35.
Critane Sudimin wis ora tau kocap, ya ing jagade para kanca-kancane
jaman sekolah neng Sekolahane mBah Cip, ya neng donyane bocah-bocah sing biyen
padha sinau bareng ing emperan mburi daleme Pak Suwaji. Semono uga ing
pasrawungane para santri ing langgare Kyai Wahid. Sudimin pancen wis ilang lan wis
ora ana sing rumangsa kelangan. Kabeh padha direpotne karo urusane dhewe-dhewe
sing saiki wis ganti slagane. Mung kala-kala ing sawah kagungane, Pak Suwaji
sing saiki ya wis pensiun lan kerep tindak menyang sawah, jeneng Sudimin sok
isih diucapne, ya iku babagan anggone wis miwiti nandur jamur ing tumpukan
damen sing nganti saiki isih dilestarekne dening Pakdhe Saidi.
“Dugi sepriki niku kula tesih kraos kecalan lho Pak Mantri”
kandhane Lik Sakir nalika ngepasi Pak Suwaji tindak menyang sawah ngancani
Pakdhe Saidi, pas kuwi lagi padha jagongan ing gubug cedhak “jamuran” , Pak
Suwaji, Pakdhe Saidi lan Lik Sakir sing melu leren neng gubuge Pakdhe Saidi.
“Kelangan apa Kang Sakir?” tumanggape Pak Suwaji “lha olehe ilang
kira-kira neng ngendi? Mengko atake lali olehe ndokokne wae?”.
“He he he…..” Lik Sakir ngguyu “tiang sing ical niku senes barang
kok Pak Mantri, dados nggih cetha nek boten kelalen angsale nyelehne”.
“Kelangan kok dudu barang? Banjur apa kuwi?” Pakdhe Saidi melu amul
gunem.
“Mosok neh nek kowe ya ora melu rumangsa kelangan ta Pakdhe?” Lik
Sakir genti nakoni Pakdhe Saidi karo mesem “Kuwi lho, calon mantumu sing ora
sida”.
“Oalah, si Sudimin ta?” Pakdhe Saidi wangsulan karo ngguyu “kowe
kuwi nek ngarani kok angger wae, ning jane upama aku duwe mantu Sudimin kae ya
seneng ndhe. Nanging bocahe malah ilang tekan saiki durung ana kabare ngono
lho?”.
“Lha inggih ta Pak Mantri” Lik Sakir guneman maneh marang Pak
Suwaji “jane ngoten Sudimin nika sak niki teng pundi ta? Gajege sampun gangsal
tahun langkung lho, kok babar pisan boten sambang nggih boten enten layang?
Napa katrem ngrencangi Kang Diman Bandhat nggarap siti teng Sumatera mrika
nggih?”.
“He he he…” Pak Suwaji wangsulan karo gumujeng “Ora Kang, Sudimin ora nusul wong tuwane,
nanging bocahe lagi nindakne laku prihatin tapa brata neng cedhake Gunung
Merapi kana lho”.
“Mertapa Pak Mantri?” Lik Sakir sajak ketok nek gumun, Pakdhe Saidi
ya melu-melu ndomblong karo nguwasi pasuryane Pak Suwaji “Jaman sakniki kok
kaya jaman Mataram mawon ta Pak Mantri? Gek Sudimin ki kok ya ana-ana wae lho?”.
Pak Suwaji gumujeng renyah, krungu kandhane Lik sakir ngono kuwi.
“Teka jaman kapan wae, jenenge wong laku prihatin kuwi panggah ana
wae Kang Sakir” dhawuhe Pak Suwaji sabanjure “nek jaman biyen laku tarak brata
kuwi ya digambarne kaya nek Sri Erlangga tapa neng alas Wonogiri, utawa kaya
Raden Sutawijaya sing manekung neng pinggir segara. Nek jaman saiki, jenenge
wong laku prihatin ki ya kaya sing dicakne Sudimin sasuwene iki, maune nindakne
laku tapa brata manggon neng omahku nganti telung tahun lan sawise oleh wahyu
jatmika rupane ijazah SMP banjur nutugne nggone tapa neng cedhake Gunung Merapi
kana, nganti saiki durung rampung, olehe tapa ya kaya dene nalika tapa melu aku
biyen”.
