Total Tayangan Halaman

Jumat, 13 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (036)


  

36.

Wiwitane tuwuh gagasan arep blaka crita apa anane, yaiku arep ngaku nek dheweke saiki isih kuliah neng UGM lan manggon neng Yogya merga diangkat kaya dene anak dening pasangan Pak Bahdir karo Bu Albertina. Nanging, bareng digagas rada dawa maneh, merga Sudimin ya durung ngerti kahanane Hartini sing saiki wis dadi PNS kuwi luwih akeh maneh, wis omah-omah apa durung apa isih nyimpen rasa tresna marang dheweke apa ora?, wekasane kanthi dora sembada Sudimin aweh wangsulan :

 

“Aku iki manggonku ora cetha Har, jenenge wae wong luru pangan, ing ngendi ana papan sing sajake ana pangan sing kena tak jupuk ya aku ngalih menyang papan kuwi”.

 

“Dadi sidane kowe biyen bar saka SMP ya banjur golek gaweyan neng kutha ta? Tak kira nek nusul wong tuwamu neng bumi Transmigrasi kana!” Hartini takon maneh.

 

“Iya, aku isih durung kepengin dadi kuli perkebunan neng Sumatera kana, mesthine kowe ya ngerti dhewe, ijazah SMP kuwi ora ana ajine nek kanggo golek gaweyan neng kutha, dadi ya aku banjur nyambut gawe sakecekele, saka Pabrik siji ngalih menyang Pabrik liyane, dadi kuli kasar sing gaweyane abot nanging bayare mung cukup dienggo mangan. Nanging ya alhamdulillah, aku isih kaparingan kuwat” wangsulane Sudimin nutugne olehe dora.

 

“Ya ora apa-apa ta Min” wangsulane Hartini “sing penting diparingi sehat, lha awakmu saiki wis omah-omah apa durung? Gajege nek kerja neng Pabrik kuwi kancane sing ayu-ayu ya akeh?”.

 

“Omah-omah?” Sudimin mesem “lha wong ngopeni weteng siji wae sok ora bisa kebak, kok mikir omah-omah?. Lha awakmu wis kawengku kakung ya?”.

 

“Durung Min” Hartini wangsulan karo ngguyu “nek sida lagi pungkasane tahun iki, aku omah-omah. Wong kanggo tata-tata kabutuhan mburi, Bapakku isih nglumpukne wragad. Lha nek mapanmu ngolah-ngalih banjur suk olehku menehne undangan piye no Min?”.

 

“Yao ra prelu diwenehi undhangan ta Har” wangsulane Sudimin karo ngguyu, najan batine rumangsa ana sing ilang saka peranganing atine “wong saupama mbok wenehi undhangan ya durung karuwan nek aku bisa teka, wong nyambut gawe neng Pabrik kuwi ora duwe prei ya ora duwe tanggal abang. Karo maneh, ngge tuku karcis menyang mulih kuwi ya kudu mikir dhisik, nek perkara nyumbang ngono saupama aku ora aweh amplop kowe mesthine ya maklum. Ora liwat ya tak nyumbang donga wae, muga-muga olehmu omah-omah kaparingan langgeng lan murah rejekine”.

 

“Aamiin, matur nuwun lho Min” Hartini wangsulan karo mesem “jane kowe kuwi neng Pabrik apa lho Min? Kok rumangsaku saiki kowe mundhak resik, kaya wong Kantoran wae?”.

 

“Oalah kuwi ta?” Sudimin ngguyu “anu, aku kerja neng Pabrik Batu Baterei Har, panggonane resik tur tutupan rapet, dipasang AC dadi ya gak tau keneng sunar srengenge, mulane saiki aku ya malih pucet ora kaya biyen”.

 

“Nek pucete ki ora kok” wangsulane Hartini “nek mundhak resik pancen bener”.

