Total Tayangan Halaman

Jumat, 13 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (037)


 

 

37.

Neng Kedunggalar Sudimin mung nginep sawengi, sorene wis pangkat budhal menyang Yogya maneh. Angen-angene wis padhang, padhang sing diwiwiti saka sethithik rasa kelangan, Hartini sing jaman semana diangen-angen bisaa dadi jodhone jebul wis kedhisikan wong liya. Nanging, Sudimin ya ora ngluputne sapa-sapa, merga saupama saiki Hartini durung duwe calon, dheweke uga durung wani yen dikongkon nyaguhi wani urip bebarengan karo Hartini. Kuliahe durung rampung, durung bisa golek pengasilan sing bisa digunakne kanggo wragad ngopeni kulawarga. Karo maneh, Sudimin uga ngrasakne yen sansaya suwe sansaya akeh utang budine marang Kulawargane Pak Suwaji lan uga Kulawargane Pak Pak Bahadir sing rasa tresnane kulawarga loro kuwi bisa dirasakne dening Sudimin rumesep nganti tekan dhasaring ati. Minangka kanggo nicil nyaur bebuden becik sing ditampa, Sudimin kepengin nuduhake marang kulawarga loro kuwi, yen olehe wis padha iklas tanpa pamrih ngragadi urip lan sekolahe ora muspra, Sudimin mbudidaya supaya bisa dadi wong sing pinter tenan, mula rasa tresna marang wanita sing maune isih nisa ing atine, tumuli disingkirake kanggo sauntara, mbesuk wae yen wis titiwancine digoleki maneh.

 

“Kok namung sakedhap tilik dalem Ngawi ta Mas?” Wiwin Winarah sing saiki wis sekolah neng SMA, nakoni Sudimin sing wis bali menyang Yogya maneh “tiwas kula waunipun radi cuwa, boten saged ndherek mergi boten libur”.

 

Pak Bahadir apa dene Bu Albertina kuwi paring wuruk marang putrane supaya yen nggunakne basa jawa marang wong sing umure luwih tuwa kudu nganggo basa krama, dadi marang Sudimin Wiwin ya migunakne basa krama yen nuju omong-omongan.

 

“Ya amarga Dhik Wiwin ora ndherek kuwi sing marahi aku ora suwe neng Ngawi” wangsulane Sudimin karo mesem “sak jane Bapak karo Ibu Ngawi ya ngendika nek durung mari olehe kangen, nanging aku pilih ndang bali maneh menyang Yogya”.

 

“Lha menawi Bapak kalih Ibu dereng mantun anggenipun kapang, pacare Mas, sinten nika? mBak Ninuk napa mBak Hartini nika rak sansaya langkung dereng rumaos mantun kangenipun No Mas?” Wiwin takon karo ngguyu “sak jane ingkang pundi ta Mas pacare panjenengan niku? mBak Hartini ingkang lencir kuning, menapa mBak Ninuk ingkang tregal-tregel kados Dewi Banuwati nika?”

“He he he….” Sudimin ngguyu, karo batine ngalembana kuwate “daya ingat” sing diduweni Wiwin, sanadyan olehe kepethuk karo Ninuk lan Hartini mung saklebatan jaman liburan karo wong tuwane biyen, ewa semono isih apal karo Ninuk lan Hartini sing wektu kuwi ndolani Sudimin ing daleme Pak Suwaji.

 

“Kok malah gumujeng ta Mas?” Wiwin takon karo mbesengut lucu.

 

“Hartini karo Ninuk kae ngono mung kanca lumrah karo aku ya Dhik?” wangsulane Sudimin karo mesem “kaya dene Dhik Yudhi, Dhik Farel, Dhik Agus kanca-kancamu sing uga kerep ndolani awakmu neng omah kene ngana kae”.

 

“Inggih ta Mas? Tenane? Nek ngapusi bisa dosa lho?!”

 

“Tenan, malah telung wulan maneh Ninuk kae ya arep dadi manten, nek Hartini jarene isih pungkasane tahun iki” wangsulane Sudimin nyritakne kabar sing ditampa nalika tilik neng Ngawi wingi kuwi, banjur genti mbeda adhine angkat karo pitakonan “lha nek bocah-bocah lanang sing kerep apel mrene kae sing dipilih dadi pacare Dhik Wiwin sing endi ?, Yudhi kae bagus lho Dhik, nek Agus Gedhe dhuwur, Dhik Farel kae atletis, upama kon milih aku malah bingung dhewe”.

 

“Nek kula boten bingung Mas” wangsulane Wiwin karo ngguyu “wong lare-lare nika boten wonten ingkang kula pilih. Sedaya boten mlebet Nominasi”.

 

“Lho kok ngono? Dadi isih ana maneh sing mlebu nominasi?”

 

“Pituture Biyung nika, nek pados calon garwa niku kudu milih sing tresna lahir batin Mas? Gek ingkang kula ngertosi niku tiang jaler ingkang tresnanipun lahir batin dhateng kula niku namung kalih, ingkang setunggal inggih Bapa Bahadir lan ingkang nomer kalih nggih………” Wiwin ora nutugne olehe guneman, Bu Albertina miyos saka kamare nyedhaki panggonane sing lagi padha jagongan.

 

“Suk dina Sabtu ngarep banjur dina Senine kuwi rak tanggal abang ya Mas?” ora nganggo adangiyah apa-apa, Bu Albertina mundhut pirsa Sudimin. Pancen Bu Albertina kuwi nek nyeluk Sudimin nganggo sebutan Mas, kersane mbasakne Wiwin lan nek ngundang Wiwin nganggo sebutan Dhik, mbasakne Sudimin.

 

“Leres Biyung” wangsulane Sudimin.

 

“Wonten menapa ta Biyung kok mundhut pirsa bab tanggal abrit menapa?” Wiwin numpangi pitakonan “menapa badhe ngajak Wiwin kalih Mas tamasa?”.

 

“Bener” dhawuh wangsulane Bu Albertina karo mesem “maune Biyung nggagas arep sanja neng daleme Pak Suwaji Ngawi, nanging ngendikane Bapa mbesuk wae nek liburane rada dawa, karo maneh Masmu rak ya lagi wae bali saka Ngawi?”.

 

“Lha menawi makaten lajeng dhateng pundi Biyung?” Wiwin takon maneh.

 

“Bapa ngersakne ngajak Mas Dimin karo Dhik Wiwin, numpak Montor Muluk, merga iki sing diparani rada adoh” Bu Albertina paring wangsulan.

 

“Dhateng pundi Biyung?” Sudimin genti nyuwun pirsa.

 

“Bapa karo Biyung ngersakne tetepungan karo Bapak lan Simboke Mas Dimin sing aseli, merga dhawuhe Bapa sanadyan rada kasep, Bapa karo Biyung kudu matur lan nyuwun palilah marang Pak Diman lan mBok Sudinem, kareben anggone Mas Dimin dadi putrane Bapa lan Biyung sarta dadi Mase Dhik Wiwin luwih berkah” Bu Albertina paring wangsulan.

 

“Dados mengke dhateng daleme Pakdhe Diman Sumatera mrika Biyung, asoy……..”

 

“Iya, siap ta Mas ?” Bu Albertina mangsuli Wiwin banjur ndangu Sudimin.

 

“Inggih Biyung” Sudimin wangsulan alon karo ndhingkluk. Ora nyana ora ngira yen kangene marang wong tuwa lan sedulur-sedulure sing diampet meh sepuluh tahun suwene, bakal bisa ketambanan awit saka kawicaksanane Pak Bahadir lan Bu Albertina.  Meh wae, Sudimin ngruntuhake luh ketang trenyuhe, nanging isih bisa diampet. Ora sida mbrebes.

 

“Lha mangke saking Bandara Raden Intan dhateng dalemipun Pakdhe Diman niku taksih tebih napa boten Biyung?” Wiwin nyuwun pirsa maneh, ing angen-angene papane wong tuwane Sudimin kuwi isih wujud alas gung liwang-liwung adoh lor adoh kidul ngana kae.