“Ooo, dados Sudimin nika sak niki ndherek tiang mrika Pak Mantri?
Kok nggih wonten nggih tiang mrika sing tepang kalih Sudimin?” Pakdhe Saidi
genti sing nyuwun pirsa.
“Kae lho Pakdhe” Pak Suwaji paring wangsulan “kancane Si Respati
sing biyen tau dolan lan nginep sepasar neng omah kene kae lho, sing saiki
didhereki Sudimin”.
“O, tiang tiang sing semahe Landa nika ta Pak Mantri?” Pakdhe Saidi
nggenahne “nggih, nggih kula kelingan. Nggih sokur nek Sudimin ndherek tiang
sing semahe Landa nika, nika ketingale tiyange sae, Landa sing boten kemlanda,
malah nate tumut Sudimin teng sabin napa, nek kalih jamur damen ketingale remen
sanget”.
Ngono kuwi satleraman rembugan sing nyenggol jenenge Sudimin, merga
Lik Sakir lan Pakdhe Saidi pancen keneng diarani kanca sing kliwat kenthel karo
Sudimin, kanca nek wayahe padha-padha nyambut gawe ana sawah. Beda karo kanca
sing jarene ya kanca rakete Sudimin liyane. Ya kuwi kanca-kanca sing biyen
prasasat renggang gula kumepyur pulut, ya kuwi kanca-kanca sakelas nalikane
sekolah neng SMP Kebangsaan. Warsidi saiki wis nyambut gawe dadi Pengawas neng
Perusahaan sing kulina mborong-mborong gawe gedhung, gawe jembatan, gawe rattan
lan liya-liyane. Uripe wis keceh dhuwit wong bayare ya klebu gedhe, ora suwe
maneh arep omah-omah oleh sing biyen dadi pacare jaman neng SMP, Masirah sing
saiki wis diangkat dadi Guru SD Inpres ing sekolahan sing ora adoh saka omahe.
Bayare ya wis lumayan gedhe, lha wong ya lulusan SPG, dadi wiwit nymabut gawe
wis duwe pangkat Pengatur Muda, golongan dua a. Ninuk, putrane Pak Dalal sing
jaman SMP tau mothah marang wong tuwane supaya bisa dijodhokne karo Sudimin,
saiki blas wis ora nggagas maneh marang bocah sing dianggep wis ilang kuwi.
Tumrap Pak Dalal lan Ninuk, ilange Sudimin saka Kedunggalar lan dikira
ngulandara neng kutha mburu upa kanthi sangu ijazah SMP kuwi, malah dadi
berkah. Merga Ninuk wis luwih akeh meruhi ambane jagad, sing jebul wong lanang
sing luwih sampurna tinimbang Sudimin kuwi akeh. Salah sijine, saiki wis dadi
pacangane sing nikahe kari telung sasi maneh. Jaka Sudiyanta, Kakak kelase
jaman sekolah neng SMA loro Madiun sing banjur nutugne kuliahe neng IKIP
Ketintang njupuk D1 Pendidikan, sing wusana ngeterne dheweke dadi Guru SMP
Negeri ing Kedunggalar kono. Ninuk dhewe bar saka SMA ya banjur kuliah neng
IKIP Malang, njupuk S.01 Pendidikan, lan saiki ya wis magang dadi GTT neng SMP
Kedunggalar awor karo pacangane. Beda
maneh karo lakone Sri Hartini, bocah ayu sing uga pinter kae. Lulus saka SGO
Sala, Hartini banjur ketampa dadi PNS, mulang Olah Raga neng MTsN Kedunggalar,
saiki nek sore nyambi kuliah maneh neng IKIP PGRI Ngawi. Hartini dhewe sawise
dadi Guru, ya banjur tepung karo kanca guru tunggal sak sekolahan, jenenge Agus
Supriyanta lulusan IAIN Walisanga Semarang, saiki mulang Fiqih neng MTsN kono.
