuk-manthuk. Asmi bojone Kamdi arep semaur, karepe kepengin supaya kahanan malih bali sansaya padhang maneh, nanging ora sida, merga Apan sing mau jagongan karo Bayu lan Dhika neng emper mlebu menyang omah mburi.
"Anu, dhayohe wis teka Kang" kandhane Apan marang Juragan Kadirin "saiki isih markir mobile, durung padha mudhun".
"Ya" wangsulane Kadirin sing banjur ngandhani bojone supaya ngalih menyang omah ngarep kanggo nemoni dhayohe "ayo Bu ndang mengarep".
Lasmini gage wae, setengah mlayu ninggalne kursine arep methuk tamune. Kadirin metu menyang ngarep ditutne Sihmirah, Kamdi karo Asmi. Sauntara Apan ya banjur bablas menyang Pawon arep ngandhani Saminah sakancane supaya enggal nyepakne suguhan sing arep ditokne kanggo nyuguh dhayohe.
Nuruti rerigene Astuti, kacamatane Marti ya wis dienggo, jilbab sing nutupi sirahe isih dirangkepi nganggo selendhang polos sing dikalungne neng gulu, yen disawang sagebyaran wong bakal pangling karo Marti, merga wis katon beda karo padatane. Hajir banjur mudhun, ditutne Astuti karo Haryadi sing padha nyangking gawan oleh-oleh kanggo sing diparani, banjur disusul Harun lan Marti. Bareng wis tekan panggonan sing diparani, Hajir banjur eling karo jaman cilikane, wewangunan sing ana kono durung akeh bedane karo jaman Hajir isih ana kono biyen.
"Bekti kula katur Ibu, Bapak" kandhane Lasmini pas nyalami lan ngambung tangane Astuti karo Haryadi. Banjur genti nyalami Harun lan Marti karo kandha :
"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing rompoke tiyang sepuh kula, Bapak kaliyan Ibu".
Kadirin mapag dhayoh-dhayohe ing emper dikancani Sihmirah, Kamdi karo Asmi uga melu mapag.
"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing gubug kula mriki, Bapak lan Ibu sedaya" sawuse padha lungguh Kadirin mbagekne tamu-tamune "inggih dipun tepangaken kemawon, kula Kadirin bapakipun Lasmini Indraswari, niki semah kula Ibunipun Lasmini, ingkang punika Pakpuh saha Budhenipun Lasmini" muni ngono kuwi Kadirin karo nudingi wongt-wong sing disebutne genti-genti.
"Inggih Matur nuwun Bapak" sing wangsulan Astuti, banjur nudingi Hajir "punika anak kula Hajir, kula Ibunipun nami kula Astuti lha ingkang punika Pak Haryadi, bapakipun Hajir".
Astuti sengaja ora nepungake Harun lan Marti marang sing duwe omah, kanggo nyingidake Marti supaya ora diwaspadakne dening Kadirin.
Satemene, mau pas salaman karo Marti, Kadirin lan Sihmirah rada kaget, merga wong loro kuwi nadyan rada pangling, nanging ngerti nek wong wadon nganggo kaca mata kuwi Marti. Nanging arep ngarani nek kuwi Make Hajir wong loro kuwi ora wani, kuwatir nek kleru wong sing madha rupa. Ora mung Kadirin karo Sihmirah wae sing ngono kuwi, Kamdi mbatin nek salah siji saka dhayohe adhine kuwi jebul Marti, nanging saiki wis malih dadi mundhak resik lan mundahk ayu senajan umur-umurane wis luwih tuwa tinimbang sadurunge lunga biyen. Lasmini, sing lagi sepisan iki kepethuk karo Harun lan Marti, babar pisan ora ngerti nek satemene kuwi wong sing wis nglahirne Hajir, merga sangertine Lasmini Ibune Hajir kuwi ya Astuti lan Bapake Haryadi. Mula Lasmini dadi rada gumun nalika ngerti Bapak lan Ibune sarta Pakpuhe bola-bali nglirik wong wadon sing nganggo jilbab gedhe kalungan selendhang, nganggo kaca mata, sing rumangsane Lasmini luwih anggun lan luwih ayu kuwi. Sauntara sing lagi bolak-balik dilirik malah mung pijer ndhingkluk ora migatekne kiwa tengene.