 

“Ya rada adoh Dhik” Bu Albertina paring wangsulan karo mesem “nanging manut dhawuhe Pak Suwaji sing meh saben wulan tansah kirim-kiriman layang karo Pakdhe Diman Bandhat, saiki saka Bandara menyang Daleme Pakdhe Diman kuwi luwih gampang. Merga wis ana taksi sewan, mbayare uga ora pati larang, dalane ya wis aspalan, ora nganti setugel dina wis teka. Wis saiki ndang padha leren, wektune wis rada wengi”.

 

“Inggih, sugeng dalu Biyung” wangsulane Wiwin sing banjur ngadeg, menyat arep mlebu menyang kamare.

 

Sudimin dhewe uga banjur ngaturake Sugeng dalu marang Bu Albertina, banjur ngalih ngunggahi andha tumuju kamare sing manggon neng lantai loro. Pancen ing kulawargane Pak Bahadir lan Bu Albertina kuwi, wiwit biyen wis dikulinakne saben arep mapan turu utawa arep leren neng kamare, Wiwin apa dene Sudimin padha ngaturake ucapan “sugeng dalu” marang wong tuwane kuwi.

 

Tekan jero kamare, Sudimin mapan ngglethak, nanging nganti suwe ora enggal bisa turu. Angen-angene klambrangan tekan ngendi-endi. Wiwit nggambarake kaya apa mengko nek wis klakon kepethuk Bapak lan Simboke. Apa Bapake isih sok lara-laranen kaya biyen jaman isih manggon neng Kedunggalar, apa wis sehat kaya lumrahe wong-wong liyane?. Apa sing ditandangi Simboke saiki? Mesthine wis ora ngasag utawa gresek leles gogrogan pari nang sawah kaya biyen? Apa ya melu buruh neng Perkebunan kaya Bapake?. Banjur adhine wedok-wedok loro, Daliyem karo Wagirah, saiki wis sepira gedhene? Padha disekolahne apa ora?. Lha neng Bumi Transmigran PIR kana kuwi mesthine ya wis dibangun SD Inpres kaya sing ana kene, nek ora banjur menyang ngendi olehe sekolah bocah-bocah sing digawa wong tuwane menyang bumi transmigrasi kuwi?.

 

Sansaya wengi sansaya adoh nggone klambrangan angen-angene Sudimin. Banjur kelingan critane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal, apa bener yen dheweke biyen tau dijak ngasag simboke neng sawahe Pak Dalal lan dening Pakdhe Paeran Dengkek dheweke dikira pari ageman sing didhelikne simboke? . Apa bener yen jaman dheweke isih bayi pitung lapan, Bu Dalal tau kawetu tembunge kepengin njodhokne karo Ninuk anake wedok?.  Sudimin mesem, suk emben nek sida kepethuk, kuwi kabeh arep ditakokne marang wong tuwane, kepiye genahe?.

 

Sudimin mesem maneh, Wong Tuwa angkate ngajak numpak Montor Muluk, utawa Montor Mabur. Sing Sudimin selawase urip durung tau weruh kaya apa wujude Montor Muluk kuwi saka cedhakan, ngertine ya nek ana Montor Mabur sing liwat adoh neng langit, sing cat katon cat ora merga nasak mega lan mendhung. Mendah senenge saupama Sudimin bisa kepethuk kanca-kancane jaman sekolah neng SMP Kebangsaan biyen, dheweke mesthi bisa pamer nek dheweke sing dhisik dhewe weruh rasane numpak montor muluk. Nyuuut, Sudimin eling marang Hartini sing pungkasane tahun iki arep dadi manten. Lan dumadakan Sudimin rada kaget, nalika mau Wiwin sedulur angkate kuwi kandha yen wong lanang sing duwe rasa tresna lahir batin marang Wiwin kuwi, mung loro, sing siji cetha nek Pak Bahadir lan sing sijine maneh sapa?. Atake…..atake….. Sudimin keturon dhewe.

 

 

Ana candhake.

1 komentar:

  1. Mèlu mongkok déné Sudimin têtêp mboten jumawa sinaosa sampun kuliyah wonten pawiyatan luhur ingkang kalokå ing kitha Yogyakarta

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...