 

Ora let suwe Hartini pamitan arep nerusne laku. Sudimin ya banjur nutugne olehe resik-resik latar. Bubar mbuwangi larahan menyang pawuhan banjur wijik, nuli mlebu omah pendhapa. Sudimin kelingan nek mau Bu Waji dhawuh yen Pak Waji ngersakne ngendikan karo dheweke.

 

“Iki lho Min, kopimu ketoke wis rada adhem” Pak Waji sing wis ngenteni neng kursi pendhapa ngendika bareng pirsa Sudimin wis mlebu omah.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin karo mapan lungguh.

 

“Sajake mau kowe diparani kancamu ya?” Pak Suwaji ndangu, wangune pirsa nek mau dheweke jagongan karo Hartini.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin “Hartini mampir saking sepedhahan”.

 

“Iya Bapak ya pirsa kok” Pak Suwaji ngendika maneh “Bu Hartini ki saiki rak mulang neng MTsN banjur ngekost neng daleme Bu Nada kidul Pasar kana kae, Hartini kae pancen bocah apik buktine ora lali karo Bapak, saben simpangan neng dalan ngana kae bocahe mesthi atur kurmat marang Bapak, senajan saiki wis dadi Guru lan Bapak mung dadi wong tani”.

 

“Inggih Bapak, wau Hartini inggih criyos, menawi mucal dhateng MTsN lan ngekost ing dalemipun Bu Nada, malah ugi criyos menawi pungkasan tahun menika badhe emah-emah” kandhane Sudimin nyambung ngendikane Pak Suwaji.

 

“Ooo Bocahe arep dadi manten? Tak kira nek ngenteni awakmu Min?” Pak Suwaji ketok nek rada kejot.

 

“Bapak niku kok nggih wonten-wonten kemawon lho?” Sudimin matur karo mesem “ngentosi kok ngentosi lare minggat ingkang boten kantenan purugipun, menapa malih wangsulipun”.

 

Sudimin banjur nyritakne olehe jagongan karo Hartini, wutuh ayam ora ana sing dikurangi.

 

“Ya bener kuwi Min” ngendikane Pak Suwaji sawise Sudimin rampung olehe crita “nek kowe ngaku isih kuliah neng Gajah Mada, bisa-bisa Hartini dadi getun olehe wis nampa katresnane calon bojone. Kanthi crita nek kowe mung buruh pabrik, kowe wis njaga rasa atine Hartini. Jane ngono bocah kae dhasare bocah sing apik, nanging pancen Gusti Allah wis nggarisne nek dudu jodhomu dadi kowe ya sing sabar wae. Percaya marang Bapak, kowe mbesuk mesthi oleh bojo sing luwih becik maneh tinimbang Hartini. Apa maneh nek karo Ninuk, Pak Dalal karo anake wedok kae padha wae olehe ora sumbut, karo jaman Pak Dalal mara mrene ngandhani Bapak supaya nuturi kowe ben gelem dijodhokne karo anake”.

 

“Boten sumbut kados pundi ta Bapak?” Sudimin matur karo mesem, guyune diempet weruh Pak Suwaji ketok nek rada sengit marang pak Dalal .

 

“Kowe ngerti Ninuk kae saiki rak wis mulang neng SMP Negeri kene, kae neh SMP sing biyen ST” Pak Suwaji paring wangsulan “wong pancen olehe kuliah mung njupuk sing setahunan ngana kae, Diploma Satu utawa Strata Nol, Bapak ora pati mudheng. Lan saiki wis arep dirabekne oleh kancane sing uga mulang neng sekolahan kono, kaya ngono lho?, Bapak iki ya ora diomongi, kamangka olehe nembung kepengin ngepek mantu kowe kae biyen ya durung dibatalne, malah neng ngendi-endi Pak Dalal kuwi crita nek anake wedok arep dipek bojo PNS putrane priyagung luhur, kamangka biyen tau disir bocah sing saiki wis minggat, bocah lola sing bisane mung gawe jamur damen ing pinggir galeng. Harak ngono kuwi marahi Bapak panas ta Min?”.

 

“Bapak kok kados dereng pana sinten Pak Dalal menika lho?” Sudimin ora bisa ngampet olehe ngguyu weruh nek Pak Suwaji katon nek muring “lha mbok nggih kersanipun, mangke menawi sampun kesel rak inggih kendel piyambak”.

 

“Iyane kuwi iya” Pak Suwaji paring wangsulan “nanging sok-sok ki ya neng kuping krasa panas lho?”.

 

“Inggih sampun samangke boten sah migatosaken Pak Dalal malih” Sudimin matur karo suwara alus.

 

“Bener Min” Bu Suwaji miyos saka jero omah mburi, banjur nyaut rembug “Bapakmu kuwi wis bola-bali Ibu aturi supaya ora nggatek wong kae, nanging panggah wae, suwe-suwe rak bisa keneng tekanan darah tinggi tenan ta Min?”.

 

“Iya iya, sawise kepethuk Sudimin aku wis ora arep nggatekne Pak Dalal maneh, arep crita nek anake dipek bojo sing duwe Pabrik Sepur ya karepe kono, sing baku ora sida ngepek mantu Sudimin. Atiku wis lega tenan” Pak Suwaji paring wangsulan marang garwane.

 

Critane sansaya dawa, genti-genten Pak Suwaji karo Bu Suwaji nyritakne kanca-kancane Sudimin sing biyen tau melu sinau kelompok neng emperan mburi, omah kono kuwi. Wiwit Masirah sing wis dadi Guru SD lan wis omah-omah oleh Warsidi kanca tunggal pasinaon jaman neng SMP ne, ning Warsidi mbacutake sekolah neng STM sing wekasane saiki dadi Karyawan BUMN sing kulina mborong bangunan-bangunan duweke negara. Uga Warsiyati sing padha karo Masirah, saiki uga wis mulang neng SD Negeri Pasopati, sekolahane Sudimin jaman SD biyen, Warsiyati uga wis omah-omah karo wong swasta sing sugihe ora karuwan, jenenge Anwar Mawardi, Sarjana Muda Hukum weton Undar, ning milih dadi wong swasta. Wis bisa tuku Sawah Yasan pirang-pirang panggonan, duwe toko sapirang-pirang, isih nglakone usaha truck kanggo ngusungi barang-barang lan usha liyane.

 

“Racak-racak kancamu sing sinau neng kene kae akeh sing padha mapan uripe Min” ngendikane Bu Suwaji sabanjure “nanging meh kabeh ya panggah sopan, nek kepethuk Ibu neng ngendi-endi wae, mesthi padha ndhisiki aruh-aruh banjur nyedhak ngajak salim, Ibu iki dianggep kaya gurune wae”.

 

“Sing dikandhakne Ibumu kuwi pancen bener, mung siji kae sing rada menjila, saka rumangsaku kok anggepe ngalah-ngalahne anake Menteri wae” Pak Suwaji numpangi rembug. Sudimin mesem, wis ngerti sapa sing diarani sing menjila kuwi mau.

 

“Jane ya ora nemen ngono kuwi Mas” Bu Suwaji nyaut rembug karo mesem “mung merga Panjenengan wis sengit dhisik, mula sapolah tingkahe bocah kae tansah ora gawe kepranane penggalih panjenengan”.

 

“Olehe ora sengit ki piye? Ndeleng kelakuwane wis dadi Guru barang unggah-ungguhe blas gak dienggo” wangsulane pak Suwaji rada sengol.

 

“Uwis gak sah ngrembug bocah sitok kae, ora ana gunane kajaba mung marahi anyel wae, bener ngono apa ora Min?” Bu Suwaji munggel rembug karo takon marang Sudimin.

 

“Inggih Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem. Bu Suwaji jumeneng, wong olehe nyedhak menyang pendhapa mau satemene ora arep melu jagongan, nanging arep ngabari nek dhahar sarapan kanggo esuk kuwi wis tumata.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...