Ing pungkasan tahun iki kekarone nikahan.
Let sedina olehe dirasani Pak Suwaji karo Kang Sakir lan Pakdhe
Saidi pas leren neng gubug sawah, Sudimin teka neng daleme Pak Suwaji. Dadi
entrane ngono ya kaya bocah kuliahan sing endhang omah. Pak Suwaji karo Bu
Suwaji rena banget nampa tekane Sudimin. Sudimin dhewe, ya ora ngowah-owahi
adat. Senadyan wis ora ndherek neng omah kono, nanging pas tangi turu
esuk-esuk, mulih saka subuhan neng langgare Kyai Wahid, ora kikuk lan ora
kidhung Sudimin wis nyandhak sapu, nyaponi latar.
“mBok uwis ta Min” Bu Suwaji sing pirsa nek Sudimin nyapu banjur
nyedhak “mengko ben disaponi Yu Sumbruk, adate wonge tekane jam pitu”.
“Boten menapa-menapa Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem “kula nggih
sampun kangen kalihan nyapu latar mriki kok. Menawi latar Yogya mrika namung
ciyut, boten saged disambi olah raga kados menawi nyaponi latar mriki”.
“Biyuh, kowe kuwi wis dadi Mahasiswa neng Perguruan Tinggi kondhang
lho kok isih kober-kobere nyapu” Bu Suwaji paring wangsulan karo sajroning ati
ngalembana marang prasajane Sudimin.
Sudimin ora wangsulan, kajaba mung mesem, banjur nutugne olehe
nyapu.
“Mengko nek wis rampung, mlebua neng pendhapa, Ibu gawekne Kopi”
ngendikane Bu Suwaji maneh “karo Bapakmu mau dhawuh nek ngersakne jagongan karo
kowe sinambi nyruput kopi. Nanging Bapakmu saiki ya isih tindak-tindak olah
raga ringan ngubengi dalan RW”.
“Inggih Ibu” wangsulane Sudimin cekak, sing banjur ibut anggone
nutugne ngobahne sapune.
Nalika Sudimin arep nimpal larahan sing wis diklumpukne, dumadakan
Sudimin dikagetne dening suwara sing tau ditepungi, ngundang jenenge.
“Lho Hartini? Saka ngendi iki mau Har?” karo semu kaget Sudimin genti
nakoni sing ngundang jenenge. Jebul Hartini sing isih lungguh ing sadhel
sepedhane.
“Biasa, saben esuk tak ajegne sepedhahan mubeng desa” wangsulane
Hartini karo mesem, rumangsane Sudimin eseme Hartini sansaya katon manis “aku
saiki rak kost neng daleme Bu Nada kulon Gedhung Pancasila kae?, nyedhaki
sekolahanku, saiki aku neng MTsN kok Min”.
“Oh, saiki wis dadi Bu Guru ya?” wangsulane Sudimin karo mesem “aku
mung bisa melu seneng Har, awakmu saiki wis dadi wong tenan. Lan matur nuwun
lho, masiya wis dadi Bu Guru isih kersa ngajak omong-omongan wong ndherek kaya
aku iki”.
“O alah Min, gek kowe kuwi omong apa lho?” Hartini rada mrengut “saiki
kowe neng ngendi? Kok bar lulus SMP banjur ilang, thik ngonowa tanpa sambang tanpa
layang pisan”.
Sudimin mesem, karo nata ukara ing sajroning atine. Tembung apa
sing kira-kira cocog kanggo aweh wangsulan marang Hartini sing biyen tau cedhak
karo dheweke.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar