Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (002)

 

2.

Puguh karo Panggah inget-ingetan padha kanca, wong loro kuwi pancen lagi krungu sepisan iki sing jenenge Desa Jurug. Wangsulane Rangga sing ngaku yen asale saka Jurug kuwi ndadekne wong loro kuwi ora percaya, lan nganggep Rangga wis nganggo guyon olehe aweh wangsulan. Kamangka olehe takon Puguh mau, takon sing tenanan ora takon guyonan, nek diwangsuli nganggo wangsulan guyonan padha wae sing aweh wangsulan kuwi wis ngremehne marang pitakone. Kamangka sasuwene iki, durung ana wong sing wani guyonan karo Puguh apa dene Panggah, siswane Ki Ageng Tangen sing pinercaya dening Gurune temah bisa ngerehne siswa tangen sing atusan cacahe. Nanging awan kuwi, ana nom-noman loro sing pacakane mung sarwa prasaja, ewadene wis wani sembranan karo Puguh lan Panggah. Kamangka olehe takon Puguh mau wis nggunakne basa sing alus, malah kepara gelem basa marang nomnoman loro sing durung ditepungi kuwi.

“Nuwun sewu Adhi” kandhane Puguh nanggapi wangsulane Rangga, tetep nganggo unggah-ungguh sing komplit “dhusun Jurug niku menapanipun Dhusun Tumang?”

Sing dikarepake Puhuh Desa Tumang kuwi, padhukuhan cilik nanging kondhang merga dadi padhepokane Ki Julung Geni, priyagung sing duwe kasekten keliwat dhuwur lan duwe andhahan meh ewon cacahe, wektu iki kabar sing sumebar Ki Julung Geni lagi ngelar jajahan nelukne desa-desa saurute bengawan Uluayu. Kanthi nakoni Rangga sing mangkono kuwi mau, tenane Puguh wis nduwe pangira yen Rangga lan Marga kuwi andhahane Ki Julung Geni.

“Nyuwun pangapunten Kakang” Rangga wangsulan karo tatakrama sing genep nimbangi unggah-ungguh sing dituduhne dening Puguh “Jurug punika padhukuhan alit ingkang kabawah Kadipaten Pajang, lan boten patosa tebih dunungipun kaliyan Kitha Pajang,  dados inggih radi tebih menawi saking mriki. Malah menawi dhusun Tumang ingkang ndika sebat kala wau, kula malah nembe sepisan niki mireng”.

Krungu wangsulane Rangga sing mangkono kuwi, atine Puguh dadi sansaya ora seneng, emono uga atine Panggah. Wong loro kuwi duwe panemu nek nom-noman loro sing ngaku jeneng Rangga karo Marga iki cetha nek duwe karep ngremehne dheweke sing wis ngaku minangka siswane Ki Ageng Tangen. Kang mangkono kuwi, merga miturut petungan nalare Puguh apa dene Panggah, wangsulane Rangga kuwi cetha wangsulan sing ngawur, mokal yen nom-noman loro kuwi saka laladan Kadipaten Pajang. Merga mau sadurunge ngonangi Rangga lan Marga mbakar Uwi Alus, Puguh lan Panggah wis ngonangi luwih dhisik yen nom-noman loro kuwi padha nunggang gethek cilik sing mlakune mung manut karo ilining banyu bengawan. Lan yen ndelok wujude gethek sing ditumpaki nom-noman loro kuwi, mokal yen wis digunakne wiwit saka sacedhake Pajang nganti tekan papan kono nanging kahanane isih wutuh, merga gethek kuwi sanadyan sing digawe saka kayu nanging katon yen carane nggawe mung sarwa prasaja, malah karo prau-prau sing kulina digunakne kanggpo nyabrangne wong-wong saka brang kidul menyang brang lor lan suwalike kae, isih luwih prasaja maneh.

“Heh Kisanak” dumadakan Puguh ngadeg karo guneman sing suwarane beda karo mau “aku wis nyoba, takon kanthi sikep sing kaliwat becik marang kowe bocah loro sing pantes tak sujanani, nanging wangsulanmu wiwit mau sarwa geseh lan ora tinemu ing nalar. Saiki tinimbang ana salah kedaden antarane kowe sakloron karo aku, tak jaluk kowe wong loro enggal-enggal bali munggah menyang prahumu maneh lakokna prahumu nurut lakuning banyu bengawan, ora tak idini kowe leren ngendhegne prahumu sajroning wektu sedina punjul sawengi”.

“Mengke rumiyin Ki Puguh” Marga sing wis apal karo watak wantune Rangga sing ora sabaran kuwi ndhisiki guneman sadurunge Rangga mangsuli ucape Puguh “wiwit panggih sepisanan wau, rumaos kula Kakang kula punika anggenipun mangsuli pitaken saking ndika sampun mawi tata krama jangkep lan sampun wangsulan cundhuk kaliyan ingkang ndika tangkletne. Kok dumadakan ndika wicanten kados makaten kala wau, estunipun punapa ingkang ndika kersakaken?”.

“He bocah nom” Panggah sing uga wis ngadeg neng sisihe Puguh genti sing semaur mangsuli tembunge Marga “rungokne sing bener ya? Laladan sadawane bengawan iki, mendhuwur lakon sedina lan mengisor lakon sawengi, kuwi dadi tanggung jawabku karo Kakang Puguh. Satemene jumbuh karo jejibahan sing tak emban, laladan sing dadi tanggung jawabku iki ora kena ana wong sing dudu warga laladan kene saba utawa mlebu laladan kuwi. Mau aku lan kakang Puguh weruh kowe bocah loro numpak prahu nurut lakune banyu, mau tak sengguh nek kowe mung butuh liwat, ora tak aru biru babar pisan, nanging jebul kowe malah leren lan munggah ing dharatan, kanthi ndeleng wujudmu sing mung kaya ngono lan mung bocah loro, aku apa dene Kakang Puguh isih gedhe rasa welase, kowe ora tumuli tak gusah supaya enggal lunga, malah tak sanak kanthi becik, jebul wangsulane sedulurmu kuwi nalika ditakoni Kakang Gupuh malah ketok nek nyepelekne. Mula sepisan maneh rungokna, tak wenehi wektu sapanginang kowe bocah loro tumuli tata-tataa lan tinggalna papan kene kaya sing dikandhakne Kakang Puguh mau”.

“Kisanak Puguh lan nDika Kisanak Panggah” isih karo lungguh Rangga genti sing guneman “Pancen bener kaya sing ndika kandhakne mau, satemene aku karo adhiku pancen mung niyat arep liwat, oraa ndika prentah nek wis cukup anggonku leren ing dharatan ya mesthi banjur nerusne laku, nanging ndika kudu ngerti sapa wae ing jagad iki sing wenang mranata anggonku leren utawa nerusne laku, klebu ndika wong loro”.

“Dadi kowe bocah loro wis wani mbantah apa sing dadi prentahku?” Puguh takon karo mripate wiwit mencereng.

“Ki Sanak Puguh, ndika aja dadi kaya wong mendho ngono kuwi” Rangga wangsulan karo ngguyu “sing bisa mbantah utawa nurut prentah ndika kuwi mung andhahan ndika lan sing sing bisa ndika prentah utawa ndika penging kuwi winates mung andhahan ndika wae. Aku karo adhiku iki selawase durung tau lan ora bakal dadi andhahan ndika, dadi ndika ora wenang mrentah utawa menging marang aku lan adhiku”.

“Keparat, kowe bocah loro wis nantang marang aku?” Puguh sansaya nesu.

“Lha nek saiki sansaya cetha” Marga melu ngguyu krungu suwarane Puguh sing ngono kuwi “ndika kuwi ora kya wong mendho, nanging pancen ndika kuwi wong goblog!”.

“Piye?” Panggah guneman, Marga digetak karo suwara sereng.

“Apa kurang cetha karo sing tak kandhakne?” Marga ngguyu ngece “menungsa wis disuguhi Uwi Alus Bakaran, kok malah ngarani sing nyuguh nantang, kuwi wong goblog apa wong sing ora duwe nalar? coba ndika wangsuli pitakonku sing keri iki, ndika klebu goblog apa klebu wong sing ora duwe nalar?”.

“Keparat kowe bocah” ora bisa ngempet nesune, Panggah sing wis ngadeg ora adoh karo papane Marga sing isih lungguh kuwi ngobahne sikile klawan cepet kanggo ndugang praupane Marga.

Wis keneng dipesthekne upama sing didugang dening Panggah kuwi mung wong lumrah, mesthi wis klumah, bisa uga wis semaput, merga olehe ndugang, Panggah sengaja diarahne pernah lambene Marga. Panggah sanadyan satemene wis duwe pangira yen nom-noman loro kuwi nduweni ngelmu kanuragan, nanging Panggah ora ngerti nek sing didugang kuwi Marga, nom-noman sing tau dadi muride Pangeran Benawa lan siswane Ki Tanpa Rupa. Temah Panggah ora ngira yen klawan gampang Marga ngendhani sikile Panggah sing meh wae gawe bengepe praupane kuwi kanthi nginger adheping sirahe. Keseret dening tenagane dhewe, Panggah dadi goyah adege. Lan sadurunge Panggah sadar nek adege wis goyah, kanthi cukat sikile Marga sing kiwa diobahne nyrampang sikile Panggah. Panggah mbengok kaget, nanging tetep wae Panggah ora bisa awake dhewe tiba krungkeb mengarep ngambung pasir ing gisike bengawan kuwi. Marga mencolot nisih manengen, karo ngadeg sedulure angkat Raden Rangga kuwi banjur guneman maneh :

“Saiki luwih cetha maneh kowe Panggah, kajaba goblog uga lucu. Lha wong arep ngrebut Uwi Alus sing lagi tak pangan kok malah nganggo sikil, mesthi wae ya luput. Wis ngerti nek luput malah isih nekad, wedhi pinggir kali malah ditubruk arep dibrakot, kuwi wedhi Nggah, dudu Uwi!”.

Karo tangi Panggah misuh-misuh ora karuwan, banjur tata-tata maneh arep ngrangsang Marga sing uga wis siaga ngadhepi bebaya.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...