Total Tayangan Halaman

Selasa, 10 Januari 2023

SASTRA JENDRA YUNINGRAT PANGRUWATING DIYU (01-30)


 01.

Olehe rembugan padha mandheg. Sing lagi padha dirasani mara nyaketi sing lagi padha jagongan. Ya, pancen nalika kuwi Resi Wisrawa lagi wae nakoni para abdi sing nyambutgawe ing sajroning kedhaton Lokapala. Wisrawa kepengin ngerti apa darunane dene Danaraja, anake lanang sing saiki dipasrahi nggenteni mangreh lan marentah negara Lokapala, saka rumangsane Wisrawa beda karo padatan yen dheweke teka tilik menyang Lokapala. Sing uwis-uwis, saben-saben Wisrawa teka, Danaraja mesthi banjur ngajak rembugan sing gayeng, Ya ngrembug kepiye carane murih negara sing diratoni sansaya kuncara, panguripane kawula sansaya tumata, sansaya tentrem, padha sayuk rukun nggone padha urip, didohne saka watak sing candhala dhemen tumindak durjana juti, lan sapanunggalane. Nanging wektu kuwi Wisrawa ngrasakne ana sing beda. Danaraja anggone nemoni mung sedhela lan ya mung samadya, ora ngrembug utawa nyritakne apa-apa, malah banjur kesusu olehe pamit arep mlebu papan palereman kanthi meling samangsa-mangsa Wisrawa mbutuhne apa-apa supaya paring dhawuh marang abdi supaya minangkani apa sing dadi karepe. Para abdi sing diajak jagongan dening Wisrawa padha matur blaka marang tilas Ratu Gustine sing saiki wis madeg jejer dadi Pandhita kuwi. Ya iku kira-kira wis meh setengah wulanan Danaraja malih slaga, saiki dadi kerep umpetan ing papan palereman, padatan sing sok ngajak abdi-abdine rembugan sing entheng-enthengan, saiki wis ora tau dilakoni maneh. Malah nalika kanthi dhedhemitan para abdi nyolong weruh (nginjen) nalikane Danaraja nuju neng taman, para badi kerep weruh yen ratune kuwi kerepe mung lungguh thenger-thenger kaya wong getun. Dene sing dadi sabab, para abdi ora ana sing padha ngerti. Mesthi wae, krungu wangsulane para abdi ing jero kedhaton Lokapala sing mangkono kuwi mau, Wisrawa rumangsa durung marem lan durung lega atine. Nanging, gandheng lagi wae arep nutugne olehe ngajak guneman para abdi kuwi kesaru karo tekane Danaraja sing mlaku nyedhaki papane, Wisrawa ngurungake karepe, malah banjur mapagne tekane anake lanang karo guneman kaya ora lagi wae ngrasani anake kuwi.

 

“Kene, kene Danaraja lungguh kene” kandhane Wisrawa karo mesem.

 

“Inggih Rama Panembahan” wangsulane Danaraja kaya wong aras-arasen guneman, karo mapan lungguh ing kursi sing ana ngarepe bapakane.

 

Sauntara kuwi para abdi sing maune padha nglesot neng jogan cedhak karo Wisrawa, banjur padha nyembah lan lon-lonan mundur ngedoh marani papane dhewe-dhewe.

 

“Lagi wae, sliramu mau tak rasani karo para abdi, Danaraja” kandhane Wisrawa sawise para abdi padha lunga lan Danaraja wis lungguh kanthi kepenak ing kursine.

 

“Rama Panembahan ngraosi kula?” Danaraja ndengengekne sirah karo nyawang praupane wong tuwane, raja ing Lokapala kuwi takon “ngraosi ing babagan menapa Rama?”.

 

“Aja dadi atimu ya Ngger” Wisrawa kanthi suwara sabar mangsuli pitakone anake “mula bener yen aku lagi wae ngrasani keng slira, nanging ya mung rasan-rasan sing sipate lumrah, lire magepokan karo kahananmu sing beneh klawan padatan”.

 

“Inggih Dewaji?” wangsulane Danaraja nigas rembuge Wisrawa “boten dados menapa, namung kemawon keng putra ngraos dereng sumerep kalihan ingkang Dewaji dhawuhaken, kula benten kalihan padatan, menika kados pundi?”.

 

“Iya-iya ngger” Wisrawa wangsulan karo mesem “ora jeneng mokal yen sliramu ora krasa jer sing nyalirani ya sliramu dhewe, bares wae tak kandhakne : wiwit aku teka ing kedhaton kene rong dina kepungkur, tangkebmu marang pun bapa beda adoh karo padatane. Sliramu babar pisan ora ngajak keng Bapa rerembugan perkara kahanane Negara Lokapala, malah sliramu luwih akeh mapan ing patunggon. Pasuryanmu katon peteng kaya langit ketutupan mendhung, soroting netramu nuduhne yen atimu lagi kisruh, slaga lan solah bawamu katon yen sarwa aras-arasen. Anane owah-owahan sing sira lakoni kuwi, tenane uga dirasakne lan disumurupi dening para abdi. Nanging nalika para abdi mau tak takoni, ora ana sing ngerti sing dadi jalaran anane owah-owahan ing tindak-tandukmu iku. Bisane para abdi mung ngira-ira, ya iku mbok menawa wae keng slira lagi ngadhepi perkara wigati sing angel diudhari. Samengko, diage sira prasajaa marang pun Bapa Ngger, apa sing lagi ngranuhi sajroning penggalihmu? Apa ana layang panantang saka njaban rangkah kang nedya nelukne Lokapala? Diage kandhakna raja negara ngendi sing wani-wani kulak perkara nantang ratu ing Lokapala kuwi? Apa durung nate krungu kondhange anakku lanang sing mung sawiji sing saiki jumeneng ing Lokapala ya Prabu Danaraja sing wis kagadhuhan aji Rawarontek sing kajaba tan tedhas tapak paluning pandhe, sisaning gerinda, tanapi tebaning kikir, uga kena diarani yen kanthi aji Rawarontek ateges sliramu kuwi luput saka ing pati?. Apa ana Nayaka praja utawa Adipati sing nedya mbalela? mBondhan tanpa ratu mirong kampuh jingga? Lan sliramu rumangsa pakewuh ngadhepi jalaran sing mbalela kuwi isih duwe sesambungan cedhak karo pun Bapa? Matura ngger, kandhakna sapa sing nedya mbalela kuwi? Yen pancen ora kena ditata sarana aris, aja tidha-tidha sirnakna wae murih ora ngrusuhi nggonira gawe katentremaning nagara”.

 

“Boten Rama” Danaraja nigas guneme wong tuwane “para raja ing nagari njawi rangkah boten wonten ingkang wantun nantang perang Lokapala, malah kathah ingkang sami kintun utusan saha bulu bekti dhateng Lokapala kanthi panyuwunan ndherek ngaup mangayom ing sangandhaping kaluhuraning nagari Lokapala. Para punggawa, nayakaning praja miwah para adipati ugi sami suyud dhumateng ingkang putra, sedaya sami nedahaken kasok kasetyanipun dhateng keng putra miwah dhateng nagari Lokapala yasan paduka kanjeng Rama Dewaji menika”.

 

“Lha yen ora mangkono, banjur apa sing ndadekne sekeling penggalihmu Sang Prabu?” Wisrawa takon maneh.

 

“Kewedan wor lan lingsem anggen kula badhe matur Rama” Danaraja wangsulan sawuse bola-bali unjal ambegan landhung.

 

“Aja kaya bocah cilik Danaraja” Wisrawa nuturi anake lanang “wektu iki sliramu lagi nyandhung perkara sing ruwet, lan reruwet kuwi bisane pulih kudu diudhari sartane ngudhari reruwet kuwi ora kena kapambengan rasa isin utawa kesandhung ing rasa rikuh lan pakewuh. Mula prayogane diage matura marang pun Bapa, mbok menawa pun Bapa bisa aweh pitutur sing bisa madhangake pegggalihmu”.

 

Rada suwe Danaraja meneng karo nyawang pasuryane wong tuwane, sunaring mripate Resi Wisrawa tinampa dening Danaraja kaya kumriciking banyu wening mijil saka sumber nedya gawe adhem lan nyambung uripe titah, sunaring netra  sing kebak rasa tresna asih, tresnane wong tuwa marang anake. Wusanane Danaraja duwe sedya arep waleh wae marang Resi Wisrawa ya wong tuwane sing wis marisi negara Lokapala saisine marang dheweke.

 

“Ngaturaken genging panuwun Rama Panembahan” Danaraja guneman lirih nanging cetha “estunipun menapa keng putra nembe kesandhangan pamikir ingkang ngemu dedosan awit nggadhuh pepenginan ingkang boten kasalasaken kalihan kawontenanipun ingkang putra ingkang kagadhuhan drajat limrah menika?”.

 

“Mengko dhsisik” Wisrawa nyigeg tembunge Danaraja kanthi guneman “sliramu kuwi Narendragung binathara sing mbawahi mayuta-yuta kawula lan dadi pangayomaning para raja lan para adipate sing padha magayom marang Lokapala, ya gene isih rumangsa kagadhuhan drajat lumrah?”.

 

“Mila leres Rama, menawi ing Lokapala lan sakanan keringipun kula menika kenging kawastanan Raja Gung Binathara, nanging menawi ing papan tebih mrika kados upaminipun ing nagari Ngalengka ingkang dipun prentah dening Sang Prabu Sumali, mangka kula inggih namung ratu limrah utawi raja alit ingkang marentah nagari alit, dados kula ngrumaosi Rama. Nanging eman saha kuciwanipun, ing manah kula ngrumaosi nanging ing batin kula nggadhahi npenginan ingkang boten jumbuh kalihan kawontenan kula ingkang makaten menika” Danaraja aweh wangsulan marang wong tuwane.

 

“Saiki ngene wae, murih ora kedawan rembug, prasajakna apa sing dadi pepenginanira Ngger? Apa kira-kira ana sambung rapete karo negara Ngalengka sing kondhang kaloka negara gedhe sugih wadya sugih bala sing cacahe nganti mayuta-yuta lan diratoni dening Ratu Raseksa sing kasektene meh timbang karo kasektene Bathara Surapati senapatine para Dewa kuwi ?” Wisrawa banjur nakoni anake lanang supaya ngandhakne sing dadi undheraning rembug.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

02.

Danaraja nyawang pasuryane wong tuwane klawan ati sing gemeter, angel olehe arep ngandhakne suwara ing atine nganggo lambe, murih dingerteni dening wong tuwane. Sawise rada sauntara wekasan Danaraja bisa mlipir golek dalan anggone arep ngandhakne pepenginane marang wong tuwane kuwi.

 

“Nagari Ngalengka menika wiwit jaman rumiyin sampun kaloka nagari ingkang sakalangkung ageng inggih Rama?” plipirane rembug wiwit dikandhakne dening Danaraja.

 

“Mula kepara nyata mangkono Ngger, wiwit jaman kuna makuna nagara kuwi wis kondhang kaloka, tansah disuhi dening raja sing sekti mandraguna, prajurit lan wadya balane maleksa-leksa padha sekti-sekti kabeh. Saking sektine para raja sing marentah ing nagara kuwi, nganti tau kelakon gawe gegering Kahyangan awit negara kuwi tau nglurugi Kahyangan lan meh wae klakon mbedhah keratone para dewa ing Suralaya” wangsulane Wisrawa nyethakne kahanane negara ing Ngalengka sing ditakokne anake lanang.

 

“Ngalengka nate nglurugi Kahyangan Rama?” Danaraja matur sajak gumun “sanadyan sektia kados menapa kok kenging winastan kaduk wani kirang dedugi menawi wonten titah ingkang gadhah pikajengan mbedhah Kahyangan lan lumawan para Dewa, menapa para raja ing Ngalengka rumiyin menika anak turunipun Iblis, Rama ?”.

 

“Dudu Ngger” wangsulane Wisrawa karo mesem “tenane ngono raja-raja sing marentah ing Ngalengka kuwi uga tedhak turune Dewa, ya iku trah saka Sang Hyang Bathara Sambo , nanging ya kuwi gandheng saking kerepe srawung karo para Asura lan para raseksa, mbaka sethithik para tedhak turune Sang Hyang Sambo kuwi banjur ketularan lan malih wujud sarta tekune dadi bangsa raseksa. Ya gene jeneng sira sajak migatekne banget marang negara gedhe sing saiki diratoni Ratu Buta sing jejuluk Prabu Sumali kuwi, ngger?”.

 

“Nyuwun pangapunten Rama” karo unjal napas landhung Danaraja semaur “mila leres bilih keng putra wekdal menika nembe kasengsem ing gagasan ingkang wonten sambung rapetipun kalihan nagari Ngalengkadiraja menika”.

 

“Apa kira-kira putraku wong sigit iki kepengin ngelar jajahan nelukne negara Ngalengka, yen mangkonowa satemene aran lumrah jer wis kawewca ing jangkaning jagad sing tau tak tampa nalika aku mahas ing samun nalika jeneng sira durung jumeneng ratu biyen, mbuh kapan wektune negara sing kondhang kaloka jeneng negara Ngalengka kuwi ing mbesuke bakal kareh dening turune Resi Wisrawa ya turunku dhewe” kandhane Resi Wisrawa alon ditutugne aweh pitutur “sok ngonowa, tak jaluk anak prabu aja kesusu nggege mangsa, awit ora ana becike wong dhemen nyenyahak darbeke liyan, klebu ngelar jajahan sarana ngendelake kasekten lan kekuwataning perang. Sumurupa Kaki, sanadyan darmaning satriya kuwi mapan ing madyaning rana, nanging ana wajibing satriya supaya tansah mbudidaya memayu hayuning bawana lan ngedohi tindak dhemen menang kanthi nglurugi perang marang negara liya”.

 

“Sewu nyuwun genging pangaksami Rama Panembahan” Danaraja mangsuli pituture wong tuwane “saglugut pinara sasra boten wonten osiking manah kula kepengin ngelar jajahan sarana nglurugi perang dhateng nagari pundi kemawon, langkung-langkung dhateng nagari ing Ngalengka ingkang kondhang nagari ingkang sarwa sembada lan sugih wadya menika”.

 

“Lha banjur apa sing dipenggalih dening anak Prabu?” Wisrawa nutugne pitakone.

 

“Dhuh Rama Dewaji” karo ulat sing wiwit peteng maneh Danaraja wangsulan “kapaibena keng putra boten badhe suwala, jer nyatanipun putra paduka pun Danaraja boten kuwawa ngendheg lampahing raos ingkang tansah ngreridhu manah”.

 

“Iya, diage sira matura kang trawaca Danaraja, aja gawe bingunge wong tuwa ya Ngger?!?” kanthi kebak rasa welas asih Wisrawa ngandhani anake lanang.

 

“Inggih Rama” Danaraja aweh wangsulan karo tumungkul nyawang jogan, ora wani nyawang pasuryane bapakne “manah kula wekdal menika nembe ketaman jemparingipun Sang Hyang Bathara Asmara, Rama. Wekdal menika Danaraja nembe gandrung kapirangu, kayungyun dhateng satunggaling putri ingkang sakalangkung sulistyeng warni. Namung kuciwaning manah, kula ngrumaosi bilih putri ingkang sampun damel poyang-payinganing manah kula menika nggadhahi drajat ingkang sakalangkung luhur. Awit putri menika admajaning narendra gung binathara ingkang sekti mandra guna tur sugih bandha sugih bala. Sampun kathah panglamar saking para raja ing saindenging bawana ingkang tinampik dening putri kala wau lan ingkang boten narimah jalaran katampik lan nedya badhe ngginakaken kakiyatan lan kasekten ugi sami wangsul dhateng nagarinipun kantun nami walaka jalaran kapeksa tumpes sapandherekipun ngadhepi kadigdayanipun para prajurit wadya balanipun  tiyang sepuhipun putri kala wau. Dhuh Dewaji, blaka kemawon putri kala wau boten sanes putri ing nagari Ngalengka admajanipun Prabu Sumali ingkang sesilih Dewi Sukesi. Dhuh Dewaji, inggih jalaran kacondhokan raos tresna dhateng Dewi Sukesi lan kepengin amengku piyambakipun dadosa garwa prameswari ing nagari Lokapala menika ingkang njalari ribet saha binguning manah kula, Rama……….”.

 

“He he he he …….” Dumadakan Resi Wisrawa ngguyu alon lan medhot ukarane Danaraja.

 

“Kenging menapa Rama Panembahan gumujeng?” Danaraja takon semu gela merga rumangsa digeguyu dening wong tuwane.

 

“Aja kaduk ati kesusu sujana ya ngger” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem “pun bapa ora nggeguyu rasa sing tumanduk ing atinira anakku wong njenthara. Malah kosok baline, pun bapa wis nemokne wangsulan marang rasa gandrung ing atimu lan pun bapa tanggung ora aran angel lan abot tumrape Resi Wisrawa yen mung kepengin ngrabekne anake lanang oleh Dewi Sukesi admajane Prabu Sumali kuwi”.

 

“Liripun kados pundi Rama?” ana ulat rada padhang sing ngrenggani praupane Danaraja, sanadyan sajroning atine isih ana rasa tidha-tidha.

 

“Ana unen-unen anak polah bapa kepradah, kuwi pancen wis dadi wajibing Resi Wisrawa minangka Bapak sing kudu bisa mujudne apa sing dipengini anak” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem amba “luwih-luwih wektu iki pancen jeneng sira kulup Danaraja wis wancine kudu mengku garwa, lan jeneng wis trep lan timbang yen sing dikarepake Danaraja putraku iki putrane Prabu Sumali sing sesilih Dewi Sukesi kuwi. Dadi nek disawang saka bibit, bebed lan bobot antarane Danaraja kuwi wis timbang banget, lan mbok menawa pancen wis dadi kodrating Jawata menawa Danaraja kuwi jodhone Sukesi lan uga mbok menawa iki sing dadi marga laku jangkaning jagad sing tau tak tampa kaya sing wis tak critakne ing ngarep ya kuwi mbuh kapan wektune nagara ing Ngalengka bakal kareh dening tedhak turune Resi Wisrawa, ya iku putra-putramu sing patutan karo Dewi Sukesi mbesuk”.

 

“Makaten inggih Kanjeng Rama?” sansaya padhang ulate Danaraja krungu ukara-ukara sing diucapne Resi Wisrawa “salajengipun menapa prayogining lampah kula tumuli bidhal dhateng Ngalengka sowan ing ngarsanipun Prabu Sumali saprelu ngebun-ebun enjing lan njejawah ing wanci sonten, nglamar Dewi Sukesi, Rama?”.

 

“Ora prelu sliramu budhal dhewe ngger” wangsulane Resi Wisrawa ayem “pun bapa wis oleh dalan sidhatan sing luwih cerak kanggo mujudne apa sing dadi pepenginanmu, pun Bapa dhewe sing bakal budhal menyang Ngalengka ndhodhog kori lawange lan nginang jambe suruhe Prabu Sumali. Putraku wong sigid Danaraja, karia ana praja nindakna kuwajibaning narendra marang negara lan kawula Lokapala, sinambi rantinen pun Bapa bali menyang Lokapala maneh kanthi didherekne putra mantu sing bakal dadi jatukramamu, yaiku Dewi Sukesi, Danaraja”.

 

Polatane Danaraja mundhak sansaya padhang, kaya padhanging bumi ing wanci esuk ing wanci mangsa ketiga kang tinandhan klawan jumudhule Sang Hyang Surya ing jagad iring wetan.

 

“Lajeng benjang menapa Kanjeng Rama badhe jengkar saking Lokapala lumawat dhateng Ngalengka?” alon Danaraja matur takon “sinten ingkang kapiji minangka tetindhihing prajurit ingkang ndherekaken tindak paduka? Tuwin prayoginipun pinten pedhati ingkang kacawisaken kangge mbekta sasrahan dhateng Ngalengka?”.

 

Resi Wisrawa gumuyu ngguguk, atine krasa seneng lan lega dene anake lanang wis katon bali sumringah, ora suntrut kaya mau. Kanthi mangkono rasa kuwatir yen nganti Danaraja klendran nggone nindakne kuwajiban minangka pangayomaning kawula ing Lokapala, tumuli ilang.

 

Resi Wisrawa banjur mbenakne nggone lungguh, arep aweh wangsulan marang pitakonan sing diaturne Prabu Danaraja.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

03.

Wisrawa ngulati praupane Danaraja karo neng ati krasa seneng ya mung merga Wisrawa weruh nek anake wis ora suntrut maneh polatane. Ya merga saka kuwi Danaraja sing mau katon pucet lan aras-arasen saiki wis bali katon bregas, praupane bali katon bagus njenthara kaya asline.

 

“Budhalku menyang Ngalengka ora mbutuhake kanca utawa pangiring wujud barisaning prajurit sing jangkep klawan gegamanane Danaraja” kandhane Wisrawa aweh wangsulan marang pitakone Danaraja “jalaran tekaku menyang Ngalengka mengko ora ana sedya kanggo perang, tekaku iki mengko malah arep sansaya ngraketake kekadangan antarane Lokapala lan Ngalengka, ora nedya gawe kapitunan marang salah siji saka negara loro iki, kosok baline kepara nedya aweh kasenengan marang Raja ing Ngalengka lan Raja ing Lokapala, Raja ing Ngalengka bakal nampa nugrahaning Dewa wujud putra mantu sawijining Narendra gung binathara kang jumeneng ing Lokapala, dene Ratu ing Lokapala bakal nampa garwa prameswari kang endah sulistya ing warna sing rupane wujud Dewi Sukesi sekar kedhatoning nengara Ngalengka. Gandheng aku weruh yen katresnane anakku lanang marang Dewi Sukesi kuwi tresna kang tulus lan suci, mula ingsun ora mbutuhake brana picis kanggo dipasrahne marang Prabu Sumali, jalaran Prabu Sumali kuwi Raja sing wis sugih bandha lan sugih bala ora mbutuhake brana picis saka calon mantu sing tulus nedya gawe mulyane putra-putrine. Malah yen tekaku ndadak nggawa brana picis aku kuwatir bisa gawe cuwaning penggalihe Narendra ing Ngalengka kuwi jalaran nganggep yen katresnan kuwi jebul bisa diregani klawan brana picis”.

 

“Nyuwun pangapunten Dewaji” Danaraja munggel rembug, nyela gunem matur marang wong tuwane “menawi kula pirengaken pangandikanipun kanjeng Rama menika kok kados-kados Rama Panembahan sampun apal sanget dhateng wewatakanipun Prabu Sumali? Menapa ingkang paduka Kanjeng Rama ngengingi wewatakanipun Prabu Sumali ingkang makaten kala wau mila leres? Kula kok radi kuwatos menawi ngantos jebul malah kosok wangsulipun?!?”.

 

“Sumurupa Danaraja” wangsulane Resi Wisrawa karo ngguyu lirih “satemene wis suwe nggonku tepung lan kekancan karo Ratu Buta sing mrentah negara Ngalengka kuwi, wiwit jaman sliramu isih bocah biyen, Rama wis memitran karo Prabu Sumali. Raketing kekadangan antarane pun Bapa karo Prabu Sumali kena diarani ngluwihi racketing sedulur tunggal yayah ibu”.

“Jagad Dewa Bathara” Danaraja bali munggel kandhane wong tuwane “babar pisan keng putra boten uninga menawi Prabu Sumali menika mitra raketipun kanjeng Rama Panembahan………”

 

“Kajaba saka kuwi Danaraja” Resi Wisrawa nutugne olehe guneman “satemene wis rada suwe Prabu sumali kuwi kepengin rerembugan kanthi mardika karo pun Bapa, magepokan karo lelakon sing bakal disandhang ing mbesuk sawuse manjing tapet loka, lan pepenginan kuwi durung bisa rama pinangkani”.

 

“Elho? Kepireng radi aneh Rama Panembahan” Danaraja nyaut guneme Resi Wisrawa “ing ngatasipun Narendra Gung Binathara ingkang apaes Raseksa sarta mangrehaken para denawa, dugi Prabu Sumali taksih kober menggalih bab gesang sasampunipun pejah? Kamangka sampun malih kok bangsa Raseksa, jeneh ingkang bangsa manungsa kemawon taksih kathah ingkang boten menggalihaken bab menika, inggih awit saking kathahing padamelan kangge nyekapi kabetahaning gesang”.

 

“Ora aneh ya Ngger” Resi Wisrawa mesem “anane Prabu Sumali kagungan penggalih kaya mangkono mau, jalaran Prabu Sumali sing kena diarani pamanmu dhewe kuwi, nate nampa dedongengan yen ana urip langgeng sawuse titah nglakoni urip ing jagad sing gumelar iki. Lan murih bisa ing jagad langgeng mengko titah ora kesasar dalan manjing ing alam kacintrakan kang uga langgeng, titah kudu ngaweruhi lan nurut dalan sing bener jumbuh karo kersane sing yasa jagad saisine. Mula Pamanmu Prabu Sumali banjur nembung marang pun Bapa supaya pun Bapa kepareng nampa pamanmu bisoa dadi murid lan dikeparengne ngawruhi necep ngelmu  Sastra Jendra Yuning Rat Pangruwating Diyu. Kang mangkono mau yegti bisa pun Bapa dadekne sarana nggone pun Bapa ngrabekne Danaraja anakku klawan Dewi Sukesi putrane Prabu Sumali”.

 

“Makaten Rama?”

 

“Dhasar kepara nyata Ngger” wangsulane Resi Wisrawa “pun Bapa bakal minangkani panyuwune Pamanmu ing Ngalengka, Aji Sastra Jendra Yuning Rat bakal pun Bapa wedharake marang Prabu Sumali, nanging pun bapa bakal mundhut patukon sing wujude Dewi Sukesi kudu kapasrahake marang pun Bapa lan yen wis bakal Ingsun paringake marang jeneng sira Kulup minangka jatukramanira”.

 

“Sampun boten kirang cetha malih anggen kula nampi dhawuh pangandika paduka Kanjeng Dewaji” kandhane Danaraja karo manggut-manggut nuduhne leganing atine “sakalangkung rumaos begja tumrap keng putra dene katitahaken dening Dewa dados putranipun Rama Panembahan ingkang satuhu pantes sinudarsana anggenipun kasok tresna dhateng ingkang putra, Danaraja sanyata ngrumaosi agenging katresnan ingkang kula tampi saking Kanjeng Dewaji nyata boten saged kula wales kanthi timbang, sanaosa kedah gesang ing jagad padhang ngantos ambal kaping sadasa pisan lan sadanguning gesang namung kangge ngabekti dhateng paduka Kanjeng Dewaji, kula kinten inggih dereng saged animbangi dhateng sih tresna paduka Kanjeng rama Panembahan dhumateng kula”.

 

“Danaraja putraku aja kaduk ati bela panampa” wangsulane Resi Wisrawa “kabeh kang pun bapa tindakne iki among awit netepi darmaning wong tuwa tumrap admaja, ora mung pun Bapa dhewe sing kudu nglakoni darma iki, kalebu jeneng sira kulup mbesuk mesthi uga bakal nglakoni kaya dene sing ditindakne pun rama iki, ya kuwi nandukne rasa tresna marang putra-putranira kabeh kanthi adil”.

 

“Inggih Rama” Danaraja semaur karo ngguyu seneng “mesthinipun anak-anak kula ingkang badhe dipun babaraken dening yayi Dewi Sukesi admajanipun Paman Prabu Sumali inggih Rama?”.

 

Resi Wisrawa melu ngguyu krungu kandhane Danaraja sing keri dhewe kuwi.

 

“Wis saiki biraten rasa sekel sajroning penggalihmu Sang Prabu” kandhane Resi Wisrawa sabanjure “sesuk-esuk sadurunge pletheking surya, pun bapa bakal ninggalake negara Lokapala iki lumawat menyang Ngalengkadiraja saprelu mapag calon garwamu Dewi Sukesi”.

 

Sawuse bola-bali ngaturake panuwun Danaraja banjur pamitan arep metu saka kedhaton Lokapala saprelu ngayahi wajibing ratu sing kudu tansah migatekne panguripaning kawulane. Resi Wisrawa anget seneng sajroning atine awit anake lanang wis bali eling marang kuwajiban sing kudu ditindakne ora mung thenger-thenger mung jalaran jibeg mikir kabutuhane dhewe.

 

Sabanjure kaya padataning brahmana sing tansah mbudidaya saya nambahi raketing sesambungan karo Dzat Kang Murweng Dzat, Wisrawa tumuli sesuci lan manjing sanggar pamujan. Andhepepe ing ngarsaning Hyang Suksma nyuwun sih palimirma, murih katuduhna marga kanggo nindakne kang wis dadi sedya temah kasembadan apa sing dikarepake.

 

Sauntara Resi Wisrawa nindakne upacaraning panembah ing sanggar pamujan, Prabu Danaraja metu ing pendhapa, lungguh ing kursi gadhing sing kulina dadi palungguhane, banjur matah marang abdi supaya nimbali Raden Kala Banendra, pepatih nagara Lokapala sing apaes raseksa.

 

Ora nganti sapanginang Kala Banendra sing wujude buta gedhe kuwi wis teka marak sowan menyang pendhapa, lungguh nglesot neng ngarepe Danaraja. Maune Patih Buta sing dadi suh jejeding negara kuwi kapencokan rasa kuwatir. Kuwatir yen nganti nampa dukaning ratu, dadi paran pangesoking rasa gela lan cuwane narendra sing wis pirang-pirang dina mung tansah mencereng pasuryane lan babar pisan ora gelem guneman apa-apa. Nanging bareng sumurup yen Danaraja olehe lungguh katon mirunggan lan mardika, polatane katon gambira, rasa kuwatiring Patih Banendra iya banjur suda malih dadi rasa seneng merga ndulu ratu gustine wis bali pulih kaya padatan slagane.

 

“Apa kaget rasaning atimu nampa timbalan saka panjenenganingsun Patih Banendra?” Danaraja miwiti ngajak guneman patihe sing wis mapan nglesot neng joganing pendhapa cerak karo kursi sing dilungguhi Danaraja.

 

“Suwaunipun mila makaten Sinuwun” wangsulane Patih Banendra karo nyembah “awit kula ngrumaosi sampun kathah nampi kekocah saking Padukendra lan ambok bilih dereng saged ngunjukaken darma bekti ingkang jumbuh kalihan peparing paduka. Nanging sasampunipun kula dumugi pendhapa mriki raos was lan kuwatir saha samar menika sakala ical tanpa lari, gantos dados raos bombong kaworan suka, dene padukendra kepareng amiji abdi paduka kula kinen mara king sanjawining adicara siniwakan”.

04.

Prabu Danaraja mesem krungu wangsulane Patih Banendra sing mangkono kuwi, Raja sing isih timur kuwi ngrumangsani yen wis asikep sing kurang trep sasuwene iki marang para abdine, kanthi mung meneng lan ulat peteng. Mula kanggo nebus kaluputan sing kebacut ditindakne kuwi, sanadyan satemene Patih Banendra lan kawula liyane ora bakal wani ngluputake, Danaraja banjur mrayogakne supaya Patih Banendra sansaya nyedhak nggone lungguh, kanthi tembung sing alus kepara renyah kebak rasa kang kumraket.

 

“Kene rada nyedhaka kene nggonmu linggih Paman, pancen nggon ingsun nimbali jeneng sira Paman supaya marak kanthi dadakan iki mau, jalaran saka rasa tresna lan percayaku marang Paman Patih Banendra sing arep taka jak ngrembug perkara wigati sing temene kuwi kena diarani asipat pribadi” kandhane Danaraja.

 

“Sewu ngaturaken genging panuwun Gusti” wangsulane Patih Banendra karo nyembah “menawi ta kaparengaken ngertos, menapa ingkang badhe paduka dhawuhaken dhateng pun abdi? Sampun dados tekading manah kula, bekti kula dhateng Nagari Lokapala boten benten kalihan bekti kula dhateng Paduka Kanjeng Sinuwun, jer kula sampun sumerep bilih siang pantara ratri babar pisan boten wonten kendhatipun anggen paduka menggalihaken pagesanganing para kawula saha katentremaning praja Lokapala. Inggih gandheng pun abdi ngrumaosi dereng saged nyaketi menapa malih ngemperi lelabetan padukendra dhateng nagari saha kawula ing Lokapala, kaparenga pun abdi nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula tindakaken, prasetyaning manah kula sanadyan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sesawur , sauger menika sampun dados kersa paduka kanjeng sinuwun, mangka Patih Banendra boten badhe suwala ing lahir tumusing batin”.

 

“He he he , aku banget nedha nrima marang jeneng sira Paman dene semono gedhening kasetyanmu marang ingsun apa dene marang negarane dhewe iki” Danaraja wangsulan karo ngguyu seneng “satemene durung ana dhawuh sing nganggo udhu tumetesing getih gedhene ilanging nyawa Paman, jalaran sing bakal tak dhawuhake iki mengko mung wujud kabar gambira lan pamundhut marang jeneng sira paman sarta para nayaka lan punggawa Lokapala supaya gelem melu ngrigenake murih sansaya gangsare nggonku bakal nampa sing tak kandhakne kabar gambira kuwi mau”.

“Kawula nuwun, nuwun inggih Gusti” karo nyembah kairing esem bungah Patih Banendra matur “menawi wonten kepareng Paduka Gusti, kawula estu sru sanget kepengin mangertosi menapa wujudipun gambar ingkang damel gambira menika? Inggih murih kawula lan para kanca abdi Paduka saged miwiti atur rerigen kangge nglajengaken pawarta gambira menika”.

 

“Iya Paman” Danaraja wangsulan “tak wiwiti saka nggonku salin slaga sing wis gawe bingunge para Nayaka lan sentana Lokapala pirang-pirang dina iki, satemene nggonku salin slaga kaya kang wis kelakon kuwi jalaran kena diarani mung sepele, ya iku bares wae aku lagi nandhang kunjanapapa, utawa kasarane lagi ketaman rasa gandrung marang sawijining wanita kang nedya sun jumenengake minangka garwa prameswari ing Lokapala kene”.

 

“E lhadalah” tanpa disengaja Patih Banendra nyaru wuwus medhot rembug “Paduka Gusti kula kepareng badhe pala krama?  Lajeng putri pawestri pundi ingkang paduka kersakaken? Menawi ta menika Putri, putri saking nagari pundi admajanipun Narendra sinten? Menawi ta pawestri kasebat menika Endhang, Endhang ingkang mijil saking pratapan pundi putranipun Pandhita sinten?. Minangka abdi paduka, kula saestu sagah bidhal dhateng papanipun pawestri kasebat lan amboyongi kunjuk ing ngarsa Paduka Gusti kula”.

 

“Sumurupa Patih Banendra” Danaraja wangsulan karo mesem, ora gela sanadyan tembunge diselani patihe “wanita sing kuwawa gawe kepencuting nalarku kuwi ora ana liya kajaba Dewi Sukesi sekar kedhaton nagara Ngalengka, admajane Prabu Sumali Narendra Yaksa sing sekti mandar guna sugih bandha sugih bala. Nanging sira Paman aja abot-abot melu nggagas perkara iki, jalaran Rama Panembahan Begawan Wisrawa wis paring kasaguhan bakal tedhak menyang Ngalengka mboyong Dewi Sukesi sing bakal tak jalukrama. Samengko rungokna kanthi premati, sing bakal ingsun dhawuhake marang jeneng sira Paman mudhune marang para Nayaka lan sentana liyane, magepokan karo sing lagi wae ingsun dhawuhake iki mau”.

 

“Nuwun inggih Sinuwun, pun abdi sampun nilingaken karna nyawijekaken raos siyaga nampi dhawuh padukendra”.

 

“Patih Banendra” kanthi suwara sing alon-alon Danaraja wiwit aweh prentah “gandheng nggon ingsun arsa pala krama iki kena diarani nindakne kuwajiban sing gawe senenging ati, ingsun ora ngersakane rasa seneng kuwi mung ingsun dhewe sing ngrasakake, Ingsun kepareng lan ngersakake para Nayaka, Sentana sarta para kawula dasih kaswasih ing negara Lokapala iki uga bisa melu seneng lahir trusing batin. Mula tak jaluk marang jeneng sira Paman, dhawuhna marang Juru Kahartaning Nagara kinen mbukak Gedhong Kencana, dhawuhna marang para punggawa supaya maringake ganjaran marang kabeh para kawula ing Lokapala mligine para sing lagi nandhang kesrakat supaya bisa dadi sarana ngenthengake sesanggane. Sanadyan ta mangkono, Paman Patih uga aja nganti lirwa, lire kudu tansah siyaga nindakne sikep prayitnaning batin, awit ora mokal yen isih ana mata pitayaning mungsuh sing ora seneng yen Lokapala tentrem, dadi dhawuhingsun marang jeneng sira paman ingsun ngersakne para kawula munggahe para Sentana lan Nayaka sarta punggawaning praja padha melu suka-suka, nanging jroning suka aja nganti ninggalne jiwa prayitna”.

 

“Kawula nuwun, sedaya dhawuh paduka Kanjeng Sinuwun estu badhe kawula lampahi kanthi sasae-saenipun”

 

“Cukup samene dhisik dhawuh ingsun marang Sira Paman, sesuk esuk mbarengi pletheking surya prakaryan iki bisa sira wiwiti”

 

“Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh Gusti” wangsulane Patih Banendra karo nyembah “menawi sampun cekap dhawuh padukendra, keparenga pun abdi lumengser saking ngarsa Paduka saprelu badhe tata-tata nindakaken dhawuh Paduka”.

 

Sawise oleh palilah mundur, Patih Banendra uga banjur ninggakne pendhapa Lokapala. Danaraja uga banjur ngadeg, kanthi ati sing seneng lan marem tumuli mlaku mlebu kedhaton. Para abdi sing uga weruh polatane Ratu Gustine wis bali kaya padatan, ya iku bali bingar kang mijilake cahya sumunar, wis ora katon suntrut lan ulat kang peteng maneh, padha melu ngrasa bungah. Akeh sing padha pating klesik karo kancane, ngrasani owah-owahan becik sing tumanduk marang bendarane. Ngrasani apik sing bisa nyenengake atine sing dirasani saupama ngantia melu krungu. Prabu Danaraja sing tenane uga krungu rerasane para abdine, api-api ora ngerti, mung jroning atine Raja sing isih mudha kuwi ana rasa seneng ngerteni yen abdi-abdine bali seneng merga weruh mbaliking slagane.

 

Ginelak lakuning wong ndongeng, wengine wis kliwatan. mBarengi karo jumudhuling srengenge ing cakrawala sisih wetan, Resi Wisrawa wis mapan ing gigiring jaran klangenan sing dadi tunggangane. Danaraja sing ngadeg ora adoh saka papane wong tuwane sing wis nyekeli lis kendhalining jaran mung nyawang karo praupan sing sumunar, nuduhne yen lagi karenan atine.

 

“Menapa sedaya sampun samekta Dewaji?” alon-alon Danaraja matur takon marang wong tuwane “boten wonten ingkang supe boten kaasta?”.

 

“Wis Ngger, ora ana sing keri, merga Rama uga ora mbutuhake nggawa gawan sing mung arep ngebot-eboti laku wae” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem “Rama arep budhal, keng slira bisa nicil lega, mung welingku aja kongsi kendhat nggonmu migatekne karaharjane negara lan kawula ing Lokapala iki. Rewanga ndedonga lan nyuwun marang Pangwasaning Hyang Widhi muga-muga Rama enggal bisa bali menyang Lokapala nganthi Calon mantuku Nini Dewi Sukesi”.

 

“Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh Rama Panembahan” wangsulane Danaraja karo mesem seneng.

 

Ora guneman maneh, lising kuda gya sinendhal dening Resi Wisrawa. Jaran sing ditunggangi wis tanggap. Lon-lonan mlaku ninggakne papan kono. Lagi sawise lakune jaran tekan rattan, Wisrawa aweh aba marang tunggangane supaya ngrikatne playune.  Jaran sing wiwit cilik dadi klangenane Wisrawa kuwi tumuli mancatne sikile, nggeblas kaya that-thit lakune, mlayu ninggalne Lokapala tumuju menyang negara Ngalengka sing kira-kira wae mbutuhne wektu meh selapan suwene.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

05.

Jalaran kepengin enggal tekan papan sing dituju, olehe nggelak jarane Resi Wisrawa ora milih dalan sing kepenak diliwati, nanging milih dalan sing sanajan rumpil kang luwih cedhak marang Negara Ngalengka. Wis pirang-pirang kali sing disabrangi, wis pirang-pirang jurang sing diudhuni, ora sethithik dalan pagunungan sing ndeder mendhuwur diunggahi. Ora ana rasa ngresula sing mampir ing angen-angene Pendhita sing nduweni kasekten sing ngedab-edabi kuwi. Jalaran pancen Resi Wisrawa wis nduweni tekad kepengin mujudake wangsit sing tau ditampa yen ing mbesuk bakal klakon turune sing bakal nggenteni Prabu Sumali mangreh negara Ngalengka. Osiking atine Resi Wisrawa, yen nganti kasembadan dheweke ndhaupake anake lanang sing saiki madeg dadi Raja ing Lokapala oleh Dewi Sukesi anak wadone Prabu Sumali, mangka mbokmenawa wae ing mbesuk sawuse Danaraja lan Sukesi kaparingan momongan ya momongane kuwi sing bakal nggenteni kalenggahane Prabu Sulali minangka Raja ing negara Ngalengka.

 

Sanadyan ngambah dalan sing sepi, ora arang lakune Resi Wisrawa kudu mandheg jalaran pancen ana sing ngendheg. Sajroning wektu kurang saka sesasi nggone nempuh laku, wis ping pirang-pirang Resi Wisrawa kudu kerengan karo begal sing ngadhang laku. Nanging ya ora mbutuhake wektu sing suwe, jalaran pancen Resi Wisrawa kuwi nggadhuh aji jaya kawijayan sing kena diarani punjul ing papak, dadi nek mung ngadhepi begal sing cacahe ora genep sepuluh maju bareng sing gegamane jangkep, mangka Resi Wisrawa kanthi gampang bisa gawe mlayune begal-begal mau mung sarana tangan lan sikile sing ora kesasapan gegaman apa-apa. Beda maneh yen lakune Pandhita saka pratapan Girijembangan kuwi kepeksa mandheg jalaran ana kewan galak sing lagi luwe, ya kuwi bangsane macan galak, singa lan sapiturute. Yen ngadhepi bangsane kewan sing ora kasinungan nalar jangkep ngono kuwi, Resi Wisrawa milih nggunakne daya pangaribawa sing bisa gawe lulute kewan-kewan sing nedya gawe cilakane.

 

Nalika lakune jaran sing ditunggangi Resi Wisrawa wis ngambah laladan negara Ngalengka, dumadakan Resi Wisrawa krungu suwara rame. Suwarane barisan sagelar sepapan sing mlaku saka mburine. Resi Wisrawa mandheg banjur noleh memburi, nyawang arahing suwara rame kuwi mau. Maune Resi Wisrawa ngira yen barisan sing mlaku rada adoh ing mburine kuwi barisan prajurit Ngalengka sing lagi bali saka nganglang praja. Nanging bareng kanthi aji sapta pandulune Resi Wisrawa weruh kumlebeting genderane barisan mau, Resi Wisrawa banjur ngerti yen sing kumlebet jebul dudu gendera negara Ngalengka. Ya iku gendera warna kuning lan ireng mawa gambar singa sing musthi bedhama. Gendera sing digawa barisan kuwi rupa ireng mawa gambar sirahing buta. Mula Resi Wisrawa banjur mlipir minggir, mudhun saka jaran lan ngadeg ing pinggiring dalan karo ora kedhep namatne barisan sing arep liwat kuwi.

 

Nalika lakuning barisan wis sansaya cedhak, dumadakan saka tengahing barisan katon ana kreta kencana sing mlaku ndhisiki. Lan nalika lakuning kreta kira-kira let sepuluh jangkah saka papane Wisrawa ngadeg, kreta kuwi mandheg. Saka pagedhonganing kreta katon ana punggawa sing nganggo busana raja, mudhun banjur nyedhaki Resi Wisrawa.

 

“Amit pasang kaliman tabik Pukulun, tinebihna tulak sarik saha bebendu, kaparenga titah paduka kula ngaturaken pangebekti kunjuk ing sahandhap pepada paduka Pukulun” sawise cedhak punggawa sing abusana raja kuwi ndheprok ing ngarepe Resi Wisrawa karo nyembah.

 

Mesthi wae, nampa panembah kaya mangkono kuwi Wisrawa dadi gumun carub lan rasa kaget. Nanging bawane pandhita sing wis akeh ngelmune, Wusrawa tumuli ngerti yen satemene punggawa sing nganggo sandhangan cara raja kuwi wis kleru ing pangira.

 

“Mengko ta mengko Kisanak” sawuse meneng sedhela Wisrawa tumuli guneman takon marang wong sing ndheprok ing ngarepe kuwi “yen nitik saka busana sing paduka agem, ndika iki mesthine sawijining narendra. Banjur jengandika iki Narendra saka negara ngendi lan ngagem jejuluk sapa?”.

 

“Dhuh Pukulun” sing ditakoni semaur karo tangane nyembah “mokal menawi Paduka Pukulun kekilapan sinten kula menika, nanging gandheng ngibarat cangkriman saru menawita kabadhe piyambak, kaparenga kula prasaja menggah jatiudiri kula. Kula pun Prabu Gardhapati, narendra saking nagari Gardhapura. Salajengipun dhuh pukulun, sanadyan kathah cacahing jawata ingkang angayomi sanggyaning titah marcapada, nanging blaka kewala, estu titah paduka pun Gardhapati nembe sepisan menika nyumerepi saliraning Jawata ingkang kekemul cahya sumunar pindha teja ingkang nyada lanang, awadana lan asalira bagus tanpa cacad, angganda arum angambar sanadyan kaambet saking katebihan. Menawi kaparengaken titah paduka kula, nyuwun pirsa Paduka menika Jawata saking Kahyangan menapa lan sinten ingkang dados bebisik paduka?”.

 

“Ya Jagad Dewa Bathara” Resi Wisrawa nyebut tumuli dibacutne aweh wangsulan marang titah sing wis kleru pangira kuwi  “Sang Prabu tak aturi uninga, jengandika kuwi wis kleru nibakne pangira marang jeneng ingsun. Kauingana Prabu Gardhapati, satuhune ingsun iki dudu dewa saka kahyangan, nanging ingsun iki titah lumrah saka jinising manungsa wantah, dene jenengku Begawan Wisrawa saka Pratapan Girijembangan sing kebawan Negara ing Lokapala. Dadi tak kira luwih prayoga yen jengandika Sang Prabu tumuli bali jumeneng yen pancen isih ngersakne arep wawan pangandika karo aku”.

 

“Elho?” Prabu Gardhapati katon kaget semu ora percaya karo apa sing dikandhakne Resi Wisrawa “mila estu menawi jengandika menika dede Jawata? Aneh, menawi jengandika menika manungsa limrah dugi ketingal bagus tanpa cacad, saha salira jengandika angemu teja ingkang anyada lanang sarta gandaning riwe pindha sekar kenanga…..”.

 

“Mula bener ingsun iki titah lumrah Sang Prabu” Resi Wisrawa nigas kandha “dene pawakan lan rupaning praupanku apa dene gandaning kringetku kaya kang jengandika ngendikakne kuwi kabeh iya awit saka peparinging jawata, apa sing dadi kersaning jawata titah mung saderma nampa, dadi ingsun pribadi ora bisa aweh wangsulan menawa ana sing takon ya gene weujudan sarta gandaning kringetku kaya sing jengandika dhawuhake kuwi mau”.

 

“Kaluhuran sanget dhawuh paduka menika Panembahan” wusanane Prabu Gardhapati iya bisa nampa yen sing diadhepi kuwi dudu dewa “samangke kula ngertos menawi jengandika Sang Adi Panembahan menika tuhu mustikaning jalma, unusaning para Brahmana, Wiku Suci ingkang  asabda bathara, menapa ingkang jengandika dhawuhaken mesthi badhe kaleksanan”.

 

“Sang Prabu aja banjur keladuk nggone mbangetake mangkono iku” Resi Wisrawa aweh wangsulan “ing ngendi wae lan arep apa wae wujude, jejering titah kuwi mung kuwawa mbudidaya lan meminta nugrahaning Hyang Suksma. Kasembadan utawa orane gumantung marang Purbaning Hyang Kang Maha Kawasa, kang adhakane Gusti kuwi anggone peparing dijumbuhake klawan apa sing dibutuhne kawulaNe ora wewaton apa sing dipengini kawula”.

 

“Dhuh Panembahan sansaya kepencut raosing manah kula dhumateng kaluhuran sabda paduka menika” Prabu Gardhapati nelakake rasa kurmate marang Resi Wisrawa “nyata jengandika Sang Adi Panembahan tuhu Jawata ingkang asalira Brahmana, tata gelar paduka menika namung lamaking titah nanging sayektosipun sadaya sabda saha samobah mosiking salira paduka menika tuhu sabda saha mobah musiking jawata. mBok inggiha dhuh Panembahan Begawan Wisrawa kepareng ngrentahaken sih kawilasan dhateng kula pun Gardhapati, sokur menawi ta Paduka Sang Adi Panembahan kepareng misudha kula dadosa siswa Paduka dene menawi dereng kepareng mugi Sang Adi Panembahan Begawan Wisrawa kepareng paring pangestu dhumateng kula tuwin anjurung puji donga dhumateng Jawata murih sageda kasembadan menapa ingkang kula sedya”.

 

“Aja ndadekne cuwa penggalih jengandika Sang Prabu” Resi Wisrawa aweh wangsulan “satuhune Ingsun wis kawangsit dening Jawata kinen ora nggegampang nampa siswa sing ditemu ana tengahing marga, dadi sing gedhe pangaksama jengandika yen kapeksa ingsun durung bisa nampa jengandika dadi siswaku. Dene pamundhut jengandika sing kapindho, luwih dhisik ingsun kudu ngaweruhi apa sing dadi sedya jengandika sing jengandika Sang Prabu nganti kepareng mundhut panjurung puji doinga sarta pangestu saka menungsa sing mung wujud Resi Wisrawa iki?”.

 

 

 

 

 

06.

Prabu Gardhapati mesem kalegan, sanadyan nggone nembung kepengin maguru marang Resi Wisrawa tinampik kanthi alus, tumrape Ratu ing Gardhapura kuwi malah kabeneran, jalaran pancen nggone nembung mau dhasare mung abang-abang lambe, saupama dikabulne yekti malah bakal gawe repote dhewe, Prabu Gardhapati rumangsa durung duwe ati tlaten urip kineker dening pranataning lakune wong meguru sing kudu tansah nindakne kabeh apa sing dadi dhawuhing guru. Ewa samono Prabu Gardhapati uga ngrumangsani, yen dheweke mbutuhake panjurung puji lan donga saka Begawan Wisrawa sing miturut panyawange nyata Brahmana kang anetra bathara kuwi. Mula nalika krungu panyuwun nggone bisa dadi murid tinampik nanging Resi Wisrawa isih nakokne sedya apa sing bakal disuwunake pangestu lan panjurung puji donga, Prabu Gardhapati rumangsa luwih seneng atine. Kanthi oleh pangestu lan panjuung puji donga saka Resi sing Waskitha kuwi, kena dijagakne yen sedyane bakal kasembadan lan dheweke ora kaiket tatacara sing kudu dilakoni kaya lumrahe murid marang guru.

 

“Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami Panembahan” Prabu Gardhapati banjur guneman alon-alon ngandhakne apa sing dadi sedyane marang Resi Wisrawa “estunipun, tebih saking nagari Gardhapura dumugi laladan nagari Ngalengka menika, inggih awrat-awratipun anggen kula kepengin nambahi kuncaraning nagari kula. Jalaran kula mireng pakabaran bilih sekar kedhaton ing nagari Ngalengka, admajanipun Prabu Sumali menika tuhu satunggaling unusaning para Kenya, kajawi kasinungan sulistyeng warni ugi kagadhuhan kawasisan ing sadhengah seserepan, saha miturut ujaring para ahli nujum ingkang nate kula pireng nyebatataken, bilih Dewi Sukesi menika ing tembenipun badhe nurunaken putra ingkang kasektenipun angungkuli sesamining titah inggih ingkang apaes manungsa ugi ingkang apaes raseksa, malah kasektenipun para putranipun Dewi Sukesi ing tembe, saged jinajaraken kalihan kasektenipun Sang Hyang Surapati Senapatining para Dewa ing Kahyangan Jonggirisalaka, mila boten mokal menawi kathah para raja lan para satriya ingkang ngayunaken badhe anjatukrama dhateng piyambakipun, kalebet kula. Sanaosa ing titi kalenggahan menika kula sampun  kagarubyug boten kirang saking cacah sekawan dasa wanodya ingkang sami sulistyeng warna ingkang jejer minangka semah kula, nanging namung Dewi Sukesi ingkang badhe kula sinengkakaken dados garwa prameswari ing nagari Gardhapura. Inggih awit saking menika, dhuh Panembahan mugi Paduka Begawan Wisrawa kepareng paring pangestu miwah panjurung puji donga murih kasembadan anggen kula badhe mboyong Dewi Sukesi dhateng nagari Gardhapura saprelu kula wisuda minangka garwa prameswari kula. Kula ngertos, lan sampun satrepipun menawi puji donga saha pangestu saking Paduka Sang Adi Panembahan menika kedah mawi sarana pitumbasan, awit saking menika mugi kadhawuhna menapa wujuding patukon saking panjurung donga tuwin pangestu saking Panembahan menika, Paduka Sang Panembahan ngersakaken brana picis pinten baita kemawon, yekti kanthi suka gambiraning manah badhe kula wujudi, sauger pangestu lan panjurung puji donga saking panembahan sampun kaparingaken dhateng kula”.

 

Kaya tinubruk ing mong tuna, sinamber gelap nanging ora kena, kageting atine Resi Wisrawa krungu kandhane  Ratu ing Gardhapura kang mangkono kuwi. Jroning ati Resi Wisrawa tansah eling, yen jejering Brahmana ora dikeparengake nampik panyuwune titah liya sing kepengin oleh panjurung donga sarta pangestu saka dheweke. Nanging Wisrawa uga ora lali, yen anggone wis meh sesasi nempuh laku abot, ngunggahi gunung ngudhuni jurang, nasak alas lan bebondhotan, ninggalne Pratapan Girijembangan tumuju menyang Ngalengka iki, iya jalaran saka kepengine ndhaupake Dewi Sukesi karo anake lanang sing saiki madeg ratu ing Lokapala. Mula kena diarani wektu kuwi Resi Wisrawa wis kapengkok ing babagan sing ewuh oya anggone ngadhepi. Yen kongsi panyuwune Prabu Gardhapati kuwi ora dituruti, padha wae Wisrawa nyidrani janjine minangka Brahmana nanging yen panjaluke Raja ing Gardhapura kuwi dituruti lan kinabulake dening Hyang Kang Maha Kawasa, tan wurunga Resi Wisrawa bakal nandhang kapitunan sing ora sethithik, ora mokal yen Danaraja, anake lanang sing dinama-nama bisa njunjung dhuwur asmane leluhur, bakal cuwa lan lara ati temah dadi lan bubrahing nalare. Mula nganti rada suwe Resi Wisrawa njegreg meneng ora enggal bisa aweh wangsulan marang apa sing dadi panjaluke Prabu Gardhapati kuwi.

 

“Kadospundi Panembahan?” Prabu Gardhapati sajak wis ora sabar ngenteni wangsulane Resi Wisrawa “menapa sarat masrut ingkang kedah kula wujudi kangge saged nampi panjurung donga saha pangestu saking Sang Adi Panembahan? Mugi kaparenga Paduka Begawan Wisrawa enggal paring dhawuh”.

 

“Ya jagad Dewa Bathara” Resi Wisrawa unjal ambegan landhung banjur nyebut asmaning dewa kanggo mangsuli apa sing dikandhakne Raja ing Gardhapura kuwi “sepisan maneh aku nyuwun pangaksama Sang Prabu. Panjurung puji donga sarta pangestu sing jengandika kersakne kaya mangkono mau ora bisa tak aturake marang Sang Prabu”.

 

“Kenging menapa Panembahan? Menapa awit kawontenan gesang kula ingkang sadangunipun menika tebih kalihan para Dewa lajeng Panembahan nganggep lan mastani kula titah ingkang kebak dosa ingkang boten pantes nampi pangestu saking jengandika Panembahan?” nganggo suwara sing ngemu rasa cuwa Prabu Gardhapati takon.

 

“Sang Prabu aja kleru panampa” alon Resi Wisrawa aweh wangsulan “darmaning brahmana kuwi ora kena mbedak-mbedakne titah siji lan sijine, kabeh kudu rinengkuh kanthi adil, mbuh kuwi titah sing tansah pareg mbudidaya nyaket marang Kang Maha Kawasa mbuh kuwi titah sing ora tau migatekne kuwajiban manembah marang Hyang Suksma. Satuhune panjurung donga sarta pangestu sing jengandika kersakne kuwi, wektu iki wis ucul saka jeneng ingsun, dadi ingsun wis ora kagadhuhan kuwi kabeh, mula ya aja ndika luputake yen ingsun ora bisa mujudikang ndika kersakne”.

 

“Kok saged makaten Panembahan? Kados pundi menika nalaripun?” sansaya cuwa atine Prabu Gardhapati sing banjur takon maneh.

 

“Sumurupa Prabu Gardhapati, panjurung donga sarta pangestu sing andika kersakne kuwi wis kebanjur ingsun paringake marang Prabu Danaraja ya Prabu Danapati Narendra ing Lokapala. Malah kauningana, lakuku dina iki satemene uga bakal tumuju menyang Pura Ngalengkadiraja, sumedya sowan marang Prabu Sumali saprelu nembung admajane putri bakal jinatukrama dening Prabu Danaraja ing Lokapala. Gandheng apa sing ingsun lan jengandika tuju kuwi jebul padha, mula tak kira luwih prayoga yen ingsun lan jengandika Sang Prabu bareng wae nggone sowan mara king ngarsane Prabu Sumali ngaturake mungguh apa kang padha dikersakne. Dene sapa sing kapiji dening Sang Prabu Sumali pinercaya mboyong admajane putri, gumantung marang kabegjan sing sinandhang dhewe-dhewe” kanthi terang Resi Wisrawa aweh wangsulan sarta pamrayoga marang Prabu Gardhapati.

 

Krungu wangsulan sing kaya mangkono kuwi, Prabu Gardhapati kaget. Ora sranta banjur ngadeg, malang kerik mripate mencereng nyawang Resi Wisrawa.

 

“Resi Wisrawa, jebul aku lan ndika duwe sedya sing padha ya kuwi ngayunake Dewi Sukesi” kanthi ora nganggo basa krama Prabu Gardhapatui wiwit guneman karo ulat sing peteng nuduhne yen ora kepranan atine “yen pancen mangkono, dina iki tak jabel tatakramaku marang ndika Resi Wisrawa. Jalaran kepethuke Resi Wisrawa karo jeneng ingsun iki jebul mung bakal dadi pepalanging sedyaku wae, mula yen ndika kena dak eman lan kena dak elingake kanthi becik, saiki uga ndika kudu bali menyang papan ndika sakawit, aja ndika bacutake sedya ndika lumawat menyang Negara Ngalengka, jalaran ingsun ora bakal nglilani Resi Wisrawa marak Prabu Sumali lan nembung Dewi Sukesi”.

 

“Prabu Gardhapati” Resi Wisrawa kanthi tatag aweh wangsulan “selawase urip durung ana critane Resi Wisrawa iki dadi bawahane Raja ing Gardhapura lan papan kene iki wis ing sajabane laladan Gardhapura, dadi Prabu Gardhapati kudu sumurup yen ora duwe wewenang aweh prentah lan aweh larangan luwih-luwih nundhung marang jeneng ingsun”.

 

“Elho? Wani kowe ndaga marang pangandikaningsun Resi Wisrawa?” Prabu Gardhapati takon nganggo suwara santak “apa kowe durung tau krungu kondhange Prabu Gardhapati yen ngadhepi wong sing kumawani ora nggugu apa sing dadi dhawuhe he?”.

 

 

 

 

 

 

07.

Resi Wisrawa sing dhasare uga tilas prajurit sing linuwih, tilasing raja gung binathara kang kulina ngadhepi manekawarna jinising mungsuh ing palagan lan paprangan, mung mesem krungu panyentake Prabu Gardhapati sing ngincim marang dheweke mangkono kuwi. Ora tumuli aweh wangsulan, malah banjur nyandhak talining jarane, jaran dicancang ing sawijining wit sing ana sacedhake, murih ora ucul mlayu. Banjur mbalik nyawang prenahe Prabu Gardhapati karo semaur alon nanging cetha :

“Prabu Gardhapati, sumurupa pancen nyata yen kondhanging asmamu durung nganti keprungu tekan laladan panggonanku kana. Nanging yen nonton slagamu sing gampang owah ngono kuwi, aku percaya Sang Prabu iki klebu Narendra sing wengis marang sok sapawa sing duwe panemu kang beda karo Sang Prabu, kang mangkono mau iya awit Sang Prabu ngendelake dumeh duwe kasekten lan diombyongi dening wadya bala sing akeh cacahe. Sanadyan ta mangkono Sang Prabu, aku Resi Wisrawa panggah ora owah saka angger-anggering jagad, Resi Wisrawa ora kebawah dening Prabu Gardhapati lan sing dipidaki Resi Wisrawa dudu bumi ing ngisor pangwasane Raja Gardhapura, dadi yen aku kapeksa ora nuruti sing dadi panjaluke Prabu Gardhapati ora ateges aku wani, nanging aku mung netepi adiling jagad. Mula yen Sang Prabu ora gelem taka jak bebarengan sowan menyang Ngalengka, ora ana wewenang tumrap Sang Prabu menging aku budhal menyang Ngalengka tanpa kanca. Lan sing ngalang-alangi lakuku mesthi bakal tak singkirake saka dedalan sing arep tak liwati”.

 

“Dadi kowe wani karo aku Wisrawa?” setengah mbengok Prabu Gardhapati takon.

 

“Ing kene ora ana tembung wani utawa wedi Prabu Gardhapati” wangsulane Wisrawa panggah tatag kanthi tembung sing ora nuduhake kanepsone “aku mung gemang disewiyah dening wong sing ora duwe wewenang mrentah marang aku”.

 

“Dadi panggah kowe arep nekad sowan marang Prabu Sumali nembung arep mboyong Dewi Sukesi?”

 

“Ora tak baleni nggonku wangsulan, Sang Prabu mesthi wis ngerti sing tak karepake” wangsulane Wisrawa.

 

“Apa klakon ana Brahmana sing bakal dadi pangewan-ewane para prajurit pandherek saka Gardhapura?” muni ngono kuwi Prabu Gardhapati karo aweh sasmita marang wadya balane.

 

Sing nampa sasmita tumuli tanggap, ana prajurit cacah telu sing gedhe dhuwur wewujudane, dhasare apaes raseksa dadi katon nggegirisi yenta disawang. Padha cecolotan nyaketi Begawan Wisrawa kanthi sikep sing tanpa tatakrama maneh.

 

“He Brahmana sing murang tata” salah siji saka prajurit kuwi kandha marang  Resi Wisrawa karo nggetak songar “wangune wis teka titi wancine bebathangmu bakal dadi mangsane kewan galak sing ana sakiwa tengene papan kene iki lan alusmu dadi urub-urubing geni ing Yamani, ketitik kowe wis wani ndaga apa sing didhawuhne Ratu Gustiku, kudune ora sah ndadak guneman luwih dhisik, aku bisa wae ngremuk kuwandhamu lan nguntapne nyawamu menyang neraka, nanging bawane aku isih ngajeni drajating Brahamana sepisan maneh kowe tak tari pilih mati apa bilih minggat saka kene he?”.

 

“Endah busanamu nanging isih panggah watak wantumu heh raseksa” Wisrawa mangsuli prajurit sing wujud buta kuwi “sapa pracekamu lan apa sing kok karepne klawan tembung sangarmu kuwi mau ?”.

 

“Keparat, kowe Resi Wisrawa” Prajurit raseksa kuwi semaur karo nggereng nesu “aku abdine Gustiku Prabu Gardhapati, Tumenggung pangkatku Gadamustika sing dadi jejulukku, dene loro sing ana sisih kanan lan keringku iki, sing sisih kanan sedulurku Kakang Tumenggung Pamecatnyawa, dene sing ana kananku iki pepundhenku Gusti Patih Gardhasekti. Aku wong telu wis oleh palilah saka Kanjeng Sinuwun, nguntir gulumu lan nyempal-nyempal baumu. Nanging aku wong telu isih ngajeni drajatmu, palilah kuwi ora bakal tak tindakne yen kowe gelem lunga saka ken elan bali menyang dhangkamu sarta ora nutugne sedya nggonmu bakal lumawat menyang Ngalengkadiraja. Ngeri kowe?”.

 

“Tumenggung Gadamustika, sumurupa wis dadi tekading Resi Wisrawa selawase ora nedya golek mungsuh nanging  yen kapethuk ora bakal mingkuh. Sirikan tumrap wong Lokapala yen kongsi ngadhepi mungsuh banjur mundur sajangkah, sanadyan sing diadhepi prajurit sing mung kakaehan cacah kaya kowe sakancamu kuwi”.

 

“Keparat ora kena dieman tenan kowe Wisrawa, klakon tak kokop getihmu lan tugel gulumu ing papan kene kowe!” karo muni ngono kuwi Tumenggung Gadamustika mencolot maju karo ngirimne kepelan tangane sing sak kelapa gedhene ngarah marang sirahe Resi Wisrawa.

 

Nanging Resi Wisrawa nyata tilasing satriya linuwih, sadurunge kepelane Gadamustika ngenani sirahe, tangane Resi Wisrawa luwih dhisik obah nampel mangiwa kepelane Gadamustika. Gadamustika babar pisan ora ngira yen Wisrawa bisa kanthi cukat nampel tangane, mau olehe ngirimake kepelan wis linambaran kekuwatan sing kebak lan Gadamustika ngira ora ndadak mindhon gaweni, ketiban kepelan kuwi Resi Wisrawa mesthi banjur rubuh kanthi kahanan sigar sirahe. Nanging bareng jebul kepelane kena ditampek mangiwa, tenagane Gadamustika owah arahe, sakala kaya kebanting Gadamustika meh wae tiba. Sansaya suwih kaget maneh bareng anggone arep tiba ditadhahi nganggo sikil keringe Resi Wisrawa sing pas ngenani lambung, sakala Gadamustika mencelat kontal watara limang dhepa, tiba klumah neng dhuwur lemah, ngathang-athang nganti suwe ora bisa obah.

 

Tumenggung Pamecatnyawa sing uga kaget ngerti sedulure bisa dirubuhne dening munsuhe mung klawan setengah jurus kuwi, sakala muntab. Pedhang sing gumantung ana lempenge tumuli didudut saka wrangkane. Kaya lekase Tumenggung Gadamustika mau, Tumenggung Pamecatnyawa kepengin gawe patine Resi Wisrawa klawan jurus kapisan. Kanthi muter pedhang sing dawane meh sadhepa kuwi, sing banjur nuwuhake suwara kaya suwarane sindhung riwut, Pamecatnyawa wis ngepung Resi Wisrawa saka papane nganti mokal bisa oncat. Lan sawuse rumangsa ana kalodhangan sing becik, pedhang pusakane kuwi dibabitake ngarah gulune mungsuhe. Kebating pedhang sing dibabitake klawan tenaga kang wutuh, linambaran aji jaya kawijayan sing jangkep, mokal bisa diendhani dening Resi Wisrawa. Petungane wong sing padha nyawang, sedhela maneh bakal klakon ana sirahing menungsa sing gumlundhung neng lemah merga kebabit dening pedhang sing ditamakne Tumenggung Pamecatnyawa. Luwih-luwih tumrap para prajurit Gardhapura sing uga padha ora kedhep nggone ngulati lan kulina weruh tandange Tumenggung Pamecatnyawa yen ngadhepi mungsuh ing madyaning paprangan, padha surak ambata rubuh, merga wis bisa mesthekne yen Resi Wisrawa bakal koncatan nyawa kanthi sirah lan raga sing wis pisah.

 

Nanging, kabeh sing ana kono mula durung ana sing ngerti yen jaman durung madeg dadi pandhita, Resi Wisrawa sing uga jejuluk Prabu Prabu Kisarwa, tau tate ngadhepi krubutaning prajurit sing bebasan saleksa ngarsa sakethi wuri, klawan mung ijen wae. Mula sanadyan panrajange Tumenggung Pamecatnyawa kaya sindhungriwut sing digawa dening lesusing clerettahun, ora ndadekne girising atine Resi Wisrawa. Kanthi trengginas Resi Wisrawa muter sampur sing mau semampir ing pundhake. Sampur sing lentur kuwi jebul ing tangane Wisrawa bisa dadi kaya wesi giligen sing atose ngungkuli waja. Tumibaning pedhang ditadhahi nganggo sampur sing wis katon kenceng, nuwuhake suwara jumlegur kaya suawarane gunung jugrug. Tumenggung Pamecatnyawa kaget, tangan sing kanggo nyekeli garaning pedhang krasa kaya nggegem mawa sambi rasane. Tumenggung sing apaes raseksa saka negara Gardhapura kuwi mbengok kelaran karo nguculake pedhang saka gegemane, temah pedhang konclang mbuh ora karuwan tibane. Lan sadurunge Tumenggung Pamecatnyawa ilang kagete, Resi Wisrawa wis ngowahi obahing sampure. Sampur sing maune kenceng kaya wesi giligen kuwi mbalik dadi lemes kaya tali, sikil karone Tumenggung Pamecatsukma dijiret kenceng, banjur disendhal ngeget ndadekne Tumenggung sing kadigdayane diwedeni dening wong sak Gardhapura tiba klumah. Ora mandheg tekan semono, Resi Wisrawa banjur muter sampur sing wis njiret sikile raseksa sing duwe pangkat Tumenggung kuwi, kaya uwet bandhil sing wis diideni watu, ing awang-awang sajak entheng wae.  Sawise diputer nganti pirang-pirang ubengan, banjur dibandhilake mendhuwur, ragane Tumenggung Pamecatnyawa sing wis ucul saka jiretaning sampur kuwi mencelat mendhuwur nganti kelip-kelip adohe, sinawang saka ngisor nganti kari samrica binubut gedhene. Tumibane ing bumi nuli tinadhahan mawa tangan loro dening Resi Wisrawa, nanging kahanane Tumenggung Pamecatnyawa wis owah, praupane dadi pucet, mripate merem, ambegane kempis-kempis, Tumenggung Pamecatnyawa wis ora eling apa-apa, dening Wisrawa banjur diglethakne neng lemah.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

08.

Patih Gardhasekti sing sumurup kahanane Tumenggung Gadamustika lan Tumengung Pamecatnyawa sing wis padha ngalumpruk durung bisa tangi merga ngadhepi Resi Wisrawa, tumuli tata-tata. Ora kaya andhahane loro sing jalaran nuruti pepenginan enggal bisa ngrampungi mungsuhe nanging wekasane kanthi gampang bisa dikalahake dening Resi Wisrawa, Patih Gardhasekti sing isih sedulur nome Prabu Gardhapati kuwi milih cara kanthi ngati-ati. Sanadyan keris pusakane wis diliga saka wrangkane, nanging Patih Gardhasekti ora tumuli nerjang Resi Wisrawa, malah kanthi tembung sing ora kasar Patih saka negara Gardhapura kuwi banjur guneman marang Resi Wisrawa semu aweh pangalembana :

 

“Nyata sekti mandraguna kowe Resi Wisrawa, pangapitku Tumenggung Gadamustika lan Tumenggung Pamecatnyawa sing selawase yen maju perang durung tau ora menang, ewa samono kanthi gampang bisa sira lumpuhake. Nanging aja kesusu bungah Resi Wisrawa, aku Patih Gardhasekti durung bisa ngarani kowe wong digdaya yen durung bisa ngasorake yudaku. Mara gage unusen gegamanmu, ayo ayonana Patih Gardhasekti sing wis ngliga Keris Kyai Panguntapsukma iki”.

 

“Aja gawe gelaning atimu Patih Gardhasekti” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem “ora ateges aku ngremehne kasektenmu yen aku ora ngliga kerisku, kanggo ngadhepi kasektenmu tak kira cukup aku nggunakne epek-epek lan driji kiwa tengenku. Mara majua tak ladeni kaya apa kridhamu”.

 

“Sing ngati-ati Resi Wisrawa” Patih Gardhasekti wangsulan karo mencolot maju arep nyuduk Resi Wisrawa nganggo kerise sing katon mramong pamore kuwi. Resi Wisrawa sanadyan ora obah saka papane nanging ketara yen wis siyaga mapag tekane bebaya.

 

Nanging kapeksa Patih negara Gardhapura juwi murungake nggone arep nyuduk mungsuhe, jalaran dumadakan Prabu Gardhapati mencolot maju pas ing antarane Patih Gardhasekti karo Resi Wisrawa.  Lan sing ndadekne gumune Patih Gardhasekti lan para wadya bala saka Gardhapura, dumadakan Prabu Gardhapati mundhuk-mundhuk karo nyembah banjur guneman marang Resi Wisrawa :

 

“Dhuh Sang Panembahan, mugi diagungna ing pangaksami, estu kula sampun tumindak lepat wantun murang tata saha badhe gendhak sikara dhumateng jengandika Sang Panembahan. Estu Panembahan, kula ngrumaosi lepat, samangke kaparenga Panembahan ndhawahaken pidana dhumateng pun Gardhapati, namung kula suwun mugi boten paring pidana dhateng kadang kula pun Dhimas Patih Gardhasekti tuwin pandherek kula saking Gardhapura”.

 

“Prabu Gardhapati” alon Resi Wisrawa aweh wangsulan “satemene apa sing wis tak tindakne marang Tumenggung Gadamustika apa dene Tumenggung Pamecatnyawa iku dudu wujud pidana, nanging aku mung ngladeni apa sing dadi karepe punggawamu loro mau. Samono uga lamun kadangmu apa dene sira kepengin ngajak gegojegan ing papan kene aku ya mung saderma ngladeni wae. Nanging yen sira wis ngrumangsani luput, sepira gedhening kaluputanmu bakal ingsun paring pangapura. Resi Wisrawa babar pisan ora seneng memungsuhan karo sok sapa wae, nanging yen kapeksa kudu adu atosing balung wuleting kulit, ora bakal aku mundur sanajanta mung sajangkah. Samengko apa sing sira kersakne Sang Prabu?”.

 

“Ngaturaken gunging panuwun Panembahan” karo mundhukne awake Prabu Gardhapati nyembah lan aweh wangsulan “kula badhe ngestokaken dhawuh paduka ing ngajeng, samangke mangga Panembahan suwawi kula dherekaken tindak dhateng Ngalengka marak ing ngarsanipun Prabu Sumali, kula aprasetya manawi ingkang katampi panglamiripun mangke kula, estu kula suwun pangestu paduka panembahan mugi anggen kula mboyongi Dewi Sukesi manggih rahayu, dene menawi kapeksa panglamar kula katampik lan panglamar Paduka ingkang katampi, kula namung ngaturaken kasugengan mugi anggenipun jejodhowan Gusti kula ing Lokapala kalihan Dewi Sukesi tansah manggih raharja”.

 

“Yen mangkono sing dadi kersane Sang Prabu, saiki ayo tumuli bebarengan budhal menyang Ngalengka” wangsulane Resi Wisrawa sing banjur ngalih marani jarane sing dicancang ora adoh saka papan kono.

 

Karo mlaku marani jaran tunggangane Resi Wisrawa rumangsa lega, dene anggone arep kerengan karo Prabu Gardhapati ora sida. Nanging Resi Wisrawa ora ngerti apa sing ana jeroning pikirane Ratu Gardhapura sing licik kuwi, tenane ngono lekase Prabu Gardhapati mangkono mau mung kepengin golek lenane mungsuh kanthi api-api ngajak bedhamen. Nalika Resi Wisrawa ora nyipta tekane bebaya, dumadakan Prabu Gardhapati nglolos pusaka sing dadi piyandele, ya iku pusaka rante sing sinartan mantram sekti, dene guna paedahe bisa nggulung mbanda sok sapawa sing ketiban gegaman kuwi. Kanthi pratitis pusaka rante tumuli disawatake marang Resi Wisrawa. Tangane Resi saka Pratapan Girijembangan sing lagi arep kumlawe nguculi talining jaran tunggangane kuwi dumadakan wis kabanda kanthi kenceng dening Pusaka rante sing nggubed sakujuring ragane, wiwit gulu tumeka polok. Resi Wisrawa katon wis ora bisa polah.

 

“Ha ha ha ha……” Prabu Gardhapati gumuyu lakak-lakak “jebul mung samono kadigdayanmu Resi Wisrawa. Ketiban pusakaku klakon ora bisa obah kowe, salahmu dhewe dene ingatase prajurit kowe dhemen ninggal kaprayitnan, kena apus kramane Prabu Gardhapati sida klakon dadi bandan kowe Wisrawa”.

 

“Rusuh tandangmu Prabu Gardhapati” kanthi tatag Resi Wisrawa guneman “ingatase sawijining narendra nanging bebudenmu asor ngungkuli wong pidak pajarakan, jirih getih wedi pati nanging jebul kowe culika”.

 

“Aja kakehan gunem sing tanpa guna Resi Wisrawa” wangsulane Prabu Gardhapati karo mencereng  “gandheng kowe nekad arep menyang Ngalengka, mangka bakal tak sembadani pepenginanmu, kowe arep tak barengi menyang Ngalengka sarana tak taleni sikilmu tak banda tanganmu banjur tak seret nganggo kreta sing dadi titihanku, wiwit saka kene nganti tekan jroning Kutha Ngalengkadiraja dimen dadi tontonane para kawula ing Ngalengka, nanging murih kowe ora pati wirang, luwih dhisik bakal tak cukil mripatmu loro-lorone supaya kowe ora weruh yen dadi tontonan”.

 

Bubar guneman ngono kuwi Prabu Gardhapati banjur ndudut keris saka wrangkane, nyedhaki Resi Wisrawa sing wis dadi bandan, arep dicukil mripate nganggo kerise. Nanging sepira kagete Prabu Gardhapati, Patih Gardhasekti lan para wadya bala saka negara Gardhapura kuwi, nalika kurang sajangkah tekane Prabu Gardhapati saka papane Resi Wisrawa, dumadakan resi sing wis dadi bandan kuwi kirig lan rante sing wis nggubed awake mawut sumyur dadi lebu. Lan nalika kerise Prabu Gardhapati sing wis disudukne ngarah mripate Resi Wiyasa meh wae nyubles mripat, dening Resi Wisrawa ditangkis, ditadhahi nganggo epek-epek. Eloking lelakon, pucuking keris pusaka sing ditadhahi epek-epek kuwi mental memburi, ucul saka gegemaning Prabu Gardhapati banjur kaya disawatake mbalik nunjem ing dhadhane Raja ing nagara Gardhapura kuwi.

 

“Adhuuuh……” Prabu Gardhapati mbengok sambat, nanging wis kebacut kerise wis mancep neng dhadhane nganti tekan kembang kacange. Kanthi alon-alon Ratu Gardhapura kuwi rubuh kanthi sikep lungguh, panyawange dadi peteng lan ora suwe banjur nggeblag, koncatan nyawa. Mandine warangan sing ana keris kuwi ngungkuli ampuhe wisa ula bandhotan, ndadekne Prabu Gardhapati mati padha sakala.

 

Patih Gardhasekti kamitenggengen weruh lelakon sing disandhang dening sedulure tuwa sing uga jejer dadi ratu gustine kuwi, samono uga para prajurit pandhereke saka Gardhapura, nganti suwe padha ora bisa kumecap lan tumandang apa-apa.

 

“Heh Patih Gardhasekti” sawuse sauntara meneng Resi Wisrawa banjur kandha marang Patih Gardhasekti sing isih njegreg kaya tugu sinukerta “sira lan para prajurit pandherekmu wis padha weruh, dina iki Prabu Gardhapati wis tumekeng pati iya awit saka pakartine dhewe. Samengko apa sing bakal padha sira tindakne? Yen kepengin padha nusul lan nututi Ratu Gustimu, mangka aku nora kabotan nyampurnakne sira kabeh . Nanging yen sira kabeh padha gelem nggunakne nalar, becik lamun sira kabeh ora padha nutugne lekase Prabu Gardhapati sing wis tumekan pati iki, padha elinga yen sira kabeh isih padha duwe jejibahan sing durung rampung sing awujud nggedhekne anak-anakira kabeh sing saiki lagi ngenteni tekamu ing ngarep lawang karo ngarep-arep sira padha nggawakne jajan”.

 

Krungu kandhane Resi Wisrawa sing pungkasan kuwi, Patih Gardhasekti kaya disendhal rasaning atine. Katon gawang-gawang ing padoning mata, anake lanang cacah loro sing lagi umur limang tahun lan telung tahun lagi padha dolanan ana plataran dalem kepatihan, ngantu-antu tekane wong tuwane sing jare arep nggolekne dolanan.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

09.

Jebul sing banjur kelingan anak lan kulawarga sing ditinggal neng omag ora ngemungake Patih Gardhasekti dhewe, sanadyan para prajurit pandhereke uga padha. Malah para prajurit sing durung omah-omah iya banjur padha kelingan wong tuwane, pacangane lan wong-wong sing ditresnani liyane. Mula kabeh uga padha karo Patih Gardhasekti sing banjur tumungkul, lambene mrengut nanging angen-angene nglangut. Apa sing dikandhakne dening Resi Wisrawa jebul nduweni daya sing nggegirisi, bisa ngluluhake ati sing panas kang kasurung hawa napsu amarah sing kepengin tansah menang lan bisa tumindak sawenang-wenang klakon ltanpa daya kesawaban tembung sing nyata wis nyenggol ing punjering nalar lan rasa. Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti.

 

“Piye Patih Gardhasekti?” sawuse sauntara kahanan sepi, Resi Wisrawa tumuli mbaleni pitakone marang sedulure Prabu Gardhapati kuwi “isih arep nutugake nggonmu padha gawe cilakaku lan nutugne laku menyang negara Ngalengka? Utawa kena lan gelem ngrungokne rerigen lan pamrayogaku?”.

 

“Dhuh Pukulun Panembahan Wisrawa, kula lan sadaya para prajurit saking Gardhapura sampun ngrumaosi kawon lan ngrumaosi lepat awit ngrojongi lekasipun Gusti kula kaka Prabu Gardhapati” karo kaya arep mbrebes Patih Gardhasekti matur karo nyembah, banjur noleh marang prenahe para pandhereke karo takon “rak ya mangkono ta Ca?”.

 

“Inggiiiiiiiiiih………” para prajurit padha semaur bareng.

 

“Sawuse rumangsa kasoran lan ngakoni ing kaluputan sira kabeh banjur arep kepiye?” Wisrawa nutugne anggone takon.

 

“Samangke kaparenga kula pasrah pejah gesang dhumateng jengandika Sang Maharsi, kapidana inggih boten badhe suwala kaparingan pangaksama menika ingkang dados pangajeng-ajeng kula sakanca, kadhawuhana menapa kemawon kula badhe ndherek lan badhe ngestokaken dhawuh Paduka Sang Maha Brahmana” wangsulane Gardhasekti.

 

“Yen pancen kaya mangkono” Wisrawa tumuli aweh prentah “amabrengi klawan wis gugure Prabu Gardhapati awit saka tanganku, ateges kena diarani ingsun wis bisa mbedhah negara Gardhapura. Nanging sumurupa Patih Gardhasekti, ingsun babar pisan ora melik kamuktene negara Gardhapura. Mung wae, gandheng dina iki lan dina-dina sabanjure negara Gardhapura mbutuhake Ratu sing bisa ngesuhi lan ngayomi sanggyaning para dasih, mula ing kene ingsun dhawuhake marang jeneng sira supaya tumuli bali menyang Gardhapura, sira jumenenga narendra nggenteni kalenggahane kadangmu sing wis tumekeng lena. Ruktine kanthi becik kunarpane Prabu Gardhapati sarta tambanana Tumenggung Gadamustika lan Tumenggung Pamecatnyawa dimen enggal padha waluya”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Panembahan” wangsulane Gardhasekti “samangke kaparenga kula sakanca bidhal wangsul dhateng Gardhapura nindakaken dhawuh paduka menika. Boten langkung pangestu jengandika Panembahan ingkang kula suwun”.

 

“Ya, ya Gardhasekti budhala dina iki uga, pangestuku kang nyartani lakumu sawadya bala”.

 

Patih Gardhasekti sing wis didadekne Raja dening Resi Wisrawa kuwi tumuli dhawuh marang para prajurite, nindakne kabeh dhawuh sing ditanmpa saka Resi Wisrawa, banjur muter lakuning barisan bali menyang negarane. Sawise wong-wong gardhapura ninggalne papan kono, Resi Wisrawa banjur nutugne lakune arep nemoni Prabu Sumali, mitrane ing pura Ngalengkadiraja.

 

Sauntara iku, ing alun-alun Negara Ngalengka wis kebak dening Raja pirang-pirang negara sing didherekne prajurite dhewe-dhewe. Para Raja kuwi padha ngenteni idin munggah sitinggil saprelu bisa ketemu karo Prabu Sumali, saprelu nakokne wangsulan saka Nawala utawa layang sing wis sauntara wektu dikirimake marang Narendra ing Ngalengka kuwi. Para Raja kuwi nduweni niyat sing padha, ya iku kepengin bisa ketampa panglamare lan bisa mboyong Dewi Sukesi menyang negarane jinatukrama dadia sisihane. Lan para raja kuwi uga wis padha nata kekuwatan, njagani manawa nganti panglamare ditampik mangka bakal meksa Prabu Sumali klawan kekuwataning perang sarana mbedhah negara Ngalengka. Kanggo sauntara kuwi, para Raja siji lan sijine isih katon padha rukun nanging kabeh ya padha weruh yen anggone rukun kuwi mung sedhela, samangsa-mangsa ana sing panglamare ditampa mangka bakal dadi mungsuhe para raja sing lamarane ditampik. Kahanan ing alun-alun negara Ngalengka krasa ungkeb kaya srengenge sing ketutupan mendhung kandel sing sawayah-wayah bisa dadi udan deres lan nuwuhake banjir sing bisa ngerem praja Ngalengka. Krasa sumelet kaya geni mawa sing kurugan brambut lan suket-suket sing garing ing ara-ara, sawayah-wayah bisa mubal dadi geni sing bisa ngobong saisining negara.

Sawuse sauntara padha ngrantu ing alun-alun kanthi ati sing ora jenjem, saka jero kraton katon mijil sawijining pawongan, apangawak lan apaes raseksa sing katon isih mudha, kang mabyor busanane mratandhani yen kuwi punggawa praja Ngalengka sing duwe palungguhan sing dhuwur, nyaketi papane para Raja sing padha mlumpuk ngenteni. Para raja tumuli padha nata lungguhe dhewe-dhewe, ngenteni apa sing bakal dikandhakne punggawa Ngalengka sing mara nyedhaki papane kuwi.

 

“Kawula nuwun dhuh para Raja ingkang sami rawuh” sawise tekan ing papane para raja sing lagi ngenteni kuwi, paraga sing apangawak lan apaes raseksa sing isih nom kuwi aweh cecala “langkung rumiyin mugi katepangna, kula pun Raden Prahastha admajanipun Rama Prabu Sumali, kepareng badhe matur ing ngarsa jengandika sami, ndumugekaken dhawuhipun Kanjeng Rama Prabu Sumali dhumateng jengandika sedaya”.

 

“Oo, inggih Raden Prahastha, suwawi enggal kadhawuhna, menapa dhawuhaipun Kanjeng Sinuwun Prabu Sumali dhumateng kula sedaya?” salah siji saka ratu sing padha mlumpuk kuwi semaur.

 

“Kawula nuwun inggih Sang Prabu” wangsulane Raden Prahastha, tumuli njereng rontal isi tulisan sing bakal dikandhakne “ingkang kapisan Rama Prabu Sumali sampun pirsa menggah surasaning Nawala ingkang katampi saking duta-duta jengandika sami. Kaping kalih, kangge atur wangsulan ingkang dados isining Nawala, Rama Prabu badhe amangsuli wonten ing sitinggil nagari Ngalengka, dene ingkang kaping tiga, jengandika sami saged minggah ing sitinggil menawi kuwawa nyingkiraken pepalang ingkang wonten, nuwun inggih gampiling rembag sembada jengandika minggah ing sitinggil menawi sampun saged anyempal-nyempal bau kanan keringipun Senapati Agung nagari Ngalengka nenggih Paman Raden Jambumangli. Menawi jengandika pranyata boten kuwawa merjaya Paman Jambumangli, mangka Nawala jengandika boten badhe pikantuk wangsulan kangge salami-laminipun”.

 

“Nuwun sewu Raden” Prabu Juwalasekti, Ratu ing negara Awugeni sing wujude Raseksa meh sagunung anakan gedhene miterang rembug “menapa menawi kula sampun kasembadan damel sirnanipun Raden Jambumangli ingkang badhe angadhang margi dhateng sitinggil menika, ateges Prabu Sumali badhe maringaken Nimas Dewi Sukesi dhateng kula?”.

 

“Kula piyambak dereng mangertos Sang Prabu” wangsulane Raden Prahastha “Kantun mangke ing ngarsanipun Kanjeng Rama Prabu Sumali, jengandika saged minangkani pamundhut ingkang badhe kadhawuhaken menapa boten? Menawi boten saged minangkani pamundhut saking Rama Prabu tuwin Kakang mBok Dewi Sukesi, ateges lamaran jengandika inggih boten saged dipun tampi. Nanging menawi jengandika sembada mujudi pamundhut saking Rama Prabu tuwin Kang mBok Dewi Sukesi, ateges pangamar jengandika dipun tampi”.

 

“Dados bakenipun menawi ngersakaken nawala ingkang sampun kunjuk ing ngarsanipun Prabu Sumali pikantuk wangsulan duka wujudipun wangsulan, kula kedah saged nyingkiraken Raden Jambumangli langkung rumiyin, menapa makaten Raden?” genti Prabu Guntara, raja ing negara Ngantara sing takon.

 

“Mila lakar makaten Sang Prabu” wangsulane Raden Prahastha sing dibacutake karo katrangan “manawi Paman Jambumangli pranyata kedah gugur saderengipun waradin anggenipun jengandika sami tandhing yuda kalihan Paman Jambumangli, mangka jengandika sami ingkang dereng kasoran yuda, badhe kapanggihi Rama Prabu sareng-sareng ing Sitinggil. Sampun sumangga, sinten ingkang badhe amiwiti nyobi minggah dhateng sitinggil kula sumanggakaken”.

 

Rampung nggone aweh cecala Raden Prahastha tumuli bali mlebu kedhaton. Para Raja sing ditinggal nuli padha rembugan, sapa sing wani miwiti njajal kadibyane Raden Jambumangli.

 

Sauntara kuwi dalan kanggo munggah menyang sitinggil Ngalengka wis dipageri mawa rajeg pager waja sing sapangawe dhuwure, pager waja sing rapet kuwi ndadekne sapa wae ora bisa munggah lan mlebu menyang sitinggil kajaba kudu ngliwati kori sing ambane mung sajangkah lan ing ngarepe lawing mlebu katon Raden Jambumangli ngadeg mbegagah, nyegat lan dadi palang sapa wae sing kepengin munggah.

 

 

 

 

 

 

10.

Satemene Prabu Sumali ora pati sarujuk karo sayembarane Raden Jambumangli sing nganakne pasaratan kudu bisa ngasorake yudane sok sapawa sing kepengin oleh wangsulan saka Prabu Sumali ngenani kintaka sing wis diaturake. Awit kang mangkono iku bisa mbebayani tumrap kasalametaning wong, klebu keslametane Raden Jambumangli dhewe. Prabu Sumali mula wis pirsa yen sawise Raden Jambumangli nampa kanugrahan aji Sasraswana saka Sang Hyang Sambo duk rikala tapa ana sukuning Gunung Maliawan, kena diarani luput saka pati, Nanging Prabu Sumali uga uninga yen sadhuwuring langit nyata isih ana langit maneh.

 

Nanging Raden Jambumangli sing dhasare duwe watak adigang adigung adiguna, seneng mamerake kasudiran kuwi ora kena mundur sarana pitutur, Raden Jambumangli panggah kepengin nggone ngelar jajahan kanthi nganakne sayembara kuwi, bakal akeh Raja sing teluk marang Ngalengka, Raden Jambumangli uga duwe atur yen ora arep gawe patine raja-raja sing ngeloni sayembara kajaba kapeksa, lire yen para raja wis ngrumangsani kasoran ing yuda uga banjur bakal dikongkon ngalih ora arep dipateni. Wasana Prabu Sumali sing banget tresna marang sedulure ipe ya adhine Dewi Desidara kuwi, nglilani.

 

mBalik marang critane para Raja sing ana alun-alun, anggone padha rembugan wis rampung lan putusaning rembug, bakal gentenan nggone arep ngayoni Raden Jambumangli. Sing saguh dhisik dhewe maju, ya iku Prabu Juwalasekti saka negara Awugeni lan para Raja sing ana kono uga wis padha nyarujuki, akeh sing padha duwe pangira yen dina kuwi Raden Jambumangli mesthi bakal tumekeng pati. Awit wis kondhang ing jagad yen Prabu Juwalasekti kuwi nyata raja raseksa sing uga nguwasani para lelembut, jim setan lan periprayangan, kasektene prasasat sundhul langit jalaran kondhang minangka siswane Sang Hyang Bathari Pramoni saka Kahyangan Dhandhangmangore. Kajaba duwe kaluwihan ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning garenda tanapi tebaning kikir, Prabu Juwalasekti uga nggadhuh aji Sedulurbumi, samangsa-mangsa tumekeng pralaya mangka bakal bali urip lamun ragane kesenggol dening lemah.

 

Prabu Juwalasekti tumuli nyedhaki papane Raden Jambumangli diiring sanggyaning para raja sing ana kono.

 

“Heh Raden Jambumangli, ditepungne wae aku Prabu Juwalasekti saka negara Awugeni sing arep munggah sitinggil kraton Ngalengka” kandhane Prabu Juwalasekti sawuse adu arep karo Raden Jambumangli.

 

“Prabu Juwalasekti apa wis ngerti sing dadi sarate bisa munggah menyang sitinggil?” Raden Jambumangli wangsulan mawa pitakonan karo suwara sing gumuruh kaya suwarane gludhug ing mangsa kasanga, nuduhne kasekten sing diduweni.

 

“Iya aku wis krungu dhewe saka Raden Prahastha” wangsulane Prabu Juwalasekti uga nganggo suwara sing gumleger ora kalah bantere karo suwarane Raden Jambumangli, akeh prajurit pandherek para raja sing padha ana kono sarta prajurit negara Ngalengka dhewe sing padha giris krungu suwara jumlegur sing metu saka tutuke Raden Jambumangli apa dene Prabu Juwalasekti, malah ora sethithik sing banjur padha ndheprok neng lemah karo nutupi kupinge.

 

“Apa sing wis dikandhakne Prahastha?” Raden Jambumangli takon.

 

“Aku kudu bisa nyirnakne sing dadi pepalange laku kanggo munggah menyang Sitinggil sing wujude ora ana liya kajaba Raden Jambumangli” wangsulane Prabu Juwalasekti.

 

“Dadi Prabu Juwalasekti wis gilig ing tekad nggone arep mara king ngarsane Kaka Prabu Sumali? Awit wis ngerti yen nyawa sing kudu diudhokne sadurunge bisa munggah ing sitinggil?”.

 

“Ora prelu ndadak ditakoni, aku wani teka kene iki mesthi kasurung rasa wani” wangsulane Prabu Juwalasekti karo nggereng “malah kosok baline, yen jeneng sira kena tak eman, luwung wurungna nggonmu pasang giri patembaya sing tanpa ana gunane iki, jalaran yen ta jeneng sira Raden Jambumangli panggah nggone dodolan gendhung mamerake kadigdayan, tan wurunga ora nganti sapanginang bakal njebabah ndhepani lemah dadi bangke, ketandangan dening Prabu Juwalasekti. Pikiren luwih dhisik Raden Jambumangli…….”.

 

“Babo, babo murang tata” Raden Jambumangli semaur “alus rembugmu nanging wis ngabangake kupingku Prabu Juwalasekti. Ora prelu kakehan wuwus, ayo ketogen kadigdayanmu, suntaken aji jaya kawijayanmu, yen sira lumuh tandhing ijen padha ijen nyeluka wadya balamu, tandhingana iki Senapati Agung praja Ngalengka Raden Jambumangli, yen sira isih ora murungake nggonira arep kepengin ketemu Kaka Prabu Sumali, aja takon dosa yen balimu menyang negaramu mung kari wujud kuwandha sing tanpa nyawa”.

 

Prabu Juwalasekti sing dhasare raja Raseksa sing uga duwe sipat brangasan, Raja Buta sing akeh tumindak buteng nuruti pangajaking napsu angkara, Narendra Denawa sing tansah akeh ngeden nggone nguja hawa, disuwarani dening Raden Jambumangli sing kaya mangkono kuwi, sakala muntab krasa kaya kobong jejantung sing ana jerone dhadha. Karo nggero kaya sardula nemu mangsa, Prabu Juwalasekti nubruk anggane Raden Jambumangli. Siring karep, Raden Jambumangli arep dicandhak lan diundha banjur disabetake ing bantala, nanging Raden Jambumangli nyata wis siyaga. Panubruke Prabu Juwalasekti bisa diendhani, malah isih kober ngobahne sikil kanggo nyadhuk dhadhane Prabu Juwalasekti. Sansaya muntab Prabu Juwalasekti, awit kena sadhukaning sikile Raden Jambumangli, Prabu Juwalasekti krasa kaya dhadhane ditibani gandhen wesi rasane. Nadyan mung sapandurat krasa kaya arep rontog isen-isening dhadha. Karo nggedrugne sikile menyang lemah, Prabu Juwalasekti tumuli ngrapal mantra, matak aji jaya kawijayane, kanggo nibakne bebendu marang Raden Jambumangli.

 

Ora suwe papan kono wis ora bisa disawang kanthi cetha, jalaran bledug sing mabul mangampak-ampak nutupi papan kanggo adu kasekten antarane raseksa loro sing gedhene padha-padha meh sagunung anakan kuwi. Sansaya suwe sansaya rame anggone padha adu atosing balung wuleting kulit, padha dene wujud raseksane, padha dene sugih japa mantra lan aji jaya kawijayan. Kumlanthang suwarane nalika pupuhaning Prabu Juwalasekti ngenani anggane Raden Jambumangli, keprungu suwara jumenggleng nalika anggane Prabu Juwalasekti ketiban pupuhane Raden Jambumangli. Eram semu miris sing padha ngepung angulati.

 

Sansaya suwe katon yen Raden Jambumangli isih luwih dhuwur kasektene tinimbang mungsuhe, nalika ana sawijining kalodhangan Prabu Juwalasekti kena dirayuk banjur diundha-undha pungkasane dibanting menyang lemah. Nalika Prabu Juwalasekti tiba klumah, ditututi dening Raden Jambumangli sarana ngejlogi pernahing dhadha pulung atine, banjur disusul sikil sing kering kanggo nggejrohne tungkake marang pulung ati sarta sikil sing kanan kanggo midak gulu. Sakala Prabu Juwalasekti mati sanalika. Karo ngguyu latah-latah Raden Jambumangli mundur ngedohi mungsiuhe sing wis tanpa nyawa.

 

Nanging ana kaelokaning kahanan, kagawa nggadhuh aji Sedulurbumi, bebasan matia kaping pitu sedina, yen ragane isih kesenggol lemah Prabu Juwalasekti panggah isih bisa tangi bali urip maneh. Nalika Raden Jambumangli wis rumangsa unggul ing yuda, lan gumuyu latah-latah sarwi ngedohi mungsuhe, Prabu Juwalasekti bali urip maneh. Ora sranta banjur tangi, Raden Jambumangli sing ora prayitna ditubruk saka mburi. Sikile dirayuk lan dilarak memburi, ndadekne Raden Jambumangli tiba mengkureb. Karo nggero Prabu Juwalasekti muter anggane Raden Jambumangli banjur diobat-abitne ing awang-awang. Sawuse sauntara banjur dibanting menyang sela gilang sing ana cedhake papan kanggo perang kuwi. Padha sakala Raden Jambumangli banjur nglumpruk tanpa daya, gumlethak neng lemah wis tanpa nyawa. Para Raja sing padha nonton lakuning perang tandhing padha surak mawurahan kaya bata rubuh saka linggane. Weruh mungsuhe wis gumlethak tanpa nyawa, lan krungu surake para raja sing aweh pangalembana marang dheweke,  Prabu Juwalasekti banjur jejogedan nelakne rasa senenge.

 

“He he he, klakon dadi kunarpa kowe Jambumangli” kandhane Prabu Juwalasekti ing sela-selaning jogede “ya kuwi oleh-olehane wong sing ora nggugu dikandhani. Ora sumbut karo sumbarmu, saiki kowe wis mati merga saka tanganku”.

 

Prabu Juwalasekti banjur madhep marang para Raja sing padha nonton anggone perang tandhing karo guneman seru :

 

“Dulur-dulurku para ratu kabeh, pepalang sing ngadhang dalan menyang sitinggil kedhaton Ngalengka wis klakon dak singkirake. Saiki ayo padha munggah sitinggil sowan ing ngarsane Prabu Sumali, mung wae pawelingku yen mengko pranyata sing ditampa panglamare kuwi aku, yen ana raja sing ora trima bakal tak dadekne kaya Raden Jambumangli iki”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

11.

Para Raja padha saur manuk, nyarujuki apa sing dikandhakne Prabu Juwalasekti lan banjur padha ngangseg maju arep marani lawanging pager waja sing tumuju menyang Sitinggil kraton Ngalengka. Nanging durung wae para Raja kuwi ngalih saka papane lan Prabu Juwalasekti uga durung nganti mlebu ngliwati plawangane pager, dumadakan padha kaget kabeh. Raden Jambumangli sing mau wis katon dadi bangke, dumadakan obah banjur tangi lan mencolot ing ngarepe Prabu Juwalasekti karo ngguyu lakak-lakak.

 

“Prabu Juwalasekti, aja kesusu girang gumuyu, raupa nganggo banyu sing bening dimen cetha panyawangmu” kandhane Raden Jambumangli ing sela-selaning guyune “waspadakna kanti pramana, aku ora kaya sing wis mbok kira. Ayo ketogen kabeh aji jaya kawijayanmu, prasasat bisa nangkebake bumi klawan langit yen sira bisa ngasorake yudane Jambumangli”.

 

“Babo, babo keparat Jambumangli, isih bisa tangi maneh kowe he?” Prabu Juwalasekti sing kaget kaworan gumun kuwi takon karo nggeget untune.

 

“Takon wae marang panyawangmu Juwalasekti” wangsulane Raden Jambumangli “aku isih waras-wiris ora kurang sawiji apa, yen pancen kowe isih ngeman nyawamu diage minggata saka ngarepku, ora-ora yen aku bakal mburu nututi playumu”.

 

“Keladuk ucapmu Jambumangli” Prabu Juwalasekti nggereng “dudu aku sing arep mlayu, nanging limpamu sing bakal tak kemah-kemah dadi panganku”.

 

Prabu Juwalasekti banjur nubruk Raden Jambumangli, kuku-kukuning tangane modot meh sak kilan dawane kabeh katon murup ngetokne geni, arep nuwek lan nyuwek-nyuwek ragane mungsuhe. Prayitna Raden Jambumangli, panubruke Prabu Juwalasekti bisa diendhani lan genti males ngrangsang arep namakne siyunge kanggo nggigit gulu. Paprangan sing mau wis leren, bali rame maneh malah sansaya suwe sansaya rame, kekarone padha olehe ngetog kasudirane dhewe-dhewe. Kekarone padha dene olehe kaya luput saka ing pati, ketitik saben-saben rubuh koncatan nyawa merga kena seranganing mungsuhe, padha dene olehe banjur tangi maneh lan pulih kekuwatane. Sing padha weruh sansaya padha kekes atine, rumangsa gawok dene ana titah sing ora bisa mati kaya Raden Jambumangli apa dene Prabu Juwalasekti kuwi.

Raden Jambumangli lan Prabu Juwalasekti sing uga padha olehe ngerteni yen mungsuhe sajak kalis saka pati, saben-saben dipateni banjur nggepok bumi tumuli bisa tangi maneh klawan tenaga sing sansaya rosa, kekarone tumuli ngulir budi lan pikire, golek cara kanggo mateni mungsuhe supaya ora bisa tangi urip maneh.

 

Nalika Raden Jambumangli lan Prabu Juwalasekti isih padha adu kasekten lan padha-padha olehe mikir piye carane supaya bisa mateni mungsuhe, Resi Wisrawa teka ing papan kono banjur nrambul awor lan para raja melu nonton sing lagi padha perang tandhing. Eling-eling Resi Wisrawa tilasing prajurit sing wis tuwuk klawan maneka warna paprangan, mung sarana ngulati saklebatan wong loro sing lagi pamer kasudiran kuwi, Resi Wisrawa wis bisa maca ing ngendi dununge pangapesane Raden Jambumangli apa dene Prabu Juwalasekti. Nanging Resi Wisrawa mung meneng ora guneman apa-apa. Siji loro saka Ratu sing ana kono uga weruh yen ana brahmana sing lagi teka melu nonton sing lagi perang tandhing, nanging ratu sing weruh uga ora pati migatekake, jalaran tekane pandhita saka Pratapan Girijembangan kuwi dianggep ora prelu digagas, isih luwih mencutake nyawang anggone Raden Jambumangli lan Prabu Juwalasekti adu katiyasan.

 

Sauntara kuwi ing palagan Raden Jambumangli pranyata luwih lantip pamikire tinimbang mungsuhe. Senapati Agung negara Ngalengka kuwi luwih dhisik nemokne dalan supaya bisa gawe patine Prabu Juwalasekti sing ndadekne Raja ing Awugeni kuwi ora bisa pulih urip maneh. Raden Jambumangli tumuli ngecakne cara sing lagi wae tuwuh sajroning pikire mau. Kanthi api-api kentekan tenaga Raden Jambumangli tumuli mencolot mundur banjur nyendhekne awake menyang pager waja ing mburine, sajak ngrasakne lemesing salirane. Prabu Juwalasekti sing ora ngerti yen Raden Jambumangli kuwi mung ethok-ethok wae, rumangsa seneng atine, ngira yen Jambumangli temen-temen wis kentekan tenaga. Karo gumuyu latah-latah Prabu Juwalageni nuli nyedhaki Raden Jambumangli sing semendhe pager. Merga karo ngguyu lan kesusu rumangsa seneng weruh kahanane mungsuhe sing dikira wis kentekan tenaga, kaprayitnane Prabu Juwalasekti dadi suda. Tanggap Raden Jambumangli, nalika Prabu Juwalageni wis caket, kanthi cukat Raden Jambumangli nggunakne tangan karone, kuku-kukune sing prasasat kaya lading kuwi digunakne kanggo nyuwek wadhuke mungsuh. Prabu Juwalasekti sing babarpisan ora nyipta tekane bebaya wis ora bisa endha, wadhuke kena dituwek dening kukune Raden Jambumangli, banjur dirogoh isen-isene. Prabu Juwalasekti rubuh padha sakala, kejet-kejet neng lemah nanging durung nganti tekan ing pati. Raden Jambumangli wis kasil ngrogoh limpane mungsuhe banjur diemplok dikemah-kemah nganggo untune. Ora mandheg tekan semono, Raden Jambumangli tumuli ndudut pedhang sing gumantung ana lempenge.  Prabu Juwalasekti sing isih kejet-kejet sekarat kuwi dijambak rambute, banjur gulune ditigas nganggo pedhang sing lagi wae didudut saka wrangkane. Raga sing wis pisah karo sirah kuwi kaya pitik sing lagi disembeleh polahe, getih muncrat ora karu-karuwan menyang ngendi-endi. Nanging Raden Jambumangli ora mandheg nggone mrawasa mungsuhe, sawise sirahe Prabu Juwalasekti dicanthelne ing rajeging pager, sikil karone Prabu Juwalasekti dicandhak ngango tangan, tangan kiwa nyekeli sikil tengen, tangan tengen nggujengi sikil kiwane mungsuh. Prabu Juwalasekti sing wis tanpa sirah kuwi disempal liwat sikil karone temah sigar dadi loro. Sepisan maneh Raden Jambumangli ngangkat pedhange, raga sing wis sigar dadi loro kuwi ditengkel tiba tengah, temah ragane Raja Awugeni kuwi dadi patang pantha, lima kalebu sirahe. Sawise pedhange dilebokne wrangka, peranganing ragane Prabu Juwalasekti kuwi dening Raden Jambumangli dijupuk mbaka sapantha. Sing sapantha disawatake mangalor, sing sapantha mangidul lan pepanthan liyane disawatake mangetan lan mangulon. Mung kari sirah sing ora dibuwang, diumbar cementhel ing rajeging pager waja.

 

“He para Raja kabeh” sawise nyawatake ragane Prabu Juwalasekti menyang arah kiblat papat Raden Jambumangli banjur guneman marang para raja sing mau ngupengi anggone perang tandhing “sira kabeh wis padha weruh kedadeyan sing disandhang Prabu Juwalasekti sing nedya nyingkirake aku sing dadi pepalang anggone arep munggah sitinggil marak ing ngarsane Kaka Prabu Sumali. Ayo sapa maneh sing arep niru lekase Ratu ing Awugeni sing jasade wis tak buwang menyang segara lor, segara kidul segara wetan lan segara kulon lan dadi pangane buron segara ? mung kari sirahe sing arep tak panjer bisaa dadi tetenger yen ing papan kene ratu butra sing jare kali sing pati merga nggadhuh aji Sedulurbumi kuwi tumekeng pati ? Ayo kene maju kene sapa sing arep nyoba kadigdayane Jambumangli?”

 

Merga isih rumangsa miris lan giris ndulu carane Raden Jambumabgli mateni Prabu Juwalasekti, para ratu sing ana kono kuwi kabeh kaya wong blangkemen. Ora ana sing guneman aweh wangsulan marang panantange Raden Jambumangli ngono kuwi mau. Nganti sauntara padha meneng, malah ana sing banjur inget-ingetan karo siji kan sijine.

 

“Piye para ratu kabeh he?” Raden Jambumangli banjur takon maneh, suwarane jumlegur kaya bledheg ing mangsa kasanga “yen pranyata ora ana sing wani nutugne sedyane, saiki luwih becik yen sira kabeh tumuli padha lunga saka papan kene. Nanging aja padha lali, sira kabeh wis ndadekne muntabing atiku kang mangkono mau kudu nampa pidana saka Senapati Agung Negara Ngalengka”.

 

Kahanan banjur dadi kosek, para raja sing ana kono padha pating klesik rembugan padha kanca.

 

“Aja padha pating greneng sing ora cetha” Raden Jambumangli nggetak “yen sira kepengin luput saka pidana, sapungkurmu saka kene aku ngenteni sira teka maneh menyang Ngalengka kanthi nggawa guru bakal guru dadi minangka glondhong pangareng-areng tandha yen negaramu wis nungkul lan dadi telukane negara Ngalengka”.

 

Para raja banjur padha meneng karo nungkulake sirahe dhewe-dhewe tandha yen ora wani mangsuli apa sing dadi kandhane Raden Jambumangli. Mung ana siji Ratu sing sikepe beda, ya iku Prabu Guntara raja negara Ngantara. Ratu sing apangawak satriya lan bagus ing warna kuwi, klawan amping-amping ratu liyane nglolos jemparing lan siyaga angiwa langkape. Mripate manther nyawang prenahe Raden Jambumangli sing mbegagah ing ngarep lawang pager sing tumuju sitinggil negara Ngalengka.

 

 

 

 

 

 

12.

Jemparinge Prabu Guntara wis dipasang ana langkap, ketara yen jemparing kuwi dudu lamaking panah sing lumrah, nanging klebu senjata dibya ketitik saka bedhoring jemparing sing katon mramong ngemu perbawa. Gendewa tumuli diangkat, bedhoring jemparing ngarah lesan dhadhane Raden Jambumangli, tumuli kanthi ngrapal mantram sakti Prabu Guntara wiwit narik sendhenging gendewa.

 

Resi Wisrawa sing anggone ngadeg ora adoh saka papane Prabu Guntara, kanthi cetha bisa nguwasi saparipolahe Ratu ing negara Ngantara wiwit nglolos jemparing mau. Wisrawa sing tumuli weruh lekase Prabu Guntara sing ninggalne sipating satriya, ya iku arep gawe cilakane Raden Jambumangli kanthi sarana nglimpe, kegugah atine kepengin ngendheg lekase Prabu Guntara sing wis nyebal saka pranatan kuwi. Ambarengi karo Prabu Guntara nglepasne jemparing, kebat tangane Wisrawa nyaut nampel lakuning jemparinge Raja ing Ngantara kuwi, temah jemparing luruh mangisor nunjem menyang lemah. Ngerti yen ana sing ganggu gawe ngone nglepasne panah, Prabu Guntara kaget kaworan nesu, mripate abang angatirah nyawang Resi Wisrawa, prasasat kaya arep diuntal-untala.

 

“Lumuh nganggur, pamer kacukatan, wani ngganggu gawe marang aku, sapa kowe Brahmana sing murang tata he?” karo suwara kedher saking nesune Prabu Guntara nakoni Resi Wisrawa.

 

“Ora ateges lumuh nganggur lan babar pisan ora ana niyat kanggo mamerne kabisan, nanging aku mung kepengin ngreksa kaluhuraning asmamu Sang Prabu, awit nyata jengandika wis tumindak sing nerak wewalering jiwa kasatriyan” wangsulane Wisrawa kanthi tatag lan trawaca “ditepungake wae, aku Resi Wisrawa saka Pratapan Girijembangan bawah negara Lokapala, balik sapa sing dadi jejulukmu Sang Prabu?”

 

“Keparat kowe Wisrawa, lancang tumindakmu kekudhung angger-angger sing dudu wewenangmu” wangsulane Prabu Guntara karo nesu “sumurupa ya aku iki sing aran Prabu Guntara Narendra ing nagara Ngantara, sing sajroning wektu kurang saka sawarsa wis klakon bisa nungkulake ratu rolas negara. Diage sira asok kaluputan marang aku, mbok menawa wae isih ana pangapura kanggo kowe sing wis lancang wani ganggu gawe marang Narendra Ngantara”.

“Kuwalik Prabu Guntara” wangsulane Wisrawa karo mesem “kudune sing njaluk pangapura kuwi malah kowe, dudu aku. Jalaran saupama ora tak tamplek lakuning jemparing sing lepas saka sendhenging langkapmu, durung karuwan bisa gawe cilakane Raden Jambumangli sing wis mbok limpe, malah bisa-bisa awit saka laku sembranamu gawe kapitunane kabeh ratu sing ana kene, merga Raden Jambumangli mesthi ora narimakne dilimpe saka kadohan lan tuking kanepson bakal nyempyok kabeh raja sing ana kene. Kajaba saka kuwi, tindak ndika kuwi mau mung pantes dilakoni dening wong alasan sing durung ngerti marang budaya, yen sing nindakne raja kaya jeneng sira kuwi, padha wae ndika wis nglorot drajat ndika dadi padha karo drajate wong alasan sing durung weruh budaya”.

 

Para raja sing padha ngrubung anggone padudon antarane Resi Wisrawa lan Prabu Guntara kuwi banjur padha pating greneng nelakne panemune dhewe-dhewe. Meh kabeh ratu sing mau wis rumangsa kekes ndulu kasektene Raden Jambumangli nalika ngadhepi lan wekasan mrajaya raja ing Awugeni, rata-rata padha mbenerake apa sing dikandhakne Brahmana sing tekane ing papan kono kalebu durung suwe kuwi.  Nanging sajake Prabu Guntara wis kadhung panas atine marang Resi Wisrawa, babar pisan ora bisa nampa panemune Resi saka Girijembangan kuwi, malah banjur duwe karep arep aweh pidana marang Resi Wisrawa. Karo mlaku nyedhak, langkap sing mau dicekeli nganggo tangan kiwa, genti dicekel nganggo tangan tengen arep disabetake marang wong sing dianggep wis lancang lan ngganggu anggone arep namani jemparing marang Raden Jambumangli kuwi.

 

Nanging durung nganti lakune Prabu Guntara tekan cedhake Resi Wisrawa, wis kedhisikan karo tumibaning sikile Raden Jambumangli sing mencolot saka papane ngadeg, arep marani sing lagi padudon. Raden Jambumangli sing uga dadi ngerti yen ana raja sing arep tumindak culika, nglimpe nglepasake warastra, sakala muntab kanepsone. Tangane Prabu Guntara dicandhak banjur diglandhang menyang papan sing mau kanggo perang tandhing karo Prabu Juwalasekti, banjur diuman-uman lan diundamana .

 

“Ratu culika sing jeneng Prabu Guntara. Senajan aku ngerti saupama panahmu sing mung sak godhong pari kuwi klakon nibani ragaku ora bakal gawe busiking kulitku, nanging merga kowe wis wani tumindak culika kowe kudu nampa pidana” kandhane Raden Jambumangli nguman-uman Prabu Guntara.

 

“Jambumangli” wagsulane Prabu Guntara atos “aja ngucap arep aweh pidana marang jeneng ingsun kowe, jalaran pancen tekaku ing papan kene kajaba kepengin marak ing ngarsane Kanjeng Rama Calon Maratuwa Prabu Sumali, aku ya pancen kepengin luwih dhisik nugel gulumu dimen ilang sesukering jagad sing wujud buta kaya dhapurmu kuwi”.

 

“Piye?” Raden Jambumangli nggetak sora “kowe arep nugel guluku? Yen ngono saiki mara buktekna Guntara”.

 

Prabu Guntara wis ora wangsulan maneh, nanging tumuli nata jurus kanggo ngadhepi Raden Jambumangli. Regedek, keris pusaka sing katon mramong pamore wis diunus saka wrangka,  nedya ditamakne marang Raden Jambumangli. Perang tandhing klakon dumadi maneh, sanadyan lakuning perang beda karo perang tandhing sadurunge, nanging perang antarane Prabu Guntara karo Raden Jambumangli iki ora kalah sereme karo perang tandhing antarane Raden Jambumangli karo Prabu Juwalasekti mau. Prabu Guntara sing apangawak satriya kuwi nyata cukat trengginas tandange, bisa kanthi gampang ngendhani panubruking Raden Jambumangli sing wujud raseksa birawa. Malah wola-wali Prabu Guntara bisa namakne keris gegamane marang ragane mungsuhe. Nanging Raden Jambumangli nyata satriya raseksa sing sekti mandraguna, sanadyan wola-wali panyuduke Prabu Guntara bisa ngenani ragane, nanging babar pisan ora nuwuhake tatu, malah nalika pucuking curiga ngenani ragane Senapati Agung Ngalengka kuwi, banjur nuwuhake suwara cumengling kaya suwarane saron ketiban tabuhe, ngiringi pletikaning geni sing mijil saka raga kang ketiban pusaka. Kang mangkono mau ora ndadekne Prabu Guntara kemba, sanadyan wola-wali panyuduke ora bisa tumama, nanging Ratu Ngantara kuwi panggah duwe panemu yen ana perangan saka ragane Raden Jambumangli sing tedhas ditamani gegaman, luwih-luwih ditamani pusaka dibya kaya keris sing digunakne kuwi, ya kuwi peranganing raga sing wujude mripat. Mula Prabu Guntara banjur mbudidaya murih bisa nyudukne pucuking kerise marang mripate Raden Jambumangli. Nanging ya ora gampang, merga Raden Jambumangli iya ora mung meneng wae.

 

Sansaya suwe perang tandhing kuwi lumaku sansaya rame, Raden Jambumangli sing rumangsa risi merga sing diarah Prabu Guntara mung mripate, sansaya mundhak nesu. Wasana karo nggero sing seru, Raden Jambumangli banjur ngglundhungne ragane sing tikel ping pat gedhene tinimbang ragane Prabu Guntara kuwi, murih bisa ngringkus mungsuhe. Diglundhungi lan nedya digulungi, pranyata Prabu Guntara dadi sansaya karepotan anggone tumandang, sauntara kabeh serangane prasasat ora dirasakne dening mungsuhe. Wekasan klena Prabu Guntara, sikile kena dirayuk dening Raden Jambumangli arep dibenggang kaya anggone nyuwek-nyuwek ragane Prabu Juwalasekti mau. Sanadyan Prabu Guntara kroncalan ora karuwan kepengin bisa ucul, nanging babar pisan ora gunane, kalah gedhe lan kalah rosa. Ing tangane Raden Jambumangli prasasat Prabu Guntara kaya truwelu sing dicekeli dening Macan kumbang.

 

“Tak wenehi wektu sedhela kanggo ngucapne panyuwunan marang Dewamu kanggo sing pungkasan Prabu Guntara” kandhane Raden Jambumangli karo kenceng nggujengi sikile Prabu Guntara “nyuwuna murih dibukak lawang kaswarganmu ditutup korining lawang neraka, dimen patimu ora nglambrang dadi dhedhemit neng alam antara, sanadyan pesating sukmamu kudu ngliwati tak sempal sempal kuwandhamu ing papan kene he he he”.

 

Prabu Guntara wis ora bisa wangsulan, atine wis entek lan nyipta yen wis entek watesing urip neng jagad padhang. Mung wae ana rasa kedhuwung inga tine, ya gene wis duwe bojo sing cacahe luwih saka papat sing kabeh ayu lan sulistya warnane nanging isih kepengin nambah rabi maneh karo Dewi Sukesi sekar kedhaton negara Ngalengka. Prabu Guntara uga rumangsa getun dene mau duwe sedya nglepasi jemparing sarana dhedhemitan marang Raden Jambumangli, temah kadenangan dening Resi Wisrawa. Nanging kabeh wis kebacut, lakuning wektu ora bisa diundur bali memburi. Wekasan Prabu Guntara mung bisa mingkem, ngenteni tumekaning pati sing dalane kudu ngliwati cara sing kaningaya.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

13.

Raden Jambumangli sawuse meneng sauntara awit aweh wektu marang Prabu Guntara kanggo nenuwun marang Dewane, nanging jebul sing diwenehi wektu ora guneman apa-apa, tumuli arep nutugne nggone arep nyempal-nyempal ragane Prabu Guntara. Krasa yen anggone nyekeli sikile sansaya kenceng, Prabu Guntara uga banjur megeng napas, karo ngeremake mripat, pasrah marang Dewane awit wis nyipta mung tekan semene wektu kanggo urip neng ngalam padhang.

 

Nanging nyata apa ujaring kandha sing nyebutake yen titimangsa kanggo matine titah kuwi wis ginaris dening Hyang Kang Nyipta Urip. Arepa dibudidaya nganti sing kaya apa wujude, yen garis pesthi wis kapidak, mangka titah ora bisa suminggah, panggah tumekeng pati. Kosok baline, sanadyan bebasan kari sasiliring bawang anggone nyawa gondhelan raga, nanging yen durung titimangsane mati, mangka titah panggah bakal oleh pitulungan kanggo urip. Ambarengi Raden Jambumangli arep ngetog tenagane kanggo nyempal pokange Prabu Guntara, Resi Wisrawa sing rumangsa kasampiran kuwajiban saka Hyang Sukma murih asung tetulung marang kang kaaniaya, mencolot lan nampel tangane Raden Jambumangli temah olehe nyekeli sikile Prabu Guntara dadi ucul. Prabu Guntara tiba neng lemah lan saking kagete banjur kantaka, ora eling apa-apa. Beda karo Raden Jambumangli sing kejaba kaget uga banjur rumangsa ana sing ngganggu gawe marang dheweke. Mripate sakala murup bareng weruh yen sing wis nampel tangane, jebul Pandhita sing mau nampel jemparingi Prabu Guntara sing dilepasake marang dheweke.

 

“He Pandhita sing anyar katon, yen ora kleru nggonku krungu, mau jenengmu Resi Wisrawa ya?” pitakone Raden Jambumangli karo mripat sing murup saking nesune “duwe karep apa kowe ngrusuhi nggonku tandang gawe he? Apa kowe uga duwe niyat sing padha karo raja-raja sing ana kene kuwi kabeh ya kuwi kepengin marak ing ngarsane Kaka Prabu Sumali nyuwun wangsulan kang dadi panglamarmu sadurunge, sarana nyingkirake aku sing dadi pepalangmu he? Mesthine nek kowe kuwi Pandhita, kudune weruh ing tata, ora waton sumlonong kaya lekase pitik tukung sing weruh padaringan menga ngono kuwi”.

 

“Sing gedhe pangapuramu Raden Jambumangli” wangsulane Resi Wisrawa alon nanging keprungu cetha “mula bener apa sing lagi wae mbok kandhakne kuwi mau, aku Resi Wisrawa saka Pratapan Girijembangan bawah negara Lokapala, sarta anggonku teka papan kene mula pancen aku kepengin sowan Prabu Sumali saprelu arep tak jak bebesanan sarana njodhokake Dewi Sukesi karo putraku Prabu Danapati. Nanging sira aja kleru tampa, niyatku nampel tanganmu sing nedya nyempal-nyempal anggane Prabu Guntara iki mau ora ateges aku ngrusuhi nggonmu nindakne kuwajiban, nanging mung saderma nindakne darmaku ya iku aweh pitulungan marang titah kang lagi kaaniaya. Sumurupa Raden Jambumangli, tenane wis ora bisa diselaki maneh yen kanyatane Prabu Guntara kuwi wis kasoran yudane lumawan sira, lan wong sing wis kalah ing perang kuwi ora kudu diperjaya luwih-luwih dianiaya kaya sing arep mbok tindakne. Mula becik yen para raja iku kalebu Prabu Guntara iki tumuli kaaturan kundur menyang negarane maneh sarta tata-tata asok glondhong pangareng-areng kaya sing wis mbok kandhakne sadurunge Prabu Guntara arep nglepasi jemparing marang jeneng sira mau”.

 

“Keparat kowe Resi Wisrawa” nampa pitutur becik ngono kuwi, Raden Jambumangli ora gelem nampa malah wuwuh kanepsone “aja mung langap-langap waton bisa ngucap kowe Pendhita sing murang tata. Aku dudu muridmu sing kudu mbok tuturi, aku dudu cantrikmu sing kudu manut wejanganmu, saiki yen kowe pancen kepengin marak ing ngarsane Kaka Prabu Sumali kaya sing wis mbok kandhakne mau, ayo singkirna Raden Jambumangli saka ngarepmu. Sembada kowe munggah sitinggil negara Ngalengka lamun Jambumangli wis dadi kunarpa”.

 

“Raden Jambumangli, ora ateges aku wedi yen kudu ngadhepi awakmu” wangsulane Resi Wisrawa panggah ayem “nanging kowe kudu eling, sanadyanta kowe kena diarani bisa luput saka ing pati awit aji Sasraswana sing nyawiji ing anggamu, nanging Hyang Suksma  kuwi tuhu Maha Adil, tumindakmu sing wis dhemen gawe pepati kuwi nyata ora gawe renaning Hyang Agung, yen kowe ora ngendheg lan nyukupne tekan semene wae nggonmu madeg dadi pepalang menyang Sitinggil Ngalengka, apa Raden Jambumangli ora wedi sikudhendhaning Bathara?”.

 

“Aja ndadak ngethuprus kakehan wuwus” Raden Jambumangli guneman santak “lekasmu arep munggah sitinggil Ngastina mbok tutugne apa mbok wurungne he? Yen pancen mbok tutugne ayo tandhingana Raden Jambumangli lan aja ngluputakae sapa-sapa yen mengko kowe bakal tak jejuwing kuwandhamu, nanging yen pancen kowe arep murungake karep lan sedyamu, diage sira minggata saka ngarepanku kene, aja nyepet-nyepeti panduluku keparat”.

 

“O dadi pancen wis ora kena dikandhani nganggo pitutur becik kowe Jambumangli?” Resi Wisrawa wiwit ilang kesabarane “yen pancen mangkono sing dadi karepmu, bakal tak ladeni apa sing dadi gendhingmu, mbok menawa pancen wis dadi kodrating jawata, mung nganggo srana iki Dewa mulung nyawamu dibalekne  marang asal-kamulane”.

 

Raden Jambumangli ora wangsulan maneh, awit wis ora sranta nggone kepengin mrawasa Resi Wisrawa. Nanging nyata ora kaya klebu ing nalar, nalika Raden Jambumangli nggero banjur nubruk anggane, Resi Wisrawa babar pisan ora ngendhani, panubruke Raden Jambumabli ditampani nganggo epek-epek tangan sing dibukak kaya lekase wong nduwa barang sing anteb nibani, epek-epek kuwi pas ngenani dhadhane Raden Jambumangli. Ora kaya nalika ketaman gegamane Prabu Guntara mau, uga beda karo nalika ketiban tangane Prabu Juwalasekti, nalika dhadhane Raden Jambumangli natap epek-epeke Resi Wisrawa, nuwuhake suwara jumlegur. Raden Jambumangli kontal memburi watara limang jangkah, ngadege dadi sempoyongan, tangane karo pisan dienggo nekepi dhadhane, saka tutuke ngetokne getih ireng sing kutah saka wadhuke. Sauntara Resi Wisrawa panggah ngadeg ana papane sakawit ora owah sethithik-dethithika.

 

“Setan kowe Wisrawa” Raden Jambumangli misuh karo ndekep dhadhane “aja seneng luwih dhisik kowe Pandhita murang tata, aja dumeh wis kuwawa nadhahi panubrukku nganti aku kontal memburi, sarta gawe laraning dhadhaku, entenana piwalesku sing arep njejuwing kuwandhamu”.

 

Bubar nyuwara ngono kuwi, Raden Jambumangli tumuli sedhakep, mripate diremake, matak aji jaya kawijayane sing dhuwur dhewe, ngempakne aji Lebur Sakethi peparinge Sang Hyang Sambo sing katiyasane sing sapa ketaman aji kuwi, aja maneh mung wujude titah, sanadyan Dewa pisan bakal klakon lebur dadi awu kuwandhane. Raden Jambu Mangli wis ora nggagas maneh paweling saka Sang Hyang Bathara Sambo nalikane arep maringake Aji Lebur Sakethi ing Gunung Maliawan nalika samana, ya iku paweling Raden Jambumangli ora dikeparengake ngecakne aji kuwi kajaba yen pancen wis kepepet lan ora bisa golek dalan liya kanggo nylametake awake saka pangrangsanging mungsuh. Aji Lebur Sakethi nyata gedhe walate yen nganti dicakne ora merga kaya sing dikandhakne kuwi mau.

 

Resi Wisrawa sing sumurup yen Raden Jambumangli matak aji Lebur Sakethi sing kena diarani Aji sengkeran, ora kena sembarangan anggone matak, tuwuh rasa welas lan mesakne ing atine marang Satriya Ngalengka sing apangawak Raseksa dibya kuwi.

 

“Raden Jambumangli elinga, aja mung nuruti hardaning napsumu sing ngajak bubrah, rucaten aji Lebur Sakethi sing wis mijil saka dhasaring jantungmu kuwi, sumurupa Raden Jambumangli ing sajroning perang tandhing iki dudu papan kanggo ngecakne aji sing dadi sengkeran kuwi, elinga marang paweling sing sira tampa saka Dewa sing wis nggadhuhake Aji Lebur Sakethi marang sira nalika samana” kanthi suwara sing cetha Resi Wisrawa nyoba ngelingne marang Raden Jambumangli.

 

“Ha ha ha ha” Raden Jambumangli semaur karo ngguyu banter “awas panyawangmu Wisrawa, wangune kowe wedi yen nganti kuwandhamu lebur dadi awu yen kongsi ketaman ajiku Lebur Sakethi?. Nanging, barang wis kadhung ora bisa dibaleni Wisrawa, wis dadi kodrating jagad dina iki kowe bakal tumekeng pati kanthi raga sing wis ora bisa dikukup maneh. Dina iki kowe bakal mati ing tanganku ketaman aji Lebur Sakethi sing bakal nglebur kuwandhamu”.

 

Resi Wisrawa sing anggone aweh pitutur ora digugu dening mungsuhe, banjur mencolot menyang sawijining watu gilang sing meh sakebo njerum gedhene. Resi saka Pratapan Girijembangan kuwi banjur lungguh sedhakep asuku juga, ngeningake cipta, nutupi babahan hawa sanga, minta sihing Hyang Suksma Kang Kawekas.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

14.

Ngerti nek Resi Wisrawa malah mapan semedi ing dhuwuring watu gilang, Raden Jambumangli rumangsa sansaya diremehne. Kanthi laku kang mangkono mau miturut panemuning nalare Raden Jambumangli, Resi Wisrawa wis nganggep entheng marang Aji Lebur Sakethi sing wis arep ditamakne. Raden Jambumangli tumuli ngegarne epek-epeking tangane diarahne menyang papane Resi Wisrawa sing lagi semedi. Saka tapaking tangan kuwi dumadakan mijil pega bening kaya urubing geni sing tanpa warna. Wiwitane mung cilik nanging sansaya suwe sansaya gedhe, mlaku regunukan nyedhaki papane Resi Wisrawa sedhakep asuku juga.

 

Nalika pega bening sing tanpa warna kuwi tekan papane Resi Wisrawa dumadakan ana suwara kaya suwarane bledheg sing nyamber mangsane, sinusul pega bening salin wujud malih dadi geni sing mulat-mulat biru rupane, mung sagebyaring that-thit geni kuwi wis ngobong Resi Wisrawa temah Resi Wisrawa wis ketutup dening uruping geni, nganti babar pisan ora katon wujude. Raden Jambumangli sing ngulati saka papane ngadeg, rumangsa seneng lan ngira yen Resi Wisrawa wis sirna kabesmi dening geni sing dumadi saka Aji Lebur Sakethi sing ditamakne kuwi. Ora krasa Raden Jambumangli banjur mesam-mesem dhewe, nuduhne yen lagi kalegan atine.

 

Nanging Senapati Agung Negara Ngalengka kuwi dadi cuwa, sawuse sauntara geni sing mulad-mulad ngobong Resi Wisrawa, mbaka sethithik banjur suda lan wasana ilang blas ora ana tilase. Mung hawa panas saka papan murubing geni isih krasa kaya awuning geni pawon sing kentekan kayu bonge. Sailanging geni sing mau nutupi ragane, Resi Wisrawa katon ngadeg ing lemah, sauntara watu gilang sing mau dienggo lungguh wis malih dadi awu. Resi Wisrawa katon babar pisan ora owahe, jubah lan sandhang sing dienggo iya isih wutuh kaya ora nate ana kedadeyan apa-apa. Ora krasa para raja sing padha nonton anggone Resi Wisrawa perang tandhing lan Raden Jambumangli padha keplok-keplok, surak ambata rubuh, aweh pamuji marang Sang Resi.

 

Raden Jambumangli sing mau wis rumangsa menang, sakala dadi sansaya muntab. Luwih-luwih bareng krungu yen para raja padha alok nelakne rasa senenge merga Resi Wisrawa pranyata ora kobong dening geni sing dumadi saka pletikane aji Lebur Sakethi sing dicakne.

 

“Keparat kowe para raja sing ora weruh ing panarima, wis saguh dadi telukane negara Ngalengka ning nyatane isih ngalembana marang mungsuhe Raden Jambumangli” kaya guneman ijen Raden Jambumangli grenengan sing suwarane keprungu dening para raja sing ana kono.

 

Krungu anggone grenengan Raden Jambumangli ngono kuwi, para raja kuwi lagi kelingan yen sing slamet saka dayaning aji Lebur Sakethi kuwi mungsuhe Raden Jambumangli. Sakala para raja kuwi padha cep klakep nutup tutuke dhewe-dhewe.

 

“Sansaya gedhe atimu Resi Wisrawa merga para raja kuwi kabeh padha ambala marang kowe?” kandhane Raden Jambumangli sabanjure, sing iki cetha yen ditujokne marang Resi Wisrawa.

 

“Kanggone Resi Wisrawa ora mongkog sajroning ati awit ora kobar dening panasing geni sing dumadi saka aji sing mbok tamakne Jambumangli, luwih-luwih yen mung oleh pangalembana dening sapepadhaning titah kaya para raja sing jaremu wis dadi telukan negara Ngalengka kuwi” kanthi alon nanging cetha Resi Wisrawa aweh wangsulan “sumurupa Raden Jambumangli satriya sing tuhu wudu ing tandhing, anane aku ora lebur dadi awu kaya watu sing mau tak lungguhi ketiban ajimu kuwi ora jalaran Resi Wisrawa sing nyata sekti mandraguna, lan ora merga kurang ampuhe aji Lebur Sakethi sing  wis mbok cakne, nanging iya awit saka adiling Hyang Suksma sarta saka suci lan agunge Aji Lebur Sakethi gadhuhanmu kuwi”.

 

“Apa sing mbok karepne Wisrawa?” karo nyentak Raden Jambumangli semaur ing rembug “pancen tenane, anggonku namakne Aji Lebur Sakethi mau kena diarani isih tidha-tidha, lire ora wutuh nggonku nibakne, mula ora aneh yen kowe isih kuwawa mageri dhiri temah ora kobong dadi awu”.

 

“Aku ora duwe tameng kaya sing mbok kandhakne kuwi Jambumangli” wangsulane Resi Wisrawa “sumurupa Aji Lebur Sakethi kuwi uga titahing Dewa, abdine Sang Hyang Bathara Sambo, dadi ya ngerti pranatan lan bisa mbedakne endi sing bener lan endi sing luput. Anane aku ora kobong dadi awu, jalaran Lebur Sakethi pancen ora duwe sedya gawe cilakaku, Lebur Sakethi ngerti yen nganti aku kobong merga panas sing diwijilake, tan wurunga malah gawe cilakane Lebur Sakethi dhewe jalaran bakal nampa sikudhendha saka bendarane ya iku Pukulun Bathara Sambo. Mula saka iku, sepisan maneh tak elingake aja mbok tutugne nggonmu karem gawe rusaking bumi, rucaten aji Lebur Sakethi banjur kanthinen aku manggihi Prabu Sumali ing Sitinggil”.

 

“Gegelahing jagad leletheking bawana kowe Resi Wisrawa” Raden Jambumangli wangsulan kanthi tembung sing sugal “kemruwuk nggonmu umuk, semuci suci sing ndadekne aku sansaya gila krungu omonganmu. Saiki mara siyagakna apa sing sira duweni, bakal tak atag Aji Lebur Sakethi kanthi wutuh, lan ngertia dudu mung kowe sing bakal lebur dadi awu kemangsa dening Lebur Sakethi nanging uga para raja sing ana kene kuwi kabeh, minangka paukuman marang wong sing wis nyelaki batine dhewe ing ngarepku, klebu Raja culika si Guntara sing saiki isih kentekan tenaga, sing mau kober mbok odot umure”.

 

Bubar kandha mangkono kuwi, Raden Jambumangli tumuli asikep kaya mau, ya iku kanthi ngegarake tlapaking tangane, loro-lorone saiki genti ngarah marang papane para raja sing rada adoh panggonane. Para Raja sing padha weruh sing ditindakne Raden Jambumangli dadi giris atine, banjur padha mlayu salang tunjang ngedohi papan kono kepengi golek slamet dhewe-dhewe, awit wedi lan ora kepengin mati kobong dening aji Lebur Sakethi sing ditamakne Raden Jambumangli. Weruh para raja padha mlayu kaweden, Raden Jambumangli ngguyu latah-latah, nanging ora ngendheg lakuning ajine sing saiki wis wujud geni mulad-mulad semu biru rupane. Geni kuwi banjur mubeng kaya ubenge angin gambul ing mangsa ketiga nyedhaki mangsa labuh, karo mubeng banjur mlaku kaya angin mbujung para raja sing padha mlayu sar-saran.

 

Resi Wisrawa rumangsa welas marang para raja sing tenane ora dosa nanging dikatutake arep digawe cilaka dening Raden Jambumangli kuwi. Mula banjur kandha marang Senapati Agung Ngalengka kuwi kinen murungake sedyane nggone arep ngobong para raja sing wis mlayu kuwi .

 

“Jambumangli, aja kaya wong cubluk tandangmu, yen nyata perwira aja mbok katut-katutake para raja sing wis padha tanpa daya kae, ayo tandhing tiyasa karo Resi Wisrawa” kandhane Resi Wisrawa seru “dudu sipating satriya yen mung bisa gawe pepati wong sing wis tanpa daya, sauntara mungsuh sing kudu diadhepi durung tumetes kringete”.

 

Disumbari dening Resi Wisrawa mangkono kuwi, Raden Jambumangli tumuli wangsulan karo gumuyu seru :

 

“Aja kleru tampa Wisrawa, lan aja meri atimu, geni sing mbujung playune para raja kae dudu geni kanggo kowe, yen kowe kepengin enggal ngerti ampuhe Lebur Sakethi sing wutuh, saiki mara tampanana”.

 

Kaya wong buwang krikil, Raden Jambumangli ngobahne tangane. Ana geni sakepel sing tumiba ing ngarepe Resi Wisrawa, nanging kaya mau banjur owah dadi geni sing mulat-mulat salumbung bandhung gedhene, ngebyuki Resi Wisrawa, nganti pandhita kuwi ora katon wujude ketutup dening geni biru sing mulat-mulat kang panase tikel ping sewu tinimbang geni lumrah.

 

Kocapa Resi Wisrawa sing nyata nggadhuh manekawarna aji jaya kawijayan, sanadyan ragane wis prasasat dikemuli dening geni sing dumadi saka Aji Lebur Sakethi, suprandene babar pisan ora gosong busanane. Malah sajroning atine Resi saka Pratapan Girijembangan kuwi mrihatinake lan nyamarake kaslametane para raja sing mau padha salang tunjang dibujung geni rupa biru. Wasana kanthi nggunakne aji jaya kawijayan sing digadhuh, Resi Wisrawa tumuli anguwuh kanthi suwaraning batin marang geni sing mau nguber para ratu, supaya manunggal dadi siji ngebyuk marang dheweke. Pranyata apa sing dikarepake dening Resi Wisrawa kasembadan, geni sing mau tansah nututi playune para raja banjur mubeng mbalik lan mlaku tumuju papane Pandhita sing nyata nggadhuh kasekten sing tan kena kinira-kira kuwi.

 

 

 

 

15.

Raden Jambumangli mau rumangsa gumun dene geni biru sing diprentah supaya nguber playune para ratu kuwi dumadakan mbalik, nanging bareng weruh mbalike geni tumuju marang Resi Wisrawa sing uga wis kagubel dening geni, lagi tanggap yen mbalike genine aji Lebur Saketgi kuwi merga saka pokale Resi Wisrawa.  Raden Jambumangli tumuli matak aji liyane sing diduweni, ing pangangkah kanggo mikuwati aji Lebur Sakethi sing temene uga wis nggegirisi, ya iku aji Naracasewu. Karo menthang langkap sing sinandhangan panah sing bedhore murup, Raden Jambumangli gya angrapal mantram sakti, dumadakan saka gandewa kang pinenthang kuwi mbarubul pirang-pirang jemparing sing akehe ora kena diwilang, prasasat kaya metune laron saka lenge, jemparing-jemparing sing murup bedhore pating brubul ngarah marang papane Resi Wisrawa sing lagi kagunel dening genine Lebur Sakethi.

 

Kocapa Resi Wisrawa sing kegubel genine Aji Lebur Sakethi, bareng sumurup yen Raden Jambumangli uga ngetokne aji Naracasewu kanggo ngranjab awake, sakala runtik jroning panggalih, tuwuh tekade kanggo males tumindake Raden Jambumangli sing wis ngliwati wates kuwi. Resi Wisrawa tumuli matak aji Panguntapan sing daya kekuwatane bisa mbalekne sakehing bebaya sing tumuju marang awake mbalik marang asale. Kabul pangatage Resi Wisrawa nggone mangreh aji Panguntapan, ora suwe katon geni sing maune nggubel marang salirane kuwi wiwit muter mbalik nglawan panah-panah geni sing lepas saka sendhenge Raden Jambumangli, temah panah sing akehe maewu-ewu kuwi padha sirna kaya tumibane geni tumper sing dibuwang menyang balumbang. Ora mung teka semono dayane aji Panguntapan sing dicakne Resi Wisrawa, geni sing rupane biru sing asale saka Ajine Raden Jambumangli kuwi muser kaya angin lesus, ninggalne Resi Wisrawa mbalik ngarah marang prenahe Raden Jambumangli. Kepanduk geni sing dumadi saka aji Lebur Sakethi gadhuhane pranyata Raden Jambumangli ora bisa endha. Senapati Agung negara Ngalengka kuwi njerit kelaran sambat mati, nanging ora suwe. Geni sing mulat-mulat warna biru kuwi dumadakan mumbul ing antariksa nuli ilang saka pandulu, ninggalne jasade Raden Jambumangli sing wis ajur mumur dadi umbrukan awu. Raden Jambumangli tumekeng pati dening ajine dhewe sing dibalekne dening Resi Wisrawa sarana aji Panguntapan.

 

Resi Wisrawa tumuli ngrucat aji Panguntapane, banjur mara nyaketi papane Raden Jambumangli sing mung kari wujud umbrukan awu. Para ratu sing mau padha keplayu merga diburu genine Lebur Sakethi uga banjur padha bali melu nyaketi layone Raden Jambumangli, kabeh padha baris ing mburine Resi Wisrawa. Jroning atine para ratu kuwi padha gawok kaworan eram marang kasekten sing disuweni Pandhita saka Girijembangan kuwi.

 

“Sing gedhe pangapuramu Raden Jambumangli” kandhane Resi Wisrawa marang layon sing wis dadi awu kuwi “satemene ora ana lekas jroning atiku kanggo gawe patimu kanthi kahanan kang kaya mangkene iki, kabeh mau kapeksa tak tindakne awit mung ngladeni apa sing dadi karepmu sing ngalang-alangi lakuku arep nemoni Prabu Sumali. Samengko sira wis sirna lebur dening ampuhe ajimu dhewe, mangka aja dadi atimu nek tak tinggal ana kene, aku arep munggah sitinggil kepethuk karo Prabu Sumali”.

 

Sawise guneman marang awu sing wis ora bisa semaur kuwi, Resi Wisrawa banjur genti madhep memburi nyawang para ratu sing ana kono karo kandha :

 

“Para Raja sedaya,  Raden Jambumangli sampun sirna margalayu, sampun boten malih ingkang dados pepalang sok sintena ingkang badhe kepanggih Prabu Sumali ing sitinggil. Samangke kula badhe manggihi Prabu Sumali ngaturaken panglamaripun Narendra Lokapala ingkang kepengin amengku Kusuma Dewi Sukesi, menawi jengandika sami ugi taksih kepengin sowan ing ngarsanipun Prabu Sumali, saged minggah ing sitinggil sesarengan kalihan kula”.

 

Krungu apa sing dikandhakne Resi Wisrawa mangkono kuwi, para raja ora ana sing tumuli aweh wangsulan, malah padha pating plenggong, padha inget-ingetan siji lan sijine.

 

“Dhuh Sang Adi Panembahan” sawuse amem sauntara, Prabu Guntara sing mau meh wae mati ana tangane Raden Jambumangli nanging bisa ditulungi Resi Wisrawa aweh wangsulan “menawi kula sampun trimah murungaken sedya kula ingkang badhe ngayunaken Dewi Sukesi sasampunipun kula ngertos menawi Paduka Sang Adi Panembahan ugi kagungan sedya ingkang sami kalihan sedya kula. Malah samangke kula ugi lajeng minta pamit badhe wangsul dhateng nagari kula piyambak, boten langkung pangestunipun Panembahan Resi Wisrawa ingkang kula suwun mugi mayungana lampah kula wangsul dhateng nagari Ngantara”.

 

“Kula ingih makaten Sang Resi”

 

“Makaten ugi kula Sang Panembahan”

Para raja padha saur manuk wangsulan dhewe-dhewe. Kabeh padha murungake karepe, merga ora kepengin memungsuhan karo Resi Wisrawa sing nyata wis ndadekne girising atine.

 

“Menawi makaten, kula namung saged nyenyuwun dhumateng Hyang Suksma mugi tansaha paring pangayoman dhumateng jengandika sami lumeberipun dhateng para kawula ing nagari jengandika” wangsulane Resi Wisrawa “lan kaparenga kula tumuli minggah dhateng sitinggil kepanggih lan Prabu Sumali”.

 

Sawuse para raja kuwi asung kurmat marang Resi Wisrawa banjur padha budhal bali menyang negarane dhewe-dhewe, senadyan ana rasa cuwa awit ora kasembadan sedyane mengku Dewi Sukesi, nanging ora ndadekne gela sing ngambra-ambra. Kabeh bisa nampa yen pancen wis sak trepe manawa Dewi Sukesi oleh jodho Narendra Lokapala sing panglamare disulihi dening Resi Wisrawa, Pandhita sekti sing uga wicaksana.

 

Sauntara kuwi, ing sitinggil negara Ngalengka Prabu Sumali sing diadhep ingkang putra Raden Prahastha, katon padha ora jenjem anggone padha lelungguhan. Kabeh padha, atine tansah dheg-dhegan, ngenteni warta saka blabar kawat kentheng waja sing malangi dalan tumuju menyang Sitinggil. Kabeh padha ngenteni munggahe Raden Jambumangli, nanging sing marak munggah jebul malah Tumenggung Gumbalayaksa sing kajibah ngulat-ulati Raden Jambumangli.

 

“Kepiye kahanane blabar kawat lan Dhimas Jambumangli, Gumbalayaksa?” gurawalan Prabu Sumali nakoni abdine kuwi.

 

“Cadhong duka lan atur katiwasan Gusti” wangsulane Gumbalayaksa karo nyembah.

 

“Ketiwasan sing kepiye he? Matura kang trawaca!” Prabu Sumali katon yen rada kaget.

 

Tumenggung Gumbalayaksa banjur matur, nyritakne lelakon sing wis dumadi dina kuwi. Wiwit Raden Prahastha paring cecala, sinusul perang tandhinge Raden Jambumangli lumawan Prabu Juwalasekti, banjur critane Prabu Guntara sing padudon karo Brahmana sing lagi teka, nganti tekan pangamuke Raden Jambumangli sing nibakne  aji Lebur Sakethi, wasana dipungkasi karo Raden Jambumangli sing gugur merga kena ajine dhewe sing dibalekne dening Brahmana sing diarah patine.

 

“Dadi Dhimas Jambumangli gugur ing madyaning blabar kawat?” Prabu Sumali takon karo suwara banter nuduhne rasa kaget lan semu ora percayane, merga Prabu Sumali ngerti nek Raden Jambumangli kuwi kalis saka pati jalaran nggadhuh Aji Sasraswana, sing ateges duwe serepan nyawa sewu cacahe.

 

“Kawula nuwun inggih Sinuwun” wangsulane Tumenggung Gumbalayaksa “malah saliranipun boten saged kakukup malih jalaran sampun lebur dados awu, kabesmi dening latu biru ingkang dumados saking dayaning Aji Lebur Sakethi ingkang dipun lepasaken piyambak dening Gusti kula Raden Jambumangli, nanging saged dipun duwa lan dipun wangsulaken dening satunggaling Brahmana ingkang ugi kepengin marak ning ngarsa paduka”.

 

“Ana Brahmana sing uga melu ngleboni sayembara?” Prabu Sumali kaya takon marang awake dhewe “Apa kowe ngerti sapa jenenge Brahmana kuwi, Gumbalayaksa ?”.

 

“Estunipun Brahmana wau ugi nyebat asma Sinuwun, nanging gandheng tebih papan kula saking blabar kawat, kirang terang pamireng kula, mugi Kanjeng Sinuwun kepareng paring pangaksama” wangsulane Tumenggung Gumbalayaksa sajak kaweden, ngrumangsani yen durung sampurna nggone ngayahi jejibahan sing dipasrahake.

 

Prabu Sumali ora enggal guneman aweh wangsulan marang Tumenggung Gumbalayaksa sing kena diarani tledhor anggnoe makarya kuwi. Rada sauntara Prabu Sumali ngincangne bathuk, njengkerut sajak ngeling-eling jenenge Brahmana sing tau ditepungi sing nduweni kadigdayan pinunjul.

 

“Kula ingkang sowan Yayi Prabu” merga ketungkul anggone ngangen-angen critane Tumenggung Gumbalayaksa, nganti Prabu Sumali ora ngerti yen ana paraga munggah sitinggil sing banjur aweh cecala. Sakala Prabu Sumali noleh, nyawang paraga sing lagi teka, sakala nggragap krasa dheg-dhegan dhadhane Narendra Yaksa ing negara Ngalengka kuwi.

 

“Kakang Pukulun Begawan Wisrawa………..?” karo mlenggong sajak kaget Prabu Sumali nyebut jenenge paraga sing lagi teka.

16.

Gita-gita Prabu Sumali mudhun saka dhampir palungguhane, daya-daya mapag tekane Resi Wisrawa. Wong loro padha gapyuk rerangkulan, banjur kanthi kurmat Prabu Sumali nggandheng tangane Resi Wisrawa dilungguhake ing kursi sing gadhing sing jajar karo palungguhane.

 

Tumenggung Gumbalayaksa sing ngerti yen sing lagi teka kuwi ora liya Pandhita sing mau gawe patine Raden Jambumangli, dadi gawok lan gumun, babar pisan Tumenggung buta kuwi ora ngira jebul ratu gustine banget anggone ngaji-aji marang Pandhita sing mau perang tandhing karo Raden Jambumangli.

 

“Prasasat pindha pangumbara ing samodra pasir ingkang nembe nandhang kasatan dumadakan manggih sumber toya wening ing ngajengipun raosing manah kula dupi sumerep paduka Kakang Panembahan rawuh ing pura Ngalengka menika” kandhane Prabu Sumali karo praupan sing bingar, nuduhne senenging atine awit tekane Resi Wisrawa “pangabekti kula mugi kunjuka ing sahandhaping pepada paduka Kakang Panembahan”.

 

“Inggih Yayi” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem “paringing pangabekti saking yayi Prabu sampun kula tampu kanthi gambiraning manah, boten langkung inggih dhawah sami-sami Yayi”.

 

“Prahastha…….” Prabu Sumali tumuli nimbali Raden Prahastha.

 

“Kawula wonten dhawuh Kanjeng Rama Dewaji” wangsulane Raden Prahastha karo nyembah.

 

“Sumurupa ingkang katemben rawuh iki, isih kaprenah Wakmu, ya sedulurku tuwa sing asmane asring tak critakne marang jeneng sira kulup, ya iki pepundhening pun Bapa sing asmane Begawan Kisarwa ya Resi Wisrawa” wangsulane Prabu Sumali “sira kulup ingsun keparengake ngaturake pangabekti sarta nyuwun pangestu marang keng Wa , kulup Prahastha”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Rama” wangsulane Raden Prahastha, banjur tumuli matur marang Resi Wisrawa “Wa Panembahan, sa rawuh paduka ing sitinggil Ngalengka, kula putra paduka pun Prahastha ngaturaken sumungkeming pangabekti, mugi kunjuk ing ngarsa paduka Wa Resi Wisrawa”.

“Ya Jagad Dewa Bathara” Resi Wisrawa nyebut asmaning dewa karo mesem sajak kepranan atine “jebul wis rada suwe anggonku ora saba Ngalengka iki, ketitik pungkasan aku lungguh sapajagong karo Yayi Prabu Sumali ing papan kene iki, nalika putraku Prahastha iki isih bayi abang. Jebul saiki wis ndungkap diwasa, katon gagah pideksa, gedhe dhuwur, apangawak prabata. Iya, iya ngger putraningsun wong sigid Prahastha, sira ngaturake pangabekti marang pun wa, tuhu wis gawe bombonging penggalihingsun, ora liwat pangestuning pun Wa wae tampanana Kaki”.

 

“Gurawalan anggen kula nampi Wa Panembahan” wangsulane Prahastha sajak seneng atine “samangke sampun kula petek ing salebeting dhadha, mugi dadosa jimat kayuwanan kula, kawula nuwun, nuwun”.

 

“Nyuwun pangapunten Kakang Panembahan” ganti Prabu Sumali sing guneman maneh “sumengka asalira bajra, rawuh Paduka Kakang Panembahan, anyarengi ri paduka kula pun Sumali nembe kemawon nampi wartos dhuhkita. Menapa rawuh paduka Kakang Panembahan namung sadremi mratinjo kawilujengan kula, menapa badhe paring dhawuh dhateng pun yayi?”.

 

“Yayi Prabu kadanging pun Kakang” Resi Wisrawa alon aweh wangsulan, jroning ati wis ngira apa sing dikarepake dening Prabu Sumali sing ngandhakne lagi wae nampa warta dhuh kita kuwi mau “estunipun kajawi kepengin njampeni raos kapang kula dhateng Yayi Prabu, kula badhe nyuwun pangaksami dhateng Yayi Prabu awit pun Kakang kapeksa tumindak ingkang mbok bilih boten mranani malah kepara saged ndadosaken dukanipun Yayi Prabu, nanging mugi kauningana Yayi anggen kula tumindak dosa menika awit kapeksa lan boten kanthi niyat saking griya saha pun Kakang sampun nyuwun dhumateng Hyang Suksma kanthi ngunjukaken panebusing dosa”.

 

“Dhuh Pukulun Kakang Panembahan pepundhen kula ing marcapada” karo suwara rada nggragap semu gumun Prabu Sumali nanggapi wangsulane Resi Wisrawa “menawi angemuti kathahing lelabetan jengandika Kakang Panembahan ingkang tansah paring pitedah saha panuntun dhumateng kula, mila mokal menawi kula wantun mastani bilih Paduka tumindak lepat, jalaran sampun malih namung damel kapitunan kula sanaosa Kakang Panembahan mundhut pejah kula, saestu dereng timbang kalihan kasaenan paduka ingkang kaparingaken ri paduka kula, menapa malih tumindak ingkang katindakaken kakang Panembahan kasebat kenging kawastanan awit kapeksa saha kakang Panembahan sampun ngunjukaken panebusing dosa dhateng Hyang Suksma, tartamtu ri paduka kula boten badhe anglepataken jengandika malah kepara ngaturaken genging panuwun dhumateng jengandika Kakang Resi Wisrawa. Samangke yenta kaparengna ngertos, ri paduka pun Sumali badhe nyuwun pirsa, menapa ingkang paduka Kakang Panembahan wastani tumindak dosa kala wau?”.

 

“Samanten katresnanipun Yayi Prabu dhateng pun Kakang” Resi Wisrawa aweh wangsulan “kawiwitan nuruti raos kapang, kasambet kalihan tinangisan anak kula pun Danaraja ing Lokapala, kelampahan kula dumugi ing praja Ngalengka. Namung kuciwanipun, nalika kula dumugi regoling alun-alun ingkang asesambetan margi ingkang tumuju Sitinggil mriki, kula nyumerepi kathah raja sami ngupengi Blabar Kawat Kentheng Waja. Jebul ing mriku wonten titahing Gusti ingkang sami pamer kaprawiran saha kadigdayan. Namung kemawon, kula rumaos ngeman sanadyan boten saged tumindak menapa-menapa, satriya Ngalengka ingkang sesilih Raden Jambumangli tuwin Prabu Juwalasekti narendra ing nagari Awugeni, anggenipun perang tandhing sampun sami nilar lampah paugeraning satriya. Ing wasana sanadyan kagadhuhan aji Sedulurbumi ingkang kondhanging kathah kalis saking pejah, Prabu Juwalasekti saged dipun prajaya dening Raden Jambumangli kanthi cinacah dados gangsal pantha kunarpanipun. Kasusul malih wonten Narendra ingkang cubluk lan nggadhahi sipat culika, nenggih Prabu Guntara saking Nagari Ngantara ingkang nedya nindakaken lampah cidra, nglepasaken senjata dibya kanthi dhedhemitan dhateng Raden Jambumangli, nanging awit saking pitulunganing Bathara tindak cidranipun  Prabu Guntara saged kula wurungaken, nanging malah ndadosaken dukanipun Satriya Ngalengka Raden Jambumangli, wasana sasampunipun perang tandhing sawatawis wekdal Prabu Guntara sampun boten kiyat ngglawat malih lan badhe kasempal-sempal pokangipun dening Raden Jambumangli, ing mriku sepisan malih pun Kakang nunten tumandang, milujengaken Prabu Guntara saking pejah kasiya-siya. Inggih awit lekasipun pun kakang makaten menika ingkang ndadosaken  duka lan bendunipun Raden Jambumangli dhateng kula, temah pasulayan boten saged dipun selaki malih. Nyata Raden Jambumangli menika satriya ingkang sekti mandraguna, kula kadhawahan aji Lebur Sakethi ingkang estunipun aji sengkeran ingkang ageng walatipun menawi ta dipun cakaken ingkang boten trep kalihan angger-anggering aji kasebat, sanadyan Raden Jambumangli sampun kula emutaken parandene boten nggega malah sansaya ndadra, wasana pun kakang kapeksa amangsulaken aji kala wau dhateng Raden Jambumangli ingkang ndadosaken piyambakipun gugur lebur dados awu awit kenging ajinipun piyambak. Gandheng kula boten saged asung pitulungan menapa-menapa, kula lajeng nututi alusipun Raden Jambumangli kula tedahaken margi ingkang anjog dhateng papanipun para leluhur Ngalengka. Makaten ingkang saged kula aturaken ing ngarsa jengandika yayi Prabu”.

 

Anjegreg kaya tugu sinukarta Prabu Sumali krungu critane Resi Wisrawa kang mangkono kuwi. Crita kuwi pancen anjangkepi critane Tumenggung Gumbalayaksa mau. Lan kanthi crita iki cetha manawa tuking kaluputan kuwi manggon ing Raden Jambumangli dhewe. Luwih-luwih jebul sing nyirnakne Jambumangli jebul Resi Wisrawa sing dening Prabu Sumali wis diweruhi manawa iku Pandhita sing wicaksana lan caket karo Kang Maha Kawasa, kabeh tumindake mesthi ora cengkah karo pranatan sing digarisake dening Hyang Maha Wicaksana. Mula sanadyan ora bisa ngilangake rasa getun awit kudu tininggal dening sedulure ipe, nanging Prabu Sumali tumuli bisa amupus marang lakuning kodrat.

 

“Ngaturaken genging panuwun Kakang Panembahan” sawuse meneng rada sauntara Prabu Sumali banjur guneman “mila adiling Hyang Agung sampun nggarisaken, kodrat margi kangge pejahipun Yayi Jambumangli kedah makaten, estunipun yayi Paduka kula, sampun wongsal-wangsul dhawuh dhateng Dhimas Jambumangli murih murungaken pikajenganipun ingkang pasang sayembara kados makaten menika, namung emanipun Yayi Jambumangli mila boten mundur awit pitutur saha boten mendha nadyan sampun kula emutaken kanthi sae”.

 

“Inggih Yayi, samangke kula nyuwun dhateng Yayi Prabu, keparenga ndhawuhaken dhateng para abdi murih angrukti awunipun Raden Jambumangli langkung rumiyin. Sasampunipun menika, pun Kakang badhe ngaturaken menapa ingkang nuwuhaken raos kapang ing manah kula dhateng Yayi Prabu ing Ngalengka” wangsulane Resi Wisrawa sing banjur matah Prabu Sumali murih ana abdi sing ngrukti layone Raden Jambumangli sing wis wujud awu.

 

Prabu Sumali tumuli ngatag Tumenggung Gumbalayaksa supaya nindakne apa sing dikandhakne Resi Wisrawa kuwi. Sing kaprentah, matur sendika lan kanthi lon-lonan mundur saka sitinggil arep nindakne apa dhawuhing ratu Gustine.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

17.

Sawuse dhawuh kanggo ngrukti kunarpane Raden Jambumangli marang Tumenggung Gumbalayaksa katindakne, Prabu Sumali banjur nata lungguhe siyaga nampa apa sing arep dikandhakne tamune, ya iku Resi Wisrawa sing jare arep ngandharake mungguh kang dadi pawadan nggone kangen marang dheweke.

 

“Kakang Panembahan” kandhane Prabu Sumali sabanjure “samangke ri paduka pun Sumali sampun samapta ing dhiri kangge mirengaken menapa ingkang badhe kadhawuhaken”.

 

“Inggih Yayi” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem lega  “estunipun, sampun sawatawis wekdal manah kula kraos kirang jenjem, inggih awit nggagas menapa ingkang dados pamundhutipun Yayi Prabu ingkang dumugi wekdal menika dereng saged kula aturaken, awit saking menika kula lajeng nggadhahi lekas badhe sowan Yayi Prabu saprelu minangkani menapa ingkang sampun kadhawuhaken Yayi Prabu dhumateng kula dhuk rikala samanten. Lan saderengipun pun Kakang bidhal mriki, pun Kakang mampir dhateng papanipun ingkang putra pun Danapati ing Lokapala, ing pangangkah badhe mundhut pamit murih boten dipun padosi menawi Danaraja sowan dhateng Girijembangan andilalah boten panggih kalihan kula. Jebul nalika badhe kula pamiti, anak kula pun Danaraja nembe ribet manahipun ingkang pranyata wonten sesambetanipun kalihan anggen kula badhe sowan dhateng Ngalengka menika Yayi Prabu”.

 

“Dhuh Kakang Resi jimat pepundhen kawula” Prabu Sumali sing durung cetha nggone nampa apa sing dikarepake Resi Wisrawa kuwi banjur nyuwun pirsa “mbok inggiha Kakang Panembahan kepareng mbalakaken menapa panyuwunan kula dhateng Kakang Panembahan ingkang dereng dipun paringaken menika? Awit saestu inggih jalaran saking cublukipun ri paduka kula, kula piyambak sampun kesupen kalihan panyuwunan ingkang Paduka dhawuhaken menika. Kaping kalih menapa ingkang ndadosaken sekeling penggalihipun Anak Prabu Danapati?  Menawi ta ri Paduka kula kuwawa, saestu kanthi suka rilaning manah, ri paduka nedya ndherek caos bebantu murih sekelipun anak kula pun Anak Prabu Danapati enggal sirna”.

 

“Ngaturaken sewu genging panuwun saderengipun Yayi” Resi Wisrawa semaur kanthi polatan sumunar padhang nuduhne senenging atine “Menawi pun Kakang boten lepat pangeling-elingipun, Yayi Prabu nate paring dhawuh dhumateng kula bilih Yayi Prabu Sumali saestu sru sanget anggenipun gandrung dhateng Ngelmu utawi Aji Sastra Jendra Yuning Rat. Inggih menika ingkang ndadosaken kula kapang kepengin sowan ing ngarsa paduka yayi Prabu, saprelu ngrembag prakawis menika. Dene ingkang angka kalih magepokan kalihan ribeting manahipun Danapati, inggih menika Danapati sru sanget anggenipu kayungyun dhumateng Sekarkedhaton Ngalengka, nenggih Nini Dewi Sukesi. Inggih awit saking menika, kaparenga pun kakang nyuwun pirsa dhateng Paduka Yayi Prabu, menapa Yayi Prabu dinten samangke taksih ngersakaken nampi piwucal wedharing ngelmi Sastra Jendra Yuning Rat menika ? Kaping kalih mbok bilih wonten rilaning penggalih kaparenga Yayi Prabu amaringaken keng putra Nini Dewi Sukesi dhumateng pun kakang, sesambetan kalihan ribeting manahipun anak kula pun Danapati ingkang sampun kula aturaken kala wau ing ngajeng. Kados pundi Yayi Prabu?”.

 

(Jog tumedhak Sang Prabu Sumali

Saking palenggahan nawarena,

Angrepepeh ing ngarsane,

Arsa angraup suku,

Sang Pandhita gupuh nedhaki,

Pan sarwi kipa-kipa,

Nyandhak astanipun

Dhuh Yayi Prabu Ngalengka

Sampun sampun Paduka arsa punapi

Anguncupaken asta ?

 

Aturnya lon Sang Prabu Sumali

Saking sukane manah kawula

Amiyarsa pituture

Ing tyas langkung kapencut

Nugrahanen kakang pun yayi

SASTRA JENDRA YUNING RAT

PANGRUWATING DIYU

Pun yayi kliwat cilaka

Tinitah wil sato padhane ing bumi

Pae lawan manungsa.

 

Sampun tanggung nggen paduka asih

Ing kaswasih benjang ari loka

Cangkingen wor ing dheweke

Prasetyamba pukulun sampun menggah nini Sukesi

Nagari ing Ngalengka

Lan saisinipun

Jro pura katur sadaya

Nadyan pejah gesang tan ngraos ndarbeni

Langkung karsa paduka

 

·       Cathetan sekar dhandhanggula 3 pada ing nginggil kasebat kula serat namung lelandhesan eling kula nalika nyemak Buku KUNCI SUWARGA (Miftahul Jannati) yasanipun Sawargi Bratakesawa.

 

Dupi krungu apa sing dikandhakne Resi Wisrawa kang mangkono kuwi, sakala Prabu Sumali mudhun saka kursi palungguhane, banjur ndheprok neng jogan tumuli mlaku kanthi ngesot, ngraup sikile Resi Wisrawa, disembah dlamakane. Resi Wisrawa kaget sajroning ati, tumuli melu mudhun saka kursine lungguh neng ngisor kaya patrape Prabu Sumali, karo kipa-kipa menging lekase Prabu Sumali kang kaya mangkono iku, tangane Prabu Sumali dicandhak banjur ditakoni :

 

“Yayi Prabu kadanging pun kakang, kenging menapa Yayi Prabu menika? Sampun makaten menika Yayi, mangga dhawuh kemawon dhateng pun Kakang menapa ingkang Yayi Prabu kersakaken? Menapa atur kula wonten ingkang boten ndadosaken boten renaning penggalihipun Yayi Prabu Sumali?”.

 

“Dhuh Kakang Panembahan sesembahan kula ing marcapada” karo suwara sing alon nanging cetha, Prabu Sumali wangsulan “lekas kula ingkang makaten menika, inggih awit saking bingahing manah kula mireng dhawuh pangandika Paduka Kakang Panembahan. Estunipun tuhu anggen kula gandrung kapencut dhateng Ngelmi Sastra Jendra Yuning Rat dereng nate lan boten badhe ical saderengipun kakang Panembahan kepareng amedharaken dhateng pun Yayi. Awit kula ngertos bilih Sastra Jendra Yuning Rat menika, estu tetungguling ngelmi ingkang boten wonten tandhingipun, ngelmi ingkang kuwawa ngruwat sukertaning denawa, buta, raseksa utawi diyu kados kula menika, temah saged dados titah ingkang sadrajat kalihan manungsa”.

 

“Dados Yayi Prabu taksih ngersakaken murih pun Kakang mendharaken jatining sastra Jendra Yuning Rat dhateng jengandika Yayi Prabu?” sepisan maneh Resi Wisrawa nanting marang pepenginane Prabu Sumali.

 

“Dhuh Pukulun” Prabu Sumali aweh wangsulan “mugi sampun tidha-tidha nggen paduka ndhawahaken sih dhumateng kula, inggih ing dunya dumugi ing delahan benjang, tanpa sih paduka Kakang tartamtu boten badhe ri paduka saged nggayuh kabagyan malah kepara badhe langgeng ing salebeting kacintrakan. Dhuh, Kakang Panembahan  manawi kala wau Kakang Panembahan ndhawuhaken ngersakaken anak kula pun Sukesi badhe kapundhut lan kaboyong dhateng Lokapala, saestu kanthi suka gambiraning manah badhe kula aturaken anak kula pun Sukesi dhateng Paduka Kakang Panembahan, malah boten namung menika ingkang badhe kula aturaken dhateng Kakang Panembahan ingkang sampun kepareng badhe nurunaken Ngelmi Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng kula, nanging kalebet bumi Ngalengka miwah saisining pura babar pisan kula aturaken dhumateng Paduka Kakang Panembahan”.

 

“Inggih Yayi” wangsulane Resi Wisrawa alon “boten dangu malih menggah andharaning Sastra Jendra Yuning Rat, tumuli enggal kula wedhar ing ngarsa jengandika Yayi Prabu. Lan awit keparengipun Yayi Prabu Sumali ingkang kanthi lila legawa masrahaken Nini Dewi Sukesi tuwin Nagari Ngalengka dhateng pun Kakang, inggih kanthi gambiraning manah pun Kakang badhe nampi peparingipun Yayi Prabu Sumali. Namung kemawon, murih saged netepi lampahing adil, saderengipun kula suwun Yayi Prabu keparenga ndangu Nini Dewi Sukesi menapa kersanipun Yayi Prabu ingkang makaten kala wau saged katampi menapa boten?”.

 

“Nuwun sewu Kakang Panembahan” Prabu Sumali nanggapi apa sing dadi panjaluke Resi Wisrawa supaya nari utawa nakoni gelem lan orane nuruti apa sing lagi wae dikandhakne mau “wekdal samangke nagari Ngalengka saisinipun menika boten wonten ingkang wenang ndhaku, kajawi namung ri Paduka kula pun Sumali. Menapa ingkang dados gadhahan kula, kukumipun kedah ndherek menapa ingkang dados kajeng kula, kalebet Nini Sukesi boten gadhah wewenang nduwa utawi boten nyarujuki menapa ingkang sampun kula putusaken. Menika angger-anggering nagari Ngalengka Kakang Panembahan”.

 

“Ya Jagad Dewa Bathara” Resi Wisrawa nyebut asmane dewa banjur mangsuli Prabu Sumali “mugi Yayi Prabu uninga, salah satunggal ingkang saged dados pambeng titah nampi kanugrahan Ngelmi Sastra Jendra Yuning Rat, awit estunipun salah satunggal saking ungeling tutur saking Sastra Jendra Yuning Rat nyebataken “ora bakal bisa nggayuh drajating manungsa sejati lamun isih dhemen kalungan salendhanging Kang Maha Kawasa”. Inggih kanthi rumaos sampun wenang murba lan misesa sesamining titah tanpa mawi panimbang, dumeh rumaos kuwasa, menika kalebet sampun nindakaken kekalung salendhanging Ingkang Maha Kawasa. Dados, badhea kados menapa Yayi Prabu kedah mundhut tetimbanganing pemanggih saking putra jengandika Nini Dewi Sukesi, jalaran magepokan kalihan dhawuhipun Yayi Prabu menika boten saged lepas saking Dewi Sukesi, jalaran inggih piyambakipun ingkang badhe nglampahi”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

18.

Sapandurat Prabu Sumali meneng, rumangsa yen sasuwene iki wis kena diarani kumawani “akalung selendhanging Gusti” ya iku kanggo mranata nagara Ngalengka lan saisine kabeh gumantung marang apa sing dadi kersane. Jalaran kabeh kang ana sajroning negara kuwi didhaku minangka darbeke. Saliyane ratu kabeh mung drajat kawula, lan wajibing kawula kudu manut miturut apa sing dadi dhawuhing ratune. Klebu anggone nata jodhone anak-anake, kabeh kudu manut marang apa sing dadi karepe. Jebul kang mangkono mau, miturut Resi Wisrawa kang lelandhesan wulanganing Sastra Jendra Yunung Rat, tinemune ora bener, Sukesi sanadyan jejere mung anak nanging sadurunge nglakoni pala krama kudu ditari luwih dhisik, ora kena dipeksa, jalaran dheweke sing bakal nglakoni.

 

“Kawula nok non, Dhuh Kakang Panembahan” kandhane Prabu Sumali sawuse meneng sauntara “pranyata kula lepat, inggih awit saking menika anak kula pun Sukesi badhe kula tari kados pundi menggah pamanggihipun”.

 

“Menika ingkang tuhu trep Yayi Prabu” wangsulane Resi Wisrawa karo mesem kalegan.

 

“Lan murih sansaya terangipun, kula suwun Kakang Panembahan kersaa anekseni anggen kula badhe murba pun Sukesi” kandhane Prabu Sumali sabanjure “samangke mugi kaparenga Kakang Panembahan kula dherekaken manjing Tamansari manggihi anak kula pun Sukesi”.

 

“Mangga Yayi Prabu suwawi kula dherekaken”

 

“Prahastha” genti Prabu Sumali paring dhawuh marang Raden Prahastha “pun Bapa arsa ndherekne Wak mu Resi, manjing taman nemoni mbakyumu Sukesi, jeneng sira sun keparengake lengser saka sitinggil”.

 

“Kawula nok non, sendika ngestokaken dhawuh Dewaji” wangsulane Raden Prahastha karo nyembah.

 

Dewi Sukesi kang nalika iku lagi lungguh ing Taman dikancani para emban, dadi rada nggragap atine, merga praptane Prabu Sumali kang sarimbit karo Resi Wisrawa. Sanadyan olehe kepethuk pungkasan karo Resi saka Giri Jembangan kuwi nalika jaman Dewi Sukesi isih bocah demolan, nanging Sekar Kedhaton saka Ngalengka kuwi ora pangling marang Sang Resi Wisrawa.

 

“Dhuh Kanjeng Rama Dewaji saha Paduka wa Resi Wisrawa sarawuh paduka kekalih ing taman Asoka mriki, putra paduka pun Sukesi kaparenga ngunjukaken pangabekti” kandhane Dewi Sukesi mbagekne sing lagi padha prapta.

 

“Iya iya Sukesi pangabektinira wis pun Bapa tampa pangestu kebat tampanana” wangsulane Prabu Sumali, jroning tyas krasa bombong dene sanadyan dheweke wujud buta sing gedhene meh sagunung anakan, parandene duwe anak wadon sing wujud putri sing sulistyeng warna.

 

“Gawe bombonging pun Wa, Nini Dewi wis ngaturake pangabekti marang pun Wa” genti Resi Wisrawa sing aweh wangsulan “ora liwat pangestuning pun Wa wae tumuli tampanana Nini”.

 

“Gurawalan anggen kula nampi pangestu saking Kanjeng Rama menapa dene saking Wa Resi, sadaya sampun kula pundhi ing mbun-mbunan, mugi dadosa jimat kayuwanan kula”.

 

“Anakku Ngger, wong ayu Sukesi” sawuse bage binage sauntara Prabu Sumali tumuli ngandhakne apa sing dadi sedyane marang Sukesi “mbok menawa ana rasa gumun ing atimu dene ora kanyana-nyana pun Bapa tumedhak ing taman kene malah tekane pun Bapa uga ndherekne Wakmu Resi barang…….”.

 

“Lakar kados makaten kawontenaning manah kula Rama” Sukesi nyaru wuwus nigas rembuge wong tuwane “rumaos miris kaworan samar semu kuwatir, ajrih menawi ta kula sampun tumindak lepat, temah Kanjeng Rama rawuh badhe paring pidana dhateng kula. Nanging, raos samar menika dumadakan sirna, sareng kula ugi sumerep ing mriki ugi karawuhan Wa Resi Wisrawa, dados saupami kula kedah nglampahi pidana ingkang kaparingaken dening Kanjeng Rama, Wa Resi tartamtu badhe sung pambiyantu paring tuntunan murih anggen kula nglampahi pidana mangke saged kraos tentrem, lila legawa lahir trusing batos”.

 

“Ha ha ha……” Prabu Sumali gumuyu rada banter krungu wangsulane Sukesi sing mangkono kuwi mau “aja kaduk ati bela penampa rasaning atimu ya Ngger. Pun Bapa ora bakal paring pidana apa-apa marang jeneng sira Nini, jalaran kajaba jeneng sira ora nindakne kaluputan apa-apa, satemene rasa tresnane pun Bapa marang putraku bocah ayu Sukesi luwih gedhe, pangapurane pun Bapa luwih dhisik tumiba sadurunge sira kudu nampa pidana, kuwi saupama Nini Sukesi nindakne kaluputan”.

 

“Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan Rama” wangsulane Dewi Sukesi karo nyembah “lajeng menapa ingkang sampun ndadosaken Rama Prabu tuwin wa Resi tedhak ing papan mriki? Menapa kula kaparengaken mangertos, Rama?”.

 

“Sumurupa Nini” Prabu Sumali wiwit nyethakne karepe “ing titi wanci iki, putraku bocah ayu Sukesi wis akil diwasa, wis wancine omah-omah kawengku ing kakung. Uga wis akeh panglamar saka pirang-pirang raja saka mancanegara sing pun Bapa tampa sing surasane kepengin mengku jeneng sira dadi garwane. Nanging saka pangrasane pun Bapa, durung ana sing bisa nocogi penggalihe Rama, mula kapeksa pun Rama balekake. Mung siji sing bisa nocogi angen-angene Prabu Sumali, nanging dening Wakmu Resi pun Bapa kadhawuhan luwih dhisik ndangu jeneng sira Nini, kira-kira Nini Sukesi sarujuk utawa ora karo priya sing nocogi atine pun Bapa kalamunta dadi mantune Narendra ing Ngalengka iki. Mula Nini, tekaku nemoni jeneng sira iki, ora ana liya kajaba mung arep mundhut pirsa marang jeneng sira, kepiye lamun Nini Sukesi tak jodhokne karo Prabu……….”.

 

“Mangke rumiyin Rama Prabu” durung nganti nyebut jeneng Danapati tembunge Prabu Sumali wis kedhisikan dipunggel dening ature Sukesi “estunipun minangka kawula dalem ing Nagari Ngalengka, kula ngrumaosi boten wonten pilihan sanes kajawi namung kedah ndherek kersaning Narendra. Badhe kadhaupaken kalihan sinten kemawon kula kedah namung matur sendika. Nanging mugi kauningana Rama Prabu, kapejahana putra paduka pun Sukesi boten badhe suwala, jalaran estunipun kula sampun aprasetya salebeting manah, boten badhe pala krama kalihan sinten kemawon, kajawi kalihan priya ingkang sampun dados pilihan kula”.

 

“Jagad Dewa Bathara” Prabu Sumali rada kaget krungu tembunge Dewi Sukesi sing mangkono mau “dadi cethane ngono Jengsira wis duwe pilihan dhewe? Banjur priya kuwi sapa arane? Nek Raja Ratu negara ngendi? Nek Bambang admajane Pandhita sapa?”.

 

“Sewu nyuwun gunging pangaksami Rama” wangsulane Sukesi “dugi titi wanci menika, kula piyambak inggih dereng sumerep utawi mireng asmanipun priya ingkang badhe kula suwitani minangka garwa menika”.

 

“Elho? Kok sansaya mbingungake aturmu iki Nini?” Prabu Sumali rumangsa bingung karo wangsulane Sukesi.

 

“Dhuh Kanjeng Rama, estunipun ingkang njalari kula gadhah prasetya makaten kala wau, inggih awit watawis tigang dinten kapengker kula karawuhan satunggaling Jawata ingkang manggihi ing pasupenan kula” Sukesi nyoba nyethakne sing dadi karepe “menapa Rama Prabu kepareng midhangetaken cariyos pasupenan kula menika?”.

 

“Yen pancen mangkono, mumpung ing kene uga ana Wakmu Resi sing luwih ngudaneni jatining impen, sing teka nemoni jeneng sira kuwi Jawata satuhu apa mung Iblis sing amemba bathara, mesthi Wakmu Resi bakal uninga. Samengko blakakna kaya apa rupane impen sing sila temoni kuwi Nini” Prabu Sumali tumuli mrentah supaya Sukesi nyritakne impene.

 

“Ngaturaken genging Panuwun Dewaji” Sukesi wiwit nyritakne anggone ngimpi “Jawata ingkang manggihi kula ing pasupenan menika babar pisan boten nyebut sinten bebisikipun, namung kemawon salebeting manah kula sampun ngertos menawi ingkang rawuh menika satuhu Jawata utusaning Hyang Maha Kawasa. Jawata kala wau paring dhawuh dhateng kula, ngabaraken bilih kirang-kirang bejanipun boten dangu malih Nagari Ngalengka menika badhe bibar lan boten mokal manawi lajeng kajajah nagari sanes. Ingkang makaten menika jalaran boten dangu malih Rama Prabu Sumali ingkang dados pangayomaning para kawula ing Ngalengka kapencut dhateng nugrahaning gesang, pengin karuwat saking sipating diyu, lajeng srananipun kedah madeg pandhita jumeneng Resi ing pucaking Gunung Maliawan. Mireng sabdaning Jawata ingkang makaten menika, sakala kraos pepes bayuning angga kula, saking agenging raos kuwatir menawi ingkang kasabdaaken dening Jawata kasebat estu kalampahan, kula lajeng muwun, nangis karanta-ranta, nyuwun pitulung miwah rerigen dhateng Jawata kala wau, srana menapa ingkang kedah kalampahan murih Nagari Ngalengka boten nemahi lampahan kados ingkang kasabdaaken Jawata kala wau”.

 

“Lha banjur Jawata kuwi paring dhawuh apa marang jeneng sira Nini?” tanpa krasa Prabu Sumali sumela rembug, mundhut pirsa marang ingkang putra.

 

19.

Sukesi unjal ambegan landhung sadurunge atur wangsulan marang wong tuwane sing takon apa wangsulane Jawata sing nemoni ing impene kuwi. Prabu Sumali lan Resi Wisrawa ya ora ndheseg supaya Sukesi tumuli aweh wangsulan, kekarone mung meneng ngenteni apa sing arep dikandhakne sekar kedhaton negara Ngalengka kuwi.

 

“Dhuh Rama Prabu, saha paduka Wa Panembahan” wusanane Sukesi uga banjur blaka “Jawata kala wau paring pitedah menggah srana ingkang kedah lumampah murih Nagari Ngalengka boten ngantos nemahi kados ingkang kadhawuhaken saderengipun. Dene srananipun, ingkang angka sapisan kula kedah saged nglahiraken anak-anak ingkang kagadhuhan kasekten ingkang punjul ing apapak, kaping kalih srananipun kula saged nggadhahi anak tartamtu kemawon kedah nglampahi pala krama, dene priya ingkang saged maringi turun ingkang sekti mandraguna menika boten sanes ingkang saged maringi aji Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng kula. Inggih awit saking menika Rama Prabu, kula nunten aprasetya boten badhe pala krama manawi boten kalihan priya ingkang saged maringaken Aji Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng kula”.

 

“Ha ha ha ha …….” Prabu Sumali gumuyu seneng krungu wangsulane putrane sing kaya mangkono kuwi mau.

 

“Kenging menapa Rama Prabu gumujeng?” Sukesi sajak rada cuwa krungu guyune wong tuwane “menapa Rama Prabu boten pitados kalihan pasupenan kula kala wau? Dhuh Rama Prabu sanaosa Rama Prabu sarta saisining jagad boten wonten ingkang pitados kalihan pasupenan kula menika, nanging kula panggah ing kapitayan kula ingkang ngleresaken menapa dhawuhing Jawata ingkang kula tampi ing pasupenan menika, Pramila kula panggah angekahi prasetya kula, sanadyan kedah prapteng pejah, kula suthik lamun kedah lelados dhateng priya ingkang boten saged maringi Aji Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng kula”.

 

“Iiii lha dalah…..” Wangsulane Prabu Sumali karo panggah ngguyu alon “aja kaduk ati nggonmu nampani sikepe pun Bapa ya Ngger. Sumurupa sanadyan durung kober nyuwun pirsa marang Wakmu Resi Wisrawa, nanging pun Bapa wis ngerti yen kang tumedhak ing impenira kuwi nyata Jawata utusane Hyang Kang Maha Kawasa. Lan apa kang sinabdakake marang jening sira Nini, kuwi pancen kepara nyata mungguh ing benere. Dadi nggonku gumuyu iki mau, dudu pamaido marang aturira nanging dhapur wujuding rasa seneng lan mongkoging atine wong tuwa dene wis kagungan putra sing pinilih dening Dewa kanggo nampani sasmita gaib kaya kang sira temoni sajroning impen kuwi mau”.

 

“Makaten inggih Rama?”.

 

“Sukesi, iya” kandhane Prabu Sumali sabanjure “sira sumurupa ya Nini, satuhune bener apa sing disabdakne Jawata sing ana pangimpenmu kuwi mau, pancen pun Bapa banget gandrung kayungyun bisa ngaweruhi wedharing Aji Sastra Jendra Yuning Rat kang uga sinebut aji Pangruwating Diyu. Sartane pun Bapa uga wis nyuwun nempil marang kang kagadhuhan aji kuwi supaya kersa medharake marang pun Bapa lan pun Bapa ngerti yen kanggo bisa mangwasani isining Sastra Jendra Yuning Rat, sranane kudu nindakne tapa brata nyepi saka kupenganing hawa napsu kadonyan, sumingkir saka alaming karameyan lan bener kaya sing sira rungu, papan sing jumbuh karo lekasing pun Bapa kuwi ora ana liya kajaba ing puncake Gunung Maliawan. Mula pun Bapa wis kagungan lekas arsa masrahake negara Ngalengka lan saisine marang Kang Kepareng paring tuntunan marang pun Bapa murih bisa ngawruhi isining Sastra Jendra murih Bapa bisa karuwat saka sipating Diyu sing kasandhang dening pun Bapa wiwit jaman linahirake biyen. Samengko, yen jeneng sira Nini jebul duwe prasetya kanggo kayuwanan lan lestarining negara Ngalengka, ora bakal sudi lumadi ing kakung kajaba kang bisa maringake Aji Sastra Jendra Yuning Rat, kuwi tenane wis trep nganggo banget, kena diibaratake antarane kersane pun Bapa lan prasetyane Nini Sukesi kuwi kaya dene Tumbu sing oleh tutup”.

 

Krungu wangsulan lan andharane wong tuwane sing nyritakne bab Sastra Jendra Yuniung Rat, sakala Dewi Sukesi nubruk sikile Prabu Sumali karo nangis sing ngemu rasa bungah.

 

“Dados samangke Kanjeng Rama sampun kepanggih priya ingkang kagungan Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika Rama?” ing sela-selaning tangis bungahe Sukesi nyuwun pirsa marang wong tuwane “malah kepara Rama Prabu sampun masrahaken pura Ngalengka saisinipun dhumateng panjenenganipun? Mbok inggiha Rama, samangke katuntuna lampah kula marak ing ngarsanipun Priya kasebat, badhe kula pasrahaken jiwa raga kula sawetahipun dhumateng panjenenganipun, murih kula saged nurunaken anak ingkang kagadhuhan kasekten kangge ngreksa lan ngayomi kayuwananing nagari Ngalengka benjang manawi Rama Prabu sampun boten kersa jumeneng nata malih”.

 

Kahanan sakala dadi sidhem. Prabu Sumali ora enggal aweh wangsulan marang Sukesi. Sauntara Resi Wisrawa anjegreg kaya wong sing lagi getun keduwung atine.

 

Mula temene nalika Resi Wisrawa nyemak critane Dewi Sukesi sing ngandharake anggone wis ngimpi karawuhan Jawata mau, atine Resi Wisrawa krasa kaya endhog pitik sing tumumpang ing pucuking alu. Pandhita saka Giri Jembangan kuwi tumuli kelingan marang anak lanange ya Prabu Danapati sing samengko jumeneng ing Lokapala. Uga kelingan yen tekane ing Negara Ngalengka iki ora liya ya merga arep ngrabekne Danaraja karo Dewi Sukesi. Nanging Begawan Wisrawa uga kelingan, jaman dheweke misuda Danapati biyen dheweke wis duwe karep masrahake Aji Sastra Jendra Yuning Rat marang Danaraja, nanging nalika iku Danapati isih semaya nampani ngelmu sing dadi sengkerane para Jawata kuwi. Pawadane Danaraja nalika samana, Danaraja ngrumangsani yen isih nom lan durung mateng jiwane kanggo nampani Aji kuwi. Danaraja semaya bakal gelem nampa Aji Sastra Jendra, mbesuk yen dheweke wis duwe anak.  Saiki, Resi Wisrawa rumangsa ewuh aya ing pambudi. Mau Resi saka Giri Jembangan kuwi krungu dhewe, prasetyane Dewi Sukesi mung gelem winengku dening priya sing bisa paring  Aji Sastra Jendra Yuning Rat. Lan wektu kuwi sing kena diarani kagadhuhan Aji Sastra Jendra Yuning Rat  mung dheweke dhewe, dudu sapa-sapa lan uga dudu Danapati anake lanang. Resi Wisrawa judheg, ngadhepi lelakon sing kaya mangkono kuwi mau.

 

“Kados pundi Rama Prabu?” lamunane Resi Wisrawa katut ambyar nalika dumadakan Dewi Sukesi mbaleni pitakone marang Prabu Sumali “mangga Rama tumuli kemawon kalarapna putra paduka pun Sukesi ing ngarsaning priya ingkang pinilih dening jagad dados lantaran lahiripun anak-anak kula ingkang badhe damel kuncaraning nagari Ngalengka menika, inggih priya ingkang anggadhuh aji Sastra Jendra Yuning Rat menika”.

 

Satemene anggone Prabu Sumali ora enggal aweh wangsulan marang Sukesi mau, jalaran Prabu Sumali kepengin Resi Wisrawa melu guneman nyethakne yen wis duwe lekas sing matep arep medharake Sastra Jendra Yunig Rat marang dheweke. Kanthi mangkono Sukesi bakal ngerti yen sing kagadhuahan Aji Sastra Jendra Yuning Rat kuwi Resi Wisrawa dhewe sing saiki kepengin mundhut Dewi Sukesi saka Prabu Sumali lan arep didhaupake karo putrane sing aran Prabu Danaraja. Nanging jebul Resi Wisrawa ora enggal guneman, malah katon lagi ngumbar gagasan sing angel digerba apa karepe.

 

“Anakku Ngger Sukesi” wasanane Prabu Sumali guneman aweh wangsulan marang panyuwune putra putrine kuwi “nyata Jawata kuwi banget gedhe tresnane marang jeneng sira Nini, ketitik saka lelakon kang sira temoni wektu iki, jeneng sira Nini ora kudu ngupadi ing ngendi dununge titahing Gusti Kang kagadhuhan Aji Sastra Jendra Yuning Rat kanthi ninggalne praja Ngalengka kene, jalaran sumurupa Nini ing jagad kang gumelar wektu iki ora ana Titah sing kagadhuhan Aji Sastra Jendra Yuning Rat kajaba muhung pepundhenmu dhewe Kakang Panembahan Begawan Wisrawa sing samengko lenggah ana ngarepmu, Nini”.

 

Resi Wisrawa kang uga krungu wangsulane Prabu Sumali marang Sukesi, tumuli nata ati. Ora bakal nyelaki apa sing dikandhakne Ratu Ngalengka tumrap awake kang kagadhuhan Aji Sastra Jendra Yuning Rat, nanging mengko kalamun ta Dewi Sukesi nyata-nyata masrahake jiwa ragane lamun kaparingan aji kuwi, mangka bakal tinampa dadi mantune, kajodhokne karo anake lanang ya Prabu Danapati.

 

Beda maneh karo kang ana atine Dewi Sukesi, sanadyan ngerti yen Resi Wisrawa wis keladuk yuswa yen dibandhing karo umure, nanging Dewi Sukesi kang wis kecondhokan rasa pengin yen mbesuk sing nutugne jumeneng nata ing Ngalengka sabubare wong tuwane kuwi anake, nyawang kahanane resi Wisrawa katon sansaya wibawa tanprabeda karo Jawata ing Cakrakembang Sang Hyang Kamawijaya.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

20.

Sansaya suwe nggone namatne pasuryane Resi Wisrawa, sansaya kasengsem rasaning atine Dewi Sukesi. Nanging bawane putri sing uga ndarbeni pepenginan murih ing tembe bisa nurunake anak sing bakal jumeneng nata ing nagara Ngalengka, Dewi Sukesi panggah eling yen kudu bisa ngrimuk Resi Wisrawa murih maringake Aji Sastra Jendra Yuning Rat luwih dhisik marang dheweke. Beda maneh karo swaraning atine Resi Wisrawa, Pandhita saka Giri Jembangan kuwi panggah ora lali yen tekane ing papan kono mung saprelu ngrabekne anake lanang sing lagi gandrung kayungyun marang putri sing saiki lungguh ana ngarepe kuwi. Mula Resi Wisrawa nedya nuruti apa sing dadi pepenginane Dewi Sukesi apa dene Prabu Sumali, ya iku medharake Aji Sastra Jendra marang Prabu Sumali lan maringake Aji mau marang Dewi Sukesi. Kanthi mangkono Resi Wisrawa duwe pangira, Dewi Sukesi ora bakal kabotan yen dijodhokne karo Prabu Danapati, merga apa sing dadi pepenginane wis dicukupi.

 

“Dhuh Wa Resi jimat pepundhen kawula ing marcapada” dumadakan Sukesi genti guneman marang Resi Wisrawa “sampun boten kirang cetha malih dhawuhipun Rama Prabu Sumali dhumateng kula kala wau, samangke dhuh Pukulun mugi wontena rilaning panggalih paduka, kaparenga Wa Panembahan anedhakaken Aji Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng kula, prasetyaning manah kula manawi Wa Panembahan kepareng nedhakaken Aji Sastra Jendra dhumateng kula, mangka pejah gesang tuwin jiwa raga kula sawetahipun kula aturaken dhateng Paduka wa Panembahan Begawan Wisrawa”.

 

“Yen pancen kaya mangkono sing dadi tekadira Nini” alon-alon Resi Wisrawa aweh wangsulan “Manira tuhu tan kabotan nurunake Aji Sastra Jendra marang jeneng sira Nini, mung sadurunge aji iki tak paringake kanthi wutuh marang Nini Sukesi, mangka luwih dhisik bakal tak wedhar peranganing aji iki kang dikersakne dening keng Rama Prabu Sumali, ya iku perangan kang magepokan klawan pangruwatan mligine pangruwating diyu murih ilang sukertane”.

 

“Ngaturaken gunging panuwun Wa Panembahan” wangsulane Sukesi karo ati sing seneng “boten langkung Sukesi badhe ndherek menapa ingkang Paduka kersakaken”.

 

“Nuwun sewu Yayi Prabu” genti marang Prabu Sumali Resi Wisrawa guneman.

 

“Inggih wonten dhawuh Kakang Panembahan?” gragapan Prabu Sumali wangsulan.

 

“Samangke kaparenga Yayi Prabu kaparenga mirengaken kanthi saestu, kula badhe ngaturaken peranganing Aji Sastra Jendra ingkang jengandika betahaken”.

 

“Kawula nuwun, nuwun inggih Kakang Panembahan, sumangga kawedharna kula badhe ngulungaken jangga lan nilingaken karna, kangge nampi sadaya sabda paduka sang Adi Panembahan” .

 

“Mugi kauningan langkung rumiyin Yayi Prabu” kandhane Wisrawa sabanjure “sanadyan ingkang badhe kula wedharaken ing ngarsa jengandika mangke namung saperangan saking Sastra Jendra, nanging manawi anggen jengandika nampi saha ngramesi linandhesan manah ingkang suci kairing panyuwunan pitulungan dhateng Sang Hyang Widhi, mangka mbaka sakedhik kanthi pitulunganing Hyang Suksma jengandika badhe nguningani sedaya isining Aji Sastra Jendra kanthi wetah”.

 

Sanadyan ora wangsulan nganggo ukara, nanging sikepe Prabu Sumali wis aweh weruh yen atine banget seneng lan ngaturaje panuwun marang Resi Wisrawa. Sukesi sing katone meneng wae, nanging sajroning ati uga kepengin nyemak apa sing arep diwedharake marang wong tuwane kuwi.

 

“Yayi Prabu, kangge mangertosi perangan menika” Wisrawa miwiti amejang “Yayi Prabu lan sok sintena ingkang ngersakaken nyumerepi pathining Sastra Jendra kedah saged mangertosi werdining sekar dhadhanghula ingkang ungelipun makaten :

 

Ana kayu kapurwa sawiji

Wit buwana epang kiblat papat

Agodhong mega angine,

Apradapa kekuwung,

Kembang lintang salaga langit,

Surya andaru kilat,

Woh surya lan tengsu,

Asirat bun lawan udan,

Sakaliring akasa bungkah pratiwi,

Oyote bayu bajra. *)

 

Kang winastan kayu, menika werdinipun hayyu tegesipun gesang, Ana kayu kapurwa sawiji, menika kanyataning gesang ingkang kapurba dening Dzat, Wit buwana tegesipun Sipat.

 

Epang kiblat papat menika wujuding Dzat, Sipat, Asma lan Apngal. Manungsa ingkang gesang kedah anetepi wajib lan wenanging sekawan prakawis menika.

 

Agodhong mega angine, menika sung piwucal bilih ingkang dados kitiring gesanging manungsa menika dumunung wonten ing napas lan anpas.

 

Dene Apradapa kekuwung, menika amengku werdi warnaning sipat menika dumadi saking nur ingkang tegesipun cahya.

 

Kembang Lintang Salaga Langit, menika angemu teges bilih cipta menika sumandha wonten supe utawi lali. Dhawahing pitedah panyipta yen ta kirang ing enget saged ndadosaken tuwuhing gagasan ingkang boten leres temah saged anasaraken.

 

Surya andaru kilat, mengku werdi lalining cipta ingkang kasebat ing ngajeng, kawiwitan rumangsa kawasa lan mangwasani mrabani buwana piyambak.

 

Tegesipun Woh Surya lan Tengsu, kabekta saking supe temahan nuwuhaken cipta jumeneng pribadi. Lali marang kang nitahaken.

 

Asirat bun lawan udan, menika ngemu werdi : sumuking napsu kala wau temah kumaringet malah boten awis nuwuhaken tumetesing waspa ingkang anelesi jasad sadaya.

 

Sakaliring akasa brungkat pratiwi, mengku makna inggihawit sadaya kala wau nunten kuwawa ngobahaken jagad temah lording rereged badhe amimbuhi uruh-uruhing siti.

 

Dene pungkasan ingkang mungel oyode bayu bajra, menika mengku makna pikajengipun sakaliring urat-urat, bayu-bayu larat kasabet wedaling angin ageng”.

 

Tekan kono Resi Wisrawa nuli meneng, leren nggone aweh wejangan.

 

“Dhuh Pukulun Jimat sesembahan kula” Prabu Sumali sumela atur, bareng dienteni rada suwe Resi Wisrawa ora tumuli nutugne anggone guneman “inggih awit cubluking manah kula, kula nyuwun tulung mugi kajlentrehna sepisan malih menggah wosing surasa saking rerepen dhandhanggula kala wau, murih langkung trawaca anggen kula nampeni wewarah jengandika Kakang Panembahan”.

 

“Yayi Prabu” wangsulane Resi Wisrawa  “kawongsal-wangsulana ngantos kaping sewu sedinten paribasanipun, menawi Gusti dereng mbikak wiwaraning manah, pocapan menika boten badhe saged mandhap dhateng dhasaring jaja, wangsul inggih namung kandheg ing lathi kewala. Pramila saking menika, mil akedah mawi lampah anyepi angraketaken dhiri kalihan Sang Hyang Maha Suci, ing mriku sakathahing pitedah badhe mencok piyambak ing salebeting manah. Nanging pun Kakang ugi boten kawratan amangsuli sepisan malih andharaning rerepen menika, inggih kanthi reringkesan rumiyin, mangke sampurnanipun inggih saking pambudidayaning manahipun Yayi Prabu piyambak ingkang saged manggihaken”.

 

“Kawula nok non, ngaturaken geng panuwun Kakang Panembahan” wangsulane Prabu Sumali karo nyembah “pun Sumali namung badhe ndherek menapa ingkang Paduka dhawuhaken”.

 

“Inggih Yayi” Wisrawa wangsulan tumuli mbacutake pituture “samangke badhe kula ambali kanthi ringkes wedharing rerepen kala wau. Pikajengipun adeging gesang menika saking Dzat, Sipat, Asma lan Apngal. Den udi murih saged tetep wujuding gesang, mil akedah enget jenenging manungsa, kedah sumerep pandamelanipun wajibing gesang : manawi kongsi kekathahen cipta badhe ngrungkadaken pirantining jasat. Temah lorot sawarnining brungkahreregeding badan. Ingkang mbekta, angin tanapas nupus. Mila bayu bajra wau saking bantering swanten mijil saking marga raksa, utawi nuwun sewu suwanten entxx , Tegesipun anut karkating tanapas nupus.

 

Makaten Yayi, dene langkung cethanipun sumangga Yayi Prabu kula aturi nampi pustakaning rontal ingkang angemot wedharing rerepen kala wau, kawaosa ing papan sepi kapenggaliha kanthi meneping wardaya”.

 

Bubar muni ngono kuwi Wisrawa banjur njupuk gulungan rontal saka waliking jubahe, kaulungake marang Prabu Sumali.

 

“Sakethi ngaturaken panuwun Kakang Pukulun” gurawalan Prabu Sumali “Pustaka rontal peparing paduka menika badhe kula jingglengi lan kula sesep suraosipun ing papan ingkang trep. Wekdal menika ugi, kaprenga kula bidhal dhateng Gunung Maliawan mbudidaya murih saged mangertosi surasaning rontal, prakawis nagari Ngalengka saisinipun kula pasrahaken dhateng paduka Kakang Panembahan, kalebet anak kula pun Sukesi borong dhateng paduka anggenipun badhe amurba. Boten langkung pangestu jengandika Kakang ingkang kula suwun mugi kula saged manggih menapa ingkang kula upadi”.

 

Tanpa ngenteni wangsulan Prabu Sumali banjur nyembah kasusul lunga ninggalne Taman kono, tumuju menyang puncaking Gunung Maliawan, arep nyinaoni apa sing  sing lagi wae ditampa saka Resi Wisrawa.

 

Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi sing weruh lekase Prabu Sumali, mung bisa meneng ora bisa guneman apa-apa. Kang mangkono kuwi mau ora dingerteni dening kekarone sing dadi sababe. Awit sayektine, kang ndayani wong loro kuwi ora bisa guneman apa-apa jalaran kaperbawan anane gara-gara kang munggah kahyangan Jonggringsalaka temah nyenggol bale arasy Marcukundhamanik, palenggahane sang Hyang Hotipati.

 

*) Dhandhanggula menika adhedhasar pangeling-eling kula nalika sabrebetan nyemak Serat : Wirit Wedharaning Cipta Sasmitaning Ngelmi, RT Wedyadiningrat.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

21.

Kahyangan Suralaya kosek, para Dewa padha bingung, ana gara-gara kagiri-giri. Srengenge ilang sunare, ndadekne Kahyangan surem semu peteng, suprandene ana hawa panas sing tanpa ana rupane ngrabasa saindenging Suralaya.  Kawah Candradimuka umub kaya kinebur, mbaludag ndhut siblekdaba, nambahi bingunge para Dewa. Lembu Andini titihane Sang Hyang Guru, kaya krasa rengat sungune, kumitir pethite ngakak tutuke Sang Hyang Anantaboga, dewaning para naga kang kajibah mbaureksa bumi. Wusing padha rumangsa ora kuwawa ngatasi kahanan wasana para Dewa padha mlumpuk nyuwun pangayoman marang Sang Hyang Bathara Guru, kang dadi Pangayomaning Jagad Tribawana.

 

Nguningani kahanan Kahyangan kang kaya mangkono mau, Sang Hyang Guru tumuli nimbali paramparaning Kahyangan, Sang Hyang Kanekaputra, sarta para Dewa watak sanga, yaiku Sang Hyang Sambo, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Indra, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Tamburu miwah Sang Hyang Bathara Sriyana, cariking Kahyangan.

 

“Kakang Kanekaputra” dhawuhe Sang Hyang Guru marang Pepatih Kahyangan, Bathara Narada sawuse para dewa sapukawating Kahyangan padha marak kabeh “menika teka wonten gara-gara ingkang minggah dumugi Kahyangan, temah sampun damel kekes saha bingunging para Dewa. Malah boten ngemungaken para jawata limrah ingkang sami bingung saha ngraosaken kasangsaya karana wontening gara-gara menika, sanadyan para Dewa ingkang sami kasinungan kasekten ingkang sampun pinitados minangka jejet sapukawating Kahyangan kula tingali ugi sami anggenipun ketingal bingung. Kakang Resi Narada mugi paringa dhawuh dhumateng kula, menapa ingkang sampun anjalari tuwuhing gara-gara menika? saha kadiparan anggenipun ngatasi murih gara-gara menika enggal saged kasingkirna?”.

 

“Hong, pak-pak-pong waru dhoyong ditegor blandhong, kali codhe sapa sing gawe….. Adhuh Adhi Guru sesembahaning para titah” atur wangsulane Bathara Narada “mokal menawi ta Adhi Guru boten pirsa, gara-gara menika kedadosan awit saking menapa lan kadospundi murih Gara-gara tumuli mandheg boten malah sansaya ngambra-ambra”.

 

“Kakang Narada, mbok inggiha sampun suka tumindak endha. Menapa boten ketingal wagu menawi ta cangkriman lajeng kabatang piyambak?” Bathara Guru mbalekne wangsulane Bathara Narada.

 

“Kawula nuwun, nuwun inggih Adhi Guru” wangsulane Bathara Narada karo ngguyu “menawi makaten kersanipun Adhi Guru, pun kakang kepareng badhe matur”.

 

“Suwawi enggal kadhawuhna Kakang”

 

“Miturut panyawanging mripat kula, gara-gara menika kedadosan saking tumindaking titah Paduka pun Wisrawa ingkang wantun badhe nurunaken Ngelmi utawi Aji sengkeraning Jawata, nenggih  Aji Sastra Jendra Yuning Rat utawi Aji Pangruwating Diyu, dene minangka sarana murih gara-gara ingkang ngantos minggah dhateng Kahyangan menika, caranipun inggih kedah ngendheg murih Resi Wisrawa murungaken lekasipun, dene menawi ta sampun kelajeng inggih kekalihipun, inggih ingkang nurunaken Aji kasebat saha ingkang nampeni Aji sastra Jendra Yuning Rat menika kedah dipun emutaken bilih kekalihipun sampun nerak pepacuhing para Jawata” rada dawa Resi Narada atur wangsulan marang Sang Hyang Guru.

 

“Mawi wewaton menapa dene Kakang Kaneka mastani bilih Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika Aji sengkeraning Jawata? Kula ingkang jumeneng minangka Pangwasaning Jagad kemawon boten nate anyengker Aji utawi Ngelmi ingkang boten kenging kasinau dening titah, sauger Aji utawi Ngelmi kala wau boten mbebayani dhumateng adeging Kahyangan. Menapa Aji Sastra Jendra menika ngemu piwucal murih titah ambalela dhateng pangwasaning Manikmaya ingkang sampun pinurba minangka Panguwasaning Jagad Tri Bawana, Kakang ?” Sang Hyang Guru mundhut pirsa maneh marang Bathara Narada.

 

“Leres ingkang Paduka Adhi Guru sabdaaken menika” Bathara Narada atur wangsulan “mila saestu Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika sanes Aji ingkang boten kenging kawedharaken dening titah, nanging Adhi Guru kula aturi emut estunipun Aji menika Aji kagunganipun Sang Hyang Wenang ingkang katedhakaken dhateng Sang Hyang Tunggal, nunten nalika jaman Adhi Guru kaparingan Purba Wasesa mangreh Jagad saisinipun dening Pukulun Sang Hyang Tunggal, Adhi Guru ugi kasampiran Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika murih kawucalna dhumateng sanggya titah minangka paugeraning lampah murih bawana saged langgeng ing salebeting karahayon. Namung emanipun, inggih kula boten wantun matur sabab menapa Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika dumugi titi wanci menika, namung kandheg ing asta paduka Adhi Guru? Ngantos saking genturing bratanipun Wisrawa saged kaparingan nugraha Aji Sastra Jendra Yuning Rat dening Pukulun Sang Hyang Wenang pribadi tanpa lumantar Adhi Guru”.

 

“Kakang Kaneka sampun kesesa ndakwa kula sampun tumindak culika kanthi nyingidaken Aji peparingipun Pukulun Sang Hyang Tunggal ingkang wasta Sastra Jendra Yuning Rat menika” Bathara Guru sing rumangsa diwelehne dening Sang Hyang Narada tumuli paring wangsulan.

 

“Nyuwun pangapunten Adhi Guru” Bathara Narada kebat anggone atur wangsulan “kula menika boten melehaken, ugi boten ndakwa menawi Adhi Guru menika sampun tumindak culika nyidrani dhawuhipun Sang Hyang Tunggal, nanging atur kula menika namung wewaton kanyatan ingkang kula sumerepi kemawon, kula ngertos ingkang kula sumerepi saged kemawon lepat, dudutaning pamanggih kula boten jumbuh kalihan kanyatan ingkang saestunipun, jer dudutan kula menika kados dene suwantening kendhang ingkang namung kakeplak sasisih kemawon, lha leresipun kados pundi, menika Adhi Guru piyambak ingkang langkung ngudaneni”.

 

“Kauningana Kakang Narada” Sang Hyang Guru mesem midhanget ature Bathara Narada sing mangkono kuwi mau, banjur paring katrangan “duk rikala kula nampi Aji Sastra Jendra Yuning Rat saking Rama Pukulun Sang Hyang Tunggal rumiyin, kula ugi kasampiran piweling bilih Aji menika sakalangkung Luhur lan Agung, sok sintena ingkang karasukan Aji menika kasampiran kuwajiban angreksa kaluhuran lan kaagunganing Aji menika, dene sarananipun kedah saged mangreh lan anggelak lampahing napsu sekawan prakawis kanthi adil, inggih wujudipun nafsu ingkang warni Abrit, Cemeng, Kuning miwah Pethak, ingkang kalimrah sinebat Amarah, Aluamah, Supiyah miwah Mutmainah. Menawi ngantos anggenipun nggelak lampahing napsu sekawan prakawis menika boten timbang lan adil, mangka ingkang ngrasuk lan karasukan Aji Sastra Jendra Yuning Rat, ateges sampun kejodheran anggenipun ngreksa kaluhuran lan kaagunganing  Sastra Jendra lan menika tuhu ageng walatipun, walat ingkang asalipun saking Sang Marbudengrat inggih Dzat Tan Kena Kinaya Apa. Gandheng kula ngrumaosi, sanadyan kula menika tuhu Dewaning para Dewa Kang Wenang Murba lan tan wenang kapurba, suprandene ing mangsa kala tinamtu sok boten saged nggelak lampahing napsu sekawan prakawis wau kanthi adil. Inggih awit saking menika, anggen kula nampi sampiran saking Rama Pukulun Sang Hyang Tunggal ingkang wujud Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika taksih kula sumenekaken langkung rumiyin anggen kula ngrasuk, langkung-langkung amucalaken dhateng para dewa mandhapipun dhateng para titah, menapa Kakang Narada sampun saged nampi atur kula menika?”.

 

“Ooo, inggih-inggih Adhi Guru” wangsulane Resi Kaneka karo mesem lega “pun Kakang ing Suduk pangudal-udal sampun saged nampi kanthi trawaca kawicaksanan Paduka Adhi Guru”.

 

“Lajeng kenging menapa Kakang, nalika Wisrawa nedya nurunaken Aji Sastra Jendra ingkang anggenipun angsal sanes saking kula menika, lajeng nuwuhaken gara-gara kados makaten?” Sang Hyang Guru bali mundhut pirsa babagan gara-gara sing durung sirep kuwi.

 

Bathara Narada tumuli nata anggone lenggah, meneng sauntara kanggo nata ukara. Nanging durung wae Bathara Narada kumecap matur, kasaru sowane Bathari Durga kang kadherekake Sang Hyang Bathara Kala, kang banjur muwun angguguk sarwi ngrungkebi pepadane Sang Hyang Hotipati.

 

“Aum Awigenawastu nama sidham” Sang Hyang Guru tumuli paring pandangu marang Sang Hyang Bathari Durga “iki titah ulun Durga kang teka sarimbit kalawan titah Ulun Kala, ya gene tekanira sakloron beneh klawan padatan, wus wani tinggal unggah-ungguh, malah banjur nangis ngguguk kaya bocah cilik. Heh Durga lan kita Bathara Kala, apa kang wis njalari jeneng kita tumindak kaya mangke iki ?”.

 

“Bat Tobat……. Tobat, Pukulun sowanipun titah Paduka pun Durga ingkang sesarengan kalihan titah Paduka Bathara Kala menika, estunipun namung badhe ngaturaken sadaya kalepatan saha nyuwun kapidana kabanjuta lan kalebetna kula kekalih menika dhateng kawah candradimuka murih lebur dados lendhut Siblegdaba” wangsulane Bathari Durga karo nangis sing sansaya seru.

 

“Dipundhuti pirsa kanthi becik-becik, teka atur wangsulan kita malah kaya wong ndleming ora eling jalaran mendem kecubung sing ndadekne gemblung, menenga dhisik Durga, coba Ulun bakal murba Bathara Kala” Sang Hyang Guru tumuli ndangu Bathara Kala “apa sing wis dumadi dene rabinira kongsi munjuk atur marang Ulun kaya mangkono iku mau he?”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

22.

Sang Hyang Bathara Kala ndengengekne mustakane nyawang pasuryane Sang Hyang Guru sedhela banjur ngaturake wangsulan :

 

“Dhuh Pukulun, estunipun kula piyambak inggih kirang mangertos kalihan ingkang dipun kersakaken dening semah kula inggih Bathari Durga menika. Namung piyambakipun kala wau suka katrangan dhateng kula menawi Paduka Pukulun Bathara Guru nembe ndhawahaken bebendu dhateng kula saha semah kula sumrambahipun dhumateng anak-anak kula sedaya, kamangka sangertos kula, kula menapa dene Durga tuwin anak-anak kula para lelembat Jim Setan ing Kahyangan Dhandhangmangore  boten tumindak dosa dhumateng Kahyangan Jonggring Salaka minggahipun dhateng Paduka Pukulun”.

 

“Bathara Kala, apa kang ndadekne jeneng kita apa dene Durga duwe panemu yen jeneng Ulun wis nibakne bebendu marang Jeneng kita sakloron mudhune marang anak-anak kita? Apa jeneng kita nduweni pangira manawa Ulun iki Dewa sing waton nibakne bebendu marang titah kang tanpa dosa?” rada sogol Sang Hyang Guru mundhut pirsa, jalaran rumangsa wis didakwa sing ora bener dening Bathara Kala lan Bathari Durga.

 

“Bat, tobaaaat, tobat” gandheng Bathara Kala ora enggal bisa atur wangsulan mula banjur Bathari Durga sing tumuli matur “Pukulun boten perlu kumbi dhateng kula menapa dene dhateng pun Kala, kula ngertos manawi anggen Paduka pukulun njodhokaken kula kalihan pun Kala kala rumiyin menika, jalaran Pukulun uninga menawi duk rikalaning sepi awit Paduka Pukulun dangu boten anyaketi kula, kula nate kepleset cangkrama andon sih kalihan pun Kala. Tata gelar Paduka Pukulun mila boten nglepataken anggen kula sampun kepleset, nanging kula ngertos bilih Pukulun menika estunipun duka lan boten rila menawi kula nindakaken ulah asmara kalihan priya sanesing Paduka, menika saged dipun titik sasampunipun kula Paduka jodhokaken kalihan pun Kala lan sampun kalajeng nurunaken anak-anak ingkang gemrayah, dumadakan Paduka Pukulun ndhawahaken bebendu dhateng kula saha pun Kala miwah anak-anak kula ingkang boten tumut-tumut tumindak dosa ugi Paduka patrapi pidana kanthi Paduka kintunaken hawa panas ingkang kagila-gila dhateng Kahyangan Dhandhangmangore temah ndadosaken anak-anak kula sami sekarat ing antawisipun pejah kalihan gesang. Kamangka, kula ugi ngertos lan boten nate cidra dhateng Paduka Pukulun Sang Hyang Guru, sanaosa sampun kawengku dening Kala, nanging menawi Paduka Pukulun ngersakaken kula ladosi, kula ugi boten nate suwala tansah nuruti menapa ingkang dados kersa Paduka. Dhuh Pukulun, tinimbang kula lan Kala tuwin anak-anak kula ingkang tanpa dosa Paduka paring pasiksan kalihan hawa benter ingkang boten ketawis wujudipun menika, mbok inggiha kula kekalih kapejahana kewala…………”.

 

“Durga……!” Sang Hyang Guru ngendika santak nggetak marang Bathari Durga sing matur kanthi tembung sing nrecel ora kena diselani kuwi. Rumangsa digetak Dewaning para Dewa, sakala Bathari Durga meneng, ora wani nutugne anggone matur.

 

“Jeneng kita Durga lan Kala aja waton ngucap ndakwa sing ora-ora marang Jeneng Ulun” wasana Sang Hyang Guru bali manabda sawuse kahanan dadi rada sepi “Jeneng Ulun babar pisan ora nibakne bebendu marang jeneng kita lan anak-anak kita. Dene tekane hawa panas sing prasasat ngobong Kahyangan kita kuwi satemene uga padha karo kang dumadi ing kahyangan Jonggirisalaka lan lagi wae dadi rembug antarane Ulun karo Kakang Kanekaputra. Mula padha menenga sauntara, Ulun arep nutugne wawan sabda klawan Kakang Bathara Narada, murih enggal sireping gara-gara kang ndadekne gegering kahyangan kalebu kahyangan kita iku”.

 

“Kawula nuwun, nuwun inggih Pukulun” Bathari Durga atur wangsulan.

 

“Kadospundi menika Kakang Resi Narada? Wangsul dhateng atur kula kala wau ingkang dereng jengandika wangsuli, samangke mangga Kakang mugi enggal kawangsulana” Sang Hyang Guru banjur ngendika marang Bathara Narada.

 

“Kawula nok non Adhi Guru” Bathara Narada asung wangsulan “samangke badhe kula aturaken, kenging menapa kalepatanipun Wisrawa tuwin Sukesi lajeng nuwuhaken gara-gara ing Kahyangan reh-rehan Paduka, menika inggih jalaran badhea kados menapa estu boten saged dipun selaki, menawi Wisrawa menapa dene Sukesi menika kalebet titah ingkang mangayom ing jagad reh-rehan Paduka Adhi Guru. Dene ingkang angka kalih, menggah lepatipun Wisrawa saha Sukesi menika mapan ing pundi? Kala wau Adhi Guru sampun dhawuh bilih Aji Sastra Jendra menika Aji ingkang sakalangkung Luhur lan Agung. Nanging dening Wisrawa menapa dene Sukesi. Aji ingkang sakalangkung Luhur lan Agung menika sampun dipun remehaken”.

 

“Dipun remehaken kados pundi Kakang?” Sang Hyang Guru nyelani rembug.

 

“Kawula nuwun inggih” Bathara Narada atur wangsulan nutugne nggone matur “anggenipun ngaosi Sastra Jendra Yuning Rat pun Wisrawa menika namung dumugi sak aosipun Sukesi, sak aosipun wanita ingkang badhe kajodhokaken kalihan anakipun Wisrawa nenggih pun Danapati, menika harak nami ngremehaken kaagunganipun Sastra Jendra Yuning Rat ingkang kedahipun saged kinarya damel memayu hayuning bawana ta Adhi Guru?”.

 

“Mila leres pangandika jengandika menika Kakang” wangsulane Bathara Guru “nyata Wisrawa sampun ngremehaken Sastra Jendra Yuning Rat ingkang satuhu Luhur lan Agung, kajawi saking menika nyata menawi Wisrawa menika namung nuruti karsa priyangga inggih awit saking agenging raos tresnanipun dhateng anakipun piyambak, temah nyupekaken bilih estunipun Sastra Jendra menika kedah binabar ndadosna karahayoning sanggya titah. Mila pantes lamun Wisrawa kadhawahan pidana kakang”.

 

“Mangke rumiyin Adhi Guru, atur kula dereng rampung” Sang Hyang Narada nutugne ature “prakawis ndhawahaken pidana dhateng Wisrawa menika estunipun dereng wancinipun, nanging manawi kaparingan pemut murih wangsul ing margi ingkang leres menika mila kedah lan prelu, kalebet paring pemut dhateng pun Sukesi”.

 

“Makaten Kakang?” Bathara Guru mundhut pirsa maneh “lajeng lepatipun Sukesi dumunung wonten pundi? Awit piyambakipun sadermi nampi peparing saking Wisrawa, kados dene lekasipun Prabu Sumali?”.

 

“Naaah, menawi kalihan pun Sumali menika cetha menawi benten Adhi Guru” Bathara Narada wangsulan karo rada ngguyu “Sumali Narendra Ngalengka menika anggenipun gandrung dhateng wedharaning Sastra Jendra Yuning Rat, awit piyambakipun sru sanget kepengin nebus dosa lan kalepatanipun ingkang sadanguning gesangipun tansah tumindak nuruti jiwaning Buta ingkang remen tumindak buteng boten metang leres menapa lepat, pantes menapa saru, mulya menapa nistha lan sapiturutipun, ugi asring namung ngumbar hardaning Denawa, ingkang remen angeden dhateng hawanipun, ngumbar napsunipun. Kanthi kepengin ngalap berkahing Sastra Jendra ateges Sumali sampun ngrumaosi bilih kepengin ngambah dalan ingkang leres murih karuwat sipat diyu ingkang cumaondhok ing jiwanipun. Menika pantes nampi nugraha Adhi Guru. Lha menawi pun Sukesi, menika meh sami kalihan lekasipun Wisrawa, anggenipun gandrung dhateng Sastra Jendra Yuning Rat, jalaran Sukesi mireng wangsitipun Sang Hyang Bathara Sasmita ingkang tumedhak ing pasupenanipun, ing mriku Sang Hyang Bathara Sasmita paring kabar bilih Sukesi badhe nurunaken anak ingkang sami-sami sekti mandraguna lan salah satunggal saged jumeneng nata ing Ngalengka, menawi Sukesi saged nampi Aji Sastra Jendra Yuning Rat saking satunggaling priya lan priya ingkang kuwawa nurunaken Aji Sastra Jendra Yuning Rat menika ingkang kuwawa ndhedher wiji ing guwa garbaning Sukesi. Dados anggenipun Sukesi gandrung dhateng Sastra Jendra Yuning Rat namung awit nuruti sipat angkaranipun piyambak, awit saking menika Sukesi kedah nampi paweleh kangge paring pemut dhateng angkaranipun kala wau”.

 

“Nanging pikajengipun Sukesi benten kalihan pikajengipun Wisrawa Kakang, awit ingkang dipun arah Sukesi menika Wisrawa ingkang anggenipun purun nglepas Sastra Jendra Yuning Rat jalaran ketang anggenipun kepengin ndhaupaken Danapati kalihan Sukesi” Sang Hyang Guru paring bantahan marang ature Resi Narada.

 

“Lha menika ingkang kedah dipun ewahi Adhi Guru” Bathara Narada atur wangsulan karo mesem “dipun ewahi murih pikajenganipun Wisrawa jumbuh kalihan pikajenganipun Sukesi, lan ingkang baken malih dipun ewahi murih jumbuh kalihan lampahing kodrat ingkang kaserat ing Jitabsara ingkang nyebataken bilih ing benjang badhe kedadosan perang ageng antawisipun para raseksa wadya balanipun nata Ngalengka lumawan para wanara ingkang angabdi dhateng Satriya titis Wisnu admajaning narendra ing Ayodya. Lha samangke kados pundi caranipun ngewahi lelampahan ingkang kula aturaken menika, Adhi Guru langkung pana tinimbang pun kakang”.

 

Muni ngono kuwi Bathara narada karo asung sasmita kanthi ngobahake janggute kanggo nudingi papan lungguhe Bathari Durga lan Bathara Kala.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

23.

Sang Hyang Bathara Guru wus tanggap marang kersane Resi Kanekaputra, lan emut marang isining Jitabsara kang dadi pandom lakuning para titah Marcapada. Kanthi wibawa Sang Hyang Jagad Nata tumuli paring sabda marang Bathara Kala lan Bathari Durga :

 

“Kala lan jeneng kita Durga”.

 

“Kawula nuwun wonten dhawuh Pukulun?” meh bebarengan Bathari Durga lan Bathara Kala atur wangsulan sarwi nyembah.

 

“Samengko Jeneng Ulun wis nemokne cara murih sireping gara-gara kang gawe gegering Kahyangan kita, dene sranane jeneng kita sakloron Ulun piji nindakne jejibahan tumurun menyang Marcapada, penere menyang Taman Sari Praja Ngalengka”.

 

“Kula kekalih kadhawuhan mandhap dhateng Taman Sari Nagari Ngalengka?” Bathara kala miterang dhawuh “ing mrika menapa ingkang kedah kula tindakaken Pukulun ?”.

 

“Ing Taman Sari Ngalengka, sira bakal weruh ana titahing Dewa jalu lan pawestri, sing kakung jejuluk Resi Wisrawa dene kang wadon sesilih Dewi Sukesi. Parentah Ulun marang jeneng kita, Bathara Kala Ulun dhawuhi supaya manjing sajiwa marang Resi Wisrawa dene Durga Ulun parentah manjing sajiwa marang Dewi Sukesi. Parentah Ulun sabanjure, gugahen birahine Wisrawa lan Sukesi, tuntunen murih nuruti birahinira sakloron. Marang jeneng kita Durga, uga tamakna panggege murih lamun Sukesi nggarbini, anggone nggarbini ora beda karo nggarbini kita kang mbutuhake wektu ora kliwat saka telung dina tumuli ngalahirake ponang jabang bayi tanpa dalan nglarani sarta tanpa ana getih kang tumetes saka ragane Sukesi, sarta wusing jabang bayi lahir tumuli tuntunen Sukesi supaya nggege bayine, temah sajroning pitung kedheping netra jabang bayi anake Sukesi ora beda karo jabang bayi anak-anak kita lan anak-anake para Jim Setan liyane, wis dadi gedhe lan jangkep pirantining ragane kaya dene wong sing wis akil diwasa” Sang Hyang Girinata ndhawuhake jejibahan kang kudu dilakoni dening Bathara Kala apa dene Bathari Durga.

 

“Kawula nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh Pukulun” Bathari Durga atur wangsulan “lajeng ngantos benjang menapa anggen kula kedah cumondhok tunggil sajiwa kalihan Dewi Sukesi?”.

 

“Dhawuh Ulun marang jeneng kita sakloron” dhawuh wangsulane Sang Hyang Guru “budidayanen murih Sukesi lan Wisrawa darbe turun sing saakeh-akehe, lan panggah mapana ana kono kongsi jeneng kita kaendhih dening kekuwatan liya sing ora bisa kita tranggulangi”.

 

“Terang dhawuh Paduka Pukulun, titah Paduka kekalih kepareng bidhal benjang menapa?”.

 

“Aja kesuwen dina iki uga diage jeneng kita sakloron pangkata menyang Ngalengkadiraja, Durga lan Kala” dhawuh wangsulane Sang Hyang Guru.

 

Ora ndadak dibaleni, Sang Hyang Bathara Kala lan Sang Bathari Pramuni tumuli budhal.

 

“Kakang Resi Kaneka”  sawuse Bathara Kala lan Bathari Durga budhal, Sang Hyang Guru tumuli miji Sang Hyang Narada maneh.

 

“Kawula wonten dhawuh Adhi Guru?” atur wangsulane Bathara Narada .

 

“Menapa kinten-kinten wonten ingkang badhe aganggu damel dhateng Kala lan Durga anggenipun nindakaken jejibahan ingkang Ulun dhawuhaken kala wau?” Sang Hyang Guru mundhut pirsa.

 

“Mesthi kemawon wonten Adhi Guru” wangsulane Sang Hyang Narada “kula ngertos mangke sasampunipun Kala lan Durga makarya, Titah Paduka pun Wisrawa saha Sukesi badhe boten kendhat lan boten kendel-kendel anggenipun tansah nindakaken salulut nuruti mubaling napsu birahi. Ananging anggenipun titah kekalih ngumbar napsu ing samodraning asmara mangke, badhe wonten ingkang ganggu damel, nuwun inggih si Danapati ingkang rumaos kedangon ngrantos tiyang sepuhipun ingkang boten wangsul-wangsul kanthi anganthi Dewi Sukesi minangka jatu kramanipun, kados ingkang dipun sagahaken dening Wisrawa nalika badhe bidhal rumiyin, sampun telas raos sabaripun. Danapati badhe mepak wadya nunten bidhal nusul tiyang sepuhipun dhateng Ngalengka. Manawi Danaraja sampun dumugi laladan Ngalengka, tartamtu badhe mireng bilih wekdal menika Sukesi sampun kadhaup piyambak dening Wisrawa. Naah, salajengipun Adhi Guru tartamtu sampun pirsa piyambak menapa ingkang badhe dumados ing Nagari Ngalengka”.

 

“Inggih Kakang Narada” dhawuh sabdane Sang Hyang Guru nanggapi ature Bathara Kaneka  “kangge njangkepi lelampahaning titah ingkang sampun kaserat ing Jitabsara, kaparenga Kakang Narada anganthi para Dewa watak sanga, anyegat lampah barisaning wadya bala saking Lokapala ing tepis wiringing nagari, mugi kanthi makaten saged anyumenekaken anggenipun Danaraja kepanggih kalihan Wisrawa”.

 

Bathara Guru tumuli paring dhawuh marang Dewa Watak sanga sing uga padha seba :

 

“Bathara Indra lan kabeh Dewa Watak Sanga, jeneng kita wis padha miyarsa dhawuh Ulun marang Wak kita kakang Kanekaputra, dina iki uga jeneng kita aja ana kang keri padha ndherekna Wak kita Kakang Narada, tumurun menyang tepis wiringing negara Lokapala. Sauntara jeneng kita padha mudhun ing Marcapada, panjenengan Ulun arsa nindakne wajib minangka rajaning Jagad Tribawana”.

 

Kang padha nampa jejibahan tumuli budhal, Sang Hyang Guru tumuli manjing Tinjomaya, nindakne samadi murih tumuli sirep kang gara-gara. Sigeg.

 

mBaleni crita kang ana ing Taman Sari negara Ngalengka. Sawuse ditinggal Prabu Sumali sing arep nindakne tapa ing puncaking Gunung Maliawan, Dewi Sukesi tumuli asung sasmita marang para abdi lan para emban murih ngadoh saka papane jejagongan karo Resi Wisrawa. Sawise para abdi lan para emban ora katon maneh, Sukesi tumuli sansaya nyaketne lungguhe  karo Resi sing senadyan wis setengah tuwa parandene kebagusane isih mencorong kaya Bathara Kamajaya kuwi. Ora mung trima caket nggone lungguh Dewi Sukesi, nanging malah kepara wis mepet ing sisihe Resi Wisrawa.

 

“Mangko ta Nini” ngerti yen Sukesi sansaya mepetake nggone lungguh Wisrawa dadi ngrasakne ana rasa aneh kang nggremet ana sajroning dhadhane, nanging Brahmana sing wis gentur tapane kuwi panggah ora lali marang kesaguhane nggone arep nurunake Aji Sastra Jendra Yuning Rat marang putra putrine mitra sinarawedine kuwi, mula tumuli takon sepisan maneh “apa Nini Dewi temen-temen wis manteb lahir trusing batin kanggo nampani Aji Sastra Jendra Yuning Rat iki?”.

 

“Dhuh Panembahan” wangsulane Dewi Sukesi karo nuduhne slaga kenese “kabedhaha jaja kula, tartamtu Panembahan badhe pirsa isining seratan ing manah kula ingkang tuhu gandrung sageda tumuli katedhakan Aji Sastra Jendra Yuning Rat saking paduka Panembahan pepundhen kula”.

 

Tregal-tregeling slaga, nuwuhake ganda arum sing mijil saka anggane Dewi Sukesi tumanduk marang pangambune Resi Wisrawa. Sakala kagugah ati lanange Resi saka Girijembangan kuwi. Nalika samana ambarengi rawuhe Sang Hyang Bathara Kala lan Bathari Durga kang asalira cahya, kang tan kauningan dening Resi Wisrawa apa dene Dewi Sukesi yen Dewa loro kuwi wis manjing sajiwa, Bathara Kala nyawiji marang Resi Wisrawa lan Bathari Pramuni manunggal marang jiwane Dewi Sukesi.

 

Sanadyan nalar lan atine Resi Wisrawa wis kena daya pangaribawa sing dibisikake sang Hyang kala inga tine, temah lali klawan tujuwan sakawit yen arep njodhokne Sukesi karo putra kakunge, nanging banjur malih tuwuh rasa seneng lan kepengin mengku Dewi Sukesi dadi garwane, ewa dene Resi Wisrawa isih bisa guneman marang Dewi Sukesi murih nindakne laku minangka sarat masrut kanggo nampani Aji Sastra Jendra Yuning Rat sing arep diturunake.

 

“Yen pancen wis mantep rasaning atimu Nini” kandhane Resi Wisrawa marang Sukesi sabanjure “diage Nini tumuli nindakne siram jamas lan salin busana kang warnane sarwa seta, murih gampang nggonira bakal nampani tumuruning Aji Sastra Jendra Yuning Rat saka panjenenganingsun”.

 

“Dados kula kedah siram jamas langkung rumiyin Panembahan?” nampa prentah saka Wisrawa ngono kuwi, Sukesi sing wis kecondhokan aluse Bathari Pramuni sakala mubal genining asmara marang Resi Wisrawa, mula nadyan prentahe wis cetha nanging meksa kepengin nggenahake jroning ati mung kepengin bisa sansaya mepet anggone lungguh karo Resi sing wis malih pindha Sang Hyang Kamajaya kuwi.

 

“Bener Nini” wangsulane Resi Wisrawa sing uga wis sansaya kayungyun ndulu kasulistyane Sukesi “sawuse siram jamas Nini Sukesi uga kudu ganti busana kang sarwa seta”.

 

“Dhuh Panembahan” wangsulane Dewi Sukesi  “menawi makaten mbok inggiha Sang Panembahan boten negakaken kula manjing pasiraman kanthi piyambakan, mbok inggih Wa Resi kepareng angancani kula nindakaken siram jamas menika”.

 

Karo guneman mangkono kuwi, Sukesi ngadeg tangane Resi Wisrawa dicandhak semu digeret diajak menyang papan kanggo adus kramas. Sansaya geter rasaning dhadhane Resi Wisrawa, noleh kanan mulat kering, ora katon ana sapa-sapa. Dewi Sukesi tumuli dirangkul banjur dipondhong, mlebu papan pasiraman.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

24.

Nalika samana Resi Wisrawa wis ora bisa maneh ngendhaleni mubaling hawa kang ngremet ngobong asmarane. Wis lali karo tujuwan sakawit, wis lali yen awake kuwi wis kena diarani wis lungse umure, lali lamun Dewi Sukesi kuwi anake wadon kanca rakete. Samono uga Dewi Sukesi, sing anggone kepengin ngladeni Resi Wisrawa sabab kena pangaribawane pepenginan bisa oleh Aji Sastra Jendra Yuning Rat, samengko kaya-kaya pepenginan kuwi wis sirna babar pisan, ing panyawange Dewi Sukesi, Resi Wisrawa kuwi nyata yen wong lanang sing banget njenthara, banget gawe kasengseming atine. Wong loro titahing Gusti jalu estri kuwi wis kinuwasan dening mubaling hawa napsu birahi, kekarone tumuli padha lelumban ing samodraning asmara sing babar pisan ora ana rasa tuwuke.

 

Kodrate sing gawe crita wis netepake, yen Resi Wisrawa wis dadi jodhone Dewi Sukesi. Mung kang dadi jalarane kekarone awit saka nampa pidananing Dewa sing ora disumurupi, kaparingan pemut saka Jawata nanging padha dene anggone ora ngerti. Ya iku kapidana merga thukuling lekas ing ati sing ora dirumangsani temah kena diarani gawe dedolanan ngelmu suci aji sekti Sastra Jendra Yuning Rat kanthi pangaji sing remeh, mung arep digunakne minangka sarana nuruti pepenginaning karsa priyangga. Lakuning kodrat kang nurut tulising Jitabsara, wis kuwawa ngilangne kawaskithanining Resi saka Pratapan Girijembangan, temah ora krasa yen jiwa ragane wis kagunakne dening Sang Hyang Kala kanggo nandukne birahine marang Sang Hyang Bathari Durga sing wis cumondhok lan nguwasani jiwa ragane Dewi Sukesi. Ya karana kuwi kabeh, ndadekne wohing nggone pepasihan Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi, ana jabang bayi sing wis kinandhut dening Dewi Sukesi. Lumantar sasmita saka Sang Hyang Durga, Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi tumuli ngerti lamun Sukesi wis nggarbini lan weruh yen anggone nggarbini Dewi Sukesi beda klawan nggarbinine titah lumrah, awit anggone nggarbini Dewi Sukesi tan prabeda nggarbinine Sang Hyang Bathari Pramoni, kang mangkono kuwi tinampa kleru dening Resi Wisrawa apa dene Dewi Sukesi sing tumuli duwe pangira yen anggone nggarbini Sukesi mangkono mau awit saka nugrahaning Hyang Manon.

 

“Sukesi garwaning pun kakang yayi” kandhane Wisrawa bareng weruh yen Sukesi wis nggarbini “nyata katresnan kang ana atining pun kakang apa dene kang ana atine Yayi Sukesi iki nyata lamun kanugrahan saka Jawata linuwih, apa si adhi wis uninga lamun titi kalenggahan iki jeneng sira yayi wis nggarbini?”.

“Dhuh Panembahan pangayoman kawula ing marcapada menika” wangsulane Dewi Sukesi karo ati sing uga seneng “estunipun garwa paduka kula, ugi sampun pikantuk sasmitaning Jawatagung bilih titi wanci menika kula sampun ngandheg wijining katresnan saking paduka Panembahan lan sasmitaning Bathara ingkang paring warah bilih jabang bayi ingkang samangke kula kandhut menika, salebeting tigang dinten badhe miyos ing jagad padhang, inggih putra paduka ingkang pambayun saking kula menika mangke ingkang badhe nggentosi kalenggahanipun Rama Prabu Sumali marentah saha mewahi kuncaraning Nagari Ngalengka mriki”.

 

“Sokur ta Nimas” kandhane Wisrawa sabanjure “yen mangkono nyata nugrahaning Bathara marang Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi nyata kanugrahan sing agung. Mula Yayi ayo karo nutugne anggone lelumban ing samodraning asmara, padha diranti mijiling putraningsun saka guwa garbane si Adhi”.

 

“Suwawi kula dherekaken Panembahan”.

 

Amung telung dina mapan ing guwa garbane Dewi Sukesi, jabang bayi wohing katresnan antarane Pandhita sing maune kepengin ngrabekne putra kakunge klawan wanita sing digegala bisaa dadi mantune kuwi tumuli lahir. Jabang bayi lahir lanang, apaes raseksa. Tumuli siniraman klawan tirta gege, sakala jabang bayi sing nembe lahir kuwi dadi walagang, ilang wujude jabang bayi nanging wis wujud raseksa pria kang wus diwasa.

 

“Durung suwe nggonku ucul saka alam Nusatembini, dumadakan ing ngarepku ana priya bagus lan wanodya sing mencorong sulistyeng warna” kandhane raseksa pria sing wis dadi diwasa kuwi karo nyawang prenahe Dewi Sukesi lan Resi Wisrawa “sira sakloron kuwi sapa lan babar pisan aku njaluk tulung marang sira sakloron, jenengku iki sapa? Lan sapa sing dadi wong tuwaku sing wis dadi sarana aku lahir ana jagad padhang iki?”.

 

“Sumurupa kulup” wangsulane Dewi Sukesi alon “aku iki wong tuwanira wadon aranku Dewi Sukesi, dene kang jumeneng ana sisihe pun ibu iku sudarmanira kang ngukir jiwa raganira dene asmane Resi Wisrawa”.

 


“Jagad Dewa Bathara” raseksa kuwi ngguyu bungah “pranyata paduka kanjeng Ibu saha kanjeng Rama tiyang sepuh kula kekalih? Manawi makaten, dhuh Kanjeng Rama kaparenga paduka paring nami dhateng kula, saha nyuwun dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi sasampunipun kula lahir ing jagad padhang menika?”.

 

“Kulup putraku wong njenthara” wangsulane Resi Wisrawa “jagad saisine neksenana, jeneng sira kulup Ingsun paring tenger Rahwana. Lan sumurupa, jeneng sira kulup dilahirake ing ngalam donya iki satemene wis sinandhangan jejibahan dening Jawata kinen angratoni nagara Ngalengkadiraja kene nyulihi Eyangmu Sang Prabu Sumali kang samengko wis jumeneng pandhita. Nanging sadurunge sira kulup Rahwana jumeneng dadi raja ing Ngalengka kene, minangka kanggo sarana murih anggonira dadi Narendra mengko bisa manggih rahayu lan kineringan dening para raja saka mancanegara, sira kulup lumawata menyang pucaking Gunung Gohmuka, nindakna tapa brata ing kana, yen wis titi wancine jeneng sira kulup bakal nampa sasmita saka Jawata murih bali menyang Praja meneh saprelu nindakne darmaning Narendra”.

 

“Terang dhawuh paduka Kanjeng Rama, samangke kaparenga putra paduka pun Rahwana nyuwun pangestu badhe nglampahi tarak brata ing puncaking Ardi Gohmuka” karo nyembah Rahwana pamitan arep budhal nindakne dhawuhe wong tuwane.

 

“Ya, ya Rahwana” wangsulane Resi Wisrawa “mbanyu mili pangestuning pun Bapa marang jeneng sira kulup, budhala dina iki uga, duga-duga digawa ngati-ati aja kongsi keri”.

 

Saungkure Rahwana sing budhal menyang Gunung Gohmuka, Resi Wisrawa tumuli aweh sasmita marang ingkang garwa Dewi Sukesi kaajak nutugne nggone padha posah-pasihan. Rindhik asu digitik, Dewi Sukesi tumuli nggandheng astane Resi Wisrawa kaajak manjing wisma pagedhonganing asmara.

 

mBalik critane, mbaleni lakon sing ana negara Lokapala. Nalika samana Prabu Danaraja lagi lenggah siniwaka kaadhep sanggyaning para nayaka, punggawaning praja, mantri bupati lan para raja telukan, kang tinindhihan Sang Rekyana Patih Ditya Kala Banendra. Sawuse ngrembug bab kantentremaning praja lan karaharjaning kawula ing Lokapala, Prabu Danaraja banjur paring dhawuh marang Patih Banendra magepokan karo anggone arep nindakne pala krama karo Dewi Sukesi kang samengko lagi dipapag dening ingkang Rama Resi Wisrawa.

 

“Paman Patih Banendra” dhawuhe Prabu Danaraja “kepriye mungguh nggonira nindakne dhawuhingsun murih tata-tata kanggo nganakne pahargyan anggon ingsun arsa pala krama? Apa kabeh wis sira tindakne kanthi becik?”.

 

“Kawula nok non” wangsulane Patih Banendra karo nyembah “dhawuh paduka Kanjeng Sinuwun samendhang datan wonten ingkang karempit, sadaya sampun kalampahaken dening para abdi ing Lokapala boten wonten ingkang kacicir, sawanci-wanci tumapaking damel saestu boten badhe anguciwani”.

 

“Banget nggoningsun nedha nrima marang jeneng sira Paman” wangsulane Prabu Danaraja marem “apa sing sira aturake nyata wis gawe renaning penggalihingsun, nanging dumadakan ana rasa samar kaworan kuwatir sajroning penggalih ingsun dina iki Paman”.

 

“Paduka kanjeng Sinuwun ngraosaken samar ?” Patih Banendra munjuk atur “menapa abdi paduka kepareng mangertos menapa ingkang Padukendra samaraken? Menawi ta ingkang ndadosakane kasamaran Paduka menika tuwuh saking awit anggen kula lan para abdi nindakaken dhawuh paduka kirang mranani panggalih, mugi kaparengan Kanjeng Sinuwun paring dhawuh ing babagan ingkang pundi? Mangke abdi paduka pun Banendra ingkang badhe angleresaken murih boten dados samaring panggalih paduka malih, kawula nok non”.

 

“Dudu perkara kuwi sing ndadekne samaring penggalihingsun Paman” dhawuh wangsulane Prabu Danaraja “nanging jalaran saka nggoningsun menggalih wus rada sauntarane nggone Kanjeng Rama Resi Wisrawa tedhak marang Ngalengka ngaturake panglamar marang Paman Prabu Sumali, sing kongsi dina iki durung kundur marang Lokapala kene. mBok manawa Paman Patih krungu ana warta apa saka negara Ngalengka, sing kira-kira ana sambung rapete karo tindake Rama Panembahan kuwi Paman?”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

25.

Patih Banendra nata lungguhe banjur karo nyembah Patih sing wis rada sepuh kuwi munjuk atur :

 

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuwun, estunipun sampun sawatawis wekdal abdi jengandika mireng tembang rawat-rawat, warta binandhung ing karna, ujaring mbok bakul simambiwara menggah lelampahan ingkang sampun dumados ing nagari Ngalengka. Estunipun ingkang angayunaken sekar kedhaton nagari Ngalengka menika sakalangkung kathah, nenggih para raja lan para narpati saking sanjawining rangkah. Ananging, kangge manggihi Prabu Sumali ing sitinggil para raja ingkang badhe anembung Dewi Sukesi menika kedah saged nyingkiraken palanging margi ingkang wujud Senapati Agung Nagari Ngalengka nenggih Raden Jambumangli. Miturut wartos, boten wonten para raja ingkang saged nyingkiraken pepalanging margi kala wau, malah narendra ingkang kondhang kalis ing pejah saking Nagari Awugeni, nenggih Prabu Juwalasekti ugi boten kuwawi nandhingi kadigdayanipun Raden Jambumangli, kusuting yuda temah gugur kanthi kajuwing-juwing kuwandhanipun”.

 

“Dadi kanggo netepne jodhone yayi Dewi Sukesi ing nagara Ngalengka wis dianakne sayembara perang mungsuh Jambumangli kuwi Paman?” Prabu Danapati nyelani critane Patih Banendra “saupama uninga mangkono, aku mesthi wis budhal dhewe, tak kira nek mung ngadhepi Senapati Ngalengka kuwi wae, Danapati ora bakal rumangsa abot”.

 

“Kawula nuwun nuwun inggih Gusti” wangsulane Patih Banendra sing tumuli nutugne anggone matur “kabar pungkasan ingkang kula tampi, sasampunipun para raja sami kasoran ing yuda lumawan Raden Jambumangli, wonten satunggaling Brahmana ingkang mlebet ing blabar kawat, temah Raden Jambumangli sirna ing astanipun Brahmana kasebat. Wasana Brahmana kala wau nunten minggah ing sitinggil Ngalengka kepanggih kalihan Prabu Sumali, namung emanipun sasampunipun Sang Brahmana kala wau mlebet kedhaton Ngalengka, boten wonten wartos ingkang dados sambetipun kalihan wartos saderengipun, awit sampun sawatawis wekdal Sang Brahmana boten ketingal miyos saking pura”.

 

“Brahmana sing bisa ngalahne Jambumangli kuwi cetha yen Rama Panembahan Resi Wisrawa Paman” Prabu Danapati paring wangsulan “ingsun weruh dhewe yen Rama Panembahan kuwi nyata sekti mandraguna, aja maneh kok mung wujuding titah, sanadyan Dewa ing Suralaya wae durung karuwan bisa ngasorake kasektene Kanjeng Rama. Nanging bareng warta sing ndika tampa ngandhakne  sawuse Kanjeng Rama munggah sitinggil banjur pedhot lakuning warta, rasaning atiku dadi sansaya samar”.

 

“Samar kados pundi Sinuwun?”

 

“Samar lamun Kanjeng Rama kena paekaning wong-wong ing Ngalengka sadurunge klakon kepethuk karo Paman Prabu Sumali. Bisa wae ana nayaka praja ing Ngalengka kang uga kepengin mengku Yayi Dewi Sukesi, banjur nindakne paeka apus krama marang Rama Panembahan temah Rama Resi keblusuk menyang wuwuning nayaka mau sarta wurung anggone bisa kepethuk karo Paman Prabu Sumali. Utawa bisa uga malah Paman Prabu Sumali sing kagungan sedya ala marang Kanjeng Rama nuli pasang wuwu kanggo gawe cilakane Kanjeng Rama, sabab yen ora kaya sing dadi kasamaranku iki mesthine wis ana warta lamun Yayi Dewi Sukesi klakon dikanthi Rama Panembahan kundur menyang Lokapala kene” wangsulane Prabu Danapati karo njengkerutne bathuke.

 

“Dhawuh padukendra ingkang makaten kala wau mila saged kemawon kelampahan Sinuwun” wangsulane Patih Banendra karo manthuk-manthuk “samangke lajeng kersa Paduka Kanjeng Sinuwun kados pundi?”.

 

“Kanggo nakyinake warta sarta njagani sing mutawatiri, kerigna wadya bala saka Lokapala sacukupe, Ingsun pribadi kang bakal nyalirani minangka tetindhihe. Sokur bage yen sing ingsun samarake mung mandheg ing rasa samar wae, lire Kanjeng Rama jebul ora manggih aral apa-apa, mangka untabing wadya bala mangko bakal dadi laku kanggo mapag rawuhe Kanjeng Rama kang nganthi garwaningsun Nimas Dewi Sukesi, nanging yen sing tak samarake jebul tenan kelakone, mangka aja tidha-tidha, padha gawenen karang abang negara Ngalengka” Prabu Danaraja nuli paring dhawuh.

 

Ora suwe, saka kutha raja Lokapala katon ana iring-iringaning wadya bala sagelar sepapan jangkep karo gegamane tan prabeda karo lakuning prajurit sing arep nglurug perang, tumuju negara Ngalengka.

 

Sang Hyang Naradha lan para Dewa watak sanga sing mapan ana tepis wiringing negara Lokapala, dupi uninga lamun Prabu Danapati wis ngerigne wadya balane arep nglurug menyang Ngalengka tumuli tumandang gawe pepalang murih Danapati sawadya balane ora bisa tumeka ing negara Ngalengka. Sang Hyang Brama nyipta geni sing panase kagila-gila, Sang Hyang Bayu nyipta angin sing ora ana lerene mubeng muser sing nggegirisi lan para dewa liyane padha nyipta manekawarna guntur sing kabeh padha ngadhang lakune wadya bala saka Lokapala. Para prajurit Lokapala sing kepalangan dening pepalang kang cinipta dening para Dewa kuwi akeh sing padha kamigilan, padha miris lan mandheg ora wani mbacutne lakune, ora sethithik sing banjur padha sambat kelaran jalaran kesawaban dening pepalang kang cinipta dening para Jawata kuwi. Patih Banendra kang nyata darbe kasekten kang pilih tandhing lan wis akeh nemoni lelakon sing aneh-aneh sajroning uripe, tumuli weruh yen pepalang sing ngadhang lakune barisan saka Lokapala kuwi dudu pepalang sing sabaene. Patih Banendra, sing wujude Raseksa meh sagunung anakan gedhene kuwi tumuli nimbali para tumenggung sing dadi andhahane.

 

“He kadang-kadangku para Tumenggung kabeh” kandhane Patih Banendra sawise para andhahane mlumpuk ing ngarepe “kowe kabeh padha weruh lamun ana pepalang sing ngadhang lakune prajurit sing ndherekne Gustimu Prabu Danapati iki. Nitik sambate para prajurit rucah sing kasempyok wujuding pepalang kang ngadhang laku iki, cetha lamun sing ana ngarepe dhewe iki genah nek ora sabaene. Apa para kadang kabeh ora rumangsa aneh nemoni lelakon kang mangkene iki ?”.

 

“Nyuwun pangapunten Gusti Patih” Tumenggung Jayengpalugon, sing duwe rupa bagus lan kajibah dadi tetindhihing para wadya sing ora apaes raseksa, atur wangsulan “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken, pepalang ingkang wujud latu, angin lesus sarta suwanten-suwanten kados guntur menika, cetha menawi dede pepalang limrah, mesthi wonten ingkang damel. Namung kemawon, nalika kula watak aji panarawangan, babar pisan boten katingal wujudipun tiyang utawi lelembat ingkang sampun nyebar pepalang menika. Samangke kaparenga Gusti Patih paring pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

 

“Leres aturipun Kiraka Jayengpalugon menika Gusti” Tumenggung Jarageni sing wujude buta numpangi ature Tumenggung Jayengpalugon “sanadyan sampun wongsal-wangsul kula ngginakaken netra denawa, parandene kula ugi boten sumerep menapa-menapa kajawi namung teja manther ingkang kathah cacahipun mila manggen ing wingkingipun guntur-guntur ingkang dados pepalanging lampah menika”.

 

Para Tumenggung liyane uga padha matur sing surasane padha karo ature Tumenggung Jayengpalugon apa dene Tumenggung Jarageni.

 

“Yen mangkono apa sing padha ndika alami ora beda karo apa sing wis dak weruhi” Patih Banendra mangsuli sing dikandhakne para Tumenggung kuwi.

 

“Lajeng prayogining lampah kados pundi Gusti?” Tumenggung Jayengpalugon takon “menapa boten langkung prayogi menawi nyuwun pitedah dhateng Gusti kula Kanjeng Sinuwun?”.

 

“Awake dhewe iki wis padha gedhe tuwa Adhi Tumenggung Jayengpalugon” wangsulane Patih Banendra “aja nggegampang nyuwun pituduh marang Kanjeng Sinuwun lamun awake dhewe durung ngetog kabisan kanggo ngaweruhi apa sing lagi diadhepi iki. Samengko tak jaluk panyengkuyung saka ndika kabeh, aku arep mbalangake kemayan marang teja-teja sing pating sliwer ing mburine pepalang iki. Sokur bage menawa kanthi tak balangake kemayan mengko bisa nyingkirake pepalang sing ngadhang laku iki, saora-orane bakal bisa ngaweruhi teja-teja kae kedadeyan saka apa temah awake dhewe bisa luwih gampang anggone ngadhepi”.

 

Patih Banendra tumuli sedhakep saluku juga, ngumpulake kekuwatan kanggo mbalangake kemayane. Saka sela-selaning igane Patih sing awujud raseksa kuwi dumadakan mijil cahya rupa kuning. Wiwitane mung sakonang gedhene nanging sansaya suwe dadi mundhak sansaya gedhe, wekasan nganti dadi meh salumbung bandhung gedhene . Lon-lonan cahya kuning sing wiwit katon kaya kobaraning geni kuwi mlaku nrajang pepalang sing ngadhang lakune barisan Lokapala. Ana kaelokaning lelakon, geni kang cinipta dening Sang Hyang Brama lan Angin lesus kang cinipta dening Sang Hyang Bayu kuwi dumadakan kontal mundur memburi kasurung dening cahya kuning kemayan sing dibalangake Patih Banendra. Para Tumenggung kang meruhi katiyasane kemayane Patih Banendra padha keplok lan surak kaya bata rubuh saka linggan suwarane.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

26.

Patih Banendra tumuli njangkahne sikile maju nututi kemayane sing sansaya adoh ndheseg mundur pangabarane Sang Hyang Brama lan Sang Hyang Bayu. Para Tumenggung karo surak-surak rame aweh sasmita marang para wadya balane diajak bareng ngetutne lakune Patih Banendra.

 

Uninga yen Patih Banendra mbalangake kemayan lan kasil ndheseg guntur geni sarta guntur angin kang dicipta dening Bathara Brama lan Bathara Bayu, Sang Hyang Indra tumuli asung sasmita marang para Dewa liyane diajak mapag lan ngendheg lakune wadya bala saka Lokapala sing diwadanani dening Patih Banendra kuwi.

 

“Iiii…. Lha dala……” kandhane Patih Banendra bareng dumadakan weruh para Dewa mudhun saka awang-awang banjur mandheg lan ngadhang lakune  “Iki ana wewujudan sing nganggo busana kaya lumrahe Brahmana tumurun saka langit lan ngadhang lakuku, he kang padha anyar katon ngakuwa kowe kuwi kabeh bangsane jim setan peri prayangan apa bangsane apa he? lan ana parigawe apa teka ngadhang lakune barisan saka Lokapala he?”.

 

“Hong Wilaheng Sekaring Bawana langgeng” Sang Hyang Indra tumuli paring wangsulan marang Patih Banendra “Patih Banendra, sumurupa Ulun iki Bathara Indra lan kabeh kang bareng karo Ulun iki para Jawata saka Kahyangan kang ngemban dhawuh saka Panjenengane Sang Hyang Jagad Nata kinen ndhawuhake marang Ratu Gusti kita ya Titah Pujangkara Si Danapati lan kabeh pandhereke supaya ora nutugake laku menyang negara Ngalengka”.

 

“Ya Jagad Dewa Bathara” Patih Banendra tumuli aweh sasmita marang wadya bala Lokapala supaya niru lekase sing tumuli lungguh jengkeng ing lemah karo ngaturake sembah marang para Dewa sing ngadhang lakune “tuhu sampun nampi kanugrahan ingkang tanpa pepindhan dene ing dinten menika kula saged sumerep lan kepanggih kalihan para Jawata saking Suralaya. Boten langkung kaparenga titah paduka pun Banendra ngaturaken pangabekti Pukulun”.

 

“Pangabekti kita wus Ulun tampa Banendra” dhawuh wangsulane Sang Hyang Indra “samengko gandheng wis cetha apa sing dadi dhawuh Ulun marang jeneng kita, mula tumuli matura marang ratu gustinira supaya murungake sedyane nggone arep lumawat menyang negara Ngalengka”.

 

“Prakawis munjuk atur dhateng Gusti kula Kanjeng Sinuwun Danaraja menika prakawis ingkang  gampil Pukulun” Patih Banendra matur karo nyembah “namung saderengipun, titah Paduka pun Banendra kepengin mangertos menapa darunanipun dene Gusti kula boten kaparengaken lumawat dhateng Nagari Ngalengka lha?”.

 

“Banendra” dhawuh wangsulane Sang Hyang Indra “iku dhawuh saka Sang Hyang Girinata, kuwajibane titah mung nindakne dhawuh, ora prelu ngaweruhi ya gene Jawata paring dhawuh mangkono kuwi mau”.

 

“Pukulun, tuhu mokal Jawata paring prentah ingkang boten cetha ingkang dados pawadanipun, lan kula minangka titah satuhu badhe ngestokaken sedaya dhawuhing Dewa menawi kula sampun mangertos menapa ingkang dados wewatoning prentah menika, kanthi makaten kula saged matur dhateng Gusti kula kenging menapa Gusti kula boten keparengaken lumawat dhateng nagari Ngalengka” Patih Banendra matur maneh.

 

“Wajib kita iku muhung nindakne apa kang wus Ulun dhawuhake Banendra, samono uga wajibe Gustinira si Danaraja mung kudu nindakne dhawuhing Jawata kang lumantar jeneng kita” Bathara Indra dhawuh kanthi suwara rada sereng, jalaran rembuge Patih Banendra sing dianggep wis wani mbantah apa sing didhawuhake.

 

“Menawi makaten kapeksa titah Paduka boten saged nglampahi dhawuhipun Dewa ingkang makaten menika Pukulun, samangke kaparenga Pukulun Bathara Indra miwah para Jawata sedaya kula suwun minggir sampun ngadhang lampah kula” kanthi suwara sing tatag Patih Banendra mbantah apa sing didhawuhne Bathara Indra.

 

“Yen mangkono apa jeneng kita kepengin dadi titah sing murtad lan arep wani marang Jawata, Banendra?”

 

“Sakersa anggen Paduka mastani Pukulun” wangsulane Banendra wani “ingkang cetha boten wonten niyat ing manah kula badhe wantun kalihan Jawata”.

 

Akeh-akeh nggone padha rembugan antarane Patih Banendra lan Bathara Indra, padha dene anggone ngugemi panemune dhewe-dhewe, wekasan sulayaning rembug wis ora bisa diselaki maneh.  Bathara Indra lan para Jawata liyane padha anggone nedya memalangi lakune wadya bala saka Lokapala, sauntara barisan saka Lokapala ya ora gelem mbalik mulih kaya sing dikersakne para Jawata. Wasana dadi perang sing cukup rame.

 

Para Tumenggung saka Lokapala kang dumadi saka bangsa manungsa lan bangsa raseksa, pranyata duwe kaprawiran lan kadigdayan sing tan kena sinangga lamba. Sanadyan mungsuhe para Jawata sing kagadhuhan kasekten sing bisa kalis saka ing pati, suprandene para Tumenggung lan prajurit Lokapala ora kasoran ing yuda. Kamangka wektu kuwi sing tumandang ing palagan mung para Tumenggung, Patih Banendra mung nonton saka kadohan dene Prabu Danapati isih meneng anteng lungguh ana sajroning kretane.

 

Ginelak lakune wong ndongeng, mbaleni critane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi ing Taman Sari praja Ngalengka. Nalika samana saka anggone andon tresna, Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi wis nurunake anak loro maneh. Dadi kabeh anake Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi nalika iku wis ana telu. Sing mbarep kaya kang wis dicritakne yaiku Rahwana sing dening Resi Wisrawa kadhawuhan tapa ing puncaking Gunung Gohmuka. Sing angka loro, uga wujud raseksa lahire padha karo lahire Rahwana, ya iku tanpa nganggo dalan nglarani lan mung telung dina nggone manggon ing guwa garba. Dening Resi Wisrawa anak kang angka loro saka Dewi Sukesi kuwi kaparingan tenger Raden Kumbakarna. Sawuse kasiraman banyu gege lan wujud Raseksa kang diwasa, Kumbakarna uga banjur kadhawuhan mertapa nusul sedulure tuwa ing Gunung Gohmuka. Let sepasar saka lahire Kumbakarna, Dewi Sukesi nglahirake jabang bayi maneh wujud raseksi, yaiku buta wadon. Dening Resi Wisrawa kaparingan tetenger Dewi Sarpakenaka. Padha karo sedulur-sedulure Dewi Sarpakenaka uga kadhawuhan nindakne tapa ing Gunung Gohmuka.

 

Saungkure Dewi Sarpakenaka, dumadakan Resi Wisrawa beda karo padatan. Ana rasa aneh sing nggremet sajroning atine. Pandhita saka Pertapan Girijembangan kuwi lagi rumangsa gumun marang wewujudan sing disandhang dening anak-anake, kang kabeh wujud raseksa. Kamangka yen nitik saka wijine, Resi Wisrawa kuwi nyata manungsa sing bagus rupane lan Dewi Sukesi wujud putri sing sulistya warnane. Nanging ya gene bareng nurunake putra kabeh wujud raseksa?.

 

“Nyuwun pangapunten Panembahan” Dewi Sukesi sing rumangsa gumun weruh slagane Resi Wisrawa sing owah saka padatan kuwi banjur nyedhaki karo guneman “kula tingali Panembahan dugi benten kalihan padatan, saben-saben anak kula bidhal nindakaken dhawuh paduka mertapa ing puncaking Gunung Gohmuka, Paduka mesthi lajeng anganthi kula manjing samodraning asmara, nanging sareng ingkang bidhal kantun piyambak menika anak kula estri pun Sarpakenaka, Panembahan ketingal lajeng kados tiyang ingkang nembe bingung. Menapa Panembahan, nguwatosaken putra paduka pun Sarpakenaka ingkang kaleresan wujud wanodya menika?”.

 

“Ora Nini” wangsulane Resi Wisrawa “pun kakang babar pisan ora nguwatirake kaslametane anakku Sarpakenaka, jalaran nadyan wujude wanita nanging satemene Sarpakenaka kuwi wiwit lahir wis kagadhuhan kasekten sing padha karo sedulur-sedulure ya iku anakku Rahwana lan Kumbakarna, dadi ora ana pawadan kanggo nguwatirake kaslametane Sarpakenaka kang  arep nindakne tapa brata ing Gunung Gohmuka”.

 

“Lajeng kenging menapa Paduka ketingal bingung kados makaten Panembahan? Menapa malih ingkang Paduka penggalih?” Dewi Sukesi tumuli takon maneh.

 

“Satemene ingsun ora menggalihake apa-apa Nini” wangsulane Resi Wisrawa karo unjal ambegan landhung “mung sajroning atiku lagi krasa, ana rasa gumun sing kudune tekane ora saiki, nanging kudune wis ana nalika anakmu Rahwana lahir kae”.

 

“Nyuwun pangapunten Panembahan” Dewi Sukesi nyela rembug “kula kok lajeng dados bingung kalihan dhawuh paduka menika ta? Menapa ingkang Paduka gumunaken Panembahan? Kenging menapa mandhak mung gumun wae tekane kudu nganggo kasep barang lho?”.

 

“Sukesi” Resi Wisrawa aweh wangsulan karo aweh pitakon marang Sukesi “apa sira ora rumangsa gumun awit ana lelakon kang satemene aneh kang tumanduk marang awake dhewe iki?”.

 

“Menapa menika Panembahan?” Dewi Sukesi durung ngerti apa sing dikarepake Resi Wisrawa.

 

“Ngene ya Nini” Resi Wisrawa nyethakne apa sing dikarepake “wewujudanku lan wewujudanira kuwi tinitahake dening Jawata rupa manungsa kang kena diarani ora kakanthen cacad utawa ciri. Malah ora sethithik sing ngarani yen ingsun iki kalebu titah sing kaparingan rupa bagus sauntara sira Nini uga kaparingan rupa sing banget ing sulistyane, malah saking ayune pasuryanmu wis ndadekne horege jagad jalaran saking akehe wong lanang sing padha kayungyun marang jeneng sira Nini”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

27.

Sukesi mung meneng ora mangsuli apa-apa, mung mripate wae ora kedhep anggone ngulati pasuryane kakunge sing sanadyan wis setengah umur nanging panggah katon bagus njenthara.

 

“Miturut kalumrahan jenenge anak kuwi ora adoh wewujudane karo wong tuwa sing wis ngukir jiwa ragane” Wisrawa nutugne anggone guneman “kajaba yen wong tuwane nampa kanugrahan utawa siku dhendhaning Jawata”.

 

“Liripun kados pundi Panembahan?” Sukesi ora bisa ngampet anggone kepengin ngerteni tembung-tembung sing dikandhakne Wisrawa.

 

“Lire jamaking manungsa kuwi lamun duwe anak ya wujud manungsa, raseksa yen duwe turun lumrahe iya apaes diyu, kajaba yen ana nugrahaning Jawata kaya dene wong tuwanira, sanadyan Prabu Sumali kuwi apaes diyu awit nampa kanugrahan saka Jawata temah kagungan putra sing wujud putri ayu kaya jeneng sira Nini” wangsulane Resi Wisrawa nyethakne apa sing dadi kandhane “balik marang ingsun lan jeneng sira, ya gene kaparingan turun telu kabeh wujud raseksa? Iki sing ndadekne gumuning atiku. Jroning nalarku tumuli tuwuh gagasan apa iki awit karana Wisrawa lan Sukesi lagi nampa sikudhendhaning Bathara ? gagasan kang mangkne iki mau lagi tuwuh sawuse anakku wadon Sarpakenaka budhal menyang papan kanggo mertapa, ya gene rasa gumun iki ora tuwuh nalika Rahwana lahir ? Mula jroning nalarku tumuli nggrayahi dosa apa sing wis tak tindakne nganti oleh pemut saka Jawata kaya mangkene iki Sukesi?”.

 

Krungu apa sing dikandhakne Resi Wisrawa sing keri dhewe kuwi, Sukesi sakala njegreg. Jroning atine tuwuh gagasan kaya apa sing dikandhakne Wisrawa. Eling-eling Dewi Sukesi kajaba sulistyeng warna uga darbe kaluwihan ing olah piker, ora nganti suwe Sukesi banjur kelingan yen satemene dheweke wis tumindak dosa, kapencut marang kebagusane Resi Wisrawa temah njaluk kapundhut garwa sadurunge Aji Sastra Jendra Yuning Rat sing dadi panyuwune diparingake.

 

“Dhuh Panembahan” wasana karo atawan waspa Sukesi ngrungkebi pangkone Resi Wisrawa karo guneman “inggih awit saking paduka Panembahan samangke kula saged sumerep menggah dosa lan kalepatan kula temah nampi siku saking Hyang Agung arupi peputra tiga ingkang sedaya apaes yaksa, dhuh Panembahan samangke kula nyuwun dhumateng Paduka murih katuntuna pun Sukesi nindakaken patobatan nyuwun pangaksama dhateng Jawata linangkung, murih boten sansaya ngambra-ambra sikudhendha ingkang kula tampi”.

 

“Dadi jeneng sira wis sumurup dosa apa sing wis sira lakoni Sukesi?” Resi Wisrawa rumangsa kalah lantip panggraitane karo Sukesi sing wis bisa metani kaluputane dhewe, beda karo dheweke sing sanadyan wis madeg dadi Pandhita nanging durung nemokne ing ngendi dununging lupute “coba blakakna Nini, mbok menawa kanthi krungu kandhamu ingsun tumuli ketularan bisa ngaweruhi dosa apa sing wis tak lakoni”.

 

“Waleh-waleh menapa Panembahan, estunipun kados ingkang sampun nate kula aturaken ing ngarsa paduka miwah Kanjeng Rama Prabu Sumali rikala samanten, bilih kula namung badhe ngladosi priya ingkang saged maringaken Aji Sastra Jendra Yuningrat dhumateng kula. Nanging dumadakan kula salin slaga, dupi Paduka Panembahan ngandharaken sakedhik saking Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng Kanjeng Rama saderengipun Kanjeng Rama minggah dhateng Gunung Maliawan, ing ngriku pepenginan kula murih saged nurunaken putra ingkang ing tembenipun saged Jumeneng Nata ing Ngalengka langkung kiyat katimbang kepengin ngangsu kawruh sarana mangertosi isining Aji Sastra Jendra Yuning Rat, menapa malih sareng kula kemutan wangsiting Jawata ingkang kula tampi ing pasupenan rikala samanten, bilih saestu kula badhe kasembadan nggadhahi putra ingkang ing tembenipun saged jumeneng nata ing Ngalengka menawi kula saged kawengku dening priya ingkang sampun kuwawa ngrasuk Aji Sastra Jendra Yuningrat, ingkang priya menika boten sanes inggih namung Paduka Panembahan. Inggih mriku kawitanipun kula nglampahi dosa, nyuwun dhumateng Paduka Panembahan murih nglanggati pikajeng kula ingkang sampun kobong dening latuning asmara” kanthi wijang lan teteh Sukesi ngaturake kabeh lelakone marang Resi Wisrawa.

 

Krasa lega rasaning atine Sukesi sawuse ngandhakne dosa sing wis dilakoni. Beda karo Resi Wisrawa, sing dumadakan krasa kaya didhodhog dhadhane. Eling marang kesaguhan kang tau dikandhakne marang anake lanang yen bakal didhaupake karo Sukesi, nanging kasaguhan kuwi wis dicidrani dhewe, awit dheweke pranyata ora bisa ngempet mubaling geni asmara sing ngobong sajroning dhadhane nalika weruh kasulistyaning Dewi Sukesi. Uga eling yen dheweke wis tumindak sembrana, kanthi nyaguhi panyuwune Prabu Sumali sing kepengin ngrasuk Aji Sastra Jendra Yuning Rat nanging mawa panjaluk supaya masrahake Dewi Sukesi marang dheweke. Resi Wisrawa wis weruh kaluputane sing wis ngremehake ajine Sastra Jendra Yuning Rat kang satemene Ngelmu kekeran sengkerane Jawata.

“banget panuwunku marang jeneng sira Sukesi” sawuse bola-bali unjal ambegan Resi Wisrawa tumuli guneman “iya awit sira wis mblakakne dosa sing sira tempuh, mangka apa sing sira aturake kuwi kabeh kuwawa mbukak netraning batinku temah aku dadi weruh yen dosa sing tak lakoni pranyata luwih gedhe tinimbang dosanira. Malah ingsun duwe panemu yen mung dielingake kanthi kaparingan turun telu sing wujud diyu kuwi, isih durung sepiroa yen ditandhing karo dosa sing wis tak lakoni. Digodhoga ing dhasaring kawah candradimuka kongsi sewu tahun lawase, mbok menawa durung bundhat yen kanggo nebus dosaku marang Hyang Manon, luwih-luwih yen digandhengake karo Aji Sastra Jendra Yuning Rat iki”.

 

“Dhuh Panembahan” Sukesi bali matur karo nangis “lajeng kados pundi? Samanten agening dosa kula saha dosa paduka dhumateng Hyang Manon, menapa korining tobat sampun katutup rapet kangge awakipun piyambak Panembahan?”.

 

“Sumurupa Sukesi perkara dibukak utawa ditutupe lawanging tobat kuwi sing wenang nguningani iya amung Hyang Maha Agung Pribadi” Resi Wisrawa wangsulan kanthi aweh pitutur marang garwane “sing cetha ingsun lan jeneng sira iki wis dadi titah sing reged klawan dosa sing dilakoni, lan adile wong dosa kuwi kudu nyuwun pangapura sarta pasrah ora kena ngresula kalamunta kudu kapatrapan pidana. Mula Sukesi yen pancen sira kepengin nggayuh palimarmaning Hyang Manon,  tatane atinira, dandanana tekadira, ayo bareng tak kanthi masrahake jiwa raga marang Hyang Manon nyuwun pangapura saka sagunging dosa kanthi ati kang legawa adoh saka pamrih liyane pamrih marang keparenging Hyang Suksma. mBok menawa kanthi mangkono bakal antuk pangaksamaning Hyang Manon, awit satuhune Sih Katresnane Hyang Suksma kuwi luwih gedhe tinimbang dukaNe”.

 

Sawuse sesuci sarana siram jamas lang anti busana kang sarwa seta, Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi tumuli manjing sanggar pamujan nindakne laku patobatan. Eling-eling Resi Wisrawa nyata Brahmana sing wis gentur tapane, mula sajroning semedi ora mbutuhake wektu sing suwe kanggo manjing ing alam kang ing kana katon cetha garis watesing kawula lan Gusti. Resi Wisrawa wis kuwawa nyawijekne kadang papat, abang, ireng, kuning lan putih, kaajak mangayun ing ngarsane Hyang Agung, temah ilang sakehing pepenginan kajaba mung siji sing wujude kepengin dadi kawula kang mung angawula marang Hyang Suksma. Sauntara Dewi Sukesi uga tansah tutwuri niru lekase lan nurut apa sing dituturne dening Resi Wisrawa. Temah titahing Gusti loro kuwi wis nyawiji sajroning eneng lan ening, kekarone wis krasan mapan ing alam kanyut, nyawiji marang karsaning Gusti.

Ganti kocapa sang Hyang Bathara Kala sing maune kanthi mardika bisa ngendhalekne lakuning napsune Wisrawa lan Sang Bathari Durga sing nyawiji ing jiwa ragane Sukesi, kena sawab saka semedine Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi temah krasa kaya diobong salirane. Sansaya suwe dirasakne, sansaya panas kang dirasakne Jawata sakloron kuwi, wekasan ambarengi karo Wisrawa lan Sukesi sing ngambah alam kanyut, Bathara Kala lan Bathari Durga rumangsa kaya disawatake mendhuwur lepas saka jiwa ragane Wisrawa lan Sukesi. Wola-wali Jawata loro kuwi nyoba bali manjing marang jiwa ragane Wisrawa lan Sukesi, nanging tansah gagar tan bisa mlebu, malah krasa sansaya panas salirane. Wasana kekarone tumuli ndedel nggayuh gegana ngedohi Wisrawa lan Sukesi.

 

“Mandheg dhisik Kala” ngendikane Bathari Durga marang Bathara Kala sawuse rada adoh saka papane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi.

 

“Ana apa maneh Durga?” Bathara Kala aweh wangsulan karo takon “aku ki jan gumun banget karo kowe kuwi Durga, inga tase karo wong lanang kowe kuwi basa nek basaa, malah ngundang wae mung njangkar kaya nyeluk marang abdine wae, gek kowe kuwi wong wadon apa ta Durga?”.

 

 

 

 

 

 

 

27.

Sukesi mung meneng ora mangsuli apa-apa, mung mripate wae ora kedhep anggone ngulati pasuryane kakunge sing sanadyan wis setengah umur nanging panggah katon bagus njenthara.

 

“Miturut kalumrahan jenenge anak kuwi ora adoh wewujudane karo wong tuwa sing wis ngukir jiwa ragane” Wisrawa nutugne anggone guneman “kajaba yen wong tuwane nampa kanugrahan utawa siku dhendhaning Jawata”.

 

“Liripun kados pundi Panembahan?” Sukesi ora bisa ngampet anggone kepengin ngerteni tembung-tembung sing dikandhakne Wisrawa.

 

“Lire jamaking manungsa kuwi lamun duwe anak ya wujud manungsa, raseksa yen duwe turun lumrahe iya apaes diyu, kajaba yen ana nugrahaning Jawata kaya dene wong tuwanira, sanadyan Prabu Sumali kuwi apaes diyu awit nampa kanugrahan saka Jawata temah kagungan putra sing wujud putri ayu kaya jeneng sira Nini” wangsulane Resi Wisrawa nyethakne apa sing dadi kandhane “balik marang ingsun lan jeneng sira, ya gene kaparingan turun telu kabeh wujud raseksa? Iki sing ndadekne gumuning atiku. Jroning nalarku tumuli tuwuh gagasan apa iki awit karana Wisrawa lan Sukesi lagi nampa siku dhendhaning Bathara ? gagasan kang mangkene iki mau lagi tuwuh sawuse anakku wadon Sarpakenaka budhal menyang papan kanggo mertapa, ya gene rasa gumun iki ora tuwuh nalika Rahwana lahir ? Mula jroning nalarku tumuli nggrayahi dosa apa sing wis tak tindakne nganti oleh pemut saka Jawata kaya mangkene iki Sukesi?”.

 

Krungu apa sing dikandhakne Resi Wisrawa sing keri dhewe kuwi, Sukesi sakala njegreg. Jroning atine tuwuh gagasan kaya apa sing dikandhakne Wisrawa. Eling-eling Dewi Sukesi kajaba sulistyeng warna uga darbe kaluwihan ing olah pikir, ora nganti suwe Sukesi banjur kelingan yen satemene dheweke wis tumindak dosa, kapencut marang kebagusane Resi Wisrawa temah njaluk kapundhut garwa sadurunge Aji Sastra Jendra Yuning Rat sing dadi panyuwune diparingake.

 

“Dhuh Panembahan” wasana karo atawan waspa Sukesi ngrungkebi pangkone Resi Wisrawa karo guneman “inggih awit saking dhawuh paduka Panembahan, samangke kula saged sumerep menggah dosa lan kalepatan kula temah nampi siku saking Hyang Agung arupi peputra tiga ingkang sedaya apaes yaksa, dhuh Panembahan samangke kula nyuwun dhumateng Paduka murih katuntuna pun Sukesi nindakaken patobatan nyuwun pangaksama dhateng Jawata linangkung, murih boten sansaya ngambra-ambra siku dhendha ingkang kula tampi”.

 

“Dadi jeneng sira wis sumurup dosa apa sing wis sira lakoni Sukesi?” Resi Wisrawa rumangsa kalah lantip panggraitane karo Sukesi sing wis bisa metani kaluputane dhewe, beda karo dheweke sing sanadyan wis madeg dadi Pandhita nanging durung nemokne ing ngendi dununging lupute “coba blakakna Nini, mbok menawa kanthi krungu kandhamu ingsun tumuli ketularan bisa ngaweruhi dosa apa sing wis tak lakoni”.

 

“Waleh-waleh menapa Panembahan, estunipun kados ingkang sampun nate kula aturaken ing ngarsa paduka miwah Kanjeng Rama Prabu Sumali rikala samanten, bilih kula namung badhe ngladosi priya ingkang saged maringaken Aji Sastra Jendra Yuningrat dhumateng kula. Nanging dumadakan kula salin slaga, dupi Paduka Panembahan ngandharaken sakedhik saking Sastra Jendra Yuning Rat dhumateng Kanjeng Rama saderengipun Kanjeng Rama minggah dhateng Gunung Maliawan, ing ngriku pepenginan kula murih saged nurunaken putra ingkang ing tembenipun saged Jumeneng Nata ing Ngalengka langkung kiyat katimbang kepengin ngangsu kawruh sarana mangertosi isining Aji Sastra Jendra Yuning Rat, menapa malih sareng kula kemutan wangsiting Jawata ingkang kula tampi ing pasupenan rikala samanten, bilih saestu kula badhe kasembadan nggadhahi putra ingkang ing tembenipun saged jumeneng nata ing Ngalengka menawi kula saged kawengku dening priya ingkang sampun kuwawa ngrasuk Aji Sastra Jendra Yuningrat, ingkang priya menika boten sanes inggih namung Paduka Panembahan piyambak. Inggih ing mriku kawitanipun kula nglampahi dosa, nyuwun dhumateng Paduka Panembahan murih nglanggati pikajeng kula ingkang sampun kobong dening latuning asmara” kanthi wijang lan teteh Sukesi ngaturake kabeh lelakone marang Resi Wisrawa.

 

Krasa lega rasaning atine Sukesi sawuse ngandhakne dosa sing wis dilakoni. Beda karo Resi Wisrawa, sing dumadakan krasa kaya didhodhog dhadhane. Eling marang kesaguhan kang tau dikandhakne marang anake lanang yen bakal didhaupake karo Sukesi, nanging kasaguhan kuwi wis dicidrani dhewe, awit dheweke pranyata ora bisa ngempet mubaling geni asmara sing ngobong sajroning dhadhane nalika weruh kasulistyaning Dewi Sukesi. Uga eling yen dheweke wis tumindak sembrana, kanthi nyaguhi panyuwune Prabu Sumali sing kepengin ngrasuk Aji Sastra Jendra Yuning Rat nanging mawa panjaluk supaya masrahake Dewi Sukesi marang dheweke. Resi Wisrawa wis weruh kaluputane sing wis ngremehake ajine Sastra Jendra Yuning Rat kang satemene Ngelmu kekeran sengkerane Jawata.

“Banget panuwunku marang jeneng sira Sukesi” sawuse bola-bali unjal ambegan Resi Wisrawa tumuli guneman “iya awit sira wis mblakakne dosa sing sira tempuh, mangka apa sing sira aturake kuwi kabeh kuwawa mbukak netraning batinku temah aku dadi weruh yen dosa sing tak lakoni pranyata luwih gedhe tinimbang dosanira. Malah ingsun duwe panemu yen mung dielingake kanthi kaparingan turun telu sing wujud diyu kuwi, isih durung sepiroa yen ditandhing karo dosa sing wis tak lakoni. Digodhoga ing dhasaring kawah candradimuka kongsi sewu tahun lawase, mbok menawa durung bundhat yen kanggo nebus dosaku marang Hyang Manon, luwih-luwih yen digandhengake karo Aji Sastra Jendra Yuning Rat iki”.

 

“Dhuh Panembahan” Sukesi bali matur karo nangis “lajeng kados pundi? Samanten agening dosa kula saha dosa paduka dhumateng Hyang Manon, menapa awit agenginmg dosa ingkang awakipun piyambak lampahi temah korining tobat sampun katutup rapet kangge awakipun piyambak Panembahan?”.

 

“Sumurupa Sukesi perkara dibukak utawa ditutupe lawanging tobat kuwi sing wenang nguningani iya amung Hyang Maha Agung Pribadi” Resi Wisrawa wangsulan kanthi aweh pitutur marang garwane “sing cetha ingsun lan jeneng sira iki wis dadi titah sing reged klawan dosa sing dilakoni, lan adile wong dosa kuwi kudu nyuwun pangapura sarta pasrah ora kena ngresula kalamunta kudu kapatrapan pidana. Mula Sukesi yen pancen sira kepengin nggayuh palimarmaning Hyang Manon,  tatane atinira, dandanana tekadira, ayo bareng tak kanthi masrahake jiwa raga marang Hyang Manon nyuwun pangapura saka sagunging dosa kanthi ati kang legawa adoh saka pamrih liyane pamrih marang keparenging Hyang Suksma. mBok menawa kanthi mangkono bakal antuk pangaksamaning Hyang Manon, awit satuhune Sih Katresnane Hyang Suksma kuwi luwih gedhe tinimbang dukaNe”.

 

Sawuse sesuci sarana siram jamas lang anti busana kang sarwa seta, Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi tumuli manjing sanggar pamujan nindakne laku patobatan. Eling-eling Resi Wisrawa nyata Brahmana sing wis gentur tapane, mula sajroning semedi ora mbutuhake wektu sing suwe kanggo manjing ing alam kang ing kana katon cetha garis watesing kawula lan Gusti. Resi Wisrawa wis kuwawa nyawijekne kadang papat, abang, ireng, kuning lan putih, kaajak mangayun ing ngarsane Hyang Agung, temah ilang sakehing pepenginan kajaba mung siji sing wujude kepengin dadi kawula kang mung angawula marang Hyang Suksma. Sauntara Dewi Sukesi uga tansah tutwuri niru lekase lan nurut apa sing dituturne dening Resi Wisrawa. Temah titahing Gusti loro kuwi wis nyawiji sajroning eneng lan ening, kekarone wis krasan mapan ing alam kanyut, nyawiji marang karsaning Gusti.

 

Ganti kocapa sang Hyang Bathara Kala sing maune kanthi mardika bisa ngendhalekne lakuning napsune Wisrawa lan Sang Bathari Durga sing nyawiji ing jiwa ragane Sukesi, kena sawab saka semedine Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi temah krasa kaya diobong salirane. Sansaya suwe dirasakne, sansaya panas kang dirasakne Jawata sakloron kuwi, wekasan ambarengi karo Wisrawa lan Sukesi sing ngambah alam kanyut, Bathara Kala lan Bathari Durga rumangsa kaya disawatake mendhuwur lepas saka jiwa ragane Wisrawa lan Sukesi. Wola-wali Jawata loro kuwi nyoba bali manjing marang jiwa ragane Wisrawa lan Sukesi, nanging tansah gagar tan bisa mlebu, malah krasa sansaya panas salirane. Wasana kekarone tumuli ndedel nggayuh gegana ngedohi Wisrawa lan Sukesi.

 

“Mandheg dhisik Kala” ngendikane Bathari Durga marang Bathara Kala sawuse rada adoh saka papane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi.

 

“Ana apa maneh Durga?” Bathara Kala aweh wangsulan karo takon “aku ki jan gumun banget karo kowe, ing atase karo wong lanang kowe kuwi ko kora tau ngajeni? basa nek basaa, malah ngundang wae mung njangkar kaya nyeluk marang abdine wae, gek kowe kuwi wong wadon apa ta Durga?”.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

28.

Sang Bathari Durga malang kerik, astane sing kiwa ditumpangne lempenge, Bathara Kala dipencerengi.

 

“Heh Kala, kita iku saben-saben diajak guneman kok mesthi muring-muring kaya wonga rep wahing wurung wae lho?” ngendikane Bathari Durga karo astane sing tengen dienggo nudingi pasuryane Sang Hyang Kala “Ngertia Kala, sanadyan dening Hyang Guru kita iku wis dijodhokne dadi garwa Ulun, nanging arepa kaya apa, Ulun iki isih luwih tuwa tinimbang jeneng kita, dadi lumrah wae yen Ulun ngundang marang kita kanthi njangkar. Ngerti?”

 

“Iya, iya Durga Ulun ngerti” wangsulane Sang Hyang Kala pilih ngalah “saiki kandhaa, ya gene jeneng kita ngajak mandheg? Kamangka bares wae aku wis rumangsa ora bisa maneh nyedhaki papane Resi Wisrawa sing hawane panas kagila-gila, dadi yen jeneng kita arep ngajak mbalik nyawiji marang Jiwaragane Wisrawa lan Sukesi, Ulun wis ora wani maneh”.

 

“Iya iya Kala” wangsulane Bathari Durga “miturut dhawuh sing ditampa saka Pukulun Bathara Guru satemene awake dhewe lagi dikeparengake nglereni nggone sesukan andon tresna  kanthi nyilih jiwa lan ragane Wisrawa lan Sukesi lamun wis ana sasmita saka Jawata supaya awake dhewe ninggalake Wisrawa lan Sukesi, nanging kanyatane durung nganti sasmita saka Jawata kuwi teka, awake dhewe wis kontal mencelat lan ora bisa maneh nyawiji karo titah loro kae mau. Iki kudu dadi atur ing ngarsane Pukulun Bathara Guru. Nanging ………”.

 

“Nanging apa maneh Durga?” Bathara Kala nigas rembug.

 

“Jeneng Kita ngerti iki dina apa lan sasi kapira Kala?” Bathari Durga malah mundhut pirsa.

 

“Yen ora kleru saka pangeling-elingku, iki dina Anggara Manis sasi kapitu, ana gandheng cenenge apa karo jejibahane awake dhewe ?” Wangsulane Bathara Kala sing uga disusul pitakonan.

 

“Ora ana sambung rapete apa-apa karo jejibahan sing awake dhewe emban saka Pukulun Bathara Guru, Kala” wangsulane Sang Hyang Pramoni “Nanging dina iki, dina janjiku kanggo nemoni putra Ulun sing lagi tapa ing Madya Gantang, ya iku Kaki Kala Gumarang sing lagi milang-miling golek panitisan murih kasembadan sedyane kang wola-wali tansah wurung ya iku bisa nggarwa titising Bathari Sri Widyawati kang teka dina iki durung kaweruhan ing ngendi panitise”.

 

“Tak kandhani ya Durga” Bathara Kala guneman aweh tutur “mbok anakmu si Kala Gumarang kuwi dikandhani murih murungake olehe kepengin duwe bojo titise Bathari Sri Widyawati, jalaran wis kinodrat dening Jagad yen Bathari Sri Widyawati kuwi dadi jodhone Bathara Wisnu, mula sanadyan ing jaman apa wae lan nitis marang sapa wae, titah kang katitisan Bathari Sri Widyawati kuwi bakal dadi bojone titah kang katitisan Sang Hyang Wisnu. Dadi saupama Kala Gumarang kita golekne papan panitisan ana marcapada, tan wurunga mbesuke bakal tan kasembadan amengku titise Bathari Sri Widyawati, malah kurang-kurang bejane Kala Gumarang bakal urip papa jalaran bakal memungsuhan karo titise Sang Hyang Wisnu kang nindakne darma memayu hayuning bawana”.

 

“Ora sah kakehan gunem sing tanpa guna, Kala” Bathari Durga wangsulan sengol “jeneng kita kudu ngrumangsani, sak pinter-pintere Bathara Kala yekti isih pinter Bathari Durga. Sumurupa, dina iki aku wis weruh papan panitisan sing prayoga tumrape Kala Gumarang, ya iku ing jiwa lan ragane anake Resi Wisrawa sing saiki lagi tapa ing Gunung Gohmuka, ya iku Rahwana. Ing tembene Rahwana bakal madeg ratu ing Ngalengka nyulihi Prabu Sumali sing saiki milih dadi Pandhita ing Gunung Maliawan. Perkara mbesuke kudu memungsuhan karo Sang Hyang Wisnu sing manitis marang titah marcapada, kuwi dadi kuwajibanmu lan kuwajibanku minangka wong tuwa sing kudu ngayomi marang anake. Ngerti?”.

 

Bathara kala wis ora wangsulan maneh, jalaran rumangsa ora bakal bisa menang adu rembug karo sisihane. Sing bisa dilakoni dening Bathara Kala mung siji, manut lan nyengkuyung apa sing dadi kersane Sang Hyang Bathari Pramuni. Nalika iku dumadakan tanpa dingerteni sangkane, ing ngarsane Bathara Kala lan Bathari Durga wis katon kumarane Kala Gumarang sing sedheku amarikelu. Sanadyan wis dadi Kumara, parandene wewujudane Kala Gumarang yekti tan owah saka wujud nalika isih kagadhuhan raga, ya iku rupa Sapi sing kulite abang kaya tembaga, sungune loro pisan awangun makutha sing pucuke katon sumunar mawa cahya.

 

“Kula ingkang sowan Kanjeng Ibu lan Kanjeng Rama” ature Kala Gumarang sawuse njerum ing ngarsane jawata loro kuwi “nyuwun dhawuh ing pundi papan panitisan kula murih kasembadan sedya kula nggarwa titisipun Bathari Sri Widyawati?”.

 

“Iya, iya ngger putra Ulun Kala Gumarang” wangsulane Bathari Durga “lagi wae pun Ibu karo Bapakmu Bathara Kala ngrembug perkara anggon kita golek papan panitisan. Lan temene pun Ibu uga wis uninga papan kang prayoga kanggo jeneng kita manitis, ya iku marang raseksa kang tembene bakal jumeneng nata ing nagara Ngalengka kang samengko nembe nindakne tapa brata ana ing puncaking Gunung Gohmuka, dene peparape titah kang dadi papan panitisan kita iku Rahwana, admajane Resi Wisrawa patutan karo Dewi Sukesi. Wis ngger, wong bagus Kala Gumarang diage kita pangkata dina iki uga, aywa kongsi kaliru nggon kita nindakne panitisan, pun Ibu lan Bapakmu tuhu ora bakal negakne laku kita”.

 

“Terang dhawuh paduka Kanjeng Ibu Bathari, boten langkung keng putra nyuwun tambahing pangestu badhe manjing sajiwa kalihan Raden Rahwana” kala Gumarang nyembah nganggo carane sapi, banjur musna saka pandulu, nggeblas tumuju menyang Gunung Gohmuka.

 

Bathari Durga tumuli ngajak Bathara Kala munggah menyang Jonggirisalaka, saprelu ngunjukne kedadeyan sing dialami marang Sang Hyang Jagad Girinata. Riningkes lakuning crita, Sang Hyang Guru wis nampi palapurane Bathara Kala lan Bathari Durga. Jawata loro kang ngratoni bangsa lelembut jim setan peri prayangan kuwi tumuli kadhawuhan bali marang kahyangane maneh kang samengko wis tentrem ora ana gara-gara sing ngaru biru.

 

Sawuse sapisan maneh mirsani tulising Jitabsara, Sang Hyang Guru tumuli ngersakne mudhun menyang marcapada saprelu njumbuhake lelakon karo unining tulis kang ana Jitabsara.

 

Pranyata papan kang tinuju dening Sang Hyang Guru ana ing tepis wiringing negara Lokapala kang nalika samana ing kono lagi ana perang rame. Ya iku perange wadya bala saka Lokapala mungsuh para Jawata watak sanga. Kaya kang wus kaaturake sadurunge, maune perang antarane titah lumawan para Dewa kuwi durung ana sing kadheseg mundur sing ateges durung ana sing menang utawa kalah. Nanging bareng Prabu Danapati sing wis ora sabar ngenteni lan kesusu selak kepengin tekan Ngalengka nuli paring dhawuh lan ngajak Patih Banendra melu ambyur ing palagan, kahanan dadi owah. Patih Ditya Kala Banendra pranyata tuhu prajurit sing sekti mandraguna, tandange ing palagan ndadekne para Jawata watak sanga padha kethetheran mbaka sethithik katon ketleyek mundur kadheseg dening pangabaran kang mijil saka aji jaya kawijayane Pepatih negara Lokapala kuwi.

 

Luwih-luwih bareng Prabu Danaraja uga melu ngetoni yuda sing tumuli ngamuk punggung sura tan taha nir bita nir wikara, para Jawata sansaya katon yen tan kuwawa nandhingi kasektene nata mudha ing Lokapala sing sugih aji jaya kawijayan lan dadi kedhunging japa mantra kuwi.

 

“Para Jawata sepisan malih titah paduka pun Danapati ngaturaken pemut” karo siyaga matak ajine Prabu Danaraja nguwuh-uwuh marang para Dewa sing wis katon kaseser yudane “mugi Paduka para Pukulun tumuli kundur dhateng Kahyangan kewala, mugi kalilanana titah paduka pun Danapati sakanca nglajengaken lampah dhateng nagari Ngalengka. Manawi Paduka sadaya boten kersa ndhahar atur kula menika, titah Paduka pun Danaraja nyuwun genging pangaksami menawi kapeksa ngginakaken kekiyatan matak aji Rawa Rontek kangge nyingkiraken pepalanging margi ingkang ngadhang lampah kula sarencang”.

 

Panguwuhe Prabu Danaraja sing sinurung nganggo aji Petakjagad kuwi dadi gumulung-gulung suwarane. Bumi ing papan kono dadi horeg kaya katrajang dening lindhu gedhe. Akeh pang-panging wit-witan sing garing padha bokrak luruh ing lemah nututi gegodhongan sing wis tuwa padha gogrog luwih dhisik. Para Jawata sing nguningani kahanan kaya mangkono mau dadi rumangsa kekes penggalihe.

 

 

 

 

 

29.

Sang Hyang Bathara Surapati ya Sang Hyang Indra kang piniji dadi senapatine para Jawata, midhanget sesumbare Prabu Danapati sing nedya mbalangake aji Rawa Ronteke, rumangsa panas penggalihe. Sanadyan temene uga ngrumangsani yen ditutugne anggone ngadhang lakune Danaraja sawadyabalane tan wurunga Para Jawata kuwi bakal padha nemu wirang, jalaran tan mangga puliha lumawan kasektene Danaraja apa dene Ditya Kala Banendra. Nanging bawane luwih wedi marang kang paring dhawuh ya iku Sang Hyang Bathara Guru, mula Sang Hyang Indra nedya nggunakne aji pamungkase kanga ran Aji Bledheg Sayuta, sanadyan mbok menawa bakal ngoregne jagad saisine sarta nuwuhake kapitunaning titah liya sing ora ngerti kenthang kimpule perkara yen ta kongsi aji pamungkas kuwi klakon nempuh aji Rawa Rontek duweke Prabu Danapati. Nanging Sang Hyang Indra uga ora grusa-grusu anggone bakal nibakne aji pamungkase, sadurunge tumandang luwih dhisik nyuwun palilah marang Sang Hyang Kanekaputra luwih dhisik.

 

“Wa Pukulun Bathara Narada, kados ingkang Paduka uningani piyambak, nyata menawi Danapati sampun nglangkungi wates anggenipun wantun kalihan para Dewa, ketitik sampun sumbar bilih badhe migunakaken Aji Rawarontek kangge nyingkiraken para Jawata ingkang memalangi lampahipun” ature Bathara Indra marang Sang Hyang Kanekaputra.

 

“Iya Ngger Bathara Indra” wangsulane Sang Hyang Narada “Ulun dhewe uga melu krungu apa sing lagi wae disumbarne dening Si Danapati mau. Banjur jeneng kita Indra arep tumindak kepiye maneh? Jer nyatane wektu iki wae wis katon yen para wadya dorandara lan Dewa watak sanga ora kuwawa ngundurake Danapati sawadya balane?”.

 

“Nyuwun palilah Paduka Wa Pukulun, angkah kula titah murtad Si Danapati menika badhe kula tegakaken kemawon” atur wangsulane Sang Hyang Indra nyuwun palilah “Ratu Lokapala ingkang murang tata menika badhe kula dhawahi aji pamungkas kula inggih Aji Bledheg Sayuta, murih lebur dados awu”.

 

“Heh?!?” Bathara Narada kejot penggalihe midhanget panyuwun palilahe Sang Hyang Indra mangkono kuwi “Jeneng kita aja ngawur Indra, jeneng kita iku Dewa dadi aja gampang kebranang sing nuwuhake laku sembrana, yen aji pamungkas iku klakon kita tibakake marang Danapati, bisa-bisa jeneng kita bakal nampa pidana saka Kang Nggadhuhake Aji Bledheg Sayuta marang kita, karo maneh apa rumangsa kita Aji Bledheg Sayuta gadhuhan kita kuwi kuwawa nandhingi ajine Danapati? Sumurupa Indra, kurang-kurang bejane yen kongsi Bledheg Sayuta nempuh Rawarontek bakal nuwuhake bubrahing jagad saisine iki, lan kang mangkono mau tan wurunga bakal ndadekne dukane Pukulun Bathara Guru kang ngratoni jagad Tribawana iki”.

 

“Lajeng kados pundi malih anggen kula badhe ngendheg lampahipun Danapati sawadya balanipun Wa?” Bathara Indra matur awit rumangsa cuwa dene palilah sing disuwun ora dikeparengake.

 

“Mila leres dhawuh jengandika kakang Narada” tanpa sangkan dumadakan Sang Hyang Guru kang jumeneng ing gigire Lembu Andini wis ana ngarepe Bathara Indra lan Bathara Narada karo ngendika.

 

“Kaget aku…….” Bathara Narada alok kaget “Inggih kados pundi Adhi Guru?”.

 

“Para putra kadhawuhana wangsul dhateng Kahyangan malih Kakang” dhawuhe Bathara Guru sabanjure “wonten pakaryan ingkang kedah jengandika tindakaken sesarengan kalihan kula ing praja Ngalengka”.

 

“Kersanipun Adhi Guru, kula kadhawuhan ndherekaken Paduka dhateng Ngalengka? Nyegat lampahipun Danapati sawadya balanipun wonten mrika?” Bathara Narada miterang dhawuh.

 

“Sampun ngajak cangkriman malih Kakang, mangga sesarengan lampah kula dhateng Ngalengka” dhawuh wangsulane Bathara Guru sing tumuli ndhawuhake marang Bathara Indra kinen ngajak para Jawata kundur makahyangan.

 

Kang nampa dhawuh tumuli padha matur sendika, mung sagebyaring that-thit wadya bala dorandara lan para Jawata sing lagi padha andon yuda karo wadya bala Lokapala wis ilang saka pandulu, ambarengi mesate Sang Hyang Guru lan Sang Hyang Narada ing gegana arsa lumawat menyang negara Ngalengka.

 

“Sewu ngaturaken genging panuwun Pukulun” Prabu Danapati sing wis weruh yen para Jawata wis oncat saka palagan banjur ndheprok ing lemah karo nyembah “sembah kula ingkang ndherekaken kundur paduka dhateng Kahyangan”.

 

Rampung nelakake rasa panuwune marang para Dewa, Danapati tumuli dhawuh marang Patih Banendra supaya marentahake marang wadya bala Lokapala nutugne lakune menyang Negara Ngalengka.

 

mBaleni critane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi sing wis rumangsa ayem tentrem atine ing sanggar pamujan, kang dadi pratandha lamun wis katarima panuwune dening Hyang Manon. Nanging dumadakan Resi Wisrawa dikagetake dening sambate Dewi Sukesi sing ngandhakne yen ngrasakne lara ing salirane.

 

“Dhuh Panembahan, ketingalipun Jawata sampun amiji Sukesi murih wangsul dhateng alaming pejah” ature Sukesi marang Wisrawa “sarandhuning badan kula kraos kados linolosan bebayunipun, langkung-langkung raosing bebalung ing gigir tuwun bangkekan kula kraos sakit ingkang sadangunipun kula gesang, nembe menika raos kados makaten kula lampahi”.

 

Karo semu kaget, Wisrawa tumuli ngulati kahanane Dewi Sukesi. Eling-eling Resi Wisrawa tuhu Pandhita kang wus pana ing pamawas, lebda ing kawruh lahir lan batin, mung sakedheping netra Resi saka Girijembangan kuwi wis ngerti apa sejatining lelakon kang lagi disandhang garwane ya Dewi Sukesi.

 

“Sumurupa Sukesi” Wisrawa aweh wangsulan marang sambate Sukesi “jeneng sira lan ingsun nyata isih kaparingan sih dening Hyang Agung. Rasa kang sira sambatake iku nuduhake lamun jeneng sira arep nglahirake putra maneh, mula aja digawe susah rasaning atimu nanging kepara malah tampanen nugrahaning Hyang Agung iki kanthi rasa gambira”.

 

“Dhuh Panembahan” karo ngampet rasa lara Sukesi matur marang kakunge “mokal menawi ta kula badhe nglahiraken malih, jer sasampunipun lahir anak kula pun Sarpakenaka, paduka Panembahan dereng nate anjamah badan, salulut kalihan kula, lajeng saking pundi asaling jabang bayi ingkang badhe lahir? Kamangka ngantos titi wanci menika kula boten pisah kalihan paduka, samadi ing sanggar pamujan?”.

 

“Sukesi weruha” kandhane Resi Wisrawa karo mesem “satemene bibiting jabang bayi sing arep sira lahirake iki, ora liya sari pathining bibit kang wis ingsun tibakne ing guwa garbanira wiwit kapisan kongsi pungkasan, cethane nalika Rahwana lahir, ana peranganing wiji sing keri ana guwa garbanira, samono uga nalikane Sarpakenaka lahir, dadi jabang bayi sing ana guwa garbamu wektu iki ora liya peranganing wiji kang kari banjur nyawiji, muga-muga wae anakmu kang bakal lahir mengko beda karo sedulur-sedulure kang wis sira lahirake sadurunge”.

 

Krungu apa sing dadi tuture Wisrawa, rasa lara sing dirasakne Sukesi sakala suda, awit sajroning atine ana rasa seneng lan rasa sukur marang Hyang Agung. Ya ambarengi kahanan kang mangkono kuwi dumadakan Prabu Sumali sing lagi nindakne nyepi ana Gunung Maliawan bali menyang praja Ngalengka, njujug Taman Sari sing ing kono Resi Wisrawa lagi nunggoni Dewi Sukesi sing arep nglahirake putrane.

 

“Dhuh Kakang Panembahan, kapeksa kula wangsul dhateng Ngalengka sowan malih ing ngarsa Paduka” karo ngraup sikile Resi Wisrawa, Prabu Sumali kandha yen kapeksa bali menyang Ngalengka “inggih awit saking wonten raos aneh ingkang angranuhi manah kula, inggih menika raos kangen ingkang boten kenging kula ampet, kangen dhateng paduka kakang Panembahan menapa dene dhateng anak kula Sukesi”.

 

“Ya Jagad Dewa Bathara” Resi Wisrawa nyebut asmane Dewa, banjur guneman marang Prabu Sumali karo tangane nyandhak astane Ratu Ngalengka kuwi digeret murih bali ngadeg “dados kewedan anggen kula badhe matur dhateng Paduka Sang Prabu Sumali, awit estunipun sampun dados kersaning Jawata Gung, ingkang putra pun Nini Sukesi sampun dados jatukrama kula, inggih anetepi prasetyanipun piyambak namung badhe ngladosi priya ingkang karasukan Aji Sastra Jendra Yuning Rat, malah samangke sampun kaparingan yoga cacah tiga, Rahwana, Kumbakarna lan Sarpakenaka, ingkang tetiganipun sampun kula dhawuhi tapa ing Gunung Gohmuka. Salajengipun, titi kalenggahan menika Sukesi nedheng badhe nglahiraken anak kula ingkang angka sekawan”.

 

“Sakalangkung kraos sansaya bingah raosing manah kula Kakang Panembahan” Prabu Sumali atur wangsulan nelakne sukaning atine “dene anak kula pun Sukesi katurunan nugrahagung saking Jawata temah pinitados minangka sarana miyosipun putra-putra saking Paduka Kakang Panembahan Begawan Wisrawa. Boten langkung kula namung saged ngaturaken genging panuwun dhumateng Paduka Kakang Panembahan, ingkang sampun nampi anak kula pun Sukesi dados jatukrama Paduka”.

 

Durung nganti Resi Wisrawa aweh wangsulan marang Prabu Sumali, ketungka tekane Raden Prahastha sing karo napas krenggosan, atur palapuran manawa Ngalengka katekan mungsuh saka Lokapala kang tinindhihan Prabu Danapati lan Wadya bala Ngalengka tan kuwawa nandhingi kadibyane Prajurit saka Lokapala.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

30.

Kaya sinamber gelap luput, tinubruk ing singa lena, kageting atine Resi Wisrawa krungu ature Raden Prahastha kang mangkono kuwi. Resi sing lagi ngenteni lahire anak kang angka papat saka Dewi Sukesi kuwi banjur kelingan marang kaluputane sing wis kebacut anggarwa Dewi Sukesi, putri sing wis disaguhne marang anake lanang dadia jodhone. Nanging Resi Wisrawa uga ora bisa mbenerake lakune Danapati sing wis mbarang amuk menyang negara Ngalengka, jalaran arepa kaya apa kedadeyane kuwi dudu lupute wong Ngalengka, nanging kabeh didhadha minangka lupute Resi Wisrawa dhewe.

 

“Kados pundi menika Kakang Panembahan?” durung nganti tutug nggone Resi Wisrawa nggagas lelakon kang kudu disandhang, dumadakan Prabu Sumali takon magepokan karo sing diaturne Raden Prahastha “Anak kula Angger Prabu Danapati rawuh lan kepareng badhe mbedhah nagari Ngalengka? Lajeng kula kedah pripun menika?”.

 

“Sang Prabu” Resi Wisrawa alon aweh wangsulan “sadaya menika inggih awit saking lepat kula piyambak. Jalaran mila sampun kados ingkang sampun kula aturaken rikala kula dumugi ing Ngalengka kala rumiyin, lampah kula menika jalaran tinangisan dening anak kula pun Wisrawana inggih pun Danapati ingkang kayungyun kepengin anggarwa Nini Sukesi. Ananging, inggih awit saking pangwasaning Jawata kula kaparingan supe, temah Yayi Dewi Sukesi kula jatukrama piyambak. Sanaos makatena, Danaraja boten leres menawi lajeng damel risak ing Nagari Ngalengka mriki, jer sedaya menika ingkang lepat kula. Awit saking menika, kula badhe pasrah pejah gesang dhateng anak kula pun Danapati, sarta badhe paring pitedah dhateng anak kula bilih ingkang kedah kapidana menika dede kawula ing Ngalengka nanging kula, tiyang sepuhipun ingkang sampun cidra ing janji”.

 

Dewi Sukesi kang krungu ucape Resi Wisrawa sing ngono kuwi, sakala njerit karuna, ngira lamun Resi Wisrawa bakal prapteng lampus jalaran saka nesune Prabu Danapati, anake lanang dhewe.

 

mBarengi suwasana kisruh ing papan kono kuwi, tanpa kinawruhan sangkane ing ngarepe Resi Wisrawa wis jumeneng Sang Hyang Guru kang kadherekne dening sang Hyang Narada.

 

“Aum Awigenam Astu nama sidham” Sang Hyang Guru tumuli paring sabda “aja dadi kageting ati kita Wisrawa, Ulun kang wus tumurun marepegi jeneng kita”.

 

Sakala resi Wisrawa dhoprok karo nyembah marang Jawata sing lagi prapta kuwi.

 

“Dhuh Pukulun Sang Hyang Manikmaya sesembahaning titah Tribawana, saha Paduka Pukulun Bathara Kanekaputra. Boten nyana bilih Paduka kekalih ingkang tumurun ing ngajeng kula, sembah pangabekti kula kunjuka ing pada Paduka Pukulun” ature Resi Wisrawa karo nyembah temah sirahe sasat konjem ing bantala.

 

Prabu Sumali sing lagi sepisan kuwi weruh wujude Sang Hyang Guru lan Sang Hyang Narada, uga banjur ndheprok ing lemah karo nyembah ngaturake bektine marang Dewa sakloron kuwi. Raden Prahastha uga tiru-tiru marang lekase Prabu Sumali.

 

“Iya-iya Titah Ulun Wisrawa apadene Sumali lan sira Prahastha” Sang Hyang Guru paring sabda marang sing padha ngaturake sembah “pangabekti kita kabeh wus Ulun tarima. Sabanjure padha rungokna, Ulun arsa nibakne sabda marang jeneng kita Wisrawa sarta jeneng kita Titah Ulun Sumali”.

 

“Suwawi kadhawuhna Pukulun, titah paduka samekta anyandikani dhawuh Paduka” sing wangsulan Resi Wisrawa.

 

“Marmane Ulun tumurun ing kene, kang kapisan Ulun nedya paring dhawuh marang titah Ulun kang samengko meh wae lahir saka guwa garbane Sukesi sing saiki isih kantaka kuwi. Kang angka loro bakal paring dhawuh lan kanugrahan marang jeneng kita Wisrawa sarta titah Ulun Sukesi, kang kaping telune Ulun bakal paring dhawuh marang jeneng kita Titah Ulun Sumali dene jangkep kaping papate iki sing kudu ditindakne dhisik dhewe, heh Prahastha sira metua menyang palagan papagna tekane titah Ulun Danapati, aturana menyang papan kene, matura lamun Ulun Sang Hyang Guru kang ndhawuhake lan murih Danapati ora salah tampa, iki sampur kadhewatan kalungna ing gulu kita Prahastha” sabdane Sang Hyang Guru maringake dhawuhe.

 

Sawuse nampa Sampur Kadhewatan, Raden Prahastha banjur nyembah, lon-lonan mundur arep nindakne dhawuh.

 

“Wisrawa kan kita Sumali” sabdane Sang Hyang Guru sawuse Raden Prahastha mundur “samengko Ulun arsa nggege murih jabang bayi kang kinandhut dening Sukesi tumuli lahir”.

 

Tanpa ngenteni wangsulan Sang Hyang Guru tumuli dhawuh marang Resi Kanekaputra kinen ambusanani jabang bayi kang nedya lahir. Tanggap Bathara Narada, mung sarana cipta dhawuhe Sang Hyang Guru wis katindakne. Lan mung sajroning wektu sagebyaran, Dewi Sukesi sing maune kantaka dumadakan ilang saka pandulu lan ing kono katon ana satriya bagus sing wis ngagem busana kastriyan jangkep, mramong mencorong cahyane.

 

Ilange Dewi Sukesi ndadekne kagete Resi Wisrawa lan Prabu Sumali. Nanging Sang Hyang Guru nuli paring sabda :

 

“Heh Wisrawa apadene Sumali, satuhune dina iki Sukesi wis tutug nggone nindakne wajib ing marcapada, wis wancine Sukesi nampa nugrahaning Jawata, mula banjur Ulun balekne Sukesi menyang asal kamulane kang ana Alam Kaswargan, dene bocah bagus sing mawa cahya kuwi ora liya jabang bayi sing mau ana guwa garbane Sukesi. Mula Wisrawa, jeneng kita Ulun paringi kalodhangan paring tenger marang yoga kita iki, sadurunge Ulun marentahake dhawuh Ulun marang bocah bagus anak kita iki”.

 

“Ngestokaken dhawuh Pukulun” ature resi Wisrawa kang nuli nyaketi bocah bagus sing lagi katon kuwi karo kandha “heh putraningsun,  Jawata anekseni jeneng sira Ingsun paringi tetenger Raden Gunawan ya Kunta Wibisana”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Rama” wangsulane bocah bagus sing saiki duwe jeneng Gunawan Wibisana kuwi karo nyembah.

 

“Heh titah Ulun Gunawan Wibisana” Sang Hyang Guru nuli paring sabda maneh “sawuse jeneng kita weruh sudarma kita sing aran Resi Wisrawa lan jeneng kita ugi wis kaparingan asma, mangka samengko Ulun paring dhawuh, lumawata menyang praja Paranguntara, sirnakna raja sing ing kana kang sasuwene iki tansah gawe sengsarane kawula ing Parangantara, lan jeneng kita gumantia madeg ngrenggani kasatriyan ing Parangkuntara”.

 

Raden Gunawan tumuli nyembah lan matur sendika ditutugne karo mundur arep nindakne dhawuh.

 

“Titah Ulun Sumali, samengko Ulun dhawuh marang jeneng kita” sabdane Sang Hyang Guru sabanjure “timbalana wayah kita Rahwana kang lagi mertapa ing Gunung Gohmuka, wisudanen minangka sesulih kita nglenggahi dhampar keprabon Negara Ngalengka kene lan sabanjure jeneng kita Ulun pangestoni nutugne laku nggon kita njingglengi wulanganing Sastra Jendra”.

 

“Kawula nuwun sendika” wangsulane Prabu Sumali kang tumuli matak aji Dipapaweling nimbali ingkang wayah ya Raden Rahwana.

 

Ora suwe katon Prabu Danaraja teka banjur ndheprok ing ngarsane Sang Hyang Guru kadherekne Raden Prahastha. Durung nganti imbal pangandika, Raden Rahwana uga banjur teka lan ndheprok ing sisihe Prabu Danapati.

 

“Heh para Titah Ulun kabeh” sawuse sauntara Sang Hyang Guru nuli nutugne nggone paring sabda “Ulun wiwiti saka Danapati, sumurupa Danaraja dina iki wanodya kang sira gadhang dadi jatukramanira wis kapundhut dening Jawata bali menyang alam kaswargan, dadi jeneng kita Ulun parentah sawuse Ulun kundur Makahyangan, jeneng kita kudu bali ngemong lan ngayomi kawula kita ing Lokapala. Lan minangka njodho kita, bakal Ulun turunake Widodari saka Kahyangan dadia garwa kita. Lan sumurupa Danaraja, ing titi kalenggahan iki kita uga duwe sedulur tunggal bapa cacah papat, sing siji Rahwana kang lungguh inh sisihmu kuwi, banjur Kumbakarna sing saiki isih mertapa neng Gunung Gohmuka awor lan kadangira sing angka telu ya iku Sarpakenaka, dene kadang kita sing waruju aran Gunawan Wibisana kang samengko jumeneng mangreh kasatriyan ing Paranguntara. Sabanjure parentah Ulun marang Sumali, sakundur Ulun marang Kahyangan wisudan jumenenge Rahwana ing Ngalengka kene bisa enggal kita tindakne”.

 

“Lajeng dhawuh dhateng kula menapa Pukulun?” Resi Wisrawa munjuk atur.

 

“Wis wancine jeneng kita bali marang asal kamulanira Wisrawa ya iku manjing alam langgeng kang ana ing swarga, kumpul awor lan para garwa kita, lakunira bakal Ulun barengi kongsi prapta ing papan kita kang langgeng”.

 

Sawise kabeh ngaturake sendika, kalebu Danapati kang kudu bali tanpa nganthi garwa. Sang Hyang Guru tumuli paring dhawuh maneh :

 

“Sawuse cetha apa kang dadi dhawuh Ulun marang jeneng kita kabeh, samengko Ulun bakal Kundur Makahyangan nganthi titah Ulun Wisrawa kang bakal manjing alaming kalanggengan. Weling Ulun marang kita kabeh, yen wis rampung nindakne dhawuh Ulun, jeneng kita kabeh Ulun keparengake padha leren, kaya para maos sing wektu iki uga padha ngaso salira”.

 

 

Tanceb kayon

1 komentar:

  1. NEK CRITANE DAWA NGENE IKI OLEHE MACA MUNDHAK MALES APA GAK YA ?

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...