Apan teka ditutne Bayu karo Dhika, ngladekne Teh karo gembili godhogan lan kacang godhogan lan panganan liyane. Banjur dening Haryadi dititipi supaya gawane digawa mlebu.
"Mangga Bapak Ibu, Nak Hajir, dipun unjuk, saha dipun kedhapi" kandhane Kadirin ngacarani dhayohe "teng dhusun boten wonten dhaharan ingkang miraos, ingkang wonten namung Gembili godhog".
"Wah, niku malah remenan kula lho Bapak" wangsulane Astuti karo mesem "kok ketingal ageng-ageng, gembili punika taneman piyambak inggih Pak?".
mBuh merga bubar eyel-eyelan karo Kamdi merga ngrasani Hajir mau, mbuh merga weruh nek dhayohe ana sing mirip karo Make Hajir, dumadakan Sihmirah ora sranta mangsuli pitakone Astuti :
"Inggih Bu, gembili niki gembili taun, nanem sepisan kangge selawase. Tiyang niku asil tanemanipun anak kula, kakangane Lasmini".
"Oh, inggih ?" Astuti mangsuli, banjur nyawang Lasmini "jebul mBak Lasmini niku taksih gadhah sedherek malih ta? ande pas ketemu neng Malang kae kok ora crita nek duwe Mas?"
"Lha kula piyambak boten ngertos menawi gadhah Mas kok, Ibu" Lasmini semaur .
"Niku criyosipun rak ngaten ta Bu" Kadirin genti sing omong, suwarane alon sajak ana rasa sing ngebot-eboti pikirane "rumiyin saderngipun Las niki lahir, kula rak gadhah yoga pupon, naminipun sami kaliyan putranipun Ibu punika, Hajir. Hajir punika anakipun ingkang ngrencangi kula nyambut damel, naminipun Taslim. Lha Taslim niku ninggal nalika Hajir taksih alit, gandheng kula boten gadhah anak, kangge tuntunan murih gadhah anak Hajir lajeng kula pupu. Lha simbokipun Hajir inggih tetep ngrencangi nyambut damel Ibunipun Lasmi, leres sareng kula mupu Hajir, boten dangu semah kula lajeng nglahiraken Lasmi niki. Andilalah, salah satunggaling wekdal wonten kesalah pahaman antawisipun Ibune Lasmi kaliyan Ibunipun Hajir, Ibunipun Hajir lajeng kesah Hajir dipun jak. Let pinten wulan ngaten, nembe ngertos bilih antawisipun Ibune Las kalih Ibune Hajir niku namung salah paham, nanging Hajir sak ibunipun sampun kelajeng kesah boten kantenan purugipun, dipun padosi teng pundi-pundi boten kepanggih".
"Oo, criyosipun makaten?" Astuti wangsulan karo nglirik Hajir, Harun, Haryadi lan Marti genti-genti.
Ora ana sing mangsuli kandhane Astuti sing keri dhewe kuwi, mung Kamdi ketok sing rada beda praupane. Mau dheweke kober kuwatir nek nganti Kadirin mbukak wadine neng ngarepe dhayohe, jebul ora. Mula Kamdi ya banjur ndhingkluk.
"Nuwun sewu Bapak" dumadakan Hajir guneman marang Kadirin.
"Inggih, dos pundi Nak Hajir?" Kadirin groyok mangsuli.
"prekawis criyos lami kala wau, punapa leres menawi jebul Hajir kaliyan tiyang sepuhipun boten lepat nanging kelajeng kesah?" Hajir takon.
"Leresipun mila makaten Nak" sing wangsulan malah Sihmirah "malah nek digagas sing tenan ngono sing luput dadine malah Ibune Lasmini iki".
Bar muni ngono kuwi, Sihmirah banjur ndhingkluk, pikirane dadi ketok nek lagi sedhih. Kahanan dadi sepi maneh, Kadirin wis lali olehe mau ngacarani dhayohe supaya ngrahabi suguhane. Kamdi karo ndhingkluk batine misuh-misuh, nganggep adhine kuwi wis goblog tenan. Batine Kamdi ya wis ngancam, yen nganti Kadirin utawa Sihmirah mbukak wadine, mangka Kamdi arep males piye carane murih Lasmini sing arep oleh Dhosene sing anake priyayi sugih saka Madiun kuwi, bisa gagar wigar ora sida kelakon.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar