Total Tayangan Halaman

Kamis, 02 Desember 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (tammat)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kahanan dadi krasa sepi nanging kenceng, kabeh ora ana kaya digambarake sadurunge. Sadurunge ora ana sing ngira nek Juragan Kadirin sak bojone bakal kelingan Hajir, malah Sihmirah sing tau rumangsa dosa gedhe marang Marti merga wis percaya karo kandhane kakange, nganti tegel nundhung Marti supaya minggat, jane wis rada lali, nanging banjur bali eling merga tembunge kakangane sing dhek mau kober maido lan ngremehne Marti sing satemene ora ana sambung rapete karo sing lagi dirembug. Sing banjur dadi bingung lan ngrasa ora kepenak kuwi malah Lasmini, ora kepenak marang wong Hajir lan wong tuwane, merga Lasmini wis kadhung crita menyang Hajir yen wong tuwane mung kepengin wanuh lan tetepungan karo Hajir luwih dhisik, nanging bareng tekan kene Hajir lan wong tuwane malah banjur disuguhi crita sing ora ana gandheng cenenge karo tekane Hajir neng omah kuwi babar pisan.

Beda maneh karo sing dipikirne Astuti apa dene Haryadi lan Harun, mau Marti kober ngajak supaya ora mbacutake olehe arep dolan mrene, merga katon nek Marti isih duwe rasa cuwa marang tilas juragane, uga rasa wedi samar yen nganti Marti nampa pangina kaya jaman semana. Nanging wekasan Marti dadi manut marang Astuti, kanthi cara kaya sing wis dicakne. Lan sajake olehe nyingidake Marti supaya ora konangan tilas juragane kuwi wis kasil, nanging jebul malah ana crita sing babar pisan ora digambarake sadurunge. Astuti kepengin ngajak rembugan karo Marti luwih dhisik kanggo nyikepi kahanan sing saiki iki, awit kanyatane Juragan Kadirin lan sisihane wis blaka nek tau tumindak sing luput marang Marti, uga wis ngandhakne mungguh gedhene rasa getun sing wis nyiksa atine.

 

"Nuwun sewu inggih Bapak, Ibu" Astuti guneman rada banter nanging ora kasar "punapa kepareng inggih menawi kula badhe ndherek dhateng wingking? Anu nuwun sewu, murugaken niki wau boten kober mampir pom bensin".

 

Kahanan sing sepi bali krasa urip maneh.

 

"Inggih, mangga-mangga Ibu" Kadirin gurawalan olehe wangsulan" banjur disambung prentah marang anake wedok "Kana Las, Ibumu didherekne menyang mburi".

 

"Inggih" Lasmini wangsulan "Mangga Ibu, kula dherekaken".

 

Astuti mbisiki Marti supaya melu dheweke sing pamit arep menyang mburi. Marti sing satemene uga kepengin ngajak omong Astuti ing babagan sing lagi diadhepi iki, ya banjur ngadeg ngetutne Astuti mlaku menyang kamar mandi diterne Lasmini.

 

Sawise nuduhne kamar mandhi sing manggon neng cedhak karo pawon, Lasmini banjur lungguh neng amben pawon ngenteni.

 

"Piye Mak?" Astuti nakoni Marti "ketoke Panjenengan isih gela apa wis bisa ngapura marang tilas juragane panjenengan kuwi?".

 

"Nek ndelok karo sing diunekne Juragan loro-lorone mau, ora ana pawadan kanggoku kanggo ora ngapura kaluputane juragan marang aku Bu" wangsulane Marti bisik-bisik.

 

"Siiip" Astuti ngethungne jempole "iki mengko acarane ora mung dolan wae nek ngono Mak".

 

"Lha piye, aja ngrembug urusane Hajir saiki Bu, aku durung siap, iya nek iya?" Marti ngandhakne ora mathuke marang Astuti.

 

"Ora bab kuwi Mak" Astuti wangsulan karo mesem "nanging, acarane Make tilik bumi kelahiran, ngiras halal bi halal karo tilas juragane".

 

"Kok halal bi halal ta Bu?" Marti takon "iki sasine wis sapar lho? mosok halal bihalal kok sasi sapar?".

 

"Ya pokoke, saling memaafkan ngono kuwi lah, apa kuwi istilahe? Nek Make wis setuju, mengko aku tak ndang omong blaka marang Pak Kadirin".

 

"Ngono ya kenek Bu, nanging aku tak ya gawe kejutan".

 

"Kejutan apa maneh kuwi Mak?" Astuti takon.

 

"Panjenengan ndang mbalik nyang kursi maneh, banjur panjenengan critakne saknyatane, sauntara kuwi aku tak nemoni kanca-kancaku sing nyambut gawe neng pawon kae, wong wedok loro sing neng pawon kae, kancaku kabeh" wangsulane Marti karo mesem.

 

"Ya wis mathuk kuwi, ayo selak dienteni Lasmini kae lho" Astuti banjur mlaku arep mbalik menyang panggonan jagongan mau, sing ngliwati omah pawon.

 

Lasmini sing lungguh neng amben pawon, bareng weruh nek Astuti wis rampung olehe menyang kamar mandhi ya banjur ngadeg arep ndherekne bali menyang kursine maneh. Nanging Lasmini banjur ora sida ngetutne Astuti, merga Lasmini ngerti nek isih ana siji maneh sing durung metu saka kamar mandi.

 

Pas Marti ngliwati pawon, ndelalah Saminah mbarengti arep metu, wong loro kuwi simpangan. Saminah mundhukne awake, aweh kurmat marang tamune juragane karo mesem. Gage wae tangane Marti nyaut tangane Saminah, karo takon :

 

"Yu mosok sampean pangling karo aku ?".

 

Saminah kaget, Marti praupane Marti disawang.

 

"Eeee.....ee... Make.... Hajiiiiir?!?" Saminah meh wae njerit merga kaget campur seneng, ora ngira yen bakal kepethuk maneh karo kancane sing wis luwe minggat ora ana kabare.

 

"St.... aja banter-banter, nek krungu Juragane" kandhane Marti karo ngrangkul Saminah sing nangis kebak rasa bungah "ayo lungguh neng amben kana lho, karo Giyem sampean kandhani nek aku kangen karo wonge".

 

Lasmini sing weruh Saminah karo Marti padha rerangkulan karo tangisan kuwi banjur nyedhak, ing atine wiwit bisa maca sapa satemene Wong Ayu sing nganggo kaca mata kuwi.

 

"Nuwun sewu Ibu" Lasmini guneman alon  karo nyawang praupane Marti .

 

"Nak Lasmini bingung ya?" Marti takon karo mesem "ben ilang bingune ayo lungguh neng amben kae lho, wong amben iki biyen sing nukangi ya sawargi Pake Hajir, bongkotan pring iku olehe negor neng sawah kulon kali".

 

"Dados Ibu niki Ibunipun Pak Hajir?" sawise padha lungguh neng amben pawon kuwi, Lasmini nakoni Marti.

 

"Dudu" wangsulane Marti karo mesem "Ibune Hajir kuwi Bu Astuti kae, lha nek aku iki Make".

 

"Kula kok malah bingung ta Bu?" kandhane Lasmini.

 

"Ora sah bingung Nak Lasmini" wangsulane Marti sabar "padha, biyen sadurunge Nak Lasmini lahir, Ibune Hajir ki ya sing saiki dadi Ibune Nak Lasmini kuwi, lha aku iki Make Hajir. Lha sawise Hajir pindhah menyang Madiun, banjur duwe ibu maneh, yaiku Bu Astuti kae, Lha Pak Haryadi kae Hajir nek ngaturi Bapak Klegen, merga daleme Bu Astuti karo Pak Har kuwi Klegen. Bapake sambung Hajir sing lenggahe cedhak Pak Har kae, asmane Pak Harun daleme Oro-Oro Ombo, Hajir nek ngaturi Bapak Oro-Oro Ombo. Dadi Bapake Hajir kuwi loro, Ibune siji, Make siji. Lha mengko, nek ndelok sing dingendikane Juragan mau, mesthine sedhela maneh, mbuh kuwi Nak Lasmi sida gandheng karo Hajir mbuh ora, Hajir bakal duwe Bapak telu, Ibu loro, Make panggah siji".

 

Krungu wangsulane Marti sing dawa ngono kuwi, Lasmini dadi mudheng. Ora sranta, anake wedok Juragan Kadirin kuwi banjur ngrubuhne sirahe menyang pangkone Marti, karo sesenggrukan.

 

"Pangabekti kula nggih Mak" kandhane Lasmi ing sela-selane tangise "kula boten ngertos saestu menawi Panjenengan punika tiyang sepuhipun Pak Hajir, nyuwun pangapunten nggih Mak".

 

"Ora apa-apa Nak" wangsulane Marti karo ngelus-elus rambute Lasmini "wong pancen ya durung ngerti, wis aja nangis, ora becik".

 

Saminah karo Giyem sing ana kono mung bisa plonga-plongo kaya wong bingung.

 

"Kowe thik gak nyalami aku ta Yem?" karo ngguyu Marti nakoni Giyem "mosok karo mbakyune dhewe kok ora gelem salaman".

 

"ee anu.... " Giyem blankemen ora sida guneman, tangane wis disaut Marti digegem kenceng, sauntara pangkone Marti isih dienggo ungke-ungkeb Lasmini.

Apan, Bayu karo dhika sing maune jagongan neng emper pawon, bareng ngerti ana rame-rame banjur padha nyedhak. Wong lanang telu kuwi padha pating plenggong, ora ana sing ngira nek dina kuwi bakal kepethuk Marti. Kabeh banjur padha lungguh ngubengi Marti sing isih lungguh karo ngrangkul Lasmini.

 

Sihmirah kusung-kusung mlebu pawon, banjur marani Marti. Marti sing isih rangkulan karo Lasmini kuwi ditubruk, karo ditangisi.

 

"Make Hajir, sing gedhe pangapuramu ya? aku wis tega lan mentala marang kowe karo Hajir anakmu........" kandhane Sihmirah karo nangis.

 

"Sampun Gan, sampun" Marti nyandhak awake Sihmirah karo wangsulan "sing empun nggih empun, sedaya mugi saged dados kaca brenggala ingkang saged kagem pasinaon kangge nglampahi sisaning gesang salajengipun".

 

"Inggih Matur Nuwun, Bu Harun, matur nuwun........" kandhane Sihmirah karo ngusapi eluhe.

 

Kabeh sing ana kono rumangsa melu seneng. saking senenge ora ana sing ngerti, Hajir mlaku ing sandhinge, bablas menyang mburi omah, arep ndelok tegal sing tau dadi duweke, Gembili ing pager satru.

 

 

cuthel.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...