Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (001)

 

1.

Alon-alon Marga nginggirake prau gethek sing ditunggangi, Rangga luwih dhisik mencolot menyang daratan lagi disusul Marga. Ora kaya padatan prau cilik kuwi ora dicancang ing wit, merga pancen bengawane nuju ora banjir, dadi ora dikuwatirake yen bakal keli katut lakune banyu. Nom-noman loro kuwi padha tolah-toleh ngiwa nengen, ngulatne dharatan pinggir bengawan sadhuwure gisik sing sepi kuwi.  Ora suwe Rangga lan Marga banjur nggelar ikete neng pasuketan kanggo lambaran sujud manembah marang Gusti Allah. Merga wektune pancen wis manjing luhur, srengenge mangsa ketiga wis ngglewang mangulon.

Rampung olehe padha sembahyang, Rangga pamit arep golek pala kependhem sing kena dipangan ing alas sacedhake papan kono kuwi.

“Aku tak golek uwi utawa gembili neng alas kene iki Dhi” kandhane Rangga karo ngadeg lan nglempit iket sing mau digelar kanggo sembahyang “aku wis kangen karo rasane pala kependhem bakaran, sawise meh sepasar mung mangan iwak bengawan dibakar thok”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga “nek ngono aku tak ndang cethik geni, dadi pas Kakang teka mengko bedhiyange wis dadi”.

Rangga ora semaur maneh, banjur mlaku mengalor nitik panggonan sing padatan kethukulan pala kependhem alas sing enak dipangan. Marga ngulati Rangga saka mburi, batine Marga gumun karo lakuning urip sing dilakoni sasuwene iki. Rangga sing sejatine putra Panembahan Senapati Ing Alaga, kang mangwasani bumi Tanah Jawa iki, krasa lucu yen dinalar, arep ngisi wetenge sing luwe wae direwangi luru pala kependhem ing alas luwih dhisik, yen ora ngono ya kudu slulup neng bengawan gogo iwak sing banjur dibakar lan mung dibumboni uyah, olehe mangan ya ora tau bisa nganti wareg. Cara urip sing mangkene iki mesthi adoh bedane karo adhi-adhine Rangga sing butuh apa-apa mung kari aba, ing kiwa tengene ajeg ana paraga sing siaga ngladeni kanthi senenging ati.Nanging Rangga nate kandha, jarene urip sing paling rekasa kuwi ora ana sing ngungkuli rekasane dadi putrane ratu, merga uripe kebak pranatan sing bisa nyiksa kamardikaning jiwa, yen nganti pranatan kuwi diterjang tan wurunga bakal nampa deduka munggahe bisa kapidana. Biyen Rangga tau ngarani urip mulya kuwi ora ana sing ngungkuli panguripane Marga, arep tumindak apa wae kena waton ora cengkah karo paugeraning negara, lan Rangga tau kandha yen upama oleh milih ngono, Rangga milih dadi Marga sing mung anake wong desa tinimbang dadi putrane Ratu Mataram.  Mula nalika Raden Rangga kudu nglakoni paukuman nindakne laku pangumbaran menyang bumi brang wetan, tumrape Rangga kuwi ukuman sing nyenengake. Kanthi nggagas kang mangkono kuwi Marga banjur oleh dudutan yen satemene rekasa utawa mulyaning urip kuwi manggone ana sing atine sing ngrasakne. Jumbuh karo dhawuh sing nate ditampa saka gurune Ya Ki Tanpa Rupa kang ngandhakake yen kepengin ngrasakne suawarganing urip ora ana dalan sing luwih becik kajaba nggedhekne rasa panarima, linandhesan pasrah marang purbaning kawasa.

Alon-alon Marga menyat, banjur njupuki lan pang-pang garing sing ana sacedhake diklumpukne, digawa menyang gisiking bengawan arep disumet digawe bedhiyang. Bareng wis akeh sing dadi mawa, Rangga teka karo nggawa uwi alus salengen-lengen gedhene,  kira-kira limang kilan dawane, ora mung siji nanging ana lima.

“Wis ndang dibakar, wetengku wis luwe iki” kandhane Rangga karo nyelehne Uwi Alus sing digawa ing cedhake geni mawa. Olehe muni ngono kuwi Rangga nganggo suwara sing rada banter.

“Kok akeh temen Kakang? Uwi Alus pisan, enak lan gurih, mung kuciwane mung medhok nek isih panas, nek wis adhem dadi bantat” wangsulane Marga sing banjur njupuk Wi Alus loro banjur dipendhem ing geni mawa.  Marga ngerti yen anggone Rangga kandha nganggo suwara sing banter kuwi, Rangga duwe karep aweh weruh marang Marga yen Rangga meruhi nek ing sacedhake papan iku ana wong liya sing lagi nguwasi. Mula Marga anggone wangsulan uga karo suwara sing banter, minangka sasmita yen Marga wis ngerti karo apa sing dikarepake Rangga.

“Kira-kira ireng apa putih Kakang? cacahe akeh apa sethithik?” Marga banjur takon marang Rangga karo suwara sing alon.

“Mung wong loro, ora ana tandha-tandha yen panunggalane wong seneng laku cidra, kira-kira prajurit sandi sing lagi nindakne kuwajibane” Rangga aweh katrangan marang sedulur angkate kuwi ngenani wong loro sing wis sauntara anggone ngulati dheweke “ya sing ngati-ati wae, njagani nek panggraitaku mleset”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga “ya dienteni wae ana kene, apa karepe wong loro kuwi, awake dhewe kari ngladeni”.

Nom-noman loro kuwi banjur padha meneng karo nunggoni olehe mbakar Uwi Alus. Kekarone api-api ora weruh yen mripat papat sing ana walike grumbul ora kedhep anggone tansah maspadakne sapari polahe.  Bareng Uwi Alus sing dibakar wis mateng, Marga menyat marani getheke, njupuk kendhi digawa nyedhak bedhiyang.

“Kowe kuwi piye ta Dhi?” Rangga takon karo suwara sing bisa dirungokne saka kadohan “jaremu Uwi Alus kuwi enake mung nek panas? lha kok olehmu mbakar malah loro? Lha wong mbakar siji wae dipangan wong loro turah kok”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga nganggo suwara sing padha “Kakang rak ya kerep ngandhani aku ta? nek wong mangan neng sawah utawa neng alas ngene iki, duwe kuwajiban tawa-tawa marang wong sing ana sacedhake. Iki ya ngono, najan neng kene ora ana wong liya, aku mung jaga-jaga mbok menawa pas awake dhewe mangan ndelalah ana wong golek kayu bong utawa wong ngarit liwat kene, rak awake dhewe wajib nawani ta Kang? Lha nek mung mbakar siji, ndelalah ana wong liwat ditawan banjur gelem, rak sida ora wareg awake dhewe mengko? Lha nek mbakar loro ngene iki, sing siji rak keneng dienggo nyuguhi nek ana wong liwat kaya sing tak omong mau”.

Olehe omong nganggo suwara banter nom-noman loro kuwi pancen disengaja, minangka sasmita marang wong loro sing ampingan grumbul. Yen pancen duwe sedya sing ora ala lan ora arep gawe cilakne Rangga lan Marga supaya gelem padha mara lan ora sah ndadak nganggo dhedhep-dhedhepan kaya ndhedhepi maling ngono kuwi. Pranyata bener, pancingane Rangga lan Marga oleh tanggapan. Wong loro kuwi kanthi lon-lonan mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga leren karo mangan Uwi Alus bakaran.

“Nuwun sewu Kisanak ……..” sawise cedhak salah siji saka wong loro kuwi alok sapa aruh.

“Mangga, mangga Kisanak” wangsulane Rangga karo nginger lungguhe dibacutake nawakne panganane “mangga pinarak mriki, niki lho Wi Alus Bakar rumpukan, eca kok, mangga ndika mendhet”.

“Matur nuwun Kisanak” wong sing lagi teka kuwi wangsulan karo melu mapan lungguh ing sandhinge Rangga. Marga nyandhak Uwi Alus sing isih siji banjur diselehne neng ngarepe wong kuwi karo kandha :

“Mangga Kisanak, sampun ndadak mawi rikah-rikuh”.

“Inggih, inggih Adhi, matur nuwun, mila estu kajawi ugi ngraosaken radi luwe, kula inggih remen kok kaliyan Uwi Alus bakar ngaten punika” wong sing sijine melu wangsulan karo nyandhak Wi Alus sing wis ana ngarepe, ditugel setelon banjur turahane diulungne marang kancane.

“Nuwun sewu Adhi” sing diulungi tugelen Wi Alus guneman marang Rangga lan Marga “Adhi kekalih punika napa sedherek saking tebih? kok kula ketingale dereng nate tepang?”.

Rangga noleh nyawang wong sing nakoni dheweke kuwi, banjur genti takon :

“Lha Kakang punika sinten? Dalemipun pundi? kok dereng tepang kaliyan kula lan adhi kula niki niku?”.

Pitakone Rangga kuwi katone sepele, nanging satemene kanggo naker apa bener yen wong loro kuwi wong sing manggone ana ing padhukuhan sacedhake papan kuwi. Jalaran yen wong loro kuwi warga padhukuhan kono lan dudu telik sandi, mesthine olehe nyedhaki dheweke sakloron ora ndadak nganggo cara kanthi dhedhemitan kaya mau. Lan saupama wong loro kuwi telik sandi, mangka Rangga uga kepengin ngerteni telik sandi saka ngendi, ana sambung rapete karo paprentahan ing Mataram apa ora?.

“O, inggih Adhi” ora krasa nek lagi dijajagi wong kuwi mau wangsulan “dipun tepangaken kemawon, kula Puguh lan niki adhi kula Panggah siswa saking Paguron Tangen, siswanipun Ki Ageng Tangen. Sanadyan kula kekalih niki dede tiyang ing Grumbulan mriki, nanging gandheng sampun sawatawis dangu kula ngemban kewajiban ing mriki, pramila kula kekalih sampun apal kaliyan warga ing Grumbulan mriki sedaya. Samangke adhi kekalih punika wingking saking pundi lan ngagem asma sinten?”.

“Inggih, inggih Kakang Puguh lan Kakang Panggah” Rangga genti aweh wangsulan, nanging tetep ora ngaku sapa sanyatane dheweke “nami kula Rangga lan niki adhi kula Marga, dene asal kula, punika saking Dhusun Jurug”.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...