34.
Bocah-bocah
kancane Sudimin wis wiwit wira-wiri golek sekolahan dhewe-dhewe, padha
ndhaftarne menyang Sekolahan sing dicocogi. Hartini ora sida mlebu SMA, nanging
milih dhaftar menyang SGO Sala. Warsidi dhaftar menyang STM Siji Madiun,
Masirah menyang SPG Negeri Ngawi. Ninuk sing sadurunge wis rada suwe
milang-miling golek Sekolahan sing dianggep maju, sidane dhaftar menyang SMA
Loro Madiun sing manggon neng Jalan Biliton. Nanging kabeh mau ya lagi dhaftar,
isih kudu ngliwati test luwih dhisik, bisa ketampa lan bisa uga ora.
Bocah-bocah liyane sing ngrumangsani bijine pas-pasan lan pancen ngerti nek ora
pati pinter, padha melu ndaftar menyang Sekolahan-sekolahan swasta, ana sing
neng Ngawi lan uga ana sing neng Paron, Madiun lan sapiturute.
Sudimin
sing maune wis pasrah marang kersane sing gawe urip, menang-meneng wis nicil
ayem. Nanging dening Pak Suwaji uga wis diwanti-wanti ora prelu kandha-kandha
marang sapa wae, malah banjur ngilang saka pandulune kanca-kancane, tenane Gusti
Allah wis ngabulake panyuwune Sudimin, temah bisa nerusne sekolah sing luwih
dhuwur maneh. Lan ora baen-baen, olehe nutugne sekolahe Sudimin ora mung neng
Ngawi utawa neng Madiun, nanging neng Kutha sing luwih gedhe, Ngayogyakarta.
“Iki
dhaftaran sekolah rak wis padha bukak ta Min?” pandangune Pak Suwaji sawijining
sore, nalika Sudimin mulih saka langgare Kyai Wahid.
“Ketingalipun
makaten Bapak, kula mireng-mireng saking siaran RRI Madiun sasampunipun Warta Daerah
saben dinten, kathah sekolahan-sekolahan ingkang mbiwarakaken Pengumuman Penerimaan
Siswa Baru Kelas Setunggal” atur wangsulane Sudimin.
“Iya,
bapak ya krungu kuwi” Pak Suwaji ngendika maneh “nek ngono kowe ndang tata-tata
wae, sesuk budhala menyang Yogya”.
“Dhateng
Yogya Bapak?” Sudimin matur nyuwun pirsa, durung nyandhak karo kersane Pak
Suwaji.
“Iya”
Pak Suwaji paring wangsulan “mau awan Bapak rak nampa Telegram”.
“Inggih
Bapak” Sudimin nyaut rembug “kala wau kula inggih sumerep Pegawe Telegram saking
Walikukun, mriki numpak Pit, nanging kula boten mangertos Bapak pikantuk
telegram saking sinten”.
“Saka
Pak Pak Bahadir lan Bu Albertina” Pak Suwaji paring wangsulan “paring kabar nek
Pendhaftaran neng SMA Yogya kana ditutup suk Sabtu jam siji awan, lan test
dianakne dina Senin karo Selasa, mula Pak Bahadir karo Bu Albertina banjur
dhawuh supaya kowe enggal-enggal pangkat menyang Yogya, sesuk isih dina Rebo,
dadi wektune isih nutut kanggo mbok ngge ndhaftar”.
“Nyuwun
pangapunten Bapak” karo rada rangu-rangu Sudimin matur “kula kok dereng mudheng
kalihan dhawuhipun Bapak menika ta? Menawi keparengaken kula kepengin ngertos
kados pundi cethanipun”.
“Iya,
iya…..” Pak Suwaji paring wangsulan karo setengah gumujeng “ya sing gedhe
pangapuramu nek Bapak wis ndhisiki gawe putusan tanpa kandha marang awakmu
luwih dhisik”.
“Putusan
menapa menika Bapak?” Sudimin matur “boten dados menapa, kula pitados bilih
putusan saking Bapak tartamtu sae kangge kula”.
“Kowe
kelingan ta Pak Bahadir karo Bu
Albertina pas sanja lan manggon neng omah kene kira-kira seminggu kae?” Pak Suwaji mundhut pirsa.
“Inggih
kemutan Bapak” wangsulane Sudimin “putranipun nika sae sanget, kerep tumut kula
menawi kula dhateng sabin, malah Bu Albertina nika nggih sae sanget, boten
mantra-mantra menawi tiyang Walandi, ugi nate tumut dhateng sabin sepisan,
tumut ramban jamur damen”.
“Bu
Albertina kae dudu Walanda ya?” Pak Suwaji mesem “nanging kae priyayi asli
Jerman lha nek kakunge kae asli Turki keturunan Yunani. Lha jebule priyayi loro
kae banget kaengsem marang kowe Min, kasengsem merga nggonmu sregep, tulus
nyambut gawe, sregep ngibadah lan pinter momong kanca-kancamu kabeh. Priyayi
loro kae jebul sasuwene neng omah kene tansah ngulat-ulati sapari polahmu
kabeh. Bareng priyayi loro kae pirsa nek neng kene kowe wis ora duwe sapa-sapa
lan mbok menawa wae kowe bingung yen kepengin nutugne sekolahmu, Pak Bahadir
lan Bu Albertina banjur nembung marang Bapak nek arep mundhut pitulungan marang
kowe”.
“Pak
Bahadir kalih Bu Albertina badhe mundhut pitulungan dhateng kula?” Sudimin
mlengak semu gumun “prakawis menapa menika Bapak?”.
“Si
Wiwin Winarah, putrane Pak Bahadir karo Bu Albertina kae rak ora duwe sedulur?”
Pak Suwaji nutugne olehe paring wangsulan “mula bareng tepung karo kowe sing
dikira padha olehe ora duwe dulur, seneng banget. Banjur nyuwun marang Bapa
karo Biyunge…….”.
“Inggih
Wiwin lare alit nika menawi ngaturi Bu Albertina Biyung menawi ngaturi Pak
Bahadir Bapa, boten Mamah kalih Papah….” Sudimin nigas ngendikane Pak Suwaji.
“Iya”
Pak Suwaji nyambung olehe ngendika “sing disuwun Wiwin, supaya Bapa lan Biyunge
kersa ndadekne kowe dadi sedulure Wiwin. Dhasare Pak Bahadir lan Bu Albertina
ya wis kasengsem marang kowe, mula banjur dhawuh marang Bapak supaya kowe
gelema nuruti sing dadi pepenginane Wiwin. Lha minangka atur panuwune Pak
Bahadir lan Bu Albertina yen kowe bisa nuruti pamundhute, kowe bakal diparingi hak
kaya dene hak sing ditampa Wiwin saka Bapa Biyunge, ya hak apa wae”.
Sudimin
lagi mudheng karo sing didhawuhne Bendarane kuwi. Nanging nganti sauntara
durung guneman apa-apa. Nganti pak Suwaji banjur paring pangandikan maneh :
“Oleh
dhawuh saka Pak Bahadir lan Bu Albertina kaya mangkono kuwi, tanpa mikir dawa
bapak banjur nyaguhi, malah kepara wis lancang atur wangsulan yen Kowe gelem
nuruti apa sing dadi pepenginane Wiwin mau. Nanging Bapak nyuwun wektu yen
olehmu nuruti dhawuhe Pak Bahadir lan Bu Albertina kuwi sawise kowe lulus SMP.
Merga saka Bapak wis tuwa, lan akehe ayahan sing diadhepi Bapak lali durung
ngandhakne bab iki marang kowe. Mula Bapak sepisan maneh mundhut pangapuramu
sing gedhe”.
Ora
krasa luh dleweran saka mripate Sudimin, banjir kaya sumber kang mili ing
perenging gampeng pagunungan. Rasa bungah lan trenyuh sarta rasa panuwun marang
bendarane apa dene rasa syukur marang Gusti Allah wor suh carub dadi siji. Saya
suwe Sudimin sansaya ora kuwat ngempet rasa ngondhok-ondhok sing munggah tekan
gulune, wasana karo nangis mingseg-mingseg, Sudimin ngraup sampeane Pak Suwaji
karo matur kanthi pedhot-pedhot :
“Samanten
agening katresnanipun Bapak ingkang kaparingaken dhateng kula, Bapak babar
pisan boten lepat nanging malah kepara sampun maringi kanugrahan dhateng kula
ingkang boten wonten tandhingipun. Saestu kula namung saged ngaturaken genging
panuwun dhumateng Bapak saha Ibu, ingkang tansah ngramut kula kanthi rila
legawa ikhlas lahir trusing batin……”.
“Wis
Min, aja kaduk ati nggonmu nampani kanugrahaning Gusti iki” Wasana Pak Suwaji
nyandhak tangane Sudimin supaya bali lungguh neng kursine karo ngendika “yen
kowe pancen gelem minangkani pamundhut saka Pak Bahadir lan Bu Albertina Bapak
mung titip weling, wujudna rasa bekti lan tresnamu marang Pak Bahadir lan Bu
Albertina, kaya dene nggonmu wis bekti marang Bapak lan Ibumu ing omah iki. Sing
luwih sregep maneh nggonmu sinau, mbok menawa ing kono dadi dalan kamuktenmu”.
“Inggih
Bapak” atur wangsulane Sudimin suwarane isih keprungu rada serak “pangestunipun
bapak saha Ibu ingkang tansah kula suwun, mugi kula boten damel kuciwaning
penggalihipun Bapak saha Ibu miwah Pak Bahadir tuwin Ibu Albertina, saha
mugi-mugi kula saged dados sedherekipun Dhik Wiwin ingkang sae”.
“Iya,
saiki enggal tata-tata kana” Pak Suwaji paring wangsulan maneh “Merga mbok
menawa kowe wiwit sesuk sawise tekan Yogya bakal dadi wong Yogya, saupama ana
wektu kanggo sanja mrene, tekamu ing omah kene wis beda. Ora prelu kowe kandha
marang sapa-sapa bab kanugrahan sing mbok tampa iki, mbesuk wae yen wis ana
buktine yen kowe bisa nuduhne yen anggonmu nampani kanugrahan saka Gusti iki
kanthi tumemen temah bisa ana tandha yen uripmu dadi luwih becik tinimbang dina
iki, kowe lagi kena kandha-kandha marang kanca-kancamu yen kowe jebul uga bisa
sekolah ora beda karo kanca-kancamu sing putrane wong sing mampu”.
“Inggih
Bapak” wangsulane Sudimin banjur menyat tumuju kamar papan turone.
Karo
tata-tata, Sudimin ora kendhat nggone muji sukur marang Pangeran. Lan jroning
atine tansah ngaturake panuwun marang bendarane, Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Ana
tekad sajroning atine, Sudimin ora bakal nglalekne kabeh kabecikan sing tau
ditampa saka Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Jroning atine uga nenuwun marang Sing
Maha Kuwasa, muga-muga ing tembe dheweke bisa genti nyembulih males budi becik
marang Pak Suwaji lan kulawargane.
Ana
sapletik rasa kepengin ing sajroning atine, arep ngabari Hartini, Sudimin ngira
yen Hartini pantes krungu yen dheweke nemu lakon sing nyenengne atine. Nanging
diwurungne, isih ana sisa rasa ora percaya marang wong sing jarene Warsidi duwe
rasa tresna marang dheweke kuwi. Bener bendarane, mbesuk wae nek wis kasembadan
uripe dadi luwih becik lagi kanca-kanca dikabari, sadurunge kuwi bisa ditonton
piye sikepe kancane marang dheweke. Dheweke kudu bisa njaga anggone bisa
sekolah menyang Yogya iki dadi wadi, kanggo ngaweruhi wewadi sing disingidake
dening kanca-kancane, dadi owah ngremehake dheweke utawa ora sawise kanca-kancane
rumangsa wis mundhak drajate merga luwih dhuwur sekolahe. Sudimin banjur mesem